Anda di halaman 1dari 7

Nama : _______________________

No Absen : ________________________
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN KABUPATEN PURWOREJO
UPT PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN BENER
Alamat : Jalan Magelang Km.11 Purworejo,Kode Pos 54183
PENILAIAN AKHIR SEMESTER I ( SATU ) SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN 2018 / 2019
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : III ( Tiga ) / I ( Satu )
Hari / Tanggal :
Waktu :
PETUNJUK UMUM :
1. Berdoalah terlebih dahulu sebelum mengerjakan soal !
2. Tulislah nama dan nomer absen pada sudut kanan atas lembar soal !
3. Bacalah setiap soal dengan teliti !
4. Kerjakan terlebih dahulu soal yang kamu anggap mudah !
5. Periksalah kembali pekerjaanmu sebelum kamu serahkan kepada Bapak / Ibu gurumu !
6. Selamat mengerjakan !

PETUNJUK KHUSUS :
I. Wenehana tandha ping ( X ) aksara a, b, c, utawa d sangarepe wangsulan kang bener !
Wacan kanggo soal nomer 1 – 5
Werkudara iku satriya saka Jodhipati. Jodhipati iku sawijine kasatriyan kang ana ing Nagara
Amarta. Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi.Werkudara iku putra kang
angka ... , kang uga sinebut “Panenggak Pandhawa”. Sesebutan liyane yaiku Bratasena, Bima,
Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, lan Jayalaga.
Werkudara nduwe guru sejati kang asma Dewaruci. Werkudara garwane telu, yaiku Dewi
Nagagini, Dewi Arimbi, lan Dewi Urangayu. Putrane Werkudara uga ana telu, yaiku Raden Antareja,
Raden Gathutkaca, lan Raden Antasena. Werkudara nduwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada
Rujakpolo, lan Gada Lambitamuka. Aji-ajine Werkudara, yaiku Bandung Bandawasa, Ungkal Bener,
Blabag Panganthol-anthol, lan Bayu Bajra.
Werkudara ora bisa basa marang sapa wae. Nanging watake becik setya tuhu marang guru,
bekti marang ibu, teguh ing janji, mbelani bebener,mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang
kadang, lan adil marang sapa wae.
1. Werkudara iku satriya ing ... .
a. Madukara
b. Sawojajar
c. Pringgodani
d. Jodhipati
2. Asma gurune Werkudara yaiku ... .
a. Raden Antareja
b. Dewaruci
c. Dewi Arimbi
d. Raden Antasena
3. Werkudara nduwe watak becik setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh ing janji,
mbelani bebener,mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang, lan adil marang
sapa wae.
Angkara tegese ... .
a. apik
b. seneng
c. ngabekti
d. elek
4. Pasangan tebung lan tegese kang trep yaiku ... .
Tembung Tegese
a. setya tuhu ngabekti
b. tresna kukuh
c. angkara seneng
d. teguh kurmat
5. Werkudara iku putra kang angka ... , kang uga sinebut “Panenggak Pandhawa”.
Tembung kang trep kanggo nglengkapi ukara ing dhuwur yaiku ... .
a. papat
b. telu
c. loro
d. siji
6.

A B C D
Gambar wayang tokoh werkudara yaiku ... .
a. A
b. B
c. C
d. D

Wacan kanggo soal nomer 7-12


Granggang Bambu Runcing
Banjur, lakune wong papat wis tumeka Karanggede terus nuju padesan menehi kabar
para warga supaya ngungsi. Tengah wengi kahanan sepi nyenyet. Para pejuang sumebar siyap
ing sacedhake gedhung Pegadhean kang kanggo leren pasukan Walanda. Sawise sing njaga
gedhung padha ngantuk para pejuang banjur njupuk kunci terus mbukak lawang. Bedhil –
bedhile padha dijupuki. Semono uga bahan pangan. Wektu iku wong Walanda ora wani
nglawan. Kabeh wong Walanda padha angkat tangan. Bengi iku uga Walanda ninggalake
dhaerah Karanggede. Sabanjure gedhung Pegadhean kang kanggo leren Walanda diuncali
granat dadi lebur.
7. Tema wacan ing dhuwur yaiku ... .
a. Kepahlawanan
b. Kebudayaan
c. Penindasan
d. Kamardikan
8. Tengah wengi kahanan sepi nyenyet
Basa kramane tembung wengi yaiku ... .
a. tengah
b. sepen
c. siyang
d. dalu
9. Kabeh wong Walanda padha angkat tangan.
Basa kramane ukara ing dhuwur yaiku ... .
a. Kabeh tiyang Walanda padha angkat tangan
b. Sedaya tiyang Walandi sami angkat tangan
c. Sedaya wong Walanda padha angkat tangan
d. Sedaya wong Walandi sami angkat tangan
10. Banjur, lakune wong papat wis tumeka Karanggede terus nuju padesan menehi kabar para
warga supaya ngungsi.
Ngungsi tegese ... .
a. minggir saka lapangan
b. mlaku lungo adoh
c. lunga nyingkiri bebaya
d. mlayu bareng-bareng
11. Pancen granggang wektu kuwi mujudake sanjata kang peng-pengan lan ngedab-edabi.
Tegese peng-pengan yaiku ... .
a. larang
b. becik
c. akeh
d. landhep
Bedhil – bedhile padha dijupuki. Semono uga bahan pangan. Wektu iku wong Walanda ora
wani nglawan. Kabeh wong Walanda padha angkat tangan.
12. Ukara kang mathuk kanggo pernyataan ing dhuwur yaiku ... .
a. Walanda mlayu mangidul
b. Walanda wani nglawan
c. Pasukan Walanda lebur
d. Bangsa Walanda kalah
Sanajan kahanan rakyat kesrakat, ananging semangat perjuangan rakyat makantar-kantar
banget. Kabeh padha berjuang melu perang. Kabeh katindakake kanthi tulusing ati ora pamrih
apa-apa, ya mung siji tujuane yakuwi Indonesia mardika
13. Makantar – kantar tegese ... .
a. kabeh bungah banget
b. kahanane rakyat
c. murub mubyar – mubyar
d. semangat perjuangan
14. Para pejuang nglawan penjajah ... .
a. Portugis
b. Walanda
c. Spanyol
d. Jepang
Granggang kuwi wujude pring kang dikethok. Dawane kira – kira sadedege manungsa,
pucuke dipapras lancip. Ing ngendi-endi granggang mujudake piadel kanggo perang.
15. Ukara pitakon kang padha karo isi teks yaiku ... .
a. Granggane sapa sing diwenehi gendera?
b. Sapa sing dilawan para pejuang?
c. Sepiro dawane granggang iku?
d. Wong piro kang menyang Karanggede?

Gugur Gunung
kanca kanca kanca kanca ngayahi karyaing praja
kene kene kene kene gugur gunung tandang gawe
sayuk sayuk ... bebarengan ro kancane
lila lan legawa kango mulyaning nagara
16. Sayuk sayuk ... bebarengan ro kancane.
Tembung kang cocok kanggo nglengkapi ukara ing dhuwur yaiku ... .
a. rukun
b. bareng
c. kanca
d. legawa
17. Irah – irahan tembang dolanan ing dhuwur yaiku ... .
a. Kanca-kanca
b. Tandang Gawe
c. Gugur Gunung
d. Lila lan Legawa
18. Kang kalebu tembang dolanan yaiku ... .
a. Pucung
b. Gambuh
c. Pangkur
d. Jamuran
19. Lila lan legawa kango mulyaning nagara.
Legawa tegese ... .
a. nesu
b. nrima
c. brangasan
d. padudon
20. Isi tembang dolanan “ Gugur Gunung “ yaiku ... .
a. kerja bakti
b. tandhang gawe
c. sayuk rukun
d. bebarengan

21. iki wujud aksara ... .


a. na
b. ha
c. ca
d. ra

22. diwaca ... .


a. sata
b. data
c. nata
d. naka

23. diwaca ... .


a. dara saha
b. sara nata
c. cara sala
d. sana cala
24. Lawa yen ditulis nganggo aksara jawa ... .
a.

b.
c.
d.

25. Saka sala yen ditulis nganggo aksara jawa ... .


a.
b.
c.
d.
II. Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk !
Marang sapa wae Bima ora tau nganggo basa ... . Dheweke tansah nganggo basa ngoko.
Marang dea ing ahyangan uga mangkono. Bima panggah nganggo basa ngoko.
26. Tembung kang trep kanggo nglengkapi ukara ing dhuwur yaiku ... .
Werkudara nduwe watak becik setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, mbelani
bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang, lan adil marang sapa wae.
27. Dhemen tegese ... .
Werkudara satriya ing Jodhipati. Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi
Kunthi. Werkudara iku putra kang angka loro, kang kasebut “ Panenggak Pandhawa”.
28. Ibune Werkudara asma ... .
Wacan kanggo soal nomer 29-31
Rikala semana, pasukan Walanda kang saka Semarang lumaku mangidul tumeka
Wonosegoro. Kacarita bengi kuwi para pejuang kang mlayu mangidul menyang Karanggede ana
wong papat. Wong-wong iku asmane Sukarni, Soleman, Sarjimin, lan Sarjan. Wong papat mau
manganggo sarwa prasaja lan nggawa sanjata. Sanjatane yakuwi glathi lan granggang bambu
runcing.
29. Pasukan Walanda mlaku tekan ... .
30. Prasaja tegese ... .
Sanjatane yakuwi glathi lan granggang bambu runcing.
31. Ukara pitakon kang trep kanggo ukara ing dhuwur yaiku ... .

kanca kanca kanca kanca ngayahi karyaning praja


kene kene kene kene gugur gunung tandang gawe
sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
lila lan legawa kango mulyaning nagara
siji loro telu papat jejer papat papat
diualng-ulungake mesthi enggal rampunge
holobis kuntul baris holobis kuntul baris
32. Judul tembang dolanan ing dhuwur yaiku ... .
33. Kanca kanca kanca kanca ngayahi karyaning praja. Tembung praja tegese ... .

34. diwaca ... .


35. Nata yen ditulis nganggo aksara jawa ...
III. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki!
Sakdurunge Indonesia merdika, Indonesia dijajah dening bangsa Walanda. Jenenge dijajah
ngono padha karo ditindhes. Rakyat kesrakat banget.
36. Tulisen ukara ing dhuwur nganggo basa krama!
Jawab :
____________________________________________________________________________
____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________
37. Apa tegese tembung-tembung ing ngisor iki?
- Tulusing
- Ngedap-edapi
- Dipapras
Jawab :
____________________________________________________________________________
____________________________________________________________________________
____________________________________________________________________________
kanca kanca kanca kanca ngayahi karyaning praja
kene kene kene kene gugur gunung tandang gawe
sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
lila lan legawa kango mulyaning nagara
siji loro telu papat jejer papat papat
diualng-ulungake mesthi enggal rampunge
holobis kuntul baris holobis kuntul baris
38. Critakna kanthi singkat isi tembang dolanan ing dhuwur!
Jawab :
____________________________________________________________________________
____________________________________________________________________________
____________________________________________________________________________

39. Tulisen nganggo aksara latin!

Jawab
____________________________________________________________________________
____________________________________________________________________________
____________________________________________________________________________
40. Tulisen nganggo aksara jawa!
Dara lawa ana sala
Jawab :
____________________________________________________________________________
____________________________________________________________________________
____________________________________________________________________________
KUNCI JAWABAN
PENILAIAN AKHIR SEMESTER I ( SATU )
TAHUN PELAJARAN 2018 / 2019

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Jenjang : III SD
Kurikulum : 2013

PILIHAN GANDA
1. D 6. A 11. B 16. A 21. A
2. B 7. A 12. D 17. C 22. C
3. D 8. D 13. C 18. D 23. C
4. A 9. B 14. B 19. B 24. D
5. C 10. C 15. C 20. A 25. B
ISIAN
26. krama
27. seneng
28. Dewi Kunthi
29. Wonosegoro
30. bares tanpa rerenggan
31. apa wae senjatane para pejuang?
32. Gugur Gunung
33. negara
34. cara

35.

URAIAN.
36. Sakderengipun Indonesia mardika, Indonesia dipunjajah dening bangsa Walandi. Naminipun
dipunjajah mekaten sami kalihan dipuntindhes. Rakyat kesrakat sanget.
37. tulusing = budi kang resik
ngedap-edapi = nggumunake
dipapras = dikethok pucuk
38. Makarya bebarengan luwih enteng
Rukun karo kancane
Sawijining prakaryan yen ditandhangi bola-bali bakal rampung
39. nata kara

40.

Anda mungkin juga menyukai