Anda di halaman 1dari 8

KELOMPOK KERJA MADRASAH

MADRASAH TSANAWIYAH
KABUPATEN BANTUL

PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT)


MADRASAH TSANAWIYAH

TAHUN PELAJARAN 2019/2020

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Kelas : VII (tujuh)
Hari / Tanggal : Kamis/11 Juni 2020
Jam : 09.30-11.00
Waktu : 90 menit
Kode Soal : Ts.VIII.7.2.

PETUNJUK UMUM :

1. Perhatikan dan ikuti petunjuk pengisian pada lembar jawaban yang disediakan.
2. Periksa dan bacalah setiap soal dengan seksama sebelum dijawab
3. Laporkan kepada pengawas tes kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak, atau jumlah
soal kurang.
4. Mintalah kertas buram kepada pengawas tes apabila diperlukan.
5. Pilihlah salah satu jawaban yang paling benar dengan menghitamkan bulatan pada lembar
jawaban.
6. Kerjakan pada lembar jawaban yang disediakan dengan menggunakan pensil 2B
Contoh cara menjawab pada :
ⒶⒷⒸⒹ Benar ⒶⒷⒸⒹSalah
ⒶⒷⒸⒹ Salah ⒶⒷⒸⒹSalah

7. Apabila Anda ingin memperbaiki/mengganti jawaban, bersihkan jawaban semula dengan


karet penghapus sampai bersih (jangan sampai rusak), kemudian hitamkan bulatan jawaban
yang menurut Anda benar.
8. Periksalah seluruh pekerjakan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas

BERDO’ALAH SEBELUM MENGERJAKAN

PAT BAHASA JAWA VII MTs 2019/2020


I. Pilihen salah siji jawaban A,B,C, utawa D kang kok anggep paling bener kanthi
ngirengake (•) bunderan ing lembar jawaban kang kasedhiakake !

Wacan kanggo mangsuli soal nomer 1-3.

Dayaning Pustaka

Pustaka minangka cendhelane donya,


Korining ngelmu lan pangawikan,
Sanajan wujude ora mingsra,
Nanging duwe daya,
Agawe wasis, lantip lan pana,
Pustaka bisa dadi obor lan pepadhang,
Dadi pandoming agesang,
Dadi teken tumuju gebyaring panyawang,
....

1. Wedharing gagasan utawa isen-isening ati, pangarep-arepe manungsa kanthi


diwedharake nganggo larik-larik tetembungan kanthi pilihan tembung kang ngemu
kaendahan, kaya wacan ing dhuwur diarani ….
A. tembang C. tembung
B. parikan D. geguritan

2. Wacan kanthi irah-irahan ‘Dayaning Pustaka’, tembung Pustaka tegesipun ….


A. ilmu C. pustaka
B. buku D. kawruh

3. Geguritan kasebut isine ngandharake ….


A. Buku bisa dadi sumber kawruh/ilmu, bisa nuntun para siswa tumrap tumindak
kang becik
B. Buku bisa dadi obor kanggo urup-urup
C. Kudu sregep maca buku supaya mangerteni apa-apa
D. Dadi siswa ora gelem sinau maca buku

4. Ibu… sabaring atimu pindha segara


Tanpa wates lan ora bakal asat
Larik geguritan kasebut mengku teges ….
A. Ibu kang ora sabar. C. Sabar kang ana watese.
B. Sapa sabar bakal mujur. D. Kesabaraning ibu ora ana enteke.

5. Tekadku tan bisa dipepalang


Krentegku tan bisa ditrejang
Mrih lestarining budaya lan basa
Pethikan geguritan kasebut isine ngandharake ….
A. Tekad sing gampang dialang-alangi.
B. Kekarepan kang bisa dialang-alangi.
C. Tekad kanggo nglestarekake budaya lan basa.

PAT BAHASA JAWA VII MTs 2019/2020


D. Tekad kanggo munthesake budaya lan basa Jawa.

6. Kekarepan kang kuwat lan samubarang kang ngalang-alangi baka disirnakake, trep
karo paribasan ….
A. Jer basuki mawa beya. C. Becik ketitik ala ketara.
B. Sapa salah seleh. D. Rawe-rawe rantas malang-malang putung.

7. Wong kang becik bebudene bakal disenengi wong akeh, bebasane ….


A. Kejugrugan gunung menyan. C. Lahang karoban manis.
B. Tekek mati ing ulone. D. Katon cepaka sewakul.

8. Mikul dhuwur mendhem jero, tegese ….


A. Kabeh gegayuhan butuhake ragad.
B. Cilaka merga saka omongane dhewe.
C. Tansah njunjung drajate wong tuwa.
D. Oleh kabegjan kang gedhe banget.

9. Nalika maca geguritan kudu migatekake 4W, kang diarani 4W, yaiku ….
A. wirama, wirasa, wicara, wiraga
B. wiraga, wirasa, wicara, wibasa
C. wirama, wirasa, widagda, wiraga
D. wirama, wibasa, wicara, wiraga

10. Dhuh anak mas, sira pepujaning ati


Manuta mring tata
Aywa nerak lan nalisir
Mrih yuwana ing bawana
Larik geguritan kasebut ngemu pitutur kangge para putra supados ….
A. Tansah murang tata.
B. Nerak ing tata supaya tansah slamet.
C. Manut ing tata supaya nemu keslametan.
D. Tansah duwe pepujaning ati kanggo keslametaning urip.

Wacan kanggo mangsuli soal nomer 11-12.

Dak papag surya ing wiwitane warsa


Nadyan rada surem cahyane
Ora cetha bakal tansaya peteng apa bakal sumilak
Bakal kesaru tekane mendhung angendhanu
Apa malik dadi kencar-kencar sumunar

11. Tema saking geguritan kasebut, yaiku ….


A. greget ing warsa enggal C. greget ing wulan enggal
B. greget sanadyan mendhung D. greget ing cahya kang surem

12. ‘Dak papag surya ing wiwitane warsa.’ Tembung surya tegese ….
A. bumi C. wulan
B. langit D. srengenge

Wacan kanggo mangsuli soal nomer 13

PAT BAHASA JAWA VII MTs 2019/2020


Ayo Maju
Ayo gumregah
Muter nalar lan budi aja wegah
Makarya olah kridha lan cipta
Kanggo karaharjaning sesama
Aja mung mbanda tangan
Njagakke saka pawehe liyan

13. Pitutur kang bisa dijupuk saka pethikan geguritan “Ayo Maju” kasebut yaiku . . . .
A. Ngajak tangi saka anggone turu kepati
B. Aweh pituduh menawa ora kena turu
C. Aweh semangat kanggo nyambut gawe
D. Ngajak supaya tansah weweh marang liyan

14. Kang kalebu titikane geguritan kang becik, yaiku ….


A. Tetembungane gladrah.
B. Geguritan kang ora ana maknane.
C. Ngandhut pitutur luhur kang bisa dadi patuladhan ing gesang
D. Migunakake tetembungan guneman padinan.

15. Ukara ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi swara, yaiku ….
A. Gemi nastiti ngati-ati.
B. Ruruh riris raras.
C. Urip iku ora angel, angel merga digawe dhewe.
D. Gegodhongan padha jejogedan katiyup angin sore.

16. Ukara ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi sastra, yaiku ….
A. Gemi nastiti ngati-ati.
B. Ruruh riris raras.
C. Urip iku ora angel, angel merga digawe dhewe.
D. Gegodhongan padha jejogedan katiyup angin sore.

17. Ukara ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi lumaksita (basa), yaiku ….
A. Gemi nastiti ngati-ati.
B. Ruruh riris raras.
C. Urip iku ora angel, angel merga digawe dhewe.
D. Gegodhongan padha jejogedan katiyup angin sore.

18. Ukara ing ngisor iki kang migunakake lelewaning basa, yaiku ….
A. Gemi nastiti ngati-ati.
B. Swaraning jangkrik nggugah sepining ati.
C. Gegodhongan padha tiba kena angin.
D. Urip iku ora angel, angel merga digawe dhewe.

19. Ukara ing ngisor iki kang migunakake lelewaning basa yaiku kejaba, ….
A. Lelakon iku banget ngiris atiku
B. Endahe sesawangan nggeret lakuku
C. Pojokan kelas iku daksawang nganggo mripatku
D. Ing papan kang rame iki atiku sepi

PAT BAHASA JAWA VII MTs 2019/2020


20. Larik-larik geguritan ing ngandhap menika kang trep kanggo medharake gagasan bab
bekti marang tiyang sepuh, yaiku ….
A. Yen sinawang katon nengsemake.
B. Aja duraka marang rama ibu.
C. Datan angon wektu anggonku sinau.
D. Tan kendhat anggonku ndedonga.

21. Larik-larik geguritan ing ngandhap menika kang nuwuhake rasa greget, yaiku ….
A. Rinusak dening tangan duraka.
B. Tangising ati tan ana kang ngerti.
C. Dak singkirake kang ngalang-alangi impenku.
D. Lamun aku wis pasrah sumarah marang Gusti.

22. Tembang dolanan kang isine ngemu pitutur menawa dadi bocah aja tumindak
sembrana mundhak cilaka, yaiku ….
A. Gugur gunung C. Gundhul-gundhul pacul
B. Kupu kuwi D. Cubak-cublak suweng

23. Tembang dolanan kang isine nggambarake greget gotong royong kanggo
karaharjaning negara, yaiku ….
A. Gugur gunung C. Lumbung desa
B. Kupu kuwi D. Menthok-menthok

Wacan kanggo mangsuli soal nomer 22-23.

Lumbung Desa

Lumbung desa pra tani padha makarya


Njupuk pari nata lesung nyandhak alu, ayo yu
Padha maju yen wis rampung nuli adang, ayo kang
Dha tumandang nosoh beras aneng lumpang

24. Saking tembang dolanan kasebat, nyariosaken pakaryanipun para ….


A. among raga C. among tani
B. bakul D. wong desa

25. Njupuk pari nata lesung nyandhak alu, ayo yu. Lesung lan alu piranti kanggo ….
A. nandur pari C. ngliwet
B. nutu pari D. panen pari

26. Tembang Macapat cacahe wonten ….


A. sepuluh C. sewelas
B. rolas D. sanga

27. Kang kalebu paugeran tembang Macapat, yaiku ….


A. guru gatra, guru wilangan, lan guru uleman
B. guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
C. guru sastra, guru wilangan, lan guru lagu
D. guru gatra, guru uleman, lan guru lagu

PAT BAHASA JAWA VII MTs 2019/2020


28. Paugeran tembang Macapat Kinanthi yaiku . . . .
A. Guru gatra 6, guru wilangan saben gatra 8, guru lagu u i a i a i
B. Guru gatra 8, guru wilangan saben gatra 8, guru lagu u i a i a i u a
C. Guru gatra 6, guru wilangan saben gatra 8, guru lagu u i a i a i
D. Guru gatra 4, guru wilangan saben gatra 4, guru lagu a i a i
E. Guru gatra 6, guru wilangan saben gatra 8, guru lagu u i a i a u

Wacan kanggo mangsuli soal nomer 26-29.

Kinanthi

Titikane budi luhur


Tansah manembah mring Gusti
Uga bekti mring wong tuwa
Asih tresna mring sasami
Remen tetulung dedana
Adil datan pilih pilih

29. Budi pakarti saking tembang Kinanthi kasebat, yaiku ….


A. Tansah nyaketake marang Gusti, bekti marang wong tuwa, lan seneng tetulung.
B. Tansah kumawani marang tiyang sepuh.
C. Anggenipun tetulung tansah pilih pilih marang sapadha-padha.
D. Tresna marang sapadha-padha ingkang kersa tetulung.

30. Guru wilangan saha guru lagu tembang Kinanthi kasebut, yaiku ….
A. 8r, 8i, 8a, 8i, 8a, 8h
B. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8h
C. 8r, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
D. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

31. “Adil datan pilih-pilih”,Tembung datan ngemu teges ….


A. lan C. ora
B. tansah D. banget

32. Tembang Kinanthi nggambarake ….


A. Wis lair jabang bayi wujud lanang utawa wadon.
B. Dituntun/dikanthi supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing donya.
C. Kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya
bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
D. Rasa tresna marang liyan kang kabeh wis dadi kodrat Illahi.

Wacan kanggo soal 33 – 34

Padha gulangen ing kalbu


Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling

PAT BAHASA JAWA VII MTs 2019/2020


33. Padha gulangen ing kalbu duwe teges yaiku . . . .
A. Padha dilatih ing pikir
B. Padha dilatih ing awak
C. Padha dilatih ing ati
D. Padha dilatih ing urip

34. Ing sasmita amrih lantip mengku teges yaiku . . . .


A. Supaya pinter anggone nampa perlambang
B. Supaya bisa nindakake apa wae
C. Senajan pinter ing samubarang
D. Bisa nampa dhawuh

35. Tembang … nggambarake rasa tresna marang liyan kang kabeh wis dadi kodrat Illahi.
A. Sinom C. Dhandhanggula
B. Asmaradana D. Gambuh

36. Ing ngandhap menika minangka sandhangan swara suku lan taling, yaiku ….
A. …u,[… C. …i,[…
B. …u,…e D. …u,[…o

37. ?bugururwuhnitih[mo[t/o. Ukara kasebut menawa diwaca unine ….


A. Bu Guru rawuh ngasta buku.
B. Bu Guru rawuh nitih bis.
C. Bu Guru rawuh nitih motor.
D. Bu Guru rawuh nitih sepedha.

38. ?sinautemB=mcptkinnQi. Ukara kasebut menawa diwaca unine ….


A. Sinau tembang macapat Kinanthi.
B. Sinau tembang dolanan.
C. Sinau tembang macapat Gambuh.
D. Sinau tembang dolanan lan Kinanthi.

39. ‘Para among tani padha makarya.’ Ukara kasebut menawa ditulis mawa aksara Jawa
kang leres, yaiku ….
A. ?pra[m=otnipdmk/y.
B. ?pra[m=otnipfmk/y.
C. ?pra[mogTnipdmk/y.
D. ?pra[m=otnipdmkrY.

40. ‘Kacang tholo disayur brongkos.’ Ukara kasebut menawa ditulis mawa aksara Jawa
kang leres, yaiku
A. ?kc=[to[lofisyu/[b=][kos\.
B. ?kc=[qo[lofisyu/[b=][kos.
C. ?kc=[qo[lofisyur\[b=][kos\.
D. ?kc=[qo[lofisyu/[b=][kos\.
41. Crita Ramayana asale saka tlatah ….
A. Cina C. India
B. Korea D. Jepang

PAT BAHASA JAWA VII MTs 2019/2020


42. Prabu Rama kagungan garwa asmane ….
A. Dewi Drupadi C. Dewi Setyowati
B. Dewi Sembrada D. Dewi Sinta

43. Ing ngandhap menika kang kalebu paraga wayang Ramayana, yaiku ….
A. Ramawijaya, Dewi Sinta, Anoman, Lesmana.
B. Ramawijaya, Dewi Sembrada, Anoman, Lesmana.
C. Pandhawa, Dewi Sinta, Anoman, Lesmana.
D. Ramawijaya, Dewi Sinta, Ganesha, Lesmana

44. Ing ngandhap menika dasanamanipun tembung sedulur, yaiku ….


A. kanca, sedherek, kadang C. sedherek, sanak, kadang
B. sedherek, rama, sanak D. sanak, putra, kadang

45. Jalma, manungsa, jana, nara. Tetembungan kasebut dasanama saking tembung ….
A. ibu C. bapak
B. kanca D. wong

II. Kawangsulana kanthi cekak aos!


46. Kadamela 2 ukara kang migunakake purwakanthi sastra!

47. Kasebatna 4 jinis tembang Macapat!

48. Tulisen cakepan (lirik) tembang dolanan Cublak-cublak suweng!

49. Kasebatna 4 paraga wayang Ramayana!

50. Unen-unen iki golekana tegese:


A. Ana catur mungkur.
B. Sepi ing pamrih rame ing gawe.

PAT BAHASA JAWA VII MTs 2019/2020

Anda mungkin juga menyukai