Anda di halaman 1dari 1

CANGKRIMAN

A. Materi Pembelajaran
Cangkriman
Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude.
1. Wujude cangkriman :
a. Cangkriman kang awujud tembung wancahan
Tuladha :
Wiwawite, lesbadhonge = uwi dawa uwite, tales amba godhonge
Segara mbeldhes = sega pera, sambele pedhes
Nituk lersure = nini ngantuk diseler susure
b. Cangkriman pepindhan utawa irib-iribaning barang
Tuladha :
Cangkriman pepindhan utawa irib-iribaning barang
Sega sekepel dirubung tinggi (salak)
Pitik wali saba kebon (nanas)
Embokne wuda, anake tapihan (empring, bung)
c. Cangkriman ngemu surasa blenderan utawa plesetan
Wong wudunen sugih pari (paringisan)
Kecap sing paling enak cap ratu (ratuku)
Bakule krambil dikepruki (sing dikepruki krambile)
d. Cangkriman kang awujud tembang ( Y. Suwarno, 1998:201)
Bapak pocung dudu watu dudu gunung,
sabamu mring sendhang,
pencokanmu lambung kering,
prapteng wisma si pocung mutah guwaya.(jun/klenthing)
e. Cangkriman ukara
Tuladha :
Wit adhikih adhakah wohe = wit semangka
Wit adhakah adhikih wohe = wit ringin
Sing cedhek dikedhuki sing dhuwur diurugi = timbangan

2. Gladhen Cangkriman
Cangkriman ing ngisor iki apa bedhekane? Lan kalebu cangkriman sing endi, aranana!

a. Embokne dielus-elus, anake diidak-idak


b. Gajah nguntal sangkrah
c. Tibane ngisor sing digoleki ndhuwur
d. Disambung dadi cendhak
e. Ana awake, ana lengene, nanging tanpa sirah
f. Sing gawe ora nganggo, sing nganggo ora weruh, sing weruh ora gelem
g. Kebo bule dicencang merang
h. Sing cendhek dikeruki, sing dhuwur diurugi
i. Dikebuti malah mundhak panas
j. Dipenyet wudele mendelik mripate

Anda mungkin juga menyukai