Anda di halaman 1dari 7

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1

SEKOLAH DASAR KRISTEN BPK PENABUR INDRAMAYU


TAHUN AJARAN 2023/ 2024

Muatan Pelajaran : Bahasa Indramayu Nama : ............................................


Hari, tanggal : Kamis, 14 September 2023 Kelas : VI (Enam)
Waktu : 07.30 – 09.00 WIB No. Urut : ............................................

Petunjuk
1. Berdoalah sebelum mengerjakan soal !
2. Tulislah nama lengkapmu dan nomor urut !
3. Kerjakanlah dahulu soal-soal yang kamu anggap paling mudah !
4. Tulisan harus rapi, bersih,dan jelas !
5. Periksa sekali lagi pekerjaanmu sebelum diserahkan kepada guru !

Kerjakan soal-soal berikut dengan tepat! ( Bentuk Pilihan Ganda, Isian, dan Uraian )

KD 3.1 Mencermati teks narasi tentang kebanggaan terhadap Indramayu dalam undak-usuk
(tingkat berbahasa) ngoko/bagongan dan atau krama/bebasan

Wacanen teks ning sor iki kanggo njawab soal nomer 1-4 !

Kabupaten Indramayu ana ning pesisir lor Provinsi Jawa Barat. Wates-watese yaiku
Laut Jawa ning sebelah lor, Kabupaten Cirebon ning sebelah wetan, Kabupaten Majalengka lan
Sumedang ning sebelah kidul, lan Kabupaten Subang ning sebelah kulon. Wilayahe ana 31
kecamatan lan 317 desa. Jumlah wargame 1.845.205 jiwa.
Kasilan sing kabupaten Indramayu yaiku iwak sing segara lan tambak, pari lan
palawija, uga lenga sing jero bumi. Indramayu uga keceluk ngasilaken woh pelem. Sampe-
sampe pelem cengkir kasebute pelem Dermayu utawa ‘mangga Indramayu’. Sekiyen pelem
sing keceluk maning, yaiku gedong gincu.

1. Papat Kabupaten sing dadi wates Kabupaten Indramayu, yaiku Kabupaten … .


A. Cirebon, Majalengka, Sumedang, lan Bandung
B. Cirebon, Majalengka, Sumedang, lan Subang
C. Cirebon, Majalengka, Bandung, lan Subang
D. Cirebon, Bandung, Sumedang, lan Bandung

2. Jumlah kecamatan lan desa ning Kabupaten Indramayu, yaiku … lan … .


A. 317 kecamatan lan 31 desa
B. 37 kecamatan lan 317 desa
C. 31 kecamatan lan 37 desa
D. 31 kecamatan lan 317 desa

PTS 1 SDK BPK PENABUR INDRAMAYU Tahun 2023/2024 Halaman 1 dari


3. Papat kasilan sing Kabupaten Indramayu yaiku … .
A. iwak, pari, rambutan lan lenga
B. iwak, pari, palawija lan duku
C. iwak, pari, palawija lan lenga
D. iwak, duren, palawija lan lenga

4. Pelem cengkir kasebute pelem … utawa … .


A. pelem Dermayu utawa mangga gedong
B. pelem Cirebon utawa mangga Indramayu
C. pelem Dermayu utawa mangga Cirebon
D. pelem Dermayu utawa mangga Indramayu

Wacanen teks ning sori ki kanggo njawab soal nomer 5- 6 !

Pesisir Karangsong

Ning pesisir Karangsong Kecamatan Indramayu sekiyen katon bagus lan asri. Mandeng
segara krasa jagat amba pisan. Ndeleng prau lan kapal nambah ati krasa seneng. Apa maning
nyawang tanduran bako, utawa sing disebute mangrove, perasaan bungah pisan.
Tanduran bako akeh gunane. Utamane bisa nahan ombak supaya pesisir beli kena abrasi.
Sekiyen tanduran bako wis duwur-duwur. Kaya alas sing adem, bagus, lan asri ana ning pesisir.
Dadi tempat wisata kanggo plesiran.

5. Karangsong wis dadi tempat wisata ning pesisir, sebab … .


A. tanduran bako kaya alas
B. tanduran bako wis duwur kaya alas
C. tanduran bako wis duwur sing adem, bagus lan asri
D. tanduran bako kaya alas sing adem, bagus, lan asri

6. Guna sing utama tanduran bako ning pesisir, yaiku … .


A. bisa nahan ombak supaya pesisir beli kena abrasi
B. bisa nahan abrasi supaya pesisir beli kena ombak
C. bisa nahan angin supaya pesisir beli kena abrasi
D. bisa nahan kapal supaya pesisir beli kena abrasi

7. Objek wisata sing ana ning Kabupaten Indramayu yaiku ... .


A. Seaworld
B. Mutiara Bangsa
C. TMII
D. Ancol

8. Contoh kesenian ning Kabupaten Indramayu yaiku … .


A. ondel-ondel
B. reog ponorogo
C. barongsai
D. berokan

PTS 1 SDK BPK PENABUR INDRAMAYU Tahun 2023/2024 Halaman 2 dari


9. Wonten wiwitan ingkang adem. Basa ngoko/bagongane, yaiku … .
A. Ana wiwitan sing adem
B. Ana wiwitan ingkang adem
C. Wonten wiwitan sing adem
D. Wonten wiwitan mboten adem

10. Sedalan-dalane.
Tembung linggane yaiku … .
A. dalane
B. sedalan
C. dalan
D. sedalane

11. Kesenian.
Tembung linggane yaiku … .
A. keseni
B. seni
C. senian
D. senin

12. sampun – gedang – mateng – woh.


Susunan ukara sing bener yaiku … .
A. Gedang sampun mateng woh
B. Sampun woh mateng gedang
C. Mateng gedang woh sampun
D. Woh gedang sampun mateng

13. (A) Salah sawijine iku Kabupaten Indramayu


(B) Pesisir lor iku sering kasebut Pantura
(C) Provinsi Jawa Barat duwe 26 kabupaten lan kota
(D) Kabupaten Indramayu ana ning pesisir lor Jawa Barat

Susunan wacana sing bener yaiku … .


A. (C), (B), (A), (D)
B. (C), (A), (D), (B)
C. (C), (D), (B), (A)
D. (C), (A), (B), (D)

14. Katon bagus lan asri.


Tembung walikan (antonim) bagus yaiku … .
A. indah
B. blesak
C. rame
D. beli bagus

PTS 1 SDK BPK PENABUR INDRAMAYU Tahun 2023/2024 Halaman 3 dari


15. Hasil oksigen sing mangrove luwih gede.
Tembung walikan (antonim) gede yaiku … .
A. cilik
B. sedeng
C. duwur
D. gering

Wacanen cuplikan teks ning sor iki kanggo njawab soal nomer 16-20 !

Indramayu angsal malih Piala Adipura. Ngantos taun 2017 Indramayu sampun angsal
sanga Piala Adipura, inggih punika angsal piala taun 2007, 2008, 2009, 2010, 2012, 2013,
2015, 2016, lan 2017. Kula lan sampeyan ngraos seneng.
Piala Adipura punika ngrupiaken wujud ngregani kangge wilayah tingkat kabupaten
utawi kota ingkang lingkungane paling bersih lan rapi. Tamtos mawon wonten wiwitan ingkang
adem lan taman-taman kembang ingkang asri.

16. Indramayu angsal Piala Adipura sampun ping pinten

17. Piala Adipura punika kangge wilayah tingkat punapa ?

18. Mulai taun pinten Indramayu angsal Piala Adipura ?

19. Kabupaten utawi kota ingkang angsal Piala Adipura lingkungane pripun ?

20. Taman-taman kembange pripun ?

Jodohaken aran-aran kesenian sing pas karo gambare !

21. Berokan

22. Sandiwara

23. Tari topeng

24. Sintren

25. Ngarot

PTS 1 SDK BPK PENABUR INDRAMAYU Tahun 2023/2024 Halaman 4 dari


KD 3.2 Menyimak teks lagu daerah (berjenis tembang dolanan, tembang anyar/kiser
gancang, dan tembang macapat pupuh mijil) tentang kesatuan dalam perbedaan

Wacanen teks tembang dolanan ning sor iki kanggo njawab soal nomer 1-5 !

Si Adi oleh sekentrung


Kentrunge jambe warna
Tangise batang urang
Tak kempang awang-awang
Tak kemping iwing-iwing
Batok bolu ayam kate
Dalulu-lulu nglenggem
Mantra-mantri tiba bogem

Kukung-kukung kukung-kukung

1. Ning teks tembangan ning duwur iki ana aran wiwitan, yaiku … .
A. ayam kate
B. urang
C. batok
D. jambe

2. Ning teks tembangan ning duwur iki ana aran satoan, yaiku … .
A. jambe lan batok
B. ayam kate lan urang
C. jambe lan urang
D. ayam kate lan batok

3. Sing munine awang-awang yaiku kerna … .


A. tak kempang
B. ayam kate
C. tak kemping
D. urang

4. Yen tak kemping munine … .


A. owong-owong
B. uwung-uwung
C. awang-awang
D. iwing-iwing

5. Sing tiba mbogem yaiku … .


A. mantra-mantra
B. mantra-mantri
C. mantri-mantri
D. mantri-mantra

PTS 1 SDK BPK PENABUR INDRAMAYU Tahun 2023/2024 Halaman 5 dari


Wacanen teks tembang dolanan ning sor iki kanggo njawab soal nomer 6-10 !

Nonton Berokan

Ayo batur pada nonton berokan


Yen berokan dolanan kaya macan
Bisa ngomong satoan apa bae
Galak-galak dorodogdogdog waradalah

Bapak tuwa priwen suwarane jaran ?


Ala bapak tuwa
Priwen suwarane kebo ?
Ala bapak tuwa
Priwen suwarane macan ?

Ala bapak tuwa


Priwen suwarane welut ?

6. Sing diajak nonton berokan yaiku … .


A. batur
B. bocah-bocah
C. bapak tuwa
D. satoan

7. Berokan yaiku dolanan kaya … .


A. sapi
B. wedus
C. macan
D. kebo

8. Mbeeee… mbeeee… mbeeee… iku suwarane satoan … .


A. kucing
B. wedus
C. jaran
D. kebo

9. Berokan iku bisa ngomong kaya … .


A. satoan
B. wiwitan
C. woh-wohan
D. janganan

10. Suwara satoan sing beli krungu suwarane yaiku … .


A. welut
B. sapi
C. kebo
D. macan

PTS 1 SDK BPK PENABUR INDRAMAYU Tahun 2023/2024 Halaman 6 dari


Wacanen cuplikan teks tembang ning sor iki kanggo njawab soal nomer 11-15 !

Gadis Indramayu

Gadis Indramayu
Sederhana penganggone
Manis yen gemuyune
Alon pisan suwarane

Nganggo tapih batik Paoman


Klambi potongan kebaya
Disawang katone ayu
Iku gadis Indramayu
……..

11. Kepriben penganggone gadis Indramayu ?

12. Kepriben suwarane gadis Indramayu ?

13. Kepriben gemuyune gadis Indramayu ?

14. Potongan klambi apa sing dienggo gadis Indramayu ?

15. Kepriben rupane gadis Indramayu ?

Jodohaken aran-aran sing nyetir kendaraan sing pas karo gambare !

16. Masinis

17. Nahkoda

18. Pilot

19. Ojeg

20. Supir

PTS 1 SDK BPK PENABUR INDRAMAYU Tahun 2023/2024 Halaman 7 dari

Anda mungkin juga menyukai