DINAS PENDIDIKAN
SEKTOR 04 SMP
Jl. Raya Kandanghaur No. 284 Telp. (0234) 505503 Indramayu 45254
LEMBAR SOAL
Satuan Pendidikan : SMP/MTs
Mata Pelajaran : Bahasa Indramayu
Kelas / Semester : VIII / 1 (Satu)
Waktu :
Hari dan Tanggal :
Petunjuk :
1. Perhatikan dan ikuti petunjuk pengisian Lembar Jawaban yang disediakan;
2. Periksa dan bacalah soal-soal sebelum Anda menjawab;
3. Laporkan kepada pengawas kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak atau jumlah soal kurang;
4. Dahulukan mengerjakan soal-soal yang Anda anggap mudah;
5. Pilihlah salah satu jawaban yang paling benar dengan menghitamkan bulatan jawaban;
6. Apabila Anda ingin memperbaiki/mengganti jawaban, bersihkan jawaban semula dengan penghapus sampai
bersih, kemudian hitamkan bulatan jawaban yang menurut Anda benar;
7. Periksalah seluruh pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas.
I. Wenehana tanda silang (X) huruf a, b, c, utawa d sing jawaban sing bener!
WACANA
LAYANGAN
Ning Indonesia, layangan sekiyen dudu kanggo dolanan utawa hiburane bocah-bocah cilik maning, sebab
sekiyen layangan difestivalaken utawa dilombakaken, kegiatan iki diselenggarakaken kanggo ngramekaken
kegiatan pariwisata, ning Bali ning Yogyakarta festival layangan wis dadi tradisi saben taunne dilombakaken.
Sedurunge layangan difestivalaken, layangan awit bengen wis dadi sahabate bocah-bocah. Bocah-bocah
iku biasa gawe layangan dewek-dewek, ana uga sing tuku, terus rame-rame diunggahaken ning lapangan bari
ngundang-undang angin, lan biasane bake usum layangan lagi jagad terang utawa mangsa ketiga.
Sejene dadi dolanane lan kesenangane bocah-bocah pedesaan sing kurang hiburan, layangan bisa dadi
kegiatan sing sifate internasional, dolanan layangan kudu trampil lan ulet sebab ning lapangan layangan sering
diadu carane sangkutan bari layangan sejen, benang layangan biasane wis diupai gelasan yaiku bubuk beling
sing digodog bari lem kayu terus gulungane benang dianjingaken terus diulur digentang sampe garing iku bisa
landep pisan, mulane baka sangkutan layangan sing pedot dinyatakaken kalah.
Ning endi-endi ning desa utawa ningk kota adu layangan wis dianggep biasa lan masih akeh, kanggo
festival layangan wujude beda maning, sejene digawe wujud werna-werna, ana sing wujud manuk garuda, ula
naga, kalong, motor mabur wah masih akeh maning sebab saben taun wujude slalu robah lan tambah kreatif
sejene diupai werna-werna sing nyenegaken sing nonton uga dadi sesawangan sing endah pisan. Layangan-
layangan mau biasane diupai sendaren, sing diarani sendarane yaiku sawangan sing muni baka kena angin ana
uga sing buntute dawa pisan, mulane baka diunggah haken lenggang lenggoke layangan katon endah swarane
sendaren lan werna wernane layangan tambah asrine pendelengan, atraksi seni ngugahaken layangan dadi ajang
rekreasi seni sing nyenengaken lan bisa narik wisatawan sing manca Negara.
Seni gawe layangan sing bengene biasa-biasa bae, baka di poles lan digawe ning tangan-tangan kreatif bisa
dadi ajang kegiatan sing nyenengaken, lan, dadi, hiburan, sejene biasa ngundang wisatawan manca negara ning
festival layangan, mulane Dinas Pariwisata lan Kebudayaan kudu ngagendakaken kiyen minangka daya tarik
wisata ning Indramayu.
39. “Basa sing salah kaprah, beli bisa dibenaraken sebab baka dibeneraken malah dadi salah”. Ukara ning duwur iku
disebut ….
A. Ukara cerita B. Ukara pitakon C. Gugon tuwon D. Rura basa
40. Ukara sing langka tembung Rura Basa ne yaiku ….
A. Bapa mangkat ning kantor C. Mimin lagi nggodog wedhang
B. Tuti lagi bakar sate D. Ibu lagi nguleg sambel