Anda di halaman 1dari 5

PEMERINTAH KABUPATEN PEKALONGAN

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SD NEGERI ……………………………………..
Alamat : Jl …………Kec. .......... Kab. Pekalongan KP. ........
E-mail: …………………………………………………………..

PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAS)


TAHUN PELAJARAN 2022 / 2023

Mupel : Basa Jawa Hari , Tanggal :


Kelas : VI / enam Waktu : 90 menit

Petunjuk Umum :
1. Tulislah terlebih dahulu namamu pada tempat yang disediakan!
2. Bacalah dengan teliti setiap petunjuk pengerjaan soal!
3. Berdoalah sebelum mengerjakan soal!
4. Kerjakan tugas/ perintah yang ada pada soal!
5. Periksalah pekerjaanmu sebelum diserahkan kepada Bapak/ Ibu pengawas!

I. Wenehana tandha ping ( x ) ing aksara A, B, C, utawa D ing sangarepe pratelan kang
paling trep ana ing lembar jawab kang cumawis!

Wacan kanggo no 1 - 3
Nyadran
Tradisi Nyadran utawa sadranan wus kedadeayan awit jaman biyen,malah wus dilakoni
simbah – simbah mbiyen kang isih milut agama Hindu. Dene nyadran mono asale
saka aran upacara ing agama Hindu,yaiku upacara Sradha.
Nyadran dianakake ing saben wulan Ruwah utawa Syaban. Adate rikala nyadran, wong
- wong kang pada bara ing njaban kutha pada mulih kanggo tilik leluhur. Sak liyane kanggo
mujudake rasa syukur marang Gusti Ingkah Maha Agung, uga kanggo nepungake balung
pisah utawi nyambung silathurahmi. Utamane kanggo kumpul para sanak – kadang kang wes
suwe ora bisa sambaing.Nyadran biasane dilakoni kanthi ziarah kubur.

1 Prastawa budaya kang diandharake ing dhuwur yaiku ….


A. sradha
B. nyadran
C. ruwahan
D Syakban

2. Sak liyane kanggo sambung silaturrahmi, tradisi nyadran nduweni ancas tujuan ….
A. tilik kubur
B. tilik sedulur
C. tilik omah
D tilik leluhur

3. Tradisi nyadran dianakake ing saben wulan ….


A. Rajab
B. Ruwah
C. Ramadhan
D Syawal
4. Acara Grebeg Sekaten dianakake ing tlatah ….
A. Jakarta
B. Semarang
C. Ngayogyakarta
D Surabaya

5. Tradisi nyadran dianakkae saperlu ngumpulake balung pisah.Balung pisah tegese ….


A. balung sing wes suwe
B. wong sing wes tuwa
C. paseduluran kang meh pedhot
D paseduluran kang wes entek

6. Tradisi Grebeg Sekaten iku prastawa budaya kanggo mengeti ….


A. tekane wulan Romadhon
B. laire Nabi Mukhamad saw
C. Nabi Mukhamad saw nampa kitab Al Quran
D sedane Nabi Mukhamad saw

7. Teks kang nggambarake samubarang, diarani ….


A. teks deskripsi
B. teks narasi
C. teks argumentasi
D teks ekspposisi

Kanggo no 8 – 10
Wacanen kanthi premati!
Gathutkaca Gugur
………………………………………………………………………………………………………
…………………………………….
“Kulup Gathutkaca, aku wes suwe nunggu tekamu.Saiki, wes teka titi wancine,aku arep
ngajak kulup Gathutkaca munggah ing Swarga loka!”Kalabendana mangerteni yen senjata
Kunta kang kalepasaken Adipati Karna ora bisa munggah tekan akasa. Saknalika gamane
Adipati Karna kang awujud senjata Kunta kasamber dening Kalabendana , banjur nekani
Raden Gathutkaca.
…………………….( kapethik saka Remen Basa Jawi Kanggo SD/MI Kelas VI,kaca 17)
8. . Senjata Kunta iku pusakane ….
A. Raden Gathutkaca
B. Raden Arjuna
C. Kalabendana
D Adipati Karna

9. Ing perang Baratayuda Raden Gathutkaca gugur amarga ketaman ….


A. senjata cakra
B. senjata kunta
C. keris pasopati
D gada rujakpala

10. “Wes titi wancine aku arep ngajak kulup Gathutkaca munggah ing Swarga loka”.
Tembung kang kacetak miring, tegese ….
A. mati
B. mabur
C. lahir
D lunga
11. Raden Gathutkaca ngagem caping basunanda kang ndadekake ….
A. bisa mabur tanpa elar
B. bisa mletik tanpa suthang
C. yen udan ora kudanan
D netrane lir baskara kembar

12. Adipati Karna dadi senapatine Kurawa, dene sing dadi senapatine Pandawa yaiku ….
A. Kalabendana
B. Prabu kresna
C. Raden Werkudara
D Raden Gathutkaca

13. Putrane Adipati Karna yaiku Warsakusuma ,uga ngalami pralaya.Dasa namane tembung
kang kacetak miring yaiku ….
A. gugur,,seda
B. menang,kuncara
C. Ilang,sirna
D muksa,musna

14. Sakliyane dadi tontonan, pagelaran wayang uga bisa dadi tuntunan. Dadi tuntunan tegese ….
A. kena kanggo lelipuran
B. mujudake gelaran adi luhung kang kudu dilestarekake
C. mangerteni piranti kanggi ngiring wayang
D dadi sarana kanggo nggulawentah tumprap tindak – tanduk kang becik

Kanggo soal no 15 – 17
Pertandingan Bal – Balan
Dina Minggu sore ing stadion mini Kendal,dianakake pertandingan bal-balan final antarane
Kesebelasan SD Naraita 01, Kudus karo SD-ku, yaiku SD Gondhang 03, Kendal.Pertandhingan
iki wis tak enteni jalaran pertandhingan iki kanggo ngisi acara porseni SD sak Jawa Tengah,
kang ngrebutake piala Bapak Gubernur.Sadurunge wis ana pertandhingan semi final
antarae kabupaten-kabupaten lan kota , jebul kang dadi juara kecekel Kendal karo Kudus.
………………….( Kapethik saka Remen Basa Jawi Kanggo SD/MI kelas 6, kaca 45)

15 Ing pertandhingan bal – balan iku, aku dadi wakil saka ….


A. SD 01 Kudus
B. SD 03 Kendal
C. SD 01 Naraita
D SD 03 Gondhang

16. Pertandhingan bal-balan dianakake ing wayah ….


A. esuk
B. awan
C. sore
D bengi

17. Pertandhingan bal-balan ing stadion mini Kendal ngepasi acara ….


A. Festifal olah raga lan seni tingkat provinsi Jawa Tengah
B. Pekan Olah Raga dan Seni SD sak provinsi Jawa Tengah
C. Pekan Budaya dan Seni SD sak Jawa Tengah
D Popda tingkat SD sak Jawa Tengah

18 Wong kang njaga gawang ing pertandhingan bal-balan diarani ….


A. wasit
B. striker
C. coach
D kiper

19 Nalika gawang SD Gondhang 03 kebobolan, surake suporter ambata rubuh.Tembung kang


kacetak miring, kosok baline ….
A. seru banget
B. Lirih banget
C. Banter banget
D Rosa banget

. Kanggo no 20-22

Kinanthi
Jangkep yuswa seket taun
Bangsa mardika mandhiri
Republik Indonesia
Mugi tansah trus basuki
UUD lan Pancasila
Dadi dhasare nagari
20
Manut tembang kinanthi ing dhuwur, bangsa Indonesia merdeka wus ….
A. 20 taun
B. 30 taun
C. 40 taun
D 50 taun

21. Dhasar negara Indonesia yaiku ….


A. UUD 1945
B. Pancasila
C. Burung garuda
D Garuda Pancasila

22. Guru lagu lan guru wilangan


A. 8u,8i,8a,8i,8a,8i
B. 8a,8i,8u,8a,8i,8u
C. 8i,8a,8u,8a,8i,8u
D 8a,8a,8u,8i,8a,8i

23. Gatekna aran-aran tembang ing ngisor iki!


a. Pocung
b. Jamuran
c. Megatruh
d. Pitik Tukung
Kang kalebu tambang macapat,yaiku ….
A. Pocung lan Jamuran
B. Megatruh lan Pitik Tukung
C. Pocung lan Megatruh
D Jamuran lan Pitik Tukung

24 Cacahe tembang macapat iku ana ….


A. 10
B. 11
C. 12
D 13
25 Tembang kinanthi nduweni watak ….
A. Sedhih, nelangsa
B. Rumaket,kulina
C. Seneng,asih
D Sereng, gagah
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi jawaban kang bener!

26. Reog Ponorogo iku salah sawijine seni budaya asli propinsi ….
27. Sak durunge mlebu wulan Ramadhan, ing tlatah Semarang dianakake tradisi….
28. Tradisi syawalan dianakake ing wulan ….
29. Ramane Raden Gathutkaca yaiku ….
30. Perang Baratayuda kadadeyan ing ….
31. Piranti kanggo madhangi nalika pagelaran wayang diarani ….
32. Coba gatekke!
a. Cita-citaku besok dadi tentara.
b. Diganggu wong edan.
Kang kalebu crita pengalaman yaiku ….

33. Nalika crita pengalaman kudu migunakake basa kang ….


34. Cacahing wanda saben sak gatra ing tembang macapat diarani ….
35. ………………..
Sudanen dhahar lan guling
Ukara ing dhuwur nduweni teges ….

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!


36. Wacanen kanthi permati ,terus golekana saripathine wacan ing ngisor iki!
Ing dina pungkasan Grebeg Sekaten, Sri Sultan kepareng amaringaken sedhekah kenduri awu
jud sega tumpeng salawuhe lan panganan apa dene woh – wohan, diwangun wujud gunungan.Ing
jaman krajan biyen cacahe gunungan mau nganti 30 iji.Saiki ora nganti semono. Bedhole gunungan
saka kedhaton diuntapake Sang Prabu ana ing Sitinggil.

37. Coba aranana,sapa bae kang kalebu Pandhawa iku!


38. Coba tulisen 3 unsur- unsur kang kudu ana nalika nulis pengalaman.!
39. Wacanen kanthi patitis!
…………………………………………………………………………………………………
Esuk kuwi aku nggenjot pit alon-alon.Kahanan bubar udan, dadi aku yo rada wedi menawa
klambiku reged. Tekan pinggir jembatan , aku rada minggir mepet jembatan, amarga ana sepeda
montor runtung-runtung liwat. Aku rada kaget nalika sepatu vantopelku ucul.Aku medhun saka
pit, nanging sepatuku malah tiba ning kali, keli nganti ngliwati jembatan, kamangka banyune
rada banjir. Aku mung bisa nangis karo acung-acung sepatuku sing isih keli. Ana sawijining
bapak sing mlayu-mlayu golek pring kanggo nyuthik sepatuku. Aku seneng banget lan ngaturake
panuwun.Sepatuku ora sida ilang.

Apa isine crita pengalaman ing dhuwur ?

40. Tulisen nganggo aksara jawa ukoro ing ngisor iki !


Bangsa mardika mandhiri.
.

Anda mungkin juga menyukai