Anda di halaman 1dari 11

DINAS PENDIDIKAN

Jalan Parasamya, Beran, Tridadi, Sleman,Yogyakarta, 55511


Telepon (0274) 868512, Faksimile (0274) 868512
Laman: disdik.slemankab.go.id, Surel: disdik @slemankab.go.id

NASKAH SOAL TES KENDALI MUTU SEMESTER GASAL


TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Kelas : IV (Empat) Hari, Tanggal: ……………


Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa Waktu : 90 menit

PETUNJUK UMUM
1. Tulislah identitas Anda pada lembar jawab yang tersedia!
2. Waktu yang disediakan 90 menit untuk mengerjakan soal.
3. Jumlah soal sebanyak 30 butir terdiri atas 25 butir soal pilihan ganda dan 5 butir soal
uraian.
4. Periksalah kelengkapan naskah soal dan bacalah soal-soal sebelum Anda
menjawabnya!
5. Laporkan kepada pengawas apabila terdapat lembar soal yang kurang jelas, rusak,
atau tidak lengkap!
6. Kerjakan soal sesuai petunjuk pengerjaan soal!
7. Tidak diizinkan menggunakan kamus, kalkulator, gawai, tabel matematika, atau alat
bantu lainnya.
8. Periksalah pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas!
Kompetensi Dasar : 3.1 Memahami teks deskriptif tentang teknologi dan pekerjaan.

Wenehana tanda ping (X) ing aksara A, B, C, utawa D ing sangarepe pratelan kang bener
ing lembar wangsulan kang cumawis!

Wacan iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-4!

Jaman saiki teknologi mbiyantu penguripane manungsa. Piranti komunikasi modheren


wis nguwasani donya. Komputer, laptop, gadget dadi kanca saben dina. Meh kabeh pakaryan
bisa dibantu lan dirampungake kanthi bantuan komputer lan internet. Sakdurunge ana HP,
komunikasi migunakake telepon kabel kang ora mesti saben omah duwe. Mula banjur ana
papan kang nyewakake telepon kabel kang aran wartel utawa warung telepon. Saliyane kuwi
mau, alat komunikasi jaman biyen awujud kenthongan lan lesung. Menawa kirim kabar
panggonan adoh, bisa nulis layang kang dikirim lewat kantor pos.

0 Irah-irahan kang trep kanggo wacan kasebut yaiku ....


A. Alat Teknologi
B. Teknologi Modheren
C. Kemajuan Teknologi
D. Teknologi Tradisional

1 Kang klebu piranti komunikasi modheren yaiku ....


A. komputer, laptop, lesung
B. komputer, laptop, gadget
C. kenthongan, lesung, bedug
D. kenthongan, lesung, telepon kabel

2 Sakdurunge ana HP, komunikasi migunakake ....


A. layang
B. gadget
C. kenthongan
D. telepon kabel

3 Menawa arep kirim kabar panggonan adoh, bisa nulis layang kang dikirim lewat ....
A. Kantor Pos
B. Warnet
C. Wartel
D. Bank
4 Piranti kanggo nulis kang kalebu teknologi modheren yaiku ....
1.

Sumber: seekpng.com

2.

Sumber: istockphoto.com

3.

Sumber : uidownload.com

4.

Sumber : shutterstock.com
5 Gatekna gambar iki!

Sumber: dw.com Sumber: 5minvideo.id Sumber: shutterstock.om Sumber: bersamawisata.com

I II III IV V

Gambar sing klebu piranti transportasi modheren yaiku ....


Sumber: kibrispdr.org
1. I lan II
2. II lan IV
3. III lan V
4. IV lan V

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi jawaban kang bener!

6 Sebutna 2 (loro) piranti transportasi modheren kang ana ing dharat!


7 Sebutna 2 (loro) piranti tradhisional kang klebu piranti pertanian!

Kompetensi Dasar : 3.2. Memahami tembang macapat Gambuh dan geguritan.

Wenehana tanda ping (X) ing aksara A, B, C, utawa D ing sangarepe pratelan kang bener
ing lembar wangsulan kang cumawis!

Wacan kanggo soal nomer 9-12!


Yen wong anom puniku,
Ngati-ati anggone srawung,
Golek kanca kang darbe klauwan becik,
Nadyan bocah saka gunung,
Yen becik pan nora asor.
(Cakepan: Sarjana Hadiatmaja)

8 Guru gatra tembang gambuh kasebut yaiku ....


A. 8
B. 7
C. 6
D. 5

9 Guru lagu lan guru wilangan tembang gambuh kasebut yaiku ....
A. 7u, 10u, 12i, 8u, 8u
B. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
C. 8u, 8o, 7u, 10u, 12i
D. 8o, 8u, 7u, 10u, 12i

10 Tembung asor ing tembang Gambuh kasebut tegese ....


A. srei
B. nistha
C. drengki
D. deksura

11 Pitutur kang ana ing tembang Gambuh kasebut yaiku ....


A. sesrawungan karo wong saka gunung.
B. menawa golek kanca iku karo sing sugih.
C. menawa sesrawungan karo wong sing becik.
D. sesrawungan iku mung karo wong sing enom.

12 Tibaning swara ing pungkasaning larik diarani ....


A. guru lagu
B. guru gatra
C. guru swara
D. guru wilangan
13 Gatekna geguritan iki!
Sekolahanku
Sekolahanku…
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku…
Diwulang dening Bapak-ibu Guru
Sekolahanku…
Sinau, maca buku
Ing panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing panggonan iki
Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan
(sumber: https://rahasiabelajar.com/geguritan-bahasa-jawa/)

Tegese tembung gladhen ing geguritan kasebut yaiku....


A. niru
B. conto
C. sinau
D. gawean

14 Menawa maca geguritan kanthi ....


A. kaya maca buku
B. maca endah
C. maca sora
D. maca alon
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

15 Sebutna 3 (telu) tembang macapat!


Kompetensi Dasar : 3.3 Memahami wayang (silsilah Pandhawa Lima), jeneng dina lan
pasaran, dan makanan tradisional.

Wenehana tanda ping (X) ing aksara A, B, C, utawa D ing sangarepe pratelan kang bener
ing lembar wangsulan kang cumawis!

Wacanen kanthi patitis kanggo nggarap soal nomer 17 - 19!

Raden Arjuna
Raden Arjuna (Janaka) satriya panengahing Pandhawa, putrane Prabu Pandhu lan Dewi
Kunthi. Kasatriyane ing Madukara. Wujude satriya bagus tanpa cacad. Ing jagad ora ana
tandhingane bab kebagusane, amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora
bisa pisah klawan swarga. Janaka saka tembung “jannahuka” tegese swargamu. Arjuna
satriya digdaya sekti mandraguna, luhur bebudene, prigel ing samubarang, seneng tetulung,
welas asih marang sapadha-padha. Arjuna meguru marang Begawan Padmanaba duweni aji
telung werna yaiku Aji Sepiangin, Aji Malayabumi lan Aji Sempaliputri. Pusakane Arjuna kang
asring digunakake yaiku Keris Pulanggeni, Keris Kalanadhah lan Panah Pasopati.

16 Satriya panengahing Pandhawa yaiku ....


A. Bratasena
B. Yudhistira
C. Arjuna
D. Bima

17 Janaka saka tembung “jannahuka” tegese ….


A. sekti
B. bagus
C. satriya
D. swargamu

18 Watake Raden Arjuna yaiku ....


A. seneng mertapa, pinter nambani lelara
B. seneng mertapa, ngajeni marang liyan
C. seneng tetulung, pinter jaga wewadi
D. seneng tetulung, luhur bebudene
19 Gatekna tabel iki!

I Yudhistira Puntadewa
II Werkudara Permadi
III Arjuna Janaka
IV Nakula Sudamala
V Sadewa Tangsen

Miturut tabel kasebut dasanama pandhawa kang trep yaiku nomer ....
A. I, II, lan III
B. I, III, lan V
C. I, IV, lan V
D. II, III, lan IV

20 Gatekna gambar iki!


Gamane paraga wayang kasebut yaiku ....
1. Jimat Kalimasada
2.Kuku Pancanaka
3. Panah Pasopati
4. Gada Rujakpala

Sumber: dreamstreem.com

21 Dewi Kunthi iku ibune ....


A. Yudhistira, Bima, lan Arjuna
B. Werkudara, Nakula, lan Sadewa
C. Kresna, Abimanyu, lan Gatotkaca
D. Duryudana, Suyudana, lan Citraksa
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

22 Gatekna gambar paraga wayang iki!

a. b.

Sumber : siswapelajar.my.id
Sumber : siswapelajar.my.id

Sebutna asmane lan kasatriyane tokoh wayang kasebut!

Kompetensi Dasar : 3.4 Memahami unggah-ungguh basa, menjawab dan mengajukan


pertanyaan kepada orang lain.

Wenehana tanda ping (X) ing aksara A, B, C, utawa D ing sangarepe pratelan kang bener
ing lembar wangsulan kang cumawis!

23 Andini lagi nyapu latar.


Tembung kriya ing ukara kasebut yaiku ....
A. Andini
B. nyapu
C. latar
D. lagi

24 Simbah lagi (turu), nalika putune padha dolan.


Tembung sing bener ing njero kurung yaiku ....
A. merem
B. wungu
C. tilem
D. sare

25 Bima duwe pitik jago cacahe telu.


Cacahe telu ana ing ukara kasebut klebu tembung ….
A. panguwuh
B. katrangan
C. wilangan
D. sesulih

26 Gatekna tabel iki!


No Basa ngoko Basa krama
.
1. sirah mustaka
2. irung rikma
3. kuping talingan
4. tangan racikan
5. sikil suku

Miturut tabel kasebut, tembung kang trep yaiku ....


A. 1, 3, lan 5
B. 1, 2, lan 3
C. 2, 3, lan 4
D. 3, 4, lan 5

27 Gatekna pacelathon iki!


Budhe Tari: “Rin, apa kowe wis maem?”
Rina : “Kula sampun ... Budhe.”
Basa kramane tembung maem ing pacelathon kasebut yaiku ....
A. madhang
B. mangan
C. dhahar
D. nedha

28 Ukara kasebut kang kalebu tembung sesulih yaiku ....


A. Bayu lan Danang lagi dolanan layangan.
B. Aku menyang sekolah numpak pit.
C. Wah, sepatumu apik tenan!
D. Sita lagi nonton televisi.

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

29 Gantinen ukara kasebut nganggo basa krama!


a. Wingi sore Pakdhe Muji lunga ing Surabaya numpak sepur.
b. Ibu tuku jamu ing pasar.

Anda mungkin juga menyukai