Anda di halaman 1dari 3

Pasinaon:1

Modhel Teks Pinilih


Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair
utawa puisi. Mula ana sing ngarani menawa geguritan iku
syair utawa puisi Jawa gagrag anyar. Menawa ing
piwulangan Bahasa Indonesia geguritan uga diarani puisi.
Mula bisa disimpulake, menawa geguritan iku puisi sing
pirantine nganggo basa Jawa
Ing wulangan iki bocah-bocah bakal nyinau geguritan
kang nyritakake bab donya saisine.
Coba semaken gambar lan geguritan ing ngisor iki!

i 59
9

Tantri Basa Klas 3 59


Endahing Bumiku
anggitane: Jeng Kitut
Delengen kae kanca
Tegal sawah sing amba
Kebak tetuwuhan kang subur
Nyata Indonesia negri kang makmur
Ayo padha dijaga
Aja ninggal prayitna
Dimen lestari lingkunganira
Aja nganti getun mburi
Ilang musna tanpa sisa
Endahing bumi mung kari crita

Gladhen 1: Pangertene Geguritan

Sawise maca andharan lan geguritan ing nduwur, saiki


wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Apa geguritan iku?
...................................................................................
2. Geguritan iku yen ana wulangan bahasa Indonesia
diarani apa?
...................................................................................
3. Apa irah-irahane geguritan ing ndhuwur?
.......................................................................................

60 Tantri Basa Klas 3


4. Geguritan ing ndhuwur anggitane sapa?
...................................................................................
5. Tembung anggitan nduweni teges apa?
...................................................................................

Gladhen 2: Ciri-Cirine Geguritan

Geguritan iku nduweni ciri-ciri tartamtu. Ciri-cirine


geguritan bakal kababar ing ngisor iki:
1. Ora kaiket dening pathokan kang gumathok
2. Migunakake tembung- tembung pilihan utawa diksi
3. Cacahe larik (gatra) saben sapada (bait) ora
katemtokake
4. Cacahe pada (bait) bebas
5. Pungkasane larik, unine bebas
6. Isine mentes lan ngamot piwulang becik
7. Trakadhang nggunakake purwakanthi basa, swara, lan
sastra

Tantri Basa Klas 3 61

Anda mungkin juga menyukai