Anda di halaman 1dari 8

KELOMPOK KERJA MADRASAH

MADRASAH TSANAWIYAH
KABUPATEN BANTUL

PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS)


MADRASAH TSANAWIYAH

TAHUN PELAJARAN 2019/2020

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Kelas : IX (sembilan)
Hari / Tanggal : Senin / 09 Desember 2019
Pukul : 09.30 – 11.00
Waktu : 90 menit
Kode Soal : Ts.IX.7.2

PETUNJUK UMUM :
1. Perhatikan dan ikuti petunjuk pengisian pada lembar jawaban yang disediakan.
2. Periksa dan bacalah setiap soal dengan seksama sebelum dijawab
3. Laporkan kepada pengawas tes kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak,
atau jumlah soal kurang.
4. Mintalah kertas buram kepada pengawas tes apabila diperlukan.
5. Pilihlah salah satu jawaban yang paling benar dengan menghitamkan bulatan
pada lembar jawaban.
6. Kerjakan pada lembar jawaban yang disediakan dengan menggunakan pensil 2B
Contoh cara menjawab pada :

ⒶⒷⒸⒹ Benar ⒶⒷⒸⒹSalah


ⒶⒷⒸⒹ Salah ⒶⒷⒸⒹSalah

7. Apabila Anda ingin memperbaiki/mengganti jawaban, bersihkan jawaban semula


dengan karet penghapus sampai bersih (jangan sampai rusak), kemudian
hitamkan bulatan jawaban yang menurut Anda benar.
8. Periksalah seluruh pekerjakan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas

BERDO’ALAH SEBELUM MENGERJAKAN

PAS BAHASA JAWA IX MTs 2019/2020 1


I. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan a, b, c, utawa d
kang paling bener!

1. Tembung tatakrama iku tegese meh padha, dadi tata iku ya krama, krama
iku ya tata, tumuju marang …
A. Kabecikan, katentreman, karaharjan lan kabagyan
B. Kasusilan, katentreman, karaharjan, lan kapribaden
C. Kabecikan, kacilakan, karaharjan, lan kabagaswaran
D. Kabecikan, katentreman, karaharjan, lan kasangsaran

2. Sing baku yen tatakrama iku gegayuhan ing babagan .…


A. Tata prilaku
B. Kapribaden
C. Karaharjan
D. Kabecikan

3. Miturut unggah-ungguhe lan sing lumrah digunakake basa jawa kadadean


saka basa ngoko lan basa krama diarani ….
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama alus

Anisa : “ Kula sedaya lajeng dipundhawuhi menapa pak?


Pak Yoga : “ Coba wedang teh ing gelas-gelas kae gawanen mrene. Padha
ngelak ta? Anisa njupuk wedang segelas …. Pak Yoga. Patang
gelas dicawisake kanggo kanca-kancane. Bareng wis padha
ngombe raine katon sumringah.
4. Pacelathon ing ndhuwur durung jangkep. Tembung kanggo ngisi ceceg-
ceceg ing ndhuwur yaiku ….
A. Diwenehke
B. Diulungake
C. Dicaosaken
D. Diparingaken

5. Ana pacelathon ndhuwur tinemu tembung sumringah. Tegese tembung


sumringah padha karo ….
A. Sedih
B. Getun
C. Susah
D. Seneng

6. Miturut unggah-ungguhe, ukara ing ngisor iki kang leres yaiku …


A. Bu guru nggawa buku bahasa inggris.
B. Ibu ngundang aku supaya tindak mlebu.
C. Anggone tindak omahe simbah sesuk esuk.
D. Wulan ngajeng bapak sios tindak dhateng Jakarta.

PAS BAHASA JAWA IX MTs 2019/2020 2


7. Dina : “ Aku duwe panemu yen anggota kelompok kudu diwawas, ana
sing pinter dadi bisa marahi kanca-kancane sing ora bisa.”
Jumali : “ Wah, sakjane aku sarujuk nanging yen omahe adoh-adoh kepriye?
Apa ora adhedhasar omahe sing cerak wae anggota kelompok e
kuwi?”

Manut pacelathon ing ndhuwur wangsulane Jumali nelakake rasa ….


A. Sarujuk
B. Sungkawa
C. Ora sarujuk
D. Pangarep-arep

8. Ukara ing ngandhap menika minangka tuladha ukara kang mratelakake


pangajab yaiku …
A. Wah, jan-jane usulmu iku apik nanging luwih apik meneh ngene iki.
B. Nyuwun pangapunten, menawi pamanggih kula kados mekaten.
C. Nyuwun pangapunten kula telat amargi ban pit kula bocor.
D. Panjalukku, kowe bisaa kasil dadi dokter ya le.

9. Bapak : “ Ngger anakku, sing sregepa sinau aku mung bisa ndedonga
muga-muga olehmu sinau lancar. Ing tembe mburine bisaa dadi
wong pinter, utawa bisa makarya.”
Bagus : “….”

Ukara kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku …


A. Inggih pak, muga-muga mekaten. Kula namung nyuwun donga
pangestu.
B. Inggih pak, jaluk donga pangestumu apa kang dak sedya bisa kasil tanpa
ana alangan.
C. Yoh pak, aku jaluk donga pangestumu pak. Muga-muga kabeh
gegayuhanku bisa kasil.
D. Inggih pak, nyuwun donga pangestunipun. Mugi-mugi sedaya gegayuhan
kula saged kasembadan.

10. Ukara kang trep kanggo mratelakake rasa bela sungkawa kang paling trep
yaiku …
A. Ndherek ngaturaken bela sungkawa Bulik. Mugi-mugi simbah pinaringan
seda ingkang khusnul khotimah.
B. Ndherek bela sungkawa Bulik. Mugi-mugi simbah seda sae.
C. Ndherek bela sungkawa Bulik. Mugi-mugi simbah sae.
D. Ndherek bela sungkawa.

11. Ukara ing ngandhap menika ingkang mratelakake raos mboten sarujuk
inggih menika …
A. Leres ngendikanipun Bu Bagyo kula sarujuk.
B. Wah, sae saestu pamanggih panjenengan kula sarujuk.
C. Kula rumaos lepat Bu, mugi-mugi ibu kersa paring pangapunten dhateng
kula.
D. Leres ngendikanipun Bu Bagyo, ananging kawontenan ekonomi warga
menika mboten sami pramila iuranipun ugi kedah benten.

12. Nalika ana ing sawijining parepatan pamanggih panjenengan mboten dipun
tampi, salajengipun patrap ingkang sae inggih menika …
A. Tansah ngupaya supados pamanggihipun dipun tampi.
B. Nyuwun dhateng para rawuh supaya sarujuk.
C. Nyuwun dhateng pangarsaning parepatan.
D. Legawa nampi sedaya asil musyawarah.

PAS BAHASA JAWA IX MTs 2019/2020 3


13. Bu Darti : “ O, nak Ayu, kene lungguh kene rak ya dha slamet ta?”
Ayu : “ Inggih bu, mugi Ibu ugi mekaten.
Bu Darti : “ Ana wigati apa iki?”
Ayu : “ ….”

Wangsulanipun Ayu kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku

A. Sowan kula dipunutus budhe Ari, bilih Bu Darti dipuncaosi dhaharan.
B. Sowan kula ing papan menika supados menehake dhaharan saking
budhe Ari.
C. Sowan kula menika saperlu menehake dhaharan kagem budhe Darti,
dhaharan menika saking bu Ari.
D. Sowan kula menika sepisan silaturahmi, kaping kalihipun kula dipunutus
bu Ari bilih budhe Darti dipun caosi dhaharan.

14. Ing ngandhap menika minangka tuladha atur uninga pawartos lelayu ingkang
trep inggih menika …
A. Kepareng matur wonten ngarsanipun warga masyarakat wonten ing
dusun Gatak RT 04 bilih ing enjang menika kula dalah panjengan sami
pikantuk pawartos lelayu ingkang dipun kintun saking dusun Dobalan.
B. Ndherek atur wonten ing warga Gatak RT 04 bilih ing enjang menika
wonten lelayu saking dusun Dobalan.
C. Ngaturi uninga bilih wonten pawartos lelayu saking dusun Dobalan.
D. Para sedherek sedaya wonten pawartos lelayu saking Dobalan.

15. Supaya jejibahan bisa kasil kanthi becik, pranatacara kudu gelem ngladhi ….
A. Olah raga, olah busana, olah swara, olah basa lan sastra
B. Olah raga, olah busana, olah awak, olah batin
C. Olah raga, olah busana , olah swara
D. Olah pikiran, olah batin

16. Pranatacara bisa katon mrebawani manawa jasmani utawa ragane sehat.
Tumrap pranatacara bab iki wigati banget. Pranyatan iku mau diarani ….
A. Olah busana lan sastra
B. Olah busana
C. Olah swara
D. Olah raga

17. Pranatacara kajaba kudu nggatekake babagan olah basa lan sastra uga
kudu nggatekake utawa gladhi kedaling swara kudu cetha ora kena cedhal
utawa blero. Pranyatan iki diarani ….
A. Olah busana lan sastra
B. Olah busana
C. Olah swara
D. Olah raga

18. Basa kang digunakake pranatacara diudi kang bener pener lan gampang
ditampa utawa komunikatif. Pranyatan iki diarani ….
A. Olah basa lan sastra
B. Olah busana
C. Olah swara
D. Olah raga

19. Perangan saking pranatacara kang wosipun ngaturaken salam pambuka,


sapa aruh marang tamu lan muji syukur dipunwastani ….
A. Panutup C. Pambagya
B. Pambuka D. Rantamaning adiacara

PAS BAHASA JAWA IX MTs 2019/2020 4


20. Para takziyah ingkang kinurmatan, nadyan randhat keparenga kula
ngaturaken sugeng rawuh, saklajengipun sumangga kasekecakaken
lenggah kanthi mardikaning penggalih ngantos dumugi . upacara.

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ….


A. Purwaka
B. Budhaling
C. Purnaning
D. Kawiwitan

21. Saderengipun upacara pambidhaling layon kawiwitan, ingkang rumiyin


keparenga kula ngaturaken puji syukur konjuk wonten ngarsa dalem Allah
SWT, tansah paring kayuwanan dhumateng kula saha panjenengan sadaya,
satemah saged ndherek bela sungkawa dhumateng brayat ageng Bapak
Nugroho.

Pethikan pranatacara wonten ing nginggil perangan saking ….


A. Panutup
B. Pambuka
C. Pamuji syukur
D. Atur pambagya harja

22. Dene tansah paring kayuwanan dhumateng kula saha panjenengan,


satemah saged ndherek bela sungkawa. Tembung kang kacithak miring
nduweni teges sami kaliyan ….
A. Kabecikan
B. Kaslametan
C. Kanugrahan
D. Kasangsaran

23. Bapak Kepala Madrasah tuwin bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan
kula ingkang kadhapuk minangka pranata adicara, langkung rumiyin badhe
ngaturaken menggah … adicara ingkang sampun rinacik dening para
kadang panitia.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ….
A. Urutaning
B. Susunaning
C. Tata adicara
D. Urut reroncening

24. Sumangga adicara ingkang ... inggih menika pambuka. Sumangga adicara
menika kita … kanthi ndedonga.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ….
A. Sepisan, wiwiti
B. Sabanjure, wiwiti
C. Sepindhah, wiwiti
D. Kaping kalih, wiwiti

25. Ndungkap adicara ingkang kaping kalih … bapak Kepala Madrasah.


Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ….
A. Sambutan
B. Pakurmatan
C. Pambagya harja
D. Atur pangandikan

PAS BAHASA JAWA IX MTs 2019/2020 5


26. Kanthi nyenyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, mugi-mugi putra
ingkang rinuwat sageda luwar saking saru siku miwah bebenduning Gusti.
Tembung kang kacithak miring nduweni teges padha karo ….
A. Pepalang
B. Kabagyan
C. Kasarasan
D. Kawilujengan

27. Dene tembung luwar saka soal ing nginggil nduweni teges sami kaliyan ….
A. Gegubet
B. Kaiket
C. Njaba
D. Uwal

28. Ngandharake gagasan kanthi lisan wonten sangajengipun tiyang sanes


kanthi ancas tartamtu dipun wastani ….
A. Pranatana adicara
B. Pambagya harja
C. Pambiwara
D. Sesorah

29. Salah satunggaling bab kang kudu digatekake nalika sesorah yaiku basa
kang digunakake kudu laras karo ...
A. Sapa sing medhar sabda
B. Apa sing diwedharake
C. Sapa sing duwe gawe
D. Ngapa kudu diadani

30. Salah satunggaling cara anggenipun mahyakaken sesorah kanthi cara tanpa
nyiapake pokok sawijining bab/masalah kang bakal kababar kanthi modal
pengalaman dipunsebat ….
A. Maos teks
B. Impromptu
C. Ekstemporan
D. Ngapalke teks

31. Bab kang ora kudu digatekake nalika sesorah yaiku ….


A. Basa kang digunakake
B. Wiramaning swara
C. Nggawe catetan
D. Solah bawa

32. Salah satunggaling perangan saking sesorah ingkang wosipun ngaturaken


wosing gati dipunwastani ….
A. Wigating atur
B. Pamuji syukur
C. Salam panutup
D. Salam pambuka

33. Welingku tumrap para siswa, aja nganti uwal saka gegayuhan. Kabeh padha
ngrasakake yen godhane akeh. Kahanan saiki padha ngumbar kasukan,
kadonyan, kanepson, tumindak nuruti karepe dhewe.
Pethikan perangan sesorah ing ndhuwur diarani ….
A. Pambuka C. Wigatining atur
B. Pakurmatan D. Pangajeng-ajeng

PAS BAHASA JAWA IX MTs 2019/2020 6


34. Ing ngandhap menika minangka tuladha saking wangsalan ingkang asring
dipun ginakaken nalika sesorah yaiku ….
A. Damar mancung, cinupet cukup semene dhisik.
B. Wajik klethik gula jawa, luwih becik sing prasaja.
C. Kupat janure tuwa, wonten lepat nyuwun pangapura.
D. Kupat bumbune santen,wonten lepat nyuwun pangapunten.

Wacan kanggo no 35-37


Dene ingkang kaping kalih, kula minangka 35). … Saking siswa kelas IX.
Ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak ibu guru ingkang sampun
kersa 36). … piwucal, kawruh, wewarah, pitedah ingkang murakabi. Mboten
langkung kula sakanca nyuwun pangestu mugi-mugi saged nglajengaken
sinau ing 37). … Ingkang langkung inggil kanthi gangsar mboten waonten
alangan setuggal menapa.
35. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ….
A. Purnaning siswa
B. Siswa enggal
C. Wakil saking
D. Talang basa

36. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ….
A. Nyaosi
B. Maringi
C. Nyukani
D. Menehake

37. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ….
A. Sekolah
B. Madrasah
C. Pawiyatan
D. Papan sinau

38. Ing ngandhap menika salah satunggaling sikap ingkang mboten sae, nalika
nindakaken sesorah yaiku ….
A. Swara kudu jelas
B. Ngadeg jejeg ora kena lendhetan
C. Wiramaning swara kapenak dirungokake
D. Sandhangan sarwa becik lan katingal mompyor

39. surfirjyni=rtLebu/[fni=pzsÒ|ti , ukara ksebut nalika kaserat latin


unine …
A. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti
B. Suradhira jayaningrat lebur dening pangastuti
C. Suradhira jayaningrat lebur dhening pangastuti
D. Suradhira jayaningrat lebur dhening pangasthuthi

40. si=spsb/bklNemu,si=sp[lnbklCilk , ukara kasebut nalika kaserat


latin unine …
A. Sing sapa wonge sabar mesti nemu kabegjan
B. Sing sapa sabar bakal nemu, sing sapa lena bakal cilaka
C. Sing sopo sabar bakal nemu, sing sapa lena bakal cilako
D. Sing sapa sabbar bakal nemu, sing sapa lena bakal nemu cilaka

II. Esay !
41. Jelasna kang dadi ancase sesorah!

PAS BAHASA JAWA IX MTs 2019/2020 7


42. Tulisna cengkoronganing pranata adicara!
43. Gawea tuladha atur panutup ana ing pranata adicara tasyakuran wisuda
kelas IX
44. Jelasna bab kang kudu digatekake nalika micara! 4 wae
45. Gawea tuladha atur-atur kenduri tasyakuran miyosipun putra kaping kalih
Bapak Rohmadi, S.Ag!

PAS BAHASA JAWA IX MTs 2019/2020 8

Anda mungkin juga menyukai