Anda di halaman 1dari 3

BASA JAWA

CANGKRIMAN

A. Cangkriman yaiku unen-unen utawa ukara kan kudu dibatang


(dibedhek).
Cangkriman umume kanggo gegojegan.

B. Jinise Cangkriman
1. Cangkriman Wancahan iku disusun seka tembung.
Tuladhane: Kabaketan, Nangka Tiba ing Suketan.

2. Cangkriman Pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara


kang memperkaya kanyatane.
Tuladhane: Wit adhikih who adhakah, batangane waluh.

3. Cangkriman Blenderan iku sejatine ukara pranyatan kang bisa


gawe bingung yen macane salah.
Tuladhane: wong adol tempe ditaleni, tegese sing ditaleni tempe,
dudu wong sing dodol.

4. Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang


(dibedhek) dhewe. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa
uga awajud tembang.
Tuladhane:
a. Nyaron Bumbung, nganti cengklungen anggonku ngenteni,
(Saron bumbung,yaiku angklung)
b. Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (Janur gunung, yaiku
aren)
1. Pakboletus, batangane tapak kebo lelene satus.
2. Pakbomba, batangane tapak kebo amba.
3. Pakpiyut, batangane tapak sapi ciyut.
4. Pitik walik saba kebon, batangane nanas.
5. Pitik walik saba amben, batangane sulak.
6. Sega sakepel dirubung tinggi, batangane salak.
7. Yen bosok malah enak, batangane tape.
8. Rasane padha karo jenenge, batangane sepet.
9. Paklawa, batangane tapak ula dawa.
10. Yen munggah malah mudhun, batangane wong numpak pit.
11. Dikethok malah dhuwur, batangane kathok dawa.
12. Yen mlebu malah metu, batangane benik.
13. Manuk endhase telu, batangane endhase buntel wulu.
14. Tebu rong lonjor tinggal selonjor isih piro? Iseh rong lonjor.
15. Kebo jerung sikile piro? Siile papat
16. Sapi mlaku ngidul buntute ana ing ngendi? Ana ing buri.
17. Ana tulisan arab, macane saka ngendi? Macane saka alas.
18. Endhog karo pitik dhihisik ngendi? Manut sing duwe.
19. Cilik dadi konco, gedhe dadi musuh, batangane geni utawa
banyu.
20. Kabaketan, batangane nangka tiba ing suketan.
21. Simbokke dielus-elus anake diidak-idak, batangane andha.
22. Bocah cilik tlusap tlusup ing kebon, batangane dom jahit.
23. Ngarep ireng, buri ireng, sing tengah-tengah methentheng,
batangane wong mikul areng ing ngarep lan buri.
24. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sak kantong,
batangane Kates.
25. Kebo bule cencang merang, batangane buntil.
26. Gajah nguntal sangkrah, batangane pawon utawa luweng.
27. Ing dhuwur wayangan ing ngisor jedhoran, batangane
ngundhuh kambil.
C. Ceceg-ceceg iki isenana nganggo tembung sing bener!
(jawab langsung jawabannya)

1. Apa kang diarani cangkriman kui ….


2. Cangkriman iku umume kanggo …
3. Yen mlebu malah metu, batangane …
4. Pitik walik saba amben, batangane …
5. Andha iku cangkriman e simbok e …. , anake diidak-idak
6. Nanas iku cangkriman e pitik walik saba …
7. Pakboletus batangane …
8. Yen bosok malah enak, batangan e …
9. Kates iku cangkriman e ora mudhun-mudhun yen ora
nggawa …. Sakantong
10. Yen munggah malah mudhun, batangane …

Anda mungkin juga menyukai