Anda di halaman 1dari 9

PEMERINTAH KABUPATEN SLEMAN

DINAS PENDIDIKAN
UPT PELAYANAN PENDIDIKAN KECAMATAN NGEMPLAK
PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP
Tahun Ajaran 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : …


Kelas : IV (Empat) Waktu :…

Wenehana tanda ping (X) ana ing aksara A, B, C, utawa D sangarepe pratelan sing bener!

KD 3.1. Memahami teks deskriptif tentang teknologi dan pekerjaan.

Wacan kanggo pitakonan nomer 1 – 4.


Wacanen kang patitis!

Nenandur
Pak Dwija urip ing padesan. Sawahe jembar lan pekarangane uga jembar. Dhasar seneng
nenandur, pekarangane ditanduri werna-werna tetanduran. Pekarangan sing adoh saka omah ditanduri
karang kitri lan sing luwih adoh ditanduri pala kirna. Pekarangane katon endah nengsemake amarga
tandurane ditata kanthi becik.
Karang kitri yaiku tanduran utawa wit-witan kang ngasilake woh. Tanduran karang kitri kayata:
klapa, nangka, mlinjo, duren lan liya-liyane. Dene pala kirna yaiku bangsane woh-wohan kang
gumandhul ing wit kang umure ora nganti puluhan tahun, kayata: gedhang, kates, lombok, lan liya-liyane.
Pak Dwija uga nandur pala kesimpar. Pala kesimpar ditandur ing sawah, kayata: semangka, melon, lan
timun. Dene kang ditandur ing pekarangan kayata: waluh, bligo, jipang, pare, kecipir, lan liya-liyane.
Ing ngarep omah digawe taman ditanduri kekembangan. Saperangan sisih kiwa ditanduri sayuran
nganggo cara hidroponik. Dene sisih tengen ditanduri empon-empon. Kabeh tanduran diupakara kanthi
becik. Putrane loro diajak ngupakara tandurane. Kulawargane Pak Dwija sregep nyambut gawe.
Wenehana tanda ping (X) ana ing aksara A, B, C, utawa D ing sangarepe pratelan kang bener
ing lembar jawaban kang cumawis!

1. Ditanduri apa pekarangane Pak Dwija?


Pekarangane Pak Dwija ditanduri….
A.Karang kitri lan pala kirna
B.Pala kesimpar lan empon-empon
C.Sayuran lan kekembangan
D.Werna-werna tetanduran
2. Genea pekarangane Pak Dwija katon endah nengsemake?
Pekarangane Pak Dwija katon endah nengsemake amarga….
A. Tandurane werna-werna
B. Tandurane ditata kanthi becik
C. Okeh tanduran kekembangan
D. Okeh tanduran woh-wohan

3. Wit apa wae kang kalebu pala kirna?


Wit-witan kang kalebu pala kirna yaiku….
A. Gedhang, kates, lombok, lan liya-liyane
B. Klapa, nangka, mlinjo, lan liya-liyane
C. Waluh, bligo, jipang, lan liya-liyane
D. Kenanga, ester, dahlia, lan liya-liyane

4. Kepriye ngarep omahe Pak Dwija?


Ngarep omahe Pak Dwija….
A. Ditanduri karang kitri
B. Ditanduri pala kirna
C. Ditanduri pala kesimpar
D. Ditanduri kekembangan

5. Saperangan sisih kiwa ditanduri sayuran nganggo cara hidroponik.


Tembung hidroponik tegese….
A. nandur wit-witan ing lemah bero
B. nandur wit-witan tanpa nganggo lemah
C. ngethoki wit-witan kang ora ana gunane
D. mbedhol wit-witan kang ngandhut racun mbebayani

6. Pak Sugiya dadi srati wis telung taun. Srati iku pagaweyane….
A. Ngopeni jaran …gamel
B. Ngrumat gajah
C. Bakul kewan raja kaya
D. Bakul sandhangan

7. Saben wong kudu nyambut gawe kanggo….


A. Nyukupi kebutuhan
B. Numpuk bandha
C. Supaya sugih
D. Ngisi wektu

8. Sing dadi kaprigelane para bakul yaiku….


A. Prigel kulakan
B. Prigel ndhaut
C. Prigel ngluku
D. Prigel njala
9. Jenenge pagawean wong ing gambar yaiku….
A. Blantik…dol tinuku kewa
B. Blandhong..negor kayu
C. Gamel..ngopeni jaran
D. Jlagra…natah watu

10. Bu Hartini dadi penjahit wiwit limang taun kepungkur. Anggone nandangi pakaryane kanthi
sregep.
Kosok balene sregep yaiku….
A. Telaten
B. Setiti
C. Keset
D. Prigel

11. Pak Sarman pangupajiwane olah tetanen.


Tembung pangupajiwane padha karo….
A. Pakaryane
B. Kapinterane
C. Kaprigelane
D. Kasenengane

12. Yen kowe wedi getih, aja dadi dokter bedhah, Rino!
Tembung entar wedi getih tegese….
A. Jirih
B. Umuk
C. Kendel
D. Seneng

13. Ukara kang bener manut unggah-ungguh basa yaiku….


A. Ibu tindak pasar tumbas gula jawa
B. Ibu gerah untu, pramila boten purun dhahar
C. Bapak maos koran ngagem kacatingal
D. Bapak siram ngagem banyu anget.
14.

Tulisan jawa iku wacane….


A. Tana tuku kacamata
B. Tama tuku kacamata
C. Tana duwe kacamata
D. Tama duwe kacamata

15. Omah cilik pinggir sawah piranti ngeyup arane….


A. Sabo
B. Gubug
C. Omah-omahan
D. Omah kampung

16. Wong sing pagaweane nglakokake lan crita wayang diarani….


A. Gamel
B. Sindhen
C. Dhalang
D. Niyaga

17. Pakaryan ing gambar mbutuhake kaprigelan….


A. Pinter njala
B. Pinter nenandur
C. pinter tawa-tawa
D. pinter etung-etung

18. Wong nyambut gawe iku ora gur waton ning kudu....
Tembung sing mathuk kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku….
A. Seneng
B. Sumringah
C. Prihatin
D. Temen

19. Sandhangan iki wis (tata) aja diabul-abul.


Tembung kang ana kurung iku sing bener….
A. Daktata
B. Koktata
C. Tinata
D. Tatanen
20. Papan plesiran wujud pesisir kang ana tlatah Gunungkidul yaiku….
A. Pesisir Watu Congot
B. Pesisir Parang Tritis
C. Pesisir Baron
D. Pesisir Samas

KD. 3.2 Memahami tembang macapat Gambuh dan geguritan

Wacan kanggo pitakonan nomer 21- 23

Udan sawengi natas


Nyirep hawa panas
Banyu terus mili ngebaki kali-kali
Ora ana sing bisa nyegah
Tanggul-tanggul padha bedhah
Banyu wiwit mlebu omah

Wong-wong sing ora dosa


Kudu nandhang sengsara lan cilaka
Kelangan bandha donya
Kelangan raja brana
Uga nyawa

21. Isi pedhotan geguritan ing dhuwur yaiku….


A. Ketiga anjalari hawa panas
B. Saben tahun mesthi banjir
C. Banjir anjalari warga sengsara
D. Warga wis kulina ngadhepi banjir

22. Udan sawengi natas tanpa leren.


Sawengi natas podho karo….
A. Sawengi udan terus
B. Sawengi udan grimis
C. Sawengi udan karo angin
D. Sawengi udan deres banget

23. Geneo wong-wong sing ora dosa nandhang sengsara lan cilaka?
Wong-wong sing ora dosa nandhang sengsara lan cilaka amarga….
A. Kelangan bandha, raja brana, lan nyawa
B. Udan sawengi natas nyirep hawa panas
C. Banyu terus mili ngebaki kali-kali
D. Ora ana sing bisa nyegah banjir

24. Salah sawijining katledhoran sing anjalari banjir yaiku….


A. Reboisasi
B. Mbangun waduk
C. Mbangun omah susun
D. Nyetrakake wana kang gundhul

25. Nalika maca geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese….


A. Irama/lagu/intonasi
B. Obahing awak
C. Rasaning swasana ati
D. Pocapan cetho

26. Irah-irahan sing cocog karo gambar ing dhuwur yaiku….


A. Padhang Bulan Bengi Iki
B. Panen Pari ing Sawah
C. Neng Gisiking Samodra
D. Gunung Merapi Kurda

27. Sundari arep plesir menyang pesisir Glagah Indah. Sundari kudu tumuju menyang….
A. Gunung Kidul
B. Kulon Progo
C. Sleman
D. Bantul

28. Dasa namane banyu yaiku….


A. Warih
B. Kukila
C. Arga
D. Taksaka

29. Eyang badhe nitih menopo anggenipun tindak Jakarta?


Ukoro iku yen digawe ngoko yaiku….
A. Simbah arep numpak apa anggone tindak Jakarta?
B. Simbah arep nitih apa anggone menyang Jakarta?
C. Simbah arep numpak apa anggone tindak Jakarta?
D. Simbah arep numpak apa anggone menyang Jakarta?

30. Pak Guru pinter ngripta geguritan


Tembung ngripta tegese….
A. Maca
B. Nulis
C. Ngetik
D. Ngarang
KD. 3.3 Memahami wayang (sisilah Pandhawa Lima), jeneng dina lan pasaran, dan
Makanan tradisional.

31. Wis sepasar iki Bu Warti nandhang gerah, mulane ora bakul salak ing Pasar Sleman.
Sepasar iku cacahe dina ana….
A. 4
B. 5
C. 6
D. 7

32. Dina Jemuwah watake suci, tegese yaiku….


A. Kudu apik kabeh pakaryan
B. Sarwa kuwat lan manteb
C. Resik tingkah lakune
D. Seneng pamer

33. Thiwul digawe saka gaplek. Carane gawe thiwul yaiku….


A. Gaplek dideplok nganti alus banjur digodhok
B. Gaplek dideplok nganti alus banjur dibakar
C. Gaplek dideplok nganti alus banjur digoreng
D. Gaplek dideplok nganti alus banjur didang

34. Panganan khas Kulon Progo digawe saka tela, saiki dinggo motif batik yaiku….
A. Geplak
B. Gudheg
C. Geblek
D. Growol

35. Gambar ing dhuwur iku minangka oleh-oleh sing misuwur khas Yogyakarta.
Bahan sing biasa kanggo isi panganan iku yaiku….
A. Kacang ijo
B. Kacang prol
C. Kacang tholo
D. Kacang lanjaran
36. “Ibu dhahar jadah” yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku….
A.

B.

C.

D.

37. Kluwa lan kolak iku rasane legi amarga diwenehi gula. Kosok baline legi yaiku….
A. Manis
B. Pahit
C. Getir
D. Asin

38. Urutan dina pasaran kang bener ing ngisor yaiku….


A. Paing-Pon- Kliwon-Wage- Legi
B. Paing-Wage-Pon-Kliwon-Legi
C. Paing-Pon-Wage-Kliwon-Legi
D. Paing-kliwon-Wage-Legi-Pon

39. Panganan sing digawe saka tela pendhem ing antarane….


A. Kolak, timus, lan gethuk
B. Kolak, jadah, lan lempeng
C. Kolak, cemplon, lan cothot
D. Kolak, criping, lan tape

40. Bahan baku gudheg sakliyane gori yoiku….


A. Kates lan kulit mlinjo
B. Jipang lan kacang tholo
C. Kluwih lan godhong so
D. Manggar lan rebung

Anda mungkin juga menyukai