Anda di halaman 1dari 7

PEMERINTAH KOTA SEMARANG

DINAS PENDIDIKAN

SD NEGERI TANDANG 03
Jl. Kaba Raya No.1 Telp. (024) 6700219 Kec. Tembalang Kota Semarang 50272
email: tandang03sdn@gmail.com

PENILAIAN AKHIR SEMESTER


TAHUN PELAJARAN 2022 / 2023

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Hari / tanggal :
Waktu : 90 Menit

I.Wenehana tanda ping (x) ana aksara a, b, c, utawa d ing sak ngarepe
wangsulan kangbener!

Wacanen kang permati!

Pandawa Lima

Prabu Pandhudewanata iku ratu ing Astina. Garwane loro jenenge Dewi Kunti
Talibratalan Dewi Madrim. Dewi Kunthi duwe anak 3 lanang kabeh nomer siji
arane Puntadewa satrio ing Amarta sing nduweni watak jujur lan adil. Sing
nomer loro arane Werkudorosatriyo ing Jodhipati watake jujur ngabekti marang
wong tuwa lan gurune. Sing nomer telu Janaka satriya ing Madukara nduweni
watak alus sering tetulung lan seneng ngudiilmu.
Dewi Madrim nduwe anak kembar siji Nakula satriya ing Bumiretawu. Kembarane
Sadewa ing Sawojajar. Satriyo 5 iku arane Pandhawa.
Pandhawa lan Kurawa perang rebutan negara jalaran Kurawa ngakahi hake
Pandhawa. Perang mau diarani perang Baratayuda dimenangke dening
Pandhawa, Kurawa pada tumpes mati kabeh.

1. Putrane Pandhu Dewanata ana lima. Mula diarani ....


a. pandhawa amarga 5 lanang kabeh
b. pandhawa 5 sekti kabeh
c. pandhawa 5 digdaya kabeh
d. pandhawa 5 apik kabeh

2. Ing ngisor iki sing kalebu Pandhawa lima yaiku ....


a. Duryudana
b. Yudhistira
c. Pandudewananta
d. Adipati Karna

3. Satriya Pandhawa sing nduweni watak tresna asih lan seneng tetulung yaiku ....
a. Nakula
b. Bima
c. Arjuna
d. Puntadewa
4. Sing isa ditiru saka sifate Werkudara yaiku ....
a. Ngabekti marang wong liya
b. Ngabekti marang wong tuwa
c. Ora sabaran
d. Ora tau tetulung
5. Nakula darbe watak seneng mbelo kebecikan. Ukara darbe nduweni teges ....
a. Niru
b. Gawe
c. Sabar
d. Nduwe

6. Panengahe Pandhawa yaiku ....


a. Puntadewa
b. Janaka
c. Nakula
d. Sadewa

7. Perange Pandhawa lan Kurawa diarani ....


a. Perang kamardikan kang disebabake kurawa serakah
b. Perang Baratayuda kang disebabake Kurawa cacahe akeh
c. Perang Padri kang sebabe dijajah Walanda
d. Perang Barata yuda kang disebabake Kurawa ngakahi hake Pandhawa

8. Watak lan tumindake para Pandhawa pantes dituladha. Dituladha tegese .....
a. dieling
b. ditulis
c. ditiru
d. dieling-eling

Ki Hajar Dewantara

Ki Hajar Dewantara nalika isih timur asmane Raden Mas Suwardi Suryaningrat miyos
tanggal 2 Mei 1889. Nganti seprene dina wiyosane dipengeti hari Pendidikan Nasional
Indonesia dicekak Hardiknas. Panjenengane ngedekake Taman Siswa tanggal 3 Juli
1922.

Ki Hajar Dewantara nduweni sesanti kang becik banget. Sesantine awujud telung ukara.
Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani. Nduweni
teges ana ngarep dadi tuladha, ana tengah aweh semangat, ana mburi aweh kekuatan.

9. Raden Mas Suwardi Suryaningrat miyos tanggal 2 Mei 1889. Miyos nduweni
teges yaiku ….
a. lunga
b. mati
c. lahir
d. teka
10. Ki Hajar Dewantara nduweni sesanti kang becik banget. Nduweni tegese ....
a. mimpin
b. ngerti
c. njaga
d. milih

11. Ki Hajar Dewantara kagungan sesanti kang saiki katulis lambang


pendidikan nasional. Sesanti tegese ....
a. parikan
b. cangkriman
c. semboyan
d. tekad

12. Ki Hajar Dewantara ngedegake Taman Siswa tanggal 3 Juli 1922. Ukara pitakon
kang bener yaiku ....
a. Kanggo opo Taman Siswa didegake Ki Hajar Dewantara?
b. Apa kang didegake Ki Hajar Dewantara?
c. Kapan Ki Hajar Dewantara ngedegake Taman SIswa?
d. Ana ngendi Ki Hajar Dewantara ngedegake Taman Siswa?

13. Ing ngisor iki sing kalebu ukara pitakon, kajaba ....
a. Apa jenenge sekolah kang dipandegani Ki Hajar Dewantara?
b. Apa jenenge sesanti Ki Hajar Dewantara sing misuwur nganti saiki?
c. Kapan Ki Hajar Dewantara lahir?
d. Sesantine yaiku Tut Wuri Handayani.

14. Ing ngisor iki minangka pahlawan wanita Indonesia, kajaba ....
a. R.A Kartini
b. Cut Nyak Dien
c. Jenderal Sudirman
d. Dewi Sartika

15. Sing diarani pahlawan Proklamator yaiku ....


a. Ir. Soekarno
b. Pangeran Diponegara
c. Ki Hajar Dewantara
d. Jendral Sudirman

16. R.A Kartini pahlawan wanita Indonesia sing lahire ana ing kutha ….
a. Demak
b. Kudus
c. Solo
d. Jepara
17. Ki Hajar Dewantara nduweni jeneng timur yaiku ….
a. R.M Suryadi Suryadiningrat
b. R.M Suryadi Suwaningrat
c. R.M Suwardi Suryaningrat
d. R.M Suwardi Suwaningrat

18. Semboyane Ki Hajar Dewantara kang nduweni teges pemimpin paring dorongan
tumrap anak dhidhike yaiku ....
a. Ing Ngarsa Sung Tuladha
b. Ing Madya Mangun Karsa
c. Tut Wuri Handayani
d. Rukun agawe santosa

19. "Ing madya mangun karsa" nduweni teges ….


a. Pemimpin kudu paring tuladha marang anak didik
b. Pemimpin kudu paring semangat marang anak didik
c. Pemimpin kudu paring dorongan marang anak didik
d. Pemimpin kudu paring berkah marang anak didik

20. Lila lan legawa kanggo mulyaning Negara. Legawa tegese ....
a. aleman
b. meri
c. ikhlas
d. iri

21. Jaranan jaranan jarane jaran


teji. Sing numpak ndoro bei.
Basa kramane numpak ing tembang dolanan ing nduwur yaiku ....
a. dhahar
b. nitih
c. sare
d. tindak

22. Ing dolanan kucing lan tikus, sing dadi tikus manggon ana ing njero
kalangan. Ukara pitakon kang jumbuh karo jawaban yaiku ….
a. Tikus lan kucing dolanan apa?
b. Kenapa tikus manggon ing njero kalangan?
c. Sapa sing manggon ing njero kalangan ing dolanan kucing lan tikus?
d. Apa sing diubengi tikus?
23. Aksara Jawa kang nuduhake swara "dha" yaiku ....

24.

Tulisan Jawa ing nduwur wacane ....

a. jaka saka sala


b. jana saka kana
c. jana saka wana
d. jaka lara mata

25. Ana lawa menawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi ....
II.Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi praktis!

26. Puntadewa nduweni watak jembar segarane. Jembar segarane tegese ….

27. Pembarepe Pandhawa yaiku ....

28. Tokoh emansipasi wanita yaiku ....

29. Pangeran Diponegara pahlawan saka ….

30. Sluku-sluku bathok, bathoke ela


elo. Bathok iku asale saka ....

31. Piranti dolanan cublak-cublak suweng yaiku ....

32. Menthog-menthog kalebu tembang dolanan gagrak ....

33.

Aksara jawa ing nduwur diwaca ....

34.

Aksara jawa ing nduwur yen ditulis latin yaiku ….

35. Wara wara yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ....
III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!

36. Sebutna arane Pandhawa lima!

37. Apa sifate Janaka sing patut diconto, pinangka bocah sekolah?

38. Apa sebabe tanggal 2 Mei dipengeti dadi Hari Pendidikan Nasional?

39. Cublak-cublak suweng lagu dolanan saka Jawa


Tengah. Gawenen ukara pitakon sing jawabane kasebut
ing nduwur!

40. Yo konco neng gisik gembira.


Alerap lerap banyune segara.
Apa irah-irahane tembang dolanan iku, lan saka daerah ngendi?

Anda mungkin juga menyukai