Anda di halaman 1dari 8

UJIAN SEKOLAH TINGKAT SEKOLAH DASAR

SD NEGERI SINDUREJAN YOGYAKARTA WILAYAH


BARAT TAHUN AJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : Bahasa


Jawa Kelas/semester : VI/ 1 (satu)
Hari,tanggal : Jumat, 20 Mei 2022
Waktu : 10.00 – 11.30

Wacanen kang patitis!

Museum Dewantara Kirti Griya

Museum Dewantara Kirti Griya minangka tinggalan saka tokoh pendidikan Indonesia yaiku
Ki Hajar Dewantara kanthi wujud omah lan pendapa. Museum kasebut dumunung ing Jalan
Tamansiswa no 31 Yogyakarta. Museum iki diresmikake lan dibuka kanggo umum dening Nyi
Hajar Dewantara nalika tanggal 2 Mei 1970.
Bangunan omah kang mapan ana lemah ambane 5.594 m² digawe ing tahun 1925 kanthi
gaya Jawa. Ing jero museum ana warna-warna barang sejarah tinggalane Ki Hajar Dewantara .
Kajaba iku ana pirang-pirang kamar, kalebu kamar khusus Ki Hajar, ruang kerja, kamar keluarga
lan liya-liyane. Pendapa Agung Tamansiswa kanthi bangunan gaya Jawa Yogyakarta iku ukurane
17 meter x
17 meter lan dhuwure 12 meter. Pendhapa diambakake kanthi nambah swiwi kiwa tengen kanggo
nyimpen seperangkat gamelan. Ing ngarepe pendhapa ana patung Ki Hajar Dewantara kang digawe
saka tembaga. Sangarepe patung kasebut ana prasasti Tut Wuri Handayani kang ditetepake tanggal
16 Desember 1975 dening Sri Sultan Hamengku Buwana IX.
Ing Museum Dewantara Kirti Griya uga ana perpustakaan minangka sarana kanggo
ndhukung museum. Perpustakaan kasebut isine buku-buku karangane KiHajar Dewantara lan
maneka warna buku memori saka kanca. Sadurunge dadi wartawan kondhang, Ki Hajar Dewantara
seneng nulis. Salah sawijining tulisan kang misuwur yaiku esai ing basa Walanda kanthi judhul “Ik
Nederland” yen cara Jawane “Yen Aku Wong Landa”. Saliyane kuwi, ing perpustakaan ana buku-
buku kang ngemot konsep-konsep pemikirane Ki Hajar Dewantara ing bidhang pendidikan,
literature budaya, politik, bangsa lan negara. Cacahe koleksi museum 1.205 lan perpustakaan ana
2.100 buku.

1. Ana ngendi papane Museum Dewantara Kirti Griya iku? Papane museum Dewantara
Kirti Griya yaiku …
A. Jalan Tamansiswa no 13 Yogyakarta.
B. Jalan Tamansiswa no 31 Yogyakarta.
C. Jalan Tamanagung no 31 Yogyakarta
D. Jawan Taman budaya no 31 Yogyakarta

2. Apa judhul tulisane Ki Hajar Dewantara kang misuwur?


A. Yen Aku wong Indo
B. Yen Aku wong Landa
C. Yen Aku Wong Jawa
D. Yen aku dudu sapa-sapa
3. Sapa kang ngresmikake Museum Dewantara Kirti Griya iku?
A. Sri Sultan HB IX
B. Sri Sultan HB X
C. Nyi Ahmad Dahlan
D. Nyi Hajar Dewantara

Wacanen kang patitis!

Mijil
Poma kakai padha dipuneling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang ipun

4. Tembang mijil kasebut ana … gatra


A. 6 gatra
B. 7 gatra
C. 8 gatra
D. 9 gatra
5. Guru wilangan lan guru lagu ing gatra kapindho tembang kasebut yaiku…
A. 6 o
B. 6 ng
C. 6 i
D. 7 o
6. Tibane swara ing pungkasane gatra diarani ….
A. Guru lagu
B. Guru wilangan
C. Guru gatra
D. Guru wanda

7. Aja dadi bocah sing lunyu ilate, mundhak disengiti


kancane. Tembung kang dicetak kandel tegese….
A. Seneng ngguyu
B. Seneng nggelani
C. Seneng crita
D. Seneng maem

8. Pak Darma pancen wong sing jembar segarane, mulane ing kampung deweke
dikurmati banget. Tembung kang dicetak kandel tegese….
A. Digdaya, ampuh
B. Sugih pangapura
C. Sugih bandha
D. Akeh kawruhe

9. Ana ing museum akeh barang pengaji, aja dawa tangane.


Tembung kang dicetak kandel tegese…
A. Seneng nyambut gawe
B. Seneng ngrepotake wong liya
C. Seneng colong jupuk
D. Ora sopan

Perang Baratayudha
Perang Baratayudha kuwi perang antarane Pandhawa mungsuh Kurawa. Nalika semana
Begawan Abiyasa kang jumeneng nata ing ngastina kagungan putra telu yaiku Raden Dhestrarastra,
Raden Pandhu, lan Raden Widura. Raden Dhestrarastra kuwi putra pembarep kang cacat
netrane.Mula kang kasengkaake jumeneng nata Raden Raden Padhu lan ajejuluk Pandhu
Dewanata.

Prabu Pandhu Dewanata kagungan putra lima lanang kabeh kang ran Pandhawa. Putra lima iku
yaiku Yudhistira, Werkudara, Arjuna, Nakula, lan Sadewa. Yudhistira, Werkudara, Arjuna putane
Prabu Pandhu saka garwa Dewi Kunti. Dene Nakula, lan Sadewa putra Prabu Pandhu saka garwa
Dewi Madrim.
Prabu Destrarastra kagungan putra satus, aran Kurawa. Putra Pembayaun aran Duryudana.
Nalika Prabu Pandhu Dewanata seda Para Pandhawa isih cilik. Mula Negara Ngestina dititipke
marang Prabu Dhestrarastra. Sawise Duryudana ngancik dewasa Prabu Dhestrarastra masrahake
pusaraning praja Ngastina marang Duryudana. Nalika Prabu Kresna jaluk baline Negara Ngastina ,
Prabu Duryudana ngukuhi lan nedya ngulungake.
Pandhawa duwe watak satriya kang luhur bedudhene lan nengenaken kautaman.Nanging
jejekake adil, mula perang dilakoni. Dene Kurawa duwe srakah lan ngegungake angkara murka.
Mula mapan ing Kurusetra ana kedadean perang gedhe aran Perang Baratayudha . Perang
Baratayudha purna sawise wolulas dina, Pandhawa kang ngugemi bebener wusana unggul ing jurit.

Wenehana tandha ping (X) ing aksara a,b,c,lan d ing sangarepe pratelan kang bener !

10. Kang diarani Perang Baratayudha yaiku . . . .


a. Perang antarane Pandhawa mungsuh Kurawa
b. Perang antarane Pandhawa karo Dasamuka
c. Perang antarane Pandawa karo Duryudana
d. Perang antarane negara Astina karo Kurawa

11. Jinise wayang kang aduweni watak alus, luhur wicaksana lan seneng tetulung yaiku . . .
a. buta
b. satriya
c. cakil
d. kethek
12. Kang jalari perang Baratayudha , yaiku . . . .
a. Rebutan pusaka
b. Rebutan negara ngamarta
c. Kurawa njaluk negara ngamarta
d. Pandhawa njaluk negara Ngastina
13. Perang antarane satriya lawan buta/raksasa di arani perang . . . .
a. Tandhing
b. Kembang
c. Gagal
d. Brubuh
14. Cacahe kurawa ana . . .
a. 103
b. 102
c. 101
d. 100
15. Watake Kurawa yaiku . . .
a. Adigang adigung adiguna
b. Sabar lan narimo
c. Remen tetulung
d. Wicaksana

16. Nalika maratamu sadurunge mlebu omah ngucapake...


a. Kula nuwun
b. Nuwun sewu
c. Sugeng sonten
d. Matur nuwun

17. Nalika maratamu disuguh pacitan prayogane


a. Dientekke
b. Enggal-enggal dipangan
c. Ngenteni sing kagungan mlebu
d. Nunggu dipasrahake sing kagungan

18. Maratamu ing wayah surup kuwi kurang prayoga. Wayah surup kuwi watara jam...
a. 16.00
b. 17.00
c. 18.00
d. 19.00

19. Ukara sing nuduhake njaluk pamit maratamu yaiku...


a. Menawi badhe kondur pamit bapak rumiyin
b. Menika sampun dalu mangga sami wangsul
c. Amargi sampun cekap kepareng nyuwun pamit
d. Sampun kula pamitaken, sumangga enggal kondur
20. Sikap sing ora pinuji nalika maratamu yaiku...
a. Ngapurancang lan dungkluk
b. Mangan suguhan lan ngombe
c. Polatane ora jelalatan
d. Lungguhe jegang

21. Tamune lungguh kanthi trapsila. Tmbung trapsila tegese...


a. Sopan
b. Anteng
c. Dingkluk
d. Jegang

22. Nalika mara tamu ora oleh jelalatan. Peranganing badan kang nindakake yaiku...
a. Kuping
b. Irung
c. Mripat
d. Tangan

23. Gatekna ukara ing ngisor iki!


1) Ngucapake salam.
2) Aja lungguh sakdurunge dikongkon lungguh.
3) Matur sing sopan.
4) Nrajang wayah mertamu.
5) Pamit nalika arep mulih.

Sikap kang ora becik nalika mara tamu yaiku...


a. 1
b. 2
c. 3
d. 4

24. Wayah kang becik kanggo mara tamu yaiku


a. Wayahe wong nyambut gawe
b. Wayahe wong ngaso utawa istirahat
c. Ojo isuk banget, wayah awan utawa wayah surup
d. Wayah sembahyang utawa ngibadah

25. Gatekna ukara ing ngisor iki!


1) Ngucapake salam
2) Sikepe awak ndhungkluk,tangan ngapurancang
3) Njupuk suguhan yen wis ditawakake
4) Lungguh kanthi jegang
5) Mangan kanthi alon, ora nyuwara lan geguyon

Nalika maratamu, wong kudu patrap kang becik yaiku ....


a. 1), 2), 3), lan 4)
b. 1), 2), 3), lan 5)
c. 1), 3), 4), lan 5)
d. 2), 3), 4), lan 5)
KUNCI JAWABAN BAHASA JAWA
TAHUN PELAJARAN 2021/2022

1 B 14 D

2 B 15 A

3 D 16 A

4 A 17 D

5 A 18 C

6 A 19 C

7 B 20 D

8 B 21 A

9 C 22 C

10 A 23 D

11 B 24 C

12 D 25 B

13 B

PEDOMAN PENSKORAN

Jumlah jawaban benar


Nilai = 25
x 100
KISI-KISI UJIAN SEKOLAH BAHASA JAWA
SD NEGERI SINDUREJAN
TAHUN PELAJARAN 2021/2022

BENTUK NO
NO MATERI INDIKATOR
SOAL SOAL
1. Teks  Disajikan teks tentang museum, siswa dapat menjawab letak PG 1
Deskriptif dari museum dalam bacaan
tentang  Disajikan teks tentang museum, siswa dapat menyebutkan PG 2
Museum hasil karya tokoh dalam bacaan
dan  Disajikan teks tentang museum, siswa dapat menyebutkan
Peninggalan tokoh yang meresmikan museum tersebut
Sejarah. PG 3

2 Tembang  Disajikan tembang Mijil, siswa dapat menentukan guru PG 4


Macapat gatra
 Disajikan tembang Mijil, siswa dapat menentukan guru lagu PG 5
dan guru wilangannya
 Menyebutkan pengertian guru lagu PG 6
3. Tembung  Menyebutkan arti dari ungkapan dalam sebuah kalimat PG 7
Entar 8
9
4. Wayang  Disajikan teks bacaan, siswa dapat menjawab pertanyaan PG 10
dari bacaan
 Menyebutkan jenis wayang berdasarkan sifatnya PG
11
 Menyelaskan penyebab terjadinya perang baratayuda PG 12
 Menjelaskan jenis peperangan dalam wayang PG 13
 Menyebutkan jumlah kurawa PG 14
 Menjelaskan watak kurawa PG 15
5 Unggah-  Menyebutkan unggah-ungguh sebelum memasuki rumah PG 16
Ungguh  Menjelaskan unggah – ungguh saat bertamu PG 17
saaat  Menjelaskan waktu yang tidak baik untuk bertamu PG 18
Bertamu  Mengidentifikasi kalimat yang baik saat berpamitan PG 19
 Menyebutkan sikap yang tidak terpuji saat bertamu PG 20
 Menyebutkan makna istilah yang berkaitan dengan unggah- PG 21
ungguh
 Menjelaskan hal yang tidak boleh dilakukan saat bertamu PG 22
 Mengidentifikasi sikap yang tidak baik saat bertamu PG 23
 Menjelaskan waktu yang tepat untuk bertamu PG 24
 Mengidentifikasi sikap yang baik saat bertamu

Anda mungkin juga menyukai