Anda di halaman 1dari 3

SEKOLAH DASAR

Tahun Pelajaran 2021/2022

Nama : ............................. N o absen : …………………


Hari / Tanggal : Waktu : 07.30 - 09.30
Kelas : VI (Enam) Mapel : Bahasa Jawa

I. Wenehana tandha (x) ing aksara a, b, c, utawa d kanggo nandhani wangsulan kang trep ana
ing lembar wangsulan kang wis dicawisake!
1. Wacanen kang permati !
Sedhekah Laut
Ing kutha Cilacap ana upacara tradhisi kang diarani sedhekah laut. Sedhekah laut iku arupa
kegiyatan nglarung sesaji utama ing Teluk Penyu. Upacara nglarung kasebut minangka wujud
rasa matur nuwun marang Gusti. Awit Gusti sampun maringi anugerah berkah marang
masyarakat Cilacap, mligine berkah laut.
Saka wacan ing ndhuwur tegese tembung nglarung yaiku ....
a. gawa
b. ngelekake
c. ngguwak
d. nyelehake

2.

Ukara jawa ing ndhuwur unine ....


a. wayang gareng
b. sida bareng
c. sega goreng
d. goreng sega

3.

Ukara jawa ing ndhuwur unine ....


a. kreta
b. kerta
c. kersa
d. kertas

4. Wacanen kang permati pacelathon!


Nadhif : “Buk, nembe masak napa?”
Ibu : “Iki lho masak jangan lodheh karo goreng gereh asin Le. Ayo gage ndang mangan
dhisik!”
Nadhif : “Sekedhap Buk, Nadhif ajeng garap tugas riyin.”
Ibu : “Yawis, iki dilerne sega dhisik ya karo ibu?”
Nadhif : “Inggih Buk, ....”
Ukara kang trep kanggo jangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku ....
a. pangapunten
b. matur nuwun
c. mangga
d. kula nuwun
5. “Bakul kupat” menawa ditulis aksara Jawa, yaiku ....
a.

b.

c.

d. .

6. Wacanen kang permati kanggo njawab pitakon nomer 6-10!


Badminton yaiku salah sijine olahraga kang disenengi ing akeh kalangan. Saka bocah
cilik nganti tekan wong tua, lanang wadon pada seneng olahraga badminton. Badminton biasane
dimainke siji lawan siji utawa pasangan. Olahraga badminton tujuane namplek kok nglewati
jaring supayane jeglok ing wilayahe lawan. Bandminton biasa dimainke ing njero ruangan, kaya
dene GOR. Badminton iku bisa dimainke nalika kanggo refresing utawa kanggo lomba saka
lokal tumeka internasional. Mula akeh sing padha seneng olahraga siji iki, amarga ora mung
gawe awak sehat nanging bisa ngasilake lan ngembangne bakat.
Ringkesan pragraf ing ndhuwur yaiku ...
a. Olahraga badminton disenengi kabeh kalangan amarga nyenengake, gawe awak sehat lan
bisa ngembangne bakat.
b. Olahraga badminton olahraga sing dimainke siji lawan sisi kanthi rebutan wulu putih.
c. Olahraga badminton dilakokake neng jero GOR kanggo ngembangne bakat.
d. Olahraga badminton nyenengake kanggo bapak-bapak kang dilakokake neng jero GOR.
7. Olahraga badminton biasane dimainke ing ....
a. lapangan amba
b. lapangan bal-balan
c. jero ruangan/GOR
d. kamar kang katutup
8. “Badminton biasane dimainke siji lawan siji utawa pasangan”.
Ukara pitakon kang trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku ...
a. Sapa sing main badminton?
b. Pira cacahe pemain badminton?
c. Kepiye carane main badminton?
d. Neng ngendi olahraga badminton dimainke?
9. Ukara baku saka paragraf “Olahraga Badminton” ing ndhuwur yaiku ....
a. olahraga badminton disenengi ing kabeh kalangan
b. olahraga badminton nyehatne
c. aja dolanan badminton sakpapan-papan
d. badminton dimainke bebarengan

10. “pak bayu lan keluwarga tindak menyang denpasar bali.”


Panulisan aksara kapital kang trep yaiku ....
a. Pak Bayu lan keluwarga tindak menyang denpasar bali
b. pak bayu lan keluwarga tindak menyang denpasar bali
c. pak Bayu lan keluwarga tindak menyang Denpasar Bali
d. Pak Bayu lan keluwarga tindak menyang Denpasar Bali

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep lan bener ana ing lembar wangsulan kang wis
dicawisake!
1. Gaweya pacelathon singkat nganggo tema Prastawa Alam!
2. Ibu masak sega goreng.
Ukara iku ndhuwur tulisen nganggo aksara jawa!
3. Wacanen kang permati !
Candi Borobudhur
Candhi Borobudhur mujudake candhi Budha kang digawe ing abad IX dening Raja Semaratungga
sing ngasta kraton Mataram Hindhu. Raja Semaratungga saka wangsa Syailendra. Candhi iki
minangka candhi Buddha gedhe dhewe sejagat. Prenahe Candhi Borobudhur dumunung ana ing
sakidul kulone Kutha Muntilan Kabupaten Magelang Jawa Tengah.
Candhi Borobudhur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pasagi lan telu wujud
bundher, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah
2.672 lan reca Buda cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Buda lungguh cacah 72 sing
padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong. Tekan saiki Candhi Barabudhur isih
dadi papan wisata kang kondhang lan gawe gumun turis indonesia lan mancanegara.
Gaweya 3 ukara pitakon kang ana kaitane karo paragraf ing ndhuwur!
4. Gaweya perangan pambuka sesorah!
5. Banjir saben tahun dadi tamu kang ora tahu absen. Kembangna ukara iku dadi wujud paragraf!

Anda mungkin juga menyukai