Anda di halaman 1dari 3

PENILAIAN AKHIR TAHUN

TAHUN PELAJARAN 2022/2023


SEKOLAH DASAR ISLAM CAHAYA SUNNAH
Jl. Abdul Rahman No. 7 Ngaglik Kota Batu – Jawa Timur 65311
085230296162

Hari, tanggal : Rabu, 29 Maret 2023 Waktu : 90 Menit


Bidang studi : Bahasa Jawa Nama : ...........................
Kelas : 6 Nilai :

I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d tumrap wangsulan kang trep!
1. Unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek ugo diarani ….
a. Batangan b. bedhekan c. cangkriman d. pachelaton
2. Miturut wujude cangkriman kaperang dadi … jinis.
a. papat b. lima c. enem d. wolu
3. Ing ngisor iki kang ora kalebu cangkriman wancahan, yaiku ….
a. Burnas kopen c. Gerbong tulis
b. Pitik walik saba meja d. Pakboletus
4. ‘Kebo picak matane pira?’, klebu cangkriman jinis …
a. cekakan b. plesedan c. pepindahan d. wancahan
5. Sing klebu cangkriman plesedan yaiku.…
a. Bocor malah enak c. Bosok malah enak
b. Adoh-adoh diparani,barang wis tekan diliwati d. Segara beldhes
6. Wancahan ateges ….
a. irib-iriban b. cekakan c.plesedan d. blendheran
7. ‘Adoh-adoh diparani, bareng wes tekan dilewati’, batangane …
a. lemari b. dalan c.omah d. lawang
8. ‘Pakboletus’, batangane ….
a. Numpak kebo ana lele satus c. Tipak kebo lele satus
b. Tipak kebo lelene satus d. Numpak kebo saka kudus
9. Cangkriman irib-iriban, uga diarani cangkriman …
a. wancahan b. cekakan c. pepindahan d. blenderan
10. ‘Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur’, batangane …
a. prau bocor b. sarung c. gentheng bocor d. juglangan
11. ‘Bosok malah enak.’, kalebu cangkriman jinis ….
a. cekakan b. plesedan c. pepindahan d. wancahan
12. ‘Lawa lima kalong telu ana pira?’, batangane ….
a. Lima b. telu c. loro d. wolu
13. ‘Sega sekepel dirubung tinggi’, batangane ….
a. Nanas b. salak c. pelem d. rambutan
14. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh’, batangane ….
a. macan b. kucing c. banyu d. geni
15. Cangkriman : ….
Batangane : andha.
Cangkriman sing mathuk yaiku ….
a. Anake diidak-idak, emboke dielus-elus
b. Bocah cilik blusak blusuk nang kebon
c. Dicokot bongkote sing kelong pucuke
d. Dijupuki malah mundhak akeh

II. Pilihen wangsulan kang cumawis ing sisih tengen!


1. Surles penen. (…) a. Prau bocor
2. Disambung malah cendhak (…) b. Nanas
3. Bocor malah kebak (…) c. Benik
4. Dikethok tambah dhuwur (…) d. Juglangan
5. Dilebokne malah metu (…) e. Keong
6. Dijupuki malah tambah amba (…) f. Nangis
7. Pitik walik saba kebon (…) g. Saka alas
8. Bocah cilik nggendhong omah (…) h. Clana dawa
9. Ana tulisan Arab, macane tekan endi? (…) i. Kasure teles pepenen
10. Wis gedhe kok ngguyu tawa (…) j. Sarung

Wacanen wacan ing ngisor iki nganti teliti!


Menyang Taman Safari
Taman Safari kuwi dumunung ing Prigen tlatah Kabupaten Pasuruan. Liburan
semester loro kepungkur, Norman diajak Budhe Marni lan Pakdhe Herman menyang
Taman Safari. Ing taman kono hawane adhem, wit-witane katon ijo royo-royo
ngrembayung, kewan kang diopeni maneka warna. Ana : singa, kethek, menjangan,
pitik, kasuwari, lan isih akeh liyane.
Yen ndeleng kewan-kewan ing taman kono ora oleh mlaku, kudu numpak
kendaraan sing tutupan, supaya ora dicakot, dicakar, lan liya-liyane dening kewan
galak. Norman seneng banget weruh akehe kewan ing kono. Sawise kabeh anggone
ngubengi Taman Safari, Budhe Marni, Pakdhe Herman, lan Norman banjur mulih.

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!


1. Ana ing ngendi dununge Taman Safari kuwi?
___________________________________________________________________.
2. Sapa wae sing padha menyang Taman Safari?
___________________________________________________________________.
3. Kepriye hawane ing Taman Safari?
___________________________________________________________________.
4. Sebutna telu wae kewan sing diingu ing Taman Safari!
___________________________________________________________________.
5. Apa sebabe yen ndeleng kewan-kewan ing Taman Safari kudu numpak kendaraan
sing tertutup?
___________________________________________________________________
___________________________________________________________________.

Anda mungkin juga menyukai