Anda di halaman 1dari 12

PEMERINTAH KABUPATEN KENDAL

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


KORWILCAM BIDANG PENDIDIKAN KECAMATAN KENDAL
KELOMPOK KERJA GURU (KKG) KELAS VI
Jl Pemuda no 8 Kendal

LATIHAN UJIAN SEKOLAH


JENJANG SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN 2022/2023
Mata Pelajaran : BAHASA JAWA
Hari, tanggal : Rabu, 12 April 2023
Waktu : 10.00 s.d 12.00

PETUNJUK UMUM

1. Berdo’alah sebelum mengerjakan soal!


2. Tulislah nomor pesertamu pada lembar jawaban yang tersedia!
3. Kerjakan soal-soal sesuai dengan petunjuk pengerjaannya!
4. Gunakan Pensil 2B untuk mengerjakan ujian ini!
5. Silanglah huruf A, B, C atau D pada Lembar Jawaban Komputer (LJK) yang tersedia!
6. Dahulukan mengerjakan soal yang kamu anggap mudah, baru kemudian mengerjakan soal yang
lain!
7. Hapuslah sebersih mungkin jika kamu hendak memperbaiki jawaban!
Jawaban Benar Jawaban yang diperbaiki
A B C D A B C D

8. Periksalah kembali hasil pekerjaanmu sebelum kamu serahkan kepada pengawas!


9. Akhiri ujianmu dengan berdo’a, meninggalkan soal dan lembar jawaban di meja ujianmu serta
meninggalkan ruangan dengan tertib!

SELAMAT BEKERJA

PETUNJUK KHUSUS

LEMBAR SOAL

I. Wenehana tanda ping (X) ing aksara A, B, C, utawa D sangarepe


wangsulan kang bener!

1. Reroncene Kadang Tani


Ijo royo-royo
Gumelem sangisore langit biru
Angin tumiyup
Dolanan godhong pari

Kadang tani padha mesem


Nyawang parine wis kuning
Ati ayem tentrem
Pari kuning
Minangka reroncene urip
Tembe mburi
Isi geguritan ing duwur yaiku ….
a. Rasa bingahe para kadang tani sing nyawang parine lemu-lemu lan wis kuning
b. Rasa bingahe para kadang tani sing nyawang wit parine kena angin
c. Rasa bingahe para kadang tani sing nyawang langit biru
d. Kadang tani padha bingah nyawang sawahe

2. Wacanen crita kanthi patitis!

Ratu Ngamarta iku kondhang berbudi bawa laksana, gelem tetulung


marang sapa bae. Ora nyawang sanak kadang, pangkat drajat, sauger iku
nandhang kacingkrangan mesthi antuk pitulungan marang ratu Ngamarta.
Kondhange nganti tekan nagara manca, mula akeh para raja maharaja teluk
tanpa sarana peperangan, mung kasengsem utawa kayungyung mring kautaman
sang narendra.
Jejuluke Prabu Yudhistira ya ratu pandhawa, ratu ora tau gelem perang
mung ndhisikake kautaman, tetulung wong balilu supaya dadi pinter, paring
boga wong kaluwen….

Kasengsem iku tegese….


A. seneng
B. pinter
C. bodho
D. maton

Gatekna wacanan ing ngisor iki!

SEKATEN
Upacara pengetan ambal warsa Nabi Muhammad SAW.
Kang digelar saben tanggal 5 nganti tanggal 12 wulan Maulud.
ing alun-alun lor Keraton Surakarta lan Yogyakarta.
Acara puncak sekaten yaiku ditandai dening Grebeg Maulud.
ing tanggal 12 wulan Maulud.
Persis ing dinten ambal warsanipun Nabi Muhammad SAW.
Dikawal kalih 10 bregodo prajurit Kraton
Gunungan sing didamel saking beras ketan, maeman, buah-
buahan lan sayuran,
Dibeta saking istana Kemandungan
Nglewati Sitihinggil lan Pagelaran nuju masjid Agung

3. Upacara pengetan ambal warsa Nabi Muhammad SAW.


Tembung ambal warsa tegese . . .
A. dina lahire/ulang tahune
B. sedone
C. mitoni
D. sepasarane

4. Ukara “Waluyo tuku sate sapi.” yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener….
Wacan kanggo mangsuli pitakon nomer 5

Mbok Randha ing desa Dhadhapan duwe anak pupon nggant heng banget , j
enenge Andhe- Andhe Lumut . Akeh wong sing kepingin ngepek mant u. Ananging
Andhe-Andhe Lumut ora gelem.
Or a adoh saka desa kono uga ana randha kang aran Mbok Randha
Karangwulusan. Duwe anak papat wadon kabeh. Sing t elu anake dhewe lan sing sij i
anak pupon. Pambar epe j enenge Klet ing Abang , sing nomer lor o Klet ing Wungu ,
lan anak sing nomer t elu j enenge Kelt ing Bir u. Dene sing nomer papat (anak
pupon) j enenge Klet ing Kuning.
Anake Mbok Randha Karangwulusan sing t elu mau kabeh or a doyan gawe.
Senenge mung macak lan br ai , nganggo sandhangan kang apik t ur r egane larang.
Kosok baline sing anak pupon aran Klet ing Kuning mau disiya-siya dening Mbok
Randha Karangwulusan sak anake. Ur ipe t ansah r ekasa kat ula-t ula. Kr ungu
kabar e Andhe-Andhe Lumut ,
Mbok Randha Karangwulusan ngongkon anake papat mau nemoni Andhe-Andhe
Lumut supaya ngepek boj o. Sanalika anak wadon papat mau budhal menyang
omahe Mbok Randha Dhadhapan. Nalika ar ep nyabr ang kali kang lagi banj ir ,
bocah wadon t elu mau disabrangake dening Yuyu Kangkang amar ga gelem
mbayar .
Bar eng wis t ekan omahe Mbok Randha Dhadhapan lamarane dit ampik kabeh
dening Andhe- Andhe Lumut . Bocah wadon t elu mau bali mulih banj ur t ekan kali
maneh. Dene Klet ing Kuning or a disabr angake dening Yuyu Kangkang amar ga
diwagu or a bisa mbayar . Rumangsa wis kesel ngent eni , kali mau banj ur disabet
nganggo ker is dening Klet ing Kuning. Sanalika banyu kali mau banj ur asat . Klet ing
Kuning mlaku nyabrang kali sing wis asat mau. Tekan omahe Mbok Randha
Dhadhapan lamarane dit ampa dening Andhe-Andhe Lumut . Klet ing Kuning banj ur
digr uj ug banyu dening Andhe-Andhe Lumut . Sanalika Klet ing Kuning malih dadi
Put ri Dewi Candr a Kir ana lan Andhe-Andhe Lumut malih dadi Raden Put ra. Dewi
Candr a Kirana lan Mbok Randha Dhadhapan diboyong menyang Krat on J enggala.
Dene Mbok Randha Karangwulusan lan anake telu kabeh dilebokake menyang
pakunjaran Kraton J enggala.

5. Cer it a ing dhuwur kedadiyane ana ing . . . .


A. Karangwulusan
B. J enggala
C. Desa
D. Dhadhapan

6. Sekar gambuh ping catur


Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadalu warsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

Tegese tembung awon iku…


A. lara apa
B. rekasa
C. ala / elek
D. kepeksa
7. Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur ..... katali
Kadalu warsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

Ukara apa kang trep kanggo nglengkapi tembang gambung ing dhuwur ...
A. Katula-tula
B. Catur
C. Kepekso
D. Pitutur

8. yen ditulis nganggo aksara Latin

A. Kabeh aja digebyah uyah.


B. Kathah aja digebyah uyah.
C. Kabeh aja digebyur uyah.
D. Kathah raja digebyah uyah

9. Gatekna wacan ing

ngisor iki!

Assalamualaikum Wr. Wb.


Salam kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kua
sadaya, amin.

Ukara kasebut klebu perangan sesorah kang diarani…….

A.Salam pembuka
B.Surasa basa
C.Wasana basa
D.Salam panutup

10. Ukara “kula kinten cekap semanten atur kula , menawi wonten klentunipun
nyuwun pangapunten”, kalebu….

A.purwala
B.isi utawa wigatining atur
C.uluk salam utawa salam pambuka
D.panutup
Gatekna wacan ing ngisor ikikanggo mangsuli pitakonan no 11-13

Raden Werkudara kasatriyane ing Jodhipati. Werkudara duweni putra turun


kang sekti yaiku Gathutkaca . Raden Werkudara duweni kekuatan kang
linuweh tinimbang Pandhawa liyane.

Gaman kang moncer kagungane Raden Werkudara iku Gada Lukita Sari lan Kuku
Pancanaka.
Dasanamane Raden Werkudara ,yaiku Bayu Suta , Bayu Putra , Arya Penenggak,
Brata Sena, Bima, Jagal Bilawa, lan Wijasasena.
11. Raden Werkudara kasatriyane ing…….

A.Sawojajar

B.Jodhipati

C.Mandura

D.Madukara

12. Dasanamane Raden Werkudara kejaba…….

A.Premadi

B.Bayu Suta
C. Jagal Bilawa
D. Bima
13. Gamane Raden Werkudara yaiku………

A.Cakra
B.Pasopati
C.Kunta Wijaya Danu
D..KukuPancaka
14.

Dita liwat daleme Bu Santi. Wektu iku Bu Santi karo Pak Santo lagi padha

lenggahan ing emper. Kang kudu diucapake Dita ,yaiku………

A. “Matur nuwun Bu. Sampun paring langkung


B. Nembe ngunjuknapa,Bu ?”
C. Nderek langkung, Bu, Pak.”
D. Kulo ajeng lewat mriki.”
15. ….
Aja selak
Gaweanmu wus maton
Ulah karya njaga raga
Nggladhi para siswa
Gawe anja para putra
Solah bawa muna-muni
Njaga rasa mulat sarira
Dimen barokah dadi dwija

Irah-irahan kang trep kanggo geguritan kasebut yaiku….


A. Dadi Dwija
B. Olah Rasa
C. Njaga Raga
D. Dadi Siswa
16. Wacanen pethikan pidhato ing ngisor iki!

Langkung rumiyin mangsa kula lan panjenengan aturaken raos sokur dhumateng
ALAH swt. Ingkang maringi kenikmatan lan kesarasan dhumateng kula lan

panjenengan sadaya.

Ukara kasebut diarani……

A.Uluk salam
B.Purwaka
C.Isi
D.Panutup

17. Pangkur

Sekar pangkur kang winarna


Lelabuhan kang kanggo wongaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata karma
Den kaesthi siyang ratri

Pitutur utawa pesen ana sajroning tembang kasebut yaiku….


A. nyingkirana tumindak ala lan golek urip
B. nyingkirana tumindak ala lan becik
C. nyingkiri tumindak becik lan tata krama
D. Nyingkirana tumindak ala lan nggayuh kabecikan

18. Den kaesthi siyang ratri, tembung ratri tegese….


A. bengi
B. sore
C. awan
D. esuk

Nalika ana Tegal Kuru Setra, Raden Werkudara miris lan trenyuh atine,
nyumurupi Prabu Duryudana wus kalarak lan kaungseb-ungsepake ana pabaratan isih
bisa urip lan panguwuhe Prabu Duryudana marang Raden Werkudara,”Hayo amuk-
amuk Werkudara”!.Lonjong mimis playune Raden Werkudara sumingkir saka
panguwuhe Prabu Duryudana, merga ora mentala.
Arepa iku mungsuh, nanging isih kaprenah kadang tuwane. Mula ora mentala
nyawang kakangne sing wis ora rupa mau.
Raden Werkudara angles atine, banjur dijarwani karo Prabu Sri Bathara
Kresna. “Dhimas Werkudara, ana ing perang iku mung werna loro. Unggul yuda
utawa asor yudane, yen unggul kudu ilang klilipe yen thukul klilip bakal nandur bribik
prakara, ning yen asor yudane mung mati parane, sebab ora dadi pengewan-ewan
mungsuhe.
Cengkelak Raden Werkudara kaya den elingake mandhe gada Rujak pala, sigra
den keprukake sirahe Prabu Duryudana sumyur saknalika, gugur Prabu Duryudana
pinangka tumbaling dur angkara.

19. Prabu Duryudana duwe watak….


A. umuk
B. licik lan ala
C. dur angkara
D. becik tur alis budine
20. yen ditulis nganggo aksara Latin sing bener….
A. aja niru-niru
B. aja seru-seru
C. aja biru-biru
D. aja jeru-jeru

Wacan kanggo mangsuli pitakon nomer 21

Sawetara taun kepungkur, crita kethoprak akeh dibabar ing TV. Ana
sing arupa kethoprak klasik, yaiku pagelaran kethoprak kang dibabar ing
panggung kanthi beber kang winates. Sabanjure uga ana kethoprak
sayembara, yaiku kethoprak kang dibabar ing TV kanthi beber alam lan
swasana ing jaban gedhung. Becike maneh, saben episode, mesthi
dipungkasi kanthi sayembara kang nyedhiyakake hadhiyah. Ing
ngrembakane jaman, uga metu panglipur kang uga ngusung kethoprak.
Nanging, kethoprak jinis saiki akeh dibumboni dhagelan utawa guyonan,
mula diarani kethoprak humor. Para paragane uga para dhagelan kondhang
ing jagad kesenian.
21. Para paragane uga para dhagelan kondhang ing jagad kesenian.
Tegese kondhang yaiku….
A. ampuh
B. pinter
C. apik
D. kawentar

22. Wacanen kanthi patitis!

Upacara Ritual Sadranan Pundhen


Awit esuk umun-umun kabeh warga dhusun Dhukuh padha tangi gasik.
Luwih-luwih ibu-ibu. Awit sadurunge jam 11.00 WIB kudu wis nyawisake
rerangken sesajen kanggo melu upacara ritual tradhisi Sadranan Pundhen.
Kabeh warga kang gunggunge 96 kepala kulawarga padha masak sega
gurih, sambel goreng krecek, goreng-gorengan, lawuh, lan dhawet. Upacara
Sadranan Pundhen mujudake sawijining panyuwun mring Gusti Allah supaya
enggal diparingi udan.

Sesajen apa wae sing kudu dicawesake kanggo melu upacara tradisi Sadranan
Pundhen?
A. Sega gurih, sambel goreng ati, goreng-gorengan, lawuh, lan dhawet.
B. Sega gurih, sambel goreng krecek, goreng-gorengan, lan lawuh.
C. Sega gurih, sambel goreng krecek, goreng-gorengan, lawuh, lan dhawet.
D. Sega gurih, sambel goreng krecek, goreng-gorengan, lawuh, lan dhawet
23.

Dina Minggu sore, ing stadhion Madya Kendal, dianakake


pertandhingan bal-balan final antarane kesebelasan SD Sayung 01, Demak
karo SD-ku yaiku SD Gondhang 01, Kendal. Pertandhingan iki kanggo ngisi
acara porseni SD sak Jawa Tengah, kang ngrebutake piala Bapak Gubernur.
Sadurunge wis ana pertandhingan semi final antarane kabupaten-kabupaten
lan kota, jebul sing bakal dadi juwara kecekel Kendal karo Demak.
Pokok pikiran paragrap ing nduwur yaiku….
A. Arep dianakake pertandhingan bal-balan semi final antarane kesebelasan SD
Sayung 01, Demak karo SD Gondhang 01, Kendal
B. Arep dianakake pertandhingan bal-balan final antarane kesebelasan SD Sayung
01, Kudus karo SD Gondhang 01, Kendal
C. Arep dianakake pertandhingan bal-balan semi final antarane kesebelasan SD
Sayung 01, Kudus karo SD Gondhang 01, Kendal
D. Arep dianakake pertandhingan bal-balan final antarane kesebelasan SD Sayung
01, Demak karo SD Gondhang 01, Kendal

Wacan kanggo mangsuli pitakon nomer 24, 25, 26 lan 27

Gathotkaca Gugur
Rikala samana perang suluhan wus dumadi, surak mawurahan saka
prajurit kang unggul jurite. Dene kang asor golek pulihan kanggo menange
perang, merga ing perang suluhan iku perang ing wayang bengi mula
nganggo obor, dadi yen obore mati padha gendadapan ora weruh marga,
senapatine nagara Ngamarta Raden Gathotkaca, otot kawat balung wesi,
tur bisa mabur. Akeh prajurit kang tiwas nganti kaya babatan pacing saking
akehe tur pating blasur ujure.
Kinocap Sang Basusena ya Adipati Karna muntab, sigra menthang
warastra sinandhangan Kunta Druwasa. Ya Kunta Wijayandanu, gumebyar
sumorot madhangi jagad, plas jumepret lampahing bedhor kadya thathit.
Kagyat Risang Gathotkaca mesat gegana nganti mumbul ana ing
mega malang sap pitu, nanging meksa isih kadenangan. Mencorong
cahyane Kunta Wijayandanu nanging ana kang nggawa, yaiku sukmane
Kala Bendana kang nagih janji.
Raden Gathotkaca amung pasrah nanging njaluk pulihan. Kunta
tumancep pusere Raden Gathokaca sukmane mlebu swarga klawan Kala
Bendana, ragane nibani kretane Adipati Karna ajur mumur lan ragane isih
bisa mateni ewon prajurit Ngastina….
dening Ki Jiweng Ksm

24. Kunta Wijayandanu tumancep pusere Raden Gathotkaca.


Tembung kang dicetak miring tegese….
A. dhadhane
B. gegere
C. wetenge
D. wudele

25. Ana carita Gathotkaca gugur mau, sanjata Kunta bisa ngoyak Raden Gathokaca
amarga ginawa dening sukmane….
A. Kala Nadhah
B. Kala Bendana
C. Kala Srenggi
D. Kala Gidrah

26. Rikala samana Raden Gathotkaca kataman Kunta Wijayandanu gugur ing palagan.
Ukara kang dicetak miring yen dikramaake unine dadi….
A. rikala semanten
B. rikala samana
C. rikala samono
D. rikala semana
27. Raden Gathotkaca lila ing pati gugur bela negara lan bebener, mula diarani
satriya….
A. wirang
B. legawa
C. utama
D. piningit

Tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 30, 31 lan 32

Kinanthi
Yen wus tinitah dadi wong agung
Aja sira nggunggung diri
Aja raket lan wong ala
Kang ala laku nireki
Nora wurung ngajak-ngajak
Sateman anulari

30. Aja sira nggunggung diri.


Tembung “nggunggung diri” tegese ….
A. nyenengake awak
B. seneng mbiyantu
C. asih marang sesama
D. kumalungkung

31. Isine tembang Kinanthi mau yaiku….


A. dadia wong becik
B. supaya nyedhaki wong ala
C. ati-ati karo wong sing becik
D. aja mbedaake wong apik karo wong ala

32. Tembang Kinanthi duweni watak . . .


A. sumanak
B. nlangsa
C. kasmaran
D. seneng, asih.

33.
Aksara Jawa ing dhuwur wacane … (33)
a. sinau iku kudu sregep.
b. sinau iku kudu temen.
c. sinau iki kudu tenanan.
d. sinau iku kudu tlaten.

34.Wacane kang patitis!


Bapak/Ibu guru ingkang satuhu kinurmatan, boten kantun kula minangkani
wakilipun murid kelas enem ngaturaken aguning panuwun awit saking sih
katresnan Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nggulawentathah lan mulang wuruk
dhumateng kula, saengga kula saged…
Ukara kang trep kanggo mbacutake sesorah kasebut yaiku …(38)
a. Wilujeng boten wonten alangan setunggal pun apa
b. Makempal wonten ing papan punika kangge ngawontenaken perpisahan
c. Ngrampungaken sekolah sedangunipun kirang langkung 6 tahun
d. Nilareken Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik kelas sedaya

Mangga sesarengan kita ngonjukaken puji sokur dhateng ngarsanipun Gusti


ingkang Maha Agung , ingkang tansah paring kanugrahan lan kenikmatan
dhateng kita. Awit ing wekdal menika kita saget kempal lan pepanggihan
wonten ing aula sekolah. Ing kawontenan menika kita bedhe ngleksanakaken
perpisahan kelas enem kanthi sehat wal afiat.
35.Tembung kang dicetak miring ana perangan sesorah ing dhuwur nduweni teges …
a. Wektu
b. Papan
c. Panggonan
d. Omah
36.Wacana kang patitis!
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan,
Bapak/Ibu Guru sahakaryawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin
rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit
ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal
menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas 6, ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan
anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged
ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wontening
pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak
Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah
pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman .Mboten kesupen kula
sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu
duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten
mranani penggalih panjenengan sedaya.
Wasana cekap semanten atur kulo, menawi kathah kalepatan atur saha solah
bawa ingkang boten mranani penggalih, kulo nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Isi sesorah ing dhuwur yaiku …


a. Agustusan
b. Perpisahan Kelas enem
c. Peresmian sekolah
d. Acara ulang taon

37..Kulo kinten cekap semanten anggen kulo matur, katah klenta klentunipun kulo
nyuwun aguning samudra pangaksami.

Parangane pidhato ing dhuwur arane …


a. Panutup
b. Puwaka
c. Wasana
d. Wigati

Gatekna pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 38-39
Ira : ‘Ran, sesuk apa sida ulangan Basa Jawa?”
Rani : “Sida Ir, apa kowe ora ngerti ?”
Ira : “ora, jalaran aku pertemuan minggu kepunkur ora mlebu sekolah amarga
lara.”
Rani : “Yen, ngono mengko sore awake dhewe sinau bareng bae y Ir, neng
omahku.”
Ira : Ya, kebeneran, aku mengko tak ngajak Sinta.”
Rani : …..

38.Pacelathon antarane Ira karo Rani ngrembug babagan …


a. Dolanan
b. Tuku klambi
c. Ulangan basa jawa
d. Kegiatan sekolah
39. Ukara kanggo ngganepi pacelatho Ira karo Rani ing dhuwur kang mathuk yaiku

a. Ya tak tunggu tekamu karo Sinta.
b. Aku arep dolan karo Siti.
c. Ayo dang mlebu kelas
d. Kae bel sekolah wis muni

40. Gatekna pacelathon ing ngisor iki !


Dani : “ Bu, benjing Minggu piknik sesarengan kanca-kanca.”

Ibu : “... “
Wangsulane ibu kang trep, yaiku ...
a. “Aku suk Minggu prei”
b. Simbah badhe tindak pundi ?”
c. Bocah sekolah kok gawene piknik.”
d. “Arep piknik menyang ngendi ?

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!


41. Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

42. Tulisen ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!


Kabeh kudu nganggo masker.

43. Gatekna wacan ing ngisor iki !

Assalamu’alaikum wr. wb.

Salam kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula
sadaya, amin.

Bagian pidhato ing nduwur iku diarani apa ?


44. Kinanthi
Tetiyang sae puniku
Kang tansah ngreh lampah becik
Welas asih mring sesama
Ngedohken tumindak juti
Angudi lampah utama
Tan kendhat amulat dhiri

Critakna isining tembang kinanthi ing ndhuwur!


45. Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiranden kaesthi
Pasunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling

Tembang macapat ing dhuwur golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune!

Anda mungkin juga menyukai