Anda di halaman 1dari 9

YAYASAN PENDIDIKAN EKONOMI

SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN


SMK YPE
NSS : 342026307019 - NIS : 400450 – NPSN : 20328982
Jl. Dewi Sartika Timur Telp. ( 024 ) 8317305 Semarang 50221

PENILAIAN AKHIR TAHUN


SMK YPE SEMARANG
TAHUN PELAJARAN 2021/2022
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari / Tanggal :
Kelas/ Program : X-Semua jurusan Waktu :
A. Isinenana ceceg-ceceg kasebat kanthi wangsulan kang bener!
1. Serat Wedhatama kaserat dening ….
A. Ki Hajar Dewantara
B. Ki Mangunkusumo
C. KGPAA Mangkunegara IV
D. KGPAA Mangkunegara VI
E. Pakubuwono IV
2. Salah sijine nilai kang kakandhut sajerone tembang Sinom yaiku ana nilai agama, kang ngajarake
supaya manungsa ngeker hawa nepsu kanggo nggayuh urip kamulyan. Tembung ngeker nduweni
teges...
A. Remen
B. Njarag
C. Ajrih
D. Pamrih
E. Nahan
3. Watake tembang Sinom iku tresna asih, canthas, trengginas, cocok kanggo bab-bab kang sarwa...
A. lincah
B. sedih
C. duhkita
D. tintrim
E. wingit
4. Tembang Sinom ing serat Wedhatama ana … pupuh.
A. 14
B. 17
C. 18
D. 15
E. 16

Tembang kanggo pitakonan no 5-8!


Ambawani tanah ………..
Kang padha jemuneng aji
Satriya dibya sumbaga
Tan liyan trahing Senopati
Pan iku pantes ugi
Tinulad labetanipun
Ing sakuwasanira
Enake lan jaman mangkin
Sayektine tan bisa ngepleki kuna
5. Tembung kanggo ngganepi gatra kaping pisan yaiku ….
A. Landa
PAT BJW X-BDP 1
B. Kuna
C. Kana
D. Jawa
E. Amba
6. Tembung kacithak kandel ing gatra kaping tiga tegese ….
A. Isin
B. Kendel
C. Sekti
D. Kuwat
E. Agung
7. Guru lagu lan guru wilangan gatra kaping wolu yaiku ….
A. 8e
B. 9i
C. 9e
D. 8i
E. 9a
8. Tembung tan ing gatra pungkasan tegese padha karo ….
A. Karo
B. Ora
C. Padha
D. Kena
E. Wis
9. Ing lakon Bima Bungkus , ana jabang bayi kang bakal dadi satriya sekti. Ing pungksane, Bima
bungkus sejatine yaiku….
A. Arjuna
B. Dursasana
C. Duryudana
D. Nakula
E. Werkudara
10. Bima kuwi diarani … Pandhawa.
A. Panegak
B. Panengah
C. Wuragil
D. Pembarep
E. Pangayun
Wacan kanggo pitakonan no 11-12!
Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa
cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku
Pancanaka.
11. Tembung ingkang kacithak kandel duweni teges ….
A. Rampung
B. Wiwit
C. Banjur
D. Benjang
E. Mapan
12. Busanane bungkus sing diparingi Dewi Umayi yaiku ….
A. Bintulu, sumping, panah
B. Panah, keris, caping
C. Caping, sumping, kuku
D. Kuku, Bintulu, porong
E. Gelang, porong, caping

PAT BJW X-BDP 2


13. Ingkang kasil mecah bungkusing Bima yaiku ….
A. Begawan Abiyasa
B. Puntadewa
C. Kurawa
D. Prabu Rama
E. Gajah Sena

Wacan kanggo pitakonan no 14-15!


Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi
kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu
cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus.
Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.
14. Latar panggonan saka pethilan crita kasebut yaiku ….
A. Alas Krendawahana
B. Ngastina
C. Ngalengka
D. Amarta
E. Suralaya
15. Tembung kacithak kandel ing pethilan kasebut tegese ….
A. Bungah
B. Mantep
C. Nelangsa
D. Sumringah
E. Geger
16. Sang Guru uga ngutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman. Tembung kawruh
padha tegese....
A. Kaprigelan
B. Ngelmu
C. Tumindak
D. Gegladhen
E. Paugeran

Gatosaken ukara-ukara kasebut!


1) Wahyu digoleki kawit mau jebul nembe menek klapa ing mburi omah.
2) Pakdhe anggone golek dhuwit nganti direwangi adus kringet.
3) Kabeh pakaryan wis dirampungake para pemudha-pemudhi ing dhusun kene.
4) Wong kok ayune kaya ngono, apa merga alise nanggal sepisan.
5) Yawis pancen kaya ngono kuwi adhimu, lakune kaya macan luwe.
17. Ukara kang migunakake tembung rura basa yaiku....
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
E. 5
Dhumateng bapa Slamet ingkang kula (1)...., saha para kadang ingkang kula tresnani, langkung
rumiyin sumangga kita sareng-sareng (2).... raos puji sukur dhumateng Gusti ingkang murbeng
dumadi ingkang sampun maringi (3).... satemah kita sedaya saged (4).... kanthi manunggal wonten
papan menika kanthi boten wonten (5).... satunggal punapa.
18. Tembung ingkang trep kangge njangkepi wacan ingkang gothang yaiku ….
A. (1) tresnani, (2) matur, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) alangan
B. (1) tresnani, (2) ngonjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) karaharjan

PAT BJW X-BDP 3


C. (1) kurmati, (2) ngonjukaken, (3) panuwun, (4) sowan, (5) alangan
D. (1) kurmati, (2) matur, (3) panuwun, (4) kempal, (5) alangan
E. (1) kurmati, (2) ngonjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) alangan

Panjenenganipun para tamu saha para lenggah, mekaten menggah urut reroncening tata adicara
ing siyang menika, murih rahayuning sedya sumangga kita tansah sami nyenyuwun dhumateng
Gusti Ingkang Maha agung, mugi-mugi lampahing adicara ing kalenggahan punika pinaringan
karaharjan lan tinebihaken saking rubeda.
19. Pethilan teks kasebut kalebu perangan teks panatacara kang diarani....
A. Salam pambuka
B. Panutup
C. Pambuka
D. Pangarep-arep
E. Isi
20. Panyandra ing ngandhap punika kang boten trep yaiku....
A. Idepe mblarak sempal
B. Mripate ndamar kanginan
C. Drijine mucuk eri
D. Rambute ngombak banyu
E. Godhege ngundhup turi

Agunging raos syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT. Ingkansampun paring lumebering
hidayah, saha kanikmatan dhumateng kita lan panjenengan sami, sumangga kita ikraraken kanthi
waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.
Shalawat ugi salam mugiya tansah kaaturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung
Muhammad SAW. Ingkang saestu kita nyadhong lumunturing syafa’at benjang wonten
pakewuhipun dinten qiyamat.
21. Pethilan kasbut kalebu bagian saka pranatacara kang diarani ...
A. Pambuka
B. Wasana
C. Atur konjuk syukur
D. Salam pambuka
E. Salam panutup

Para tamu minulya kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan. Mestuti dhawuh
pangandikanipun ingkang hamengku karya, kula minangka pambiwara pahargyan ing dalu
menika nyuwun idi palilah lan pangestu panjenengan sedaya badhe maosaken rantaman acara ing
dalu menika ….
22. Tegese tetembungan kacithak kandel ing teks pethikan panatacara kasebut yaiku ....
A. nduwe gawe
B. akeh gaweane
C. lagi gawe
D. gawe-gawe
E. cekel gawe
23. Tembung rantaman ing pethilan kasebut nduweni teges ...
A. urut-urutane
B. acara
C. wektu
D. kumpul
E. pangapura
24. Supados saged ngolah basa lan sastra pranatacara kedah saged mangertos …
A. Paramasastra
PAT BJW X-BDP 4
B. Unggah-ungguh
C. Tatakrama
D. Unggah-ungguh lan tatakrama
E. Serat wedhatama
25. Panganan khas sing kalebu wewengkon Yogyakarta yaiku ….
A. Gudeg, endhog asin, gethuk
B. Bakpia, gudeg, gethuk
C. Garang asem, klepon, gudeg
D. Gudeg, klepon, bakpia
E. Bakpia, lumpia, bandeng presto

Wacan kanggo pitakonan no 26-27!


Tumpeng Megana inggih punika salah satunggaling jinis sesajèn ingkang awujud tumpeng
(sekul pethak ingkang dipundamel kados gunungan) saha kapacak kacang ingkang sampun
dipunmasak. Kacang kala wau dipuntata mlingker dumugi pucuking tumpeng. Wonten ing pucuk
tumpeng kapacak brambang saha lombok abrit ingkang kekalihipun dipunsunduki dados satunggal
nganggé biting. Wonten ing sisih tengen saha kéring tumpeng kapacak janganan saha lawuh
ingkang sampun dipunmasak.
Tegesipun tembung megana inggih punika janganan ingkang maujud saking tembung
andhahan jangan ingkang tegesipun lelawuhan ingkang dipundanel nganggé ampas utawi duduh.
Janganan saged ngwrat teges ingkang béda-béda. Tegesipun janganan ingkang kaping sapisan
inggih punika, sayuran, inggih punika gegodhongan ingkang saged dipunjangan. Kaping kalih,
tegesipun inggih punika gudhangan, kuluban. Ingkang kaping tiga tegesipun inggih punika barang
mas-inten ingkang dipunjangan. Nanging saking sadaya tegesipun janganan inggih ngewrat
satunggal teges ingkang sami inggih punika sayuran. Tembung megana maujud saking kreta basa
mergane bisa ana. Tegesipun inggih punika minangka wujud saking sadaya ingkang wonten ing
alam dunya punika, bilih sadaya ingkang wonten ing dunya punika saking ciptaning Gusti Ingkang
Maha Kuwaos. Tumpeng megana punika wujud tumpeng ing tengahipun, déné ing sak pinggiring
tumpeng wonten caruban janganan. Maneka warna janganan ingkang dipuncampur ing antawisipun
bayem, thokolan utawi kecambah, saha kangkung. Jinising janganan ingkang dados ubarampé
wonten ing tumpeng megana ing antawisipun kacang, wortel, lobis, ron mlinjo, thokolan, godhong
bayem, saha godhong tela. Jinising lawuh ingkang dados ubarampé wonten ing tumpeng megana
inggih punika tempe gorèng, ayam goreng, iwak asin, saha tigan ayam ingkang sampun
dipunmasak.
26. Underan saka pethilan teks kasebut yaiku ….
A. Tegese tumpeng megana
B. Ubarampe tumpeng megana
C. Jinising tumpeng megana
D. Tetengere tumpeng megana
E. Deskripsi tumpeng megana
27. Jinising jangan sing dadi ubarampe ing tumpeng megana yaiku ….
A. Wortel, tomat, lobis
B. Wortel, ron mlinjo, onclang
C. Ron mlinjo, kacang, lobis
D. Lobis, wortel, terong
E. Kacang, bayem, kentang

Pethilan kanggo pitakonan no 28-29!


"....cara gawe sriping gedhang kuwe gampang. Pertama-tama gedhang dioceki nganti resik. Bibar
kuwi dikumbah nganggo banyu supaya resik lan ilang tlutuhe. Gedhang diiris dhawa-dhawa tipis

PAT BJW X-BDP 5


banjur digoreng. Goreng nganti warnane berubah dadi coklat. Pungkasan entas sriping sing wis
mateng karo sorok lan dilebokke njero ing toples. Sriping gedhang wis cumepak."
28. Bahan sing paling penting digunakake kanggo nggawe panganan kasebut yaiku ….
A. Tela
B. Gedhang
C. Pohung
D. Kates
E. Waluh
29. Pethilan teks kasebat kalebu jinising teks deskripsi ….
A. Watak
B. Proses
C. Kahanan
D. Barang
E. Umum

1) Garang asem
2) Bika ambon
3) Coto makasar
4) Arem-arem
5) Gethuk lindri
30. Panganan tradhisional sing kalebu wewengkon Jawa yaiku ….
A. 1-3-5
B. 2-4-5
C. 1-2-3
D. 1-4-5
E. 3-4-5
31. Gudeg salah sijine panganan tradhisional saka ….
A. Yogyakarta
B. Purworejo
C. Magelang
D. Temanggung
E. Boyolali
32. Panganan wujude bunder dawa digawe saka beras dibuntel godhong gedhang, yaiku ….
A. Lemper
B. Kupat
C. Klepon
D. Lopis
E. Gethuk
Pak Tono juragan pitik saka Desa Anyar RT 15 RW 4. Pitik ingon-ingone Pak Tono ana 245
pitik. Pitik babon ana 154 lan sisane pitik jago. Saben dina Rebo Legi endhog-endhog pitik padha
didol menyang Pasar Arum.
33. Petangane pitik Pak Tono sing diingu ana ….

PAT BJW X-BDP 6


34. Pranyatan kang jumbuh (trep) karo wos (isi) pethilan kasebat yaiku ….

35. Pitik Pak Tono sing jago ana ….

36. Wangsulan kang trep yaiku ….

37. Pranyatan sing jumbuh (trep) yaiku ….

38. Yen ditulis mawa aksara latin yaiku ….


A. Budi duwe kolah jerone 24 hektar
B. Budi tuku omah dawane 42 hektar
C. Budi duwe sawah ambane 23 hektar
D. Budi tuku sawah ambane 13 hektar
E. Budi duwe omah ambane 46 hektar
39. Gita umure 16 taun, dheweke lair taun ….

PAT BJW X-BDP 7


40. Ratri tuku gedhang 10 tundhun. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ….

PAT BJW X-BDP 8


B. Wangsulana pitakenan ing ngandhap punika kanthi premati!

Nulada laku utama,


Tumrape wong tanah jawi,
Wong agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senopati,
Kepati amarsudi,
Sudane udara lan nepsu,
Pinepsu tapa brata,
Tanapi ing siyang ratri,
Amamangun karyenak tyasing sesama
41. Golekana wos (isi) tembang kasebat nganggo basamu dhewe!

42. Gaweya pethilan crita Bima Bungkus miturut gambar kasebut!

Dina iki kowe dipercaya dadi pranatacara ing adicara mantenan. Selvi minangka temanten putri
wis lenggah wonten ing kursi temanten. Selvi katon ayu ngagem busana werna emas lan pating
cumlorot.
43. Saka pethilan kasebat gaweya teks panyandra lampahing temanten putri.

44. Gaweya 3 ukara kanggo nggambarake panganan tradhisonal kasebut!

Murid ing sekolahku ana 294.


45. Tulisen ukara kasebat nganggo aksara Jawa!

PAT BJW X-BDP 9

Anda mungkin juga menyukai