Anda di halaman 1dari 3

CANGKRIMAN

Cangkriman yaiku unen-unen kang tetep panggonane lan kudu dibatang utawa
mbutuhake wangsulan lan ugo diarani bedhekan utawa batangan
(terjemahan; cangkriman yaitu kata-kata yang penempatannya tetap dan harus
diartikan atau membutuhkan jawaban dan juga disebut bedhekan atau batangan).
Cangkriman asalipun saking tembung 'cangkrim' ingkang tegesipun 'bedhek,
badhe, batang, cape', tembungipun samangke teka-teki.(terjemahan; Cangkriman
asalnya dari kata 'cangkrim' yang artinya 'bedhek, badhe, batang, cape', yaitu kata-
kata sejenis teka-teki.).Jinising cangkriman kabedakaken wonten sakawan, inggih
punika; (terjemahan; Jenis-jenis cangkriman dibedakan dalam 4 jenis, yaiku;)

1. Cangkriman Wancahan
Cangkriman wancah punika cangkriman ingkang awujud wewancahaning
tembung-tembung. Wancah tegesipun cekak, wancahan ateges cekakan.
Contoh cangkriman wancahan;
a. "Wiwa wite, lesbadhonge, karwapeke", yaiku; uwi dawa wite, tales amba
godhonge, cikal dawa tipake. (Terjemahan; Ubi panjang batangnya, talas
lebar daunnya, cikal/ 'pohon kelapa yang masih muda' panjang akarnya).
b. "Pakboletus", yaiku; tapak kebo ono lelene satus. (Terjemahan; Telapak
kaki kerbau ada lelenya seratus).
c. "Pak bomba, pak lawa, pak piyut", yaiku; tapak kebo amba, tapak ula
dawa, tapak sapi ciyut. (Terjemahan; Telapak kerbau lebar, telapak ular
panjang, telapak sapi sempit).
d. "Pindhangkileng", yaiku; sapi nang kandhang, kaki mentheleng.
(Terjemahan; Sapi di kandang, kaki mentheleng).
e. "Pak kenthik", yaiku; tapak teken sithik. (Terjemahan; Telapak teken/
'tongkat' sedikit).

2. Cangkriman Blenderan
Cangkriman blenderan punika cangkrimaningkang mengku suraos srekalan,
plesedan. Blender ateges plesed, glundhung.
Contoh cangkriman blenderan;
a. "Wong ketiban duren bakal sugeh pari", = pari karepe paringisan amarga
kelaran. (Terjemahan; Orang yang tertimpa duren jatuh akan kaya padi.
Maksudnya bukan padi tetapi kata 'pari' maksudnya paringisan karena
kesakitan).
b. "Tulisane arab, macane saka ngendi?", = macan ya saka alas.
(Terjemahan; Tulisannya arab, membacanya darimana?. Kata 'macane' buka
berarti membacanya, tetapi macan/ binatang macan dari hutan).
c. "Saiki ula-ula ora ana sing mandi", = ula-ula balungan ing geger.
(Terjemahan; Sekarang ular-ular tidak ada yang berbisa. Kata 'ulo-ulo' bukan
berarti ular-ular tetapi tulang iga di punggung).
d. "Biru bisane dadi wungu dikapakake?", = Digebug. (Terjemahan; Biru
supaya bisa menjadi ungu diapakan?. Kata 'biru' bermaksud babi turu/ babi
tidur, dan wungu maksudnya adalah agar bangun dari tidur, berarti harus di
pukul).
e. "Wong dodol tempe ditaleni", = Sing ditaleni dudu wonge, nanging
tempene. (Terjemahan; Orang jual tempe diikat, maksudnya bukan orangnya
yang diikat tetapi tempenya).

3. Cangkriman Pepindhan
Cangkriman pepindhan punika cangkriman ingkang kajumbuhaken kaliyan
pepiribaning barang. Pindha ateges kaya, kadi, kadya, lir, pendah.
Cangkriman pepindhan uga diarani irib-irib.
Contoh cangkriman pepindhan;
a. "Sega sekepel dirubung tinggi", = salak. (Terjemahan; Nasi sekepal
dikerumuni tinggi (sejenis serangga kecil)).
b. "Pitik walik saba meja", = sulak/ kemoceng. (Terjemahan; pitik walik
(ayam berbuu terbalik) berkeliaran di kebun).
c. "Anake diidak-idak, emboke dielus-elus", = andha/ tangga. (Terjemahan;
anaknya diinjak-injak, ibunya dielus-elus).
d. "Pak Demang klambi abang, nek didudul gondhal gandhul, nek disuduk
manthuk-manthuk", = Ontel gedhang/ bunga pisang. (Terjemahan; Pak
Demang berbaju merah, jika disundul gondal-gandul, jika ditusuk
mengangguk-angguk).
e. "Bocah cilik blusak blusuk nang kebon", = Dom/ Jarum). (Terjemahan;
Anak kecil keluar masuk kebun).

4. Cangkriman Tembang
Cangkriman pepindhan sejatosipun awujud cangkriman pepindhan, nanging
kagarap sarana tembang.
Tuladha;
Contoh cangkriman tembang POCUNG:
1. "Bapak pocung, renteng-renteng kayu kalung,
Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring,
Sing disaba, si pocung mung turut kutha. (tegese; sepur)"
2. "Bapak pocung, cangkemu marep mandhuwur,
Sabane ing sendhang, pencokane lambung kering,
Prapteng wisma si pocung mutah kuwaya. (tegese; klenthing)."
3. "Bapak pocung, dudu watu dudu gunung,
Sangkamu ing Plembang, Ngon ingone sang Bupati,
Yen lumampah si pocung lembehan grana. (tegese; gajah)."
4. "Namung tutuk, Lan netra kalih kadulu,
Yen pinet kang karya, Sinuduk netrane kalih,
Yeku sarat ira bangkit ngemah-ngemah. (tegese; gunting)"
5. "Bapak pocung, amung sirah lawan gembung,
padha dikunjara, mati sajroning ngaurip,
mijil baka, si pocung dadi dahana. (tegese; penthol korek)"

Contoh Cangkriman Tembang Asmaradana;


"Wonten ta dhapur sawiji,
Tanpa sirah tanpa tenggak,
Mung gatraning weteng bae,
Miwah suku kalihira,
Nging tanpa dlamakan,
Kanthaning bokong kadulu,
Rumaket ing para priya. (tegese; kathok)."

(Terjemahan;
Adalah suatu wujud,
Tanpa kepala tanpa leher,
Hanya berbentuk perut saja,
Dan kaki keduanya,
Tetapi tanpa telapak kaki,
Bentuknya bokong dapat dilihat,
Akrab pada para pria).

Anda mungkin juga menyukai