Anda di halaman 1dari 19

DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN MALANG

SD NEGERI 3 SUMBERKERTO KECAMATAN PAGAK


UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Rangkuman Materi Bahasa Jawa Tahun 2023

A. PILIHAN GANDA
1. Disajikan teks informasi dengan tema lingkungan hidup, siswa dapat menentukan judul (irah-irahan)
dari teks informasi ynag tersedia.
“Hutan Indonesia Paru-paru Dunia” ukara kuwi ing saben-saben dina pengetan Lingkungan Hidup
mesthi dikumandhangake saindenge donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing
paling ambas adonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya. Mula ora
salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya.
Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusake alas ing Indonesia disebabake saka
bencana alam lan saka pokal gawene manungsa. Rusak merga saka bencana alam, umpamane:
gunung mbledos, gempa bumi/lindhu, yen rusake amargo kobong, banjir bandhang, tanah longsor
bisa uga disebabake pokal gawene manungsa.
Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen
supaya paru-paru sehat, sing bisa mrodhuksi oksigen sing resik ya tanduran sing subur. Mula ayo
dilestarek ake, alase supaya tetp bisa dadi paru-parune donya.

Irah-irahan/ judul kang trep kanggo wacan ing duwur yaiku “Alasku Paru-parune Donya”.

2. Disajikan sebuah paragraf teks informasi tentang lingkungan hidup, siswa dapat menentukan kalimat
utama ( Ukara inti ) pada paragraf tersebut.Njaga Kalestarene Alas
Alas iku mujudake paru-parune donya sing penting banget kanggo panguripane manungsa. Alas
mujudake papan panguripane maneka warnane jinis kewan lan tetuwuhan. Wektu iki, cacahe alas ing
donya say suwe tansaya suda, utamane ing Indonesia. /masyarakat kanthi terus-terusan njupuki lan
nguras maneka sumber daya alam sing ana ing alas tanpa njaga kalestarene. Wit-witan ditebangi
tanpa mikirake nanur maneh wit-witan minangka gantine. Kabeh mau bisa njalarani alas dadi
gundhul lan bisa njalari dumadine lemah longsor utawa banjir jroning mangsa rendheng. Kajaba
kuwi, yen nganti alase entek mula bumi iki bakal panas lan alam ora seimbang maneh.

Ukara inti ing paragrap/kalimat utama ing dhuwur yaiku Alas iku mujudake paru-parune donya sing
penting banget kanggo panguripane manungsa.

1 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


3. Siswa dapat menentukan kalimat tanya dari jawaban yang tersedia berdasarkan teks informasi
tersebut.
Enem tembung pitakon :
 What ( apa ) ,kedadeyan apa sing diwartaake;
 Who ( siapa ), sapa sing terlibat jroning kedadeyan iku;
 When ( kapan ) ,kapan kedadeyane ing pawarta iku ;
 Where ( ing ngendi ), ing ngendi papan kedadeyane;
 Why ( geneya/ nyangapa ) ,genea bisa kedadeyan kaya mangkono;
 How ( kepriye ) kepriye kedadeyane.

4. Disajikan dua paragraf yang berbeda, siswa dapat menentukan perbedaan isi pada kedua paragraf
tersebut dengan tepat.
Teks pawarta kuwi kudu netepi anane wewaton sing diarani BAL ( bener, akurat,lan lengkap )
 Bener tegese informasi sing diandharake kuwi pancen bener – bener ana lan dumadi;
 Akurat, tegese informasi sing diandharake kudu bisa dipercaya;
 Lengkap, tegese informasine kudu nyakup anane 5 W + 1 H.

Mbandingake teks pawarta bisa saka :

 Kedadeyan sing diwartaake;


 Wong – wong sing terlibat;
 Wektu kedadeyane;
 Panggonan kedadeyane;
 Sebab musababe kedadeyan;
 Urutan utawa kahanan kedadeyane ;

5. Disajikan sebuah tembang macapat, siswa dapat menentukan watak tembang macapat tersebut
dengan tepat.Watak-watake tembang macapat:
 Mijil, watake asih, tresna.
 Maskumambang, watake nelangsa keranta-ranta.
 Gambuh, watake kulina, nepung-nepungake.
 Sinom, watake grapyak, renyah.
 Asmaradana, watake sengsem.
 Dhandhanggula, watake luwes, ngresepake.
 Kinanthi, watake sengsem.
 Pangkur, watake sereng, tegas.
 Durma, watake nesu, muntab.
 Megatruh, watake ngloro, sedih.
 Pocung, watake sembrana, gecul, ora ana greget saul.

2 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


6. Disajikan tembang Pangkur, siswa dapat menentukan sinonim yang tepat dari kata yang dicetak tebal
dalam tembang tersebut. ( Sinonim / Dasanama )
Sinonim yaiku : tembung kang padha tegese.
Sinonim tembung kang dicetak tebal
Pangkur
Ajining wong ing wicara,
resep sedhep wijile rum aririh,
wosing sedya laras runtut,
grapyak gampang tinampa,
culing tutur tinampa datan ngelantur,
soleh bawa mung samadya,
karyenak tyasing sasami.

wicara = omong-omongan
resep sedhep = nyenengake
culing tutur = tetembungan/swara
samadya = lumrah/sederhana
karyenak = tansah agawe kepenak

7. Disajikan tembang Sinom, siswa dapat menentukan guru wilangan dan guru lagu dalam tembang
tersebut.
 Guru Wilangan yaiku : cacahing wanda ing saben gatra (banyaknya jumlah suku kata dalam
setiap larik / baris ).
 Guru Lagu yaiku : dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra ( jatuhnya persamaan
bunyi sajak dalam setiap larik / baris).

Guru wilangan lan guru lagu tembang sinom


Sinom (ana 9 gatra)
Dadi siswa kang prayoga, (8a)
Ora cukup among wasis, (8i)
Ning ana perkara liya, (8i)
Lan wajib kita nglakoni, (8i)
Mring guru aja wani, (7i)
Ngabekti klawan mituhu, (8u)
Meneng lan migatekna, (7a)
Yen ana kang nuturi, (8i)
Klawan kanca ora gampang cecongkrahan. (12a)

8. Disajikan arti dari sebuah paribahasan, siswa dapat menentukan nama paribasan tersebut.
Arti paribasan:
 Ulat madhep ati karep.
3 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022
Tegese, maribasakake wong duwe kekarepan kud didhasari petungan sing mateng lan dibarengi
ati sing kenceng, tundhone ketekan sedyane.
 Punjul ing apapak, mrojol ing akarep.
Tegese, maribasakake wong sing pinter banget.
 Sedhakep ngawe-awe.
Tegese, maribasakake wong sing sejatine katone ora tumindak apa-apa nanging jebul nyatane
dadi punjering jurang panasaran merga tansah nuduhake dalan menyang juranging kesangsaran.
 Ketula-tula ketali.
Tegese, maribasakake wong kang tansah nandhang sengsara.
 Obah ngarep kobet buri.
Tegese, maribasakake wong-wong panggedhe dadi contone/panutane kawula cilik.
 Mikul dhuwur mendhem jero.
Tegese, maribasakake wong sing bisa njunjung drajate wong tuwa.
 Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.
Tegese, maribasakake wong sing nekat nyingkirake samubarang singngalang-alangi karep kang
bener.
 Sepi ing pamrih, rame ing gawe.
Tegese, maribasakake wong sing nindakake panggaweyan kanthi ora duwe kamelikan apa-apa.
 Emban cindhe emban siladan.
Tegese, maribasakake wong sing pilih kasih ora adil.
 Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
Tegese, maribasakakewong yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi
bakal bubrah.
 Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan", tegese sanajan wong liya manawa nandhang
ora kepenak dibelani utawa yen mati melu nggetuni.
 Tinggal glanggang colong playu", tegese prajurit kang ninggalake kasatriyane sarana ninggalake
ing peperangan.
 "Welas tanpa lalis", tegese karepe ngeman, ananging malah gawe kapitunan.
 Abang-abang lambe", tegese guneme mung kanggo lamis-lamis.
 Aji godhong jati garing", tegese wong kang asor banget, ora ana ajine.
 "Ancik-ancik pucuking eri", tegese wong kang uripe kang tansah ngandhut kuwatir.
 Kerot tanpa untu", tegese wong kang duwe kekarepan ananging ora duwe sarana.
 Rubuh-rubuh gedhang", tegese wong kang mung melu-melu, ora ngerti tujuane.
 "Bathok bolu isi madu", tegese wong asor nanging sugih kapinteran.
 Bebek mungsuh mliwis", tegese wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging sijine
kalah ulet lan trampil.
 "Dhemit ora ndulit, setan ora doyan", tegese wong kang tansah diparingi keslametan ora ana sing
nggodha
 "Gagak nganggo elaring merak", tegese wong cilik tumindak kaya wong gedhe/luhur.

4 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


 Iwak klebu ing wuwu", tegese wong kang kena apus kanthi gampang, wong nemu bebaya.
 "Kebo kabotan sungu", tegese wong panguripane rekasa marga kakehan anak.
 "Kebo nusu gudel", tegese wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
 Kutuk marani sunduk", tegese wong kang njarak marang bebaya.
 "Palang mangan tanduran", tegese wong kang dipercaya njaga malah gawe rusak barang sing
dijaga

9. Disajikan peribahasan yang rumpang, siswa dapat melengkapinya dengan tepat .


Sepi ing … rame ing gawe (pamrih)
Mburu … kelangan gheleg (uceng)
Emban cinde emban … (siladan)
Kakean … kurang udan (gludhug)
Mikul duwur mendhem … (jero)
Tuna … bathi sanak (satak).
Iwak ... ing wuwu ( kalebu )
Gagak nganggo … merak ( elaring )

10. Disajikan sebuah cangkriman, siswa dapat menentukan nama cangkriman tersebut.dengan tepat.
Menentukan nama cangkriman
a. "Sega sekepel dirubung tinggi", = salak. (Terjemahan; Nasi sekepal dikerumuni tinggi (sejenis serangga
kecil)).
b. "Pitik walik saba meja", = sulak/ kemoceng. (Terjemahan; pitik walik (ayam berbuu terbalik)
berkeliaran di kebun).
c. "Anake diidak-idak, emboke dielus-elus", = andha/ tangga. (Terjemahan; anaknya diinjak-injak, ibunya
dielus-elus).
d. "Pak Demang klambi abang, nek didudul gondhal gandhul, nek disuduk manthuk-manthuk", = Ontel
gedhang/ bunga pisang. (Terjemahan; Pak Demang berbaju merah, jika disundul gondal-gandul, jika
ditusuk mengangguk-angguk).
e. "Bocah cilik blusak blusuk nang kebon", = Dom/ Jarum). (Terjemahan; Anak kecil keluar masuk
kebun).
f. "Dicokot bongkote sing kelong pucuke", = rokok. (Terjemahan; Digigit pangkalnya yang berkurang
ujungnya).
g. "Dikethok malah dadi dhuwur", = Kathok dowo/ Celana panjang. (Terjemahan; Dipotong malah
menjadi tinggi).
h. "Dijupuki malah mundhak akeh", = Wong ngedhuk lemah/ Orang menggali
tanah. (Terjemahan; Diambil terus malah tambah banyak).
i. "Duwe rambut nanging ora duwe endhas", = Jagung. (Terjemahan; Mempunyai rambut tetapi tidak
punya kepala).
j. "Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh", = geni/ api. (Terjemahan; kalau kecil menjadi teman,
kalau besar menjadi musuh).
k. "Urang sapikul matane pira?", = ana 6; urang, sapi, kul. (Terjemahan; Udang sapikul matanya ada
5 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022
berapa?).
l. "Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong", = Kates/ Buah papaya. (Terjemahan; Tidak
akan turun jika tidak membawa mrica sekantong).
m. "Gajah nguntal sangkrah", = pawon/ tungku api kayu. (Terjemahan; Gajah memakan semak belukar).

11. Disajikan arti sebuah cangkriman Siswa dapat menentukan kata yang tepat untuk melengkapi
cangkriman.
Menentukan kata yang tepat untuk melengkapi cangkriman. Tuladha :
o Sing endek di dhudhuki sing duwur di …. Tegese … . (di urugi tegese timbangan)
o Yen pinuju isi mengkurep, yen pinuju … mlumah. Tegese … . (kothong tegese kopyah)
o Ngarep ireng mburi ireng, sing … methenteng (tengah tegese wong mikul areng).
o … malah dadi dhuwur. ( dikethok tegese clana ).
o Emboke … anake …. ( diidek – idek , dielus – elus tegese andha )

12. Disajikan sebuah cangkriman, Siswa dapat menentukan arti (batangan) cangkriman tersebut..
Menentukan/ batangan cangkriman

 Abang-abang dudu kidang, pesegi dudu pipisan, batangane: batu bata.


 Ana titah duwe gulu tanpa sirah, suwe silit nanging ora tau bebuwang, batangane: botol.
 Ana kuthuk dilebokne kurungan rapet, kira kira wis ora bisa metu, disediyani pakan lan omben
cukup, bareng wis satahun kuthuke ilang, menyang endi?, batangane: dadi pitik.
 Ana kewan mapane ing alas. Saben wong mesthi wedi. Bareng digendhong dening manungsa,
kewan iku ora medeni maneh, lan ora nyakot manungsa. Apa arane kewan iku? Batangane: celeng.
 Ana piranti sabane ing pawon. Bareng ketiban cecak bisa mabur. Batangane: kalo.
 Ana tulisan arab, macane saka ngendi?, batangane: saka alas.
 Ana gajah numpak becak, ketok apane, batangane: ketok ngapusine.
 Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira kiraw gedhe apane, batangane: gedhe ngapusine.
 Anake gelungan ibune ngrembyang, batangane: wit pakis.
 Bapak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk, batangane: onthong.
 Bosok malah enak. Batangane: tempe atau tape.
 Bocah cilik blusak blusuk nang kebon, batangane: dom.
 Bocah cilik nggendong omah, batangane: bekicot.
 Dicakot bongkote sing kalong pucuke, batangane: rokok.
 Dijupuki malah dadi mundhak gedhe, batangane joglangan/lobang.
 Duwe rambut ora duwe endhas, batangane: jagung.
 Dikethok malahw tambah dhuwur, batangane: clana.
 Emboke diidak idak anake dielus-elus, batangane: andha.
 Emboke wuda anake tapihan, batangane: wit pring
 Gajah nguntal sangkrah, batangane: pawon.
6 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022
 Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran, batangane: wong unduh klapa.
 Ing ngisor kedhung ing ndhuwur payung, batangane: wong adang sega.
 Ing sadhuwuring lawang ana cecak. Yen cecak iku lunga, lawang iku dadi kewan kang bisa
mabur. Apa arane kewan iku? Batangane: lawa.
 Kayu mati ginubed ula mati, batangane: gasing.
 Kebo bule dicancang merang, batangane: buntil.
 Lampu apa nek dipecah metu uwonge, batangane: lampu toko sing lagi tutup.
 Lawa lima, kalong telu dadi pira?, batangane: wolu.
 Ngarep ireng, mburi ireng seng tengah methentheng, batangane: wong mikul areng.
 Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sak kanthong , batangane: kates.
 Pitik walik saba kebun, batangane: nanas.
 Pitik walik saba meja, batangane: sulak.
 Rasane padha karo jenenge, batangane: sepet.
 Sawah rong kedhok galengane mung sitok, batangane: godhong gedhang.
 Sega sekepel dirubung tinggi, batangane: salak.
 Tibane ngisor digoleki ndhuwur, batangane: gentheng bocor.
Cangkriman kang sinawung ing tembang macapat

7 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


13. Disajikan teks pidato, siswa dapat menentukan isi dari teks pidato yang tersedia.

Assalamu’alaikum warhmatullohi wabarokatuh, ingkang sakjiwing kulo badhe ngaturaken sugeng


rawuh kaliyan bapak utawi ibu kepala sekolah, para bapak lan ibu guru. Ugi bapak ibu wali murid
ugi murid-murid sedoyo ingkang kulo hormati lan tresnani. Monggo kito panjataken dalemipun gusti
allah ingkang maparingi pinaringan kalian kita sedoyo.

Kula wakil saking kelas 9 SMP Tirta badhe nyampeake rasa syukur lan bingah sampun mbantu
murid-murid lulus saking mriki. Nanging kula ugo badhe nyampekaken pangapunten menawi
ingkang ngajar murid-murid wonten kesalahan. Mugi-mugi sakmpune lulus saking SMP niki murid-
murid saged ketrima teng sekolah ingkang diremeni.

Mugi-mugi murid-murid mboten nglupakaken sedaya ilmu ingkang sampun pundhut saking sekolah
niki. Ugi saged ngamalaken ilmu ingkang sampun pudhut teng sekolah niki marang dunyo luas.
Tetap sinau ingkang rajin murid-muridku sedoyo, sukses lan ojo nglupaken jasa wongtuo ugo guru-
guru,Wassamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Isi pidato ing dhuwur yaiku : Perpisahan sekolah siswa kelas 9 SMP Tirta.

14. Disajikan teks pidato singkat, Siswa dapat menentukan tema yang tepat pada teks pidato yang
tersedia.

Assalamuallaikum wr.wb, pertama-tama mari kita sedaya ngaturaken puja lan puji kehadirat gusti
Allah SWT ingkang sampung ngei kesehatan kalian kita sedaya. Mugi-mugi kesehatan ingkang gusti
Allah paring saged kita manfaatake ugi seapik ipun. Teng babagan niki kula badhe nyampeaken soal
bahaya narkoba.

Narkoba mlebet kategori obat terlarang lan mboten wonten manfaate ingkang saged dipendhet
kagem awak. Narkoba niku kelebu jenis obat seng saged marai kecanduan uwong seng nggunaake
lan niku berbahaya. Awak iso dadi kalengan kesadaran lan ilang kontrol ugi iso gawe tindak-tanduke
kleru lan ora iso dipertanggung jawabke.

Ngaggem narkoba ugi dilarang pemerintah lan saged dijerat tindakan pidana, becik seng ngaggem
utawi seng ngedarke. Mergo babagan niku kula ngajak sesarengan seluruh warga Desa Mulya ojo
nganti nyedaki narkoba lan ojo sepisan kenal narkoba. Eleng narkoba iku dilarang kalian pemerintah
ugi agama.

Kulo harapken teng mriki para bapak ibu warga Desa Jaya mboten wonten ingkang sepisan-pisan
nyubi narkoba. Menawi nemuake wong seng turut teng narkoba saged nglaporken teng pihak
berwajib kangge ditindak. Sepisan maleh, jauhi narkoba lan urip seng becik.

8 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


Narkoba niku mboten wonten manfaate, marakno awak loro lan urip susah. Wongtua lan keluarga
wajib mahami perihal larangan narkoba, jaga sanak sedulur saking bahaya narkoba. Cukup semanten
pidato kawula, mbok bilih wonten salah kulo nyuwun pangapunten Wassalamu’alaikum
warahmatullahi wabarokatu.

Tema pidato ing dhuwur yaiku : Bahaya Narkoba

15. Disajikan sebuah kalimat pidato, siswa dapat menentukan struktur (perangane) teks pidato tersebut
dengan benar.

PERANGANE NASKAH PIDHATO


Sajrone tanggap wacana (pidato), ana sawenehe perangan kang kudu digatekake lan kudu ana ing
naskah pidato,yaiku :

1. Salam Pambuka
Salam pambuka yaiku: salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing
Kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa
aruh (sapaan) tumrap para rawuh.
2. Purwaka
Purwaka yaiku atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para
rawuh/tamu sing kepareng rawuh.
3. Isi utawa Surasa Basa
Isi yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/tamu.
4. Dudutan (kesimpulan)
Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake.
5. Pangarep-arep
Pangarep-arep yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing
midhangetake.
6. Wasana Basa (penutup)
Wasana (penutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana kekurangan
Utawa kaluputan olehe ngandharake.

STRUKTUR TEKS PIDHATO Manut perangane/strukture pidhato iku ana telu yaiku :

1. Pambuka / Pembukaan
Yaiku Perangane teks pidhato kang digunakake kanggo miwiti ing sak jrone pidato. Biasane

awujud salam pembuka.pakurmatan, lan pudji syukur.


Tuladha : Assalamualaikum Wr... Wb...
Bapak ibu guru sekecamatan Gubeng ingkang kinurmatan, kanthi pangucap pudji

syukur karsane Gusti kang Maha Agung ngatos wedal punika kita sesami tasih

9 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


pinaringan rahmad lan hihayah ( dst.. )

2. Isi

Yaiku perangane pidhato kang mujudake intisarine pidato, andharan inti kang ana ing sajrone teks

Pidato.

3. Panutup

Yaiku perangane pidhato kang pungkasan minagka panutup, dene kang diandharake yaiku

dudutan, pangarep- arep, njaluk ngapura manawa ana kesalahan, lan salam panutup.

16. Disajikan penggalan teks pidato, siswa dapat menentukan kata yang tidak baku yang digunakan
pada pidato tersebut.
Kula sakanca naming bisa memuji, mugi-mugi kabeh amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru oleh
piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah paringi kasarasan, kawilujengan lan
ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi rampung
kanthi biji ingkang maremaken.

Tembung sing ora baku lan bakune teks pidhato ing dhuwur :
Tembung ora baku Tembung baku

bisa saged
kabeh sedaya
oleh pikantuk
paringi pinaringan
rampung paripurna

17. Siswa dapat menentukan perangane (bagian) pembuka pidato dengan tepat berdasarkan teks pidato
yang tersedia.
Tuladha bagian pambuka teks pidhato :
 Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru
saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula
tresnani.

 Nuwun! Salam kasugengan, tuwin salam kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira
dhumateng kula sumawa panjenengan sedaya Aamiin.

Panjenenganipun Drs. Soesanto pangarsanipun pawiyatan SD Negeri Keputren Ngadirejo


Magetan ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;

Bapak Ibu guru sarta karyawan pawiyatan SD Negeri Keputren Ngadirejo Magetan ingkang
saestu pantes sunuba ing pakurmatan;

10 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


Tamu undhangan ingkang kinurmatan lan mboten saget kula piji-piji satunggal-satunggaling;

Miwah kanca-kanca kelas 6 SD Negeri Keputren Ngadirejo Magetan ingkang kula tresnani.

 Poro Bapak lan poro Ibu ingkang kaulo hormati.

Monggo wonten ing saat sa’meniko kulo lan panjenengan sedoyo samiho muji syukur dating
Allah SWT. dene menopo wonten ing saat sa’meniko Allah sampun paring pinten-pinten
rohmat, welas asih lan keni’matan dumateng kilo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kula lan
panjenengan sami saget keroyo-royo, bagi waktu ninggalaken griyo, ninggal bondo lan rojo
koyo, sami makempal wonten majlis puniko, boten ateges prawan golek joko, utawi dudho
golek rondho, tapi leres-leres pados ilmu agomo, ilmu sing keno kanggo sangu dating
griyone moro tuwo, soho ilmu sing keno kanggo sanguine madep dating Alloh kang Moho
Kuoso.

 Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang
berbahagiya niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng
ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki
kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan
Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Agustus taun 2017

18. Menuliskan guru lagu dan guru wilangan tembang kinanthi


Guru lagu lan guru wilangan :
Kinanthi (ana 6 gatra)
Pasulayan karo dulur, (8u)
Iki mung ngisin-isini, (8i)
Kanthi padha rebutan , (8a)
Perkara kang tanpa aji, (8i)
Iku kaya bebasan, (8a)
Rebut balung tanpa isi. (8i)

Guru lagu : u, i, a, i, a, i
Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8

19. Menuliskan arti paribasan dengan benar


Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) lan ora ngemu surasa
pepindhan (terjemahan Paribasan (Jawa) yaitu kata-kata (dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam
penggunaannya, yang memiliki makna (kiasan) dan tidak mengandung makna pengandaian
(bermakna konotatif)).
 Kakean gludug kurang udan = kakean janji ora ana nyatane
 Mikul dhuwur mendhem jero = njunjung drajat e wong tuwa
 Tuna sathak bathi sanak = rugi bandha bathi paseduluran
11 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022
 Diwenehi ati ngogoh rempela = diwenehi penak isih kurang penak
 Ancik-ancik pucuk e eri = tansah kuwatir
 Mburu uceng kelangan dheleg = mburu barang sepele malah kelangan sing gedhe
 Cebol nggayuh lintang = duwe gegayuhan sing mokal kelakone
 Ula marani gepuk = wong njarag (marani bebaya)
 Keplok ora tombok", tegese melu ngrasakake seneng nanging ora melu ragad
 "Ketula-tula ketali", tegese wong kang uripe rekasa banget utawa wong kang kesandung
sandhung uripe
 "Kumenthus ora pecus", tegese wong kang umuk utawa sombong ananging ora sembada
 "Ladak kecangklak", tegese wong kang tansah nukari wong liya wusanane kena akibate dhewe
 "Maju tatu mundur ajur", tegese maju utawa mundur kabeh bakal mbebayani utawa nyilakani
 "Mbuwang tilas", tegese ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni
 "Mikul dhuwur mendhem jero", tegese anak kang bisa njunjung drajate wong tuwane
 "Nabok nyilih tangan", tegese tumindak mulasara wong utawa gawe sengsarane wong sarana
kongkonan
 "Ngluruk tanpa bala, sugih tanpa bandha, menang tanpa ngasorake", tegese wong kang tansah
sugih ngelmu.
 "Nyolong pethek", tegese mleset saka pangirane utawa mleset saka pametheke
 "Pupuran sadurunge benjut", tegese wong kang ngati-ati sadurunge nandhang cilaka
 "Rawe-rawe rantas, malang-malang putung", tegese samubarang kang ngalang-alangi
kekarepane bakal disingkirake utawa dibrastha
 "Rukun agawe santosa crah agawe bubrah", tegese wong utawa negara kang rukun bisa dadi
kuwat dene yen cecongkrahan njalari ringkih gampang dijajah.
 "Gupak pulut ora mangan nangkane", tegese melu rekasa ora melu ngrasakake kepenake.
 "Njagakake endhoge si blorok", tegese njagakake barang kang durung mesthi anane.
 "Nyundhang bathang bantheng", tegese njunjung keturunane wong luhur kang wis apes.
 "Kadang konang", tegese wong sing ngaku sedulur mung karo sing sugih.
 "Ketepang ngrangsang gunung", tegese wong cilik nduwe gegayuhan kang tangeh lamun
kelakon.
 "Kaya banyu karo lenga", tegese wong paseduluran kang ora bisa rukun
 "Kakehan gludhug kurang udan", tegese wong kang kakehan omong nanging ora ana nyatane.

20. Menuliskan bebasan yang sesuai dengan paragraph yang tersedia

 Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kiasan) lan ngemu surasa
pepindhan. Sing pindhakake iku sipate wonge (terjemahan; Bebasan (Jawa) yaitu kata-kata
(dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam penggunaannya, yang memiliki makna kiasan dan
mengandung makna pengandaian. Dimana yang diandaikan tersebut yaitu sifat, watak, maupun
keadaan seseorang).

12 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


Jaka kendhil
Mbok Randha Dhadhapan duwe anak lanag siji jenenge Jaka Kendhil. Jaka Kndhil ala
rupane, cebol, ireng, tangane kwaga, wetenge bekel, gegere wusu lan ora duwe gulu. Mula dijengake
Jaka Kendhil, jalaran rupane memper kendhil.
Senajan ala tanpa rupa, nanging ing bab jejodowan Jaka Kendhil dhuwur gegayuhane. Jaka
Kendhil kepingin kapundhut mantu ing ratu. Upama ora sakal kersane Sing Murbeng Dumadi,
nglangkara gegayuhane Jaka Kendhil bisane klakon. Gegayuhan kaya gegayuhane Jaka Kendhil
kuwi diparibasakake, cebol nggayuh lintng, cecak nguntal elo, utawa : ketepang ngrangsang gunung.

Sing kalebu bebasan ing paragraph nduwur yaiku cebol nggayuh lintang, cecak nguntal elo,
ketepang ngrangsang gunung.

21. Menuliskan cangkriman sesuai dengan arti batangan yang tersedia


( Pembahasan sama dengan point ke -12 soal nomor 12 )

22. Menuliskan cangkriman berdasarkan gambar yang tersedia

(senter)
Dipijet udele mendelik mripate

(ontong)
Pak demang klambi abang, disuduk manthuk-manthuk

(nanas)
Pitik walik saba kebon

13 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


(salak)
Sega sakepel dirubung tinggi

23. Disajikan teks informasi tentang tokoh dan penemuannya, siswa dapat menyimpulkan isi dari teks
informasi tersebut.
Tuladha :

Taun 1870 Thomas Alva Edison nemokna mesin telegraf sing lewih apik. Mesin-mesine teyeng
nyetak pesen-pesen nang pita kertas ding dawa. Duwit sekang hasile penemuan kuwe cukup kanggo
ndirikna perusahaan dhewek. Taun 1874 Thomas Alva Edison pindah maring Menlo Park, New
Jersey. Nang kana Thomas Alva Edison gawe bengkel ilmiah sing gede lan sing pertama nang
donya. Seuwise kuwe Thomas Alva Edison nggawe akeh penemuan-penemuan sing penting. Taun
1877 Thomas Alva Edison nemukna Gramofon. Taun 1879 Thomas Alva Edison nemukna lampu
listrik, uga nemukna proyektor kanggo film-film cilik. Taun 1882 Thomas Alva Edison masang
lampu-lampu listrik nang dalan-dalan lan umah-umah nganti jarak siji kilometer nang kota New
York. Kiye pertama kali nang donya lampu listrik dienggo nang dalan. Taun 1890, Thomas Alva
Edison ndirikna perusahaan General Electric.

Edison kuwe dianggep dadi salah sijining pencipta sing paling produktif nang jamane, nyekel rekor
1.093 paten atas jenenge. Thomas Alva Edison uga akeh ngrewanginang bidang pertahanan
pemerentahan Amerika Serikat. Hasil penelitiane antara liya: ndeteksi pesawat terbang, nghancurna
periskop nganggo senjata mesin, ndeteksi kapal selam, ngendhegna torpedo nganggo jaring,
ningkatna kekuatan torpedo, kapal kamuflase, lan esih akeh sing liyane. Thomas Alva Edison séda
umur 84, pas dina ulang tahun penemuane sing kondang, bola lampu modern.

 Kesimpulan / isi teks ing dhuwur yaiku : Thomas Alfa Edison kuwe penemu lan
pengusaha sing ngembangna akeh peralatan penting. Thomas Alva Edison kuwe
penemu pertama sing nerapna prinsip produksi massal maring proses penemuan.

24. Disajikan teks paribasan, Siswa dapat menentukan artinya dengan tepat.
( Pembahasan paribasan sama dengan soal nomor : 19 )
Tuladha:
Ibune Rafi njaluk warahi Rafi kepiye anggone nggunakake laptop anyare. Rafi pancen luwih pinter
ing bidang komputer/elektronik liya saking ibune. Mula mamake Rafi sering njaluk tetulungan
marang Rafi, meh padha Kebo Nusu Gudhel.

14 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


25. Siswa dapat menyusun 4 (empat) kalimat penutup yang benar dalam sebuah teks pidato berdasarkan
tema yang tersedia.
Tuladha :

 Hadirin ingkang kula hormati.

Babakan kebersihan lingkungan yoiku salah sepindah cara kang apik kanthi kito sedoyo
nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai rikala musim udan.

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken umpami wonten klenta klentunipun kula
nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

 Para hadirin ingkang kinurmatan. Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan nasional punika,
monggo kito sedaya kula lan panjenengan ningkataken malih anggenipun kito pados ilmu.
Nopo niku arupi ilmu agami utawi ilmu pengetahuan. Ilmu ingkang wonten hubunganipun
kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang kaliyan akhirat.

Cukup sementen ingkang saged kula aturaken, bokbilih wonten kalepatan kula nyuwun
agungeng pangapura.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

 Bapak lan ibu kanca-kanca ingkang kinormatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo
aturaken menika

Kulo ngajak monggo kito tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginaaken barang ingkang
dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umatipun ingkang becik.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

26. Disajikan pernyataan siswa dapat menyebutkan ciri-ciri cangkriman dengan tepat
Ciri – ciri / titikane cangkriman :
 Awujud bedhekan kang kudu digoleki wangsulane, (berupa teka teki yang harus dicari
jawabannya);
 Pranyatan/ ukara kang wujud batangane/wangsulane, (pernyataan yang berupa tebakannya atau
jawabannya);
 ukara sing kudu di artekake, (kalimat yang harus diartikan);
 Ora nganggo purwakanthi (bebas). (tidak memakai rumusan/bebas saja dalam susunan
kalimatnya).

27. Disajikan pernyataan siswa dapat menjelaskan pengertian pidato dengan benar.
A. Pidhato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya.
Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan,
gagasan, warta lan liya-liyane.

15 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


B. Jenis-jenis pidhato adhedhasar yaiku:
1. Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama MC.
2. Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
3. Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu
kangm ung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
4. Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni pangaribowo kanggo
ngresmekake samu barang.
5. Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo kegiatan.
6. Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban
tugas utama/kagiyatan.

C. Carane gae pidhato

Supaya bisa nindakake pidhato kanthi lancar becike nggawe reng-rengan luweh disek.

1. Salam pambuka
2. Pambuka kang gambarake isi nganti ringkes
3. Isi pidhato kang gambarake maksud, gambaran, sasaran, lan liya-liyane
4. Penutup kang gambarake dudutan, pangarep-arep
5. Salam penutup

Sumber : https://ilmanzblog.blogspot.com/2013/06/pengertian-pidato-dalam-bahasa-jawa.html

28. Disajikan sebuah judul pidato siswa dapat menguraikan isi pidato yang sesuai dengan tepat
Tuladha :
a. Judul : Njaga Kebersihan Lingkungan Sekolah
Isi Pidato : Babakan kebersihan lingkungan yoiku salah sepindah cara kang apik kanthi
kito sedoyo nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai rikala musim udan.
b. Judul : Pengetan Hari Kamardikan Indonesia inkang kaping 75
Isi Pidato : ningkataken raos remen marang tanah air Indonesia
c. Judul : Ayo, Mberantas Narkoba
Isi : Empun ngantos ngginaaken barang ingkang dipun larang agama lan
pemerintah, mbiyantu pemerintah mberantas narkoba.

29. Disajikan teks tentang kerukunan hidup di mayarakat siswa dapat memilih paribasan yang sesuai.
Tuladha :
Wong urip iku kudu njaga karukunan marang sapadha manungsa. Amarga karukunan bisa nyiptaake
raos persatuan kalihan persatuan bangsa. Kajaba iku, karukunan bisa gesang lan pagesangan
mayarakat dadi aman lan makmur. Nanging, yen para manungsa ora bisa njaga karukunan, bisa
njalari perpecahan utawi gerakan separatisme suku siji lan sisjine. Mula saka iku, karukunan perlu
dibiasaake ing lingkungan keluarga, sekolah, masyarakat, lan negara.

Paribasan kang trep karo teks ing dhuwur yaiku : Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.

30. Disajikan teks informasi peduli lingkungan siswa dapat menjelaskan cara berpartisipasi dengan tepat
Tuladha :
a. Teks 1
Karang taruna desa Mergudadi angger sesasi pisan ngadakake sambatan ngeresiki desa utawa
kerja bakti. Tujuan Kerja bakti iki di adakake yaiku kanggo ngeresiki kalen kang rusoh lan
dalan sing akeh sukete. Sadurunge kerja bakti para anggota karang taruna padha kumpul ing
Lapangan Bulutangkis Mergodadi.

16 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


Kegiatan iki dipelori Ketua Karang Taruna Doni Arya, deweke duwe pendapat yen kerja bakti
iki bisa ngakrabno para anggota karamg taruna lan kegiatan iki bisa kanggo refreshing.

Cara berpartisipasi : melu kerja bakti ngresiki kalen sing rusuh lan dalan kang akeh sukete.

b. Teks 2
Dinten Minggu warga padukuhan Pogung Kidul, Melati Sleman ingkang rancak inggih para
pria tumut kerja bakti ndamel Paving Konblock. Konblock menika dipun ndamel saking
campuran pasir lan semen ingkang saklajengipun dipuncetak lan dipepe ngantos garing.

Ketua RW Pogung Kidul Purwantho mratelaken kerja bakti kados mekaten inggih ajek
ditindakaken saben Minggu.

Dene ancasipun inggih kangge nggantos konblock ingkang risak dateng sakuruting margi ing
padukuhan. Awit ngiwatosipun ragat, pramila warga gotong royong ndamel konblock dene
ragatipun dipundutaken saking iuran warga padukuhan Pogung Kidul ing saben wulanipun.

Cara berpartisipasi : melu kerja bakti ndamel paying konblock ingkang ajeg ditindakake
dinten Minggu.

B. SOAL URAIAN

31. Disajikan teks informasi tentang lingkungan hidup siswa dapat menentukan judul ( irah-irahan) dari
teks informasi yang tersedia
( Pembahasan sama dengan nomor 1 ).

32. Disajikan arti dari sebuah paribasan siswa dapat menentukan nama paribasan tersebut.
( Pembahasan sama dengan nomor 8 dan 19 ).

33. Disajikan pernyataan, siswa dapat menjelaskan watak tembang pangkur dengan tepat.
Tembang : Pangkur

Pangripta / pencipta : Kanjeng Sunan Muryapada

Watake : sereng, tegas, disiplin, kuat, perkasa, gagah

Sasmita : kapungkur, kur, mangkur

34. Disajikan teks pidato siswa dapat menyimpulkan isi teks pidato dengan tepat.
( Pembahasan sama dengan nomor 13).

17 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


35. Disajikan dua paragraf singkat siswa dapat membandingkan ciri bahasa pidato resmi dan tidak
resmi dengan tepat.
Bedane pidato resmi lan ora resmi miturut swasanane :
Pidato Resmi Pidato Ora Resmi
Pidato resmi yaiku pidato sing diwedharake ing Pidato oora resmi yaiku pidato sing diwedharake
pasamuan resmi / formal ing pasamuan ora resmi / semi resmi.
Tuladhane : pidhato kenegaraan, pidato Tuladhane : pidato manten, pidato karang taruna,
Hardiknas, lan liya-liyane

Bedane pidato resmi lan ora resmi miturut basa sing dianggo :
Basa ing Pidato Resmi Basa ing Pidato Ora Resmi
1. Digunakake ing kahanan resmi 1 digunakake ing kahanan ora resmi
2. Intonasi datar 2 intonasi swara munggah mudun
3. Ukarane ukara jangkep 3 kerep nganggo ukara ora jangkep
Tuladha : Para Warga rawuh sedaya Tuladha : kaping loro
4. Migunakake tembung baku 4 tembunge ora baku

a. Tulada Pidato Resmi


PENGETAN DINTEN PENDIDIKAN NASIONAL

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Bapak Herijoko ingkang kulo hormati
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin, sumangga kita panjatken puja lan puji syukur kehadirat Allah SWT ingkang
sampun maringi rahmatipun sehingga kita sedaya kedah saged kempal wonten ruangan menika
mengeti hari pendidikan nasional ingkang mboten wonten alangan setunggal menapa
Pangetan dinten pendidikan nasional sanget tumrap kula panjenengan sadaya. K.H Dewantara,
pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia.
Panjenenganipun punika pangarsa pendidikan wonten negara indonesia.
ing pengetan hari pendidikan punika sumangga kita sedaya tansah eling marang jasanipun bapak
pendidikan nasional yaiku bapak kh. deawantara, amargi jasa-jasa nipun kita sedaya saged
lumampah lan sekolah, mugi-mugi pendidikan wonten negara kita tansah maju,lan saged
tumindak becik amargi pendidikan ingkang sae
Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah siswa-siswi ingkang saged kiprah kadi lan
penerus bangsa. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.
Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang, sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin
lelabetanipun Kh dewantara ingkang luhur punika
Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya
kekirangan lan kelepatan kula.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

18 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022


b. Tuladha Pidato Ora Resmi.

Assalamualaikum Wr. Wb.

Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.

Soho poro tamu undangan walimatul urs lan sedoyo pengantar penganten ingkang kulo hormati.

Wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking tiyang sepuh ( wali ) kemanten jaler inggih
puniko Bpk. Tasroni sekeluargo, soho minongko wakil sedoyo pengantar kemanten sangking
desa Karangdempel, keparengo matur sepindah bilih sowan kulo sak rombongan mulai bidal
sangking desa Karangdempel ngantos dumugi dusun Sikancil mriki Alhamdulillah bilih
kawontenan kulo sak rombongan wonten ing perjalanan dipun paringi wilujeng boten wonten
setunggal alangan punopo.

Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dumateng Bapak H. Tuban sekeluargo, dene
menopo kulo sak rombongan tansah dipun sediyakaken papan pinarakan soho hidangan-hidangan
ingkang tansah ngremenaken dumateng manah kawulo, boten sanes mugi-mugi sedoyo meniko
tansah ndadosno amal ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Allah SWT. Amin..

Kaping tigonipun, keranten Bpk. ( wali ) meniko wahu boten saget ngeteraken utawi
nyowanaken putri kakungipun dateng dalem mriki, keranten inggih taksih wonten kerepotan
ingkang boten saget dipun tinggal.

Poro rawuh ingkang kulo hormati.

Tegesipun moso borongo anggenipun ndidik soho ngramut kados pundhi amrih sahene. Keranten
Mas ( suami ) inggih ngoten meniko kawontenanipun taksih joko thir dereng nate omah-omah
pramilo menawi wonten dalem mriki Mas (suami) katah klenta-klentunipun kulo suwun supados
dipun arahaken amrih sahenipun supados anggenipun jejodohan saget tentrem bahagia dunnyo
akherat.

Ingkang terakhir, mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno sak cekapipun kawulo sak
rombongan mangke ugi nyuwun pamit, mboten sanes ingih nyuwun tamahipun pangestu, mugi-
mugi kulo sak rombongan wangsul sangking dalem mriki ngantos dumugi griyonipun piyambak-
piyambak tansah dipun paringono aman wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo.
Amin..

Wassalamualaikum Wr. Wb.

19 Rangkuman B. Jawa_Kelas 6_ USEK 2022

Anda mungkin juga menyukai