Anda di halaman 1dari 4

www.panduanmengajar.

com

SOAL LATIHAN PENILAIAN TENGAH SEMESTER I


TAHUN PELAJARAN 2021/2022

MATA PELAJARAN :BAHASA JAWA NAMA SISWA : .................................................


KELAS :IV (Empat ) No. Induk : .................................................
WAKTU :90 MENIT
NILAI : .............................

A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d kang koanggep paling bener!
Wacanen kanthi premati!
Sawangen srengenge kae
Esuk teka sore lunga
Ora kesel. ora nggresula
Gaweane madhangi manungsa ngupaya boga Kabeh kuwi mung netepi pepesthi
Wajibe Bathara Surya madhangi ndonya

Tiruwa lakune srengenge


Elinga jejere bocah sekolah
Wajibe sinau lan maca buku
Ora kudu dielingake Ibu
Sebab ngelmu kalakone kanthi laku Saranane sekolah sowan guru

1. Wacan ing dhuwur awujud puisi jawa arane …


a. pantun b. paribasan c. geguritan d. syair
2. Irah-irahan kang jumbuh karo surasane wacan yaiku
a. Sawangen Lintang c. Sawangen Rembulan
b. Sawangen Srengenge d. Sawangen Mendhung
3. Gaweane madhangi manungsa ngupaya boga, tegese ngupaya boga yaiku …
a. golek rejeki b. golek duit c. golek pangan d. golek kamulyan
4. Dasanamane Bathara Surya yaiku …
a. srengenge b. rembulan c. lintang d. mendhung
5. Wajibe bocah sekolah kudu …
a. golek pangan b. tuku buku c. maca crita d. sinau lan maca buku
6. Pitutur luhur saka geguritaning ndhuwur yaiku …
a. Dadi bocah sekolah kuwi kudu sregep sinau supaya bisa kelakon gegayuhane
b. Bocah sekolah kudu niru kaya srengenge.

Hal. 1
www.panduanmengajar.com
Untuk Guru SD Indonesia
c. Dadi bocah kuwi sing sregep sowan marang guru.
d. Bocah sekolah menawa sinau kudu dielingake ibu.
7. Isine geguritan ing ndhuwur menehi piwulang kanggo …
a. bocah cilik c. para guru
b. bocah sekolah d. bapak lan ibu
8. 8. Kosok baline tembung" nggresula" yaiku …
a. ikhlas b. sabar c. susah d. seneng

Wacanen crita wayang ing ngisor iki kanthi premati!


Prabu Puntadewa uga Asring Sinebut Yudhistira
Prabu Puntadewa iku pambarepe Pandhawa lan dadi ratu ing Amarta (Ngamarta). Prabu
Puntadewa uga asring sinebut Yudhistira. Prabu Puntadewa nduweni garwa asmane Dewi
Drupadi, putrane Prabu Drupada saka negara Pancala. Saka garwa Prameswari Dewi Drupadi
iki, Prabu Puntadewa duwe putra siji, yaiku Raden Pancawala. Saliyane kuwi, Prabu
Puntadewa duweni jeneng liya. yaiku:
1. Ajatasatru. "ora duwe musuh"
2. Bharata, "keturunane Maharaja Bharata-
3. Dharmawangsa." keturunane Dewa Dharma"
4. Kurumukhya, "pemuka bangsa Kuru"
5. Kurunandana. "kesayangan Dinasti Kuru"
6. Kurupati, " ratu Dinasti Kuru"
Prabu Puntadewa utawa watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas. lila donya lila ing pati.
Sajake urip ora tau goroh lan ora nate perang . Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya
kersa goroh kanggo kemenangane Pandhawa. nalikane Pandhita Drona jumeneng
Mahasenapati ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora kersa. Prabu Puntadewa
tetep ngendika jujur ''ingkang pejah Hesthitama".Mung olehe ngendika "Hesthi" lirih, "Tama"
ne banter. Amarga saking banget ngati-atine, ora kersa gawe seriking liyan, mula Prabu
Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking sucine uripe.
Pusakane Prabu Puntadewa wujud kitab jenenge Layang Kalimasada Pustaka Jamus.
Prabu Salya klakon seda ing paprangan merga pusaka iki. Kajaba iku, pusaka liyane wujud
tumbak lan payung, jenenge Tumbak Karawilang lan Payung Tunggulnaga.

9. Pambarepe Pandhawa yaiku …


a. Puntadewa b. Janaka c. Nakula d. Sadewa
10. Yudhistira iku ratu ing …
a. Madukara b. Pringgodani c. Amarta d. Jodhipati
11. Jeneng liya Prabu Puntadewa "Kurupati" tegese …
a. ora duwe musuh c. kesayangan Dinasti Kuru
b. pemuka bangsa Kuru d. ratu Dinasti Kuru

Hal. 2
www.panduanmengajar.com
Untuk Guru SD Indonesia
12. Garwane Prabu Puntadewa asmane .
a. Dewi Banowati b. Dewi Drupadi c. Dewi Shi nta d. Dewi Gandawati
13. Prabu Puntadewa nduweni watak …
a. licik, seneng aweh pitulungan, seneng goroh
b. seneng maeka, duraka, sabar
c. sabar,jujur, ikhlas
d. jujur, seneng perang, brangasan
Gatekna gambar tokoh wayang ngisor iki!

14. Tokoh Puntadewa katuduhake gambar nomer …


a. 1 b. 2 c. 3 d. 4
15. “ingkang pejah Hesthitama”.
Pejah tegese …
a. mati b. urip c. gesang d. langgeng

B. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!


Kanggo mangsuli pitakon nomer 16-19 wacanen geguritan kanthi premati!
Bapak
Makarya rana-rana saben dina
budhal esuk tumekane lingsir wengi
Tanpa rasa kesel lan sambat
karana duweni tanggung jawab
Kanggo mulyakake kaluwarga

16. Paraga kang dicritakake geguritan ing ndhuwur yaiku …


17. Basa kramane budhal yaiku …
18. Saka geguritan kasebut, bapak nduweni sipat …
19. Tembung liyane saka tembung "makarya"yaiku …
20. Prabu Puntadewa iku pambarepe Pandhawa. Pambarepe tegese …
21. Tembung "goroh" tegese …
22. Prabu Puntadewa duwe putra siji kang asmane …
23. Pusakane Prabu Puntadewa kang awujud kitab jenenge …
24. Garwane Prabu Puntadewa asale saka …
25. Amarga saking banget ngati-atine. ora kersa gawe seriking liyan. mula Prabu Puntadewa
digambarake wong sing ludirane seta. Tembung ludira basa ngokone yaiku …

Hal. 3
www.panduanmengajar.com
Untuk Guru SD Indonesia
C. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi pratitis!
Wacanen kanthi premati kanggo mangsuli pitakon nomor 26-28!
Tresna asih ibu
Ora ana kang bisa ngganteke
Kesabaran ibu kang kebak wutuh
Ora bisa daklalekake
Donga ibu kang tulus
Tansah ngiringi lakuku
Pengorbanane kang tanpa wates
Ora bisa winales

26. Tulisen pitutur luhur saka geguritan pada (bait) kaloro ing dhuwur!
27. Kepriye gancarane geguritan pada siji? Jlentrehna!
28. Tulisen 3 wae kepriye pengorbanane ibu marang anakke!
29. Sebutna 3 wae jeneng liyane Prabu Puntadewa!
30. Tulisen watake Prabu Puntadewa manut crita ing dhuwur, teluwae!

- - - - - - selamat mengerjakan, semoga sukses - - - - -

Hal. 4
www.panduanmengajar.com
Untuk Guru SD Indonesia

Anda mungkin juga menyukai