Anda di halaman 1dari 3

DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN PONOROGO

KORWIL V KECAMATAN BALONG KELAS


PENILAIAN AKHIR TAHUN
TAHUN PELAJARAN 2020/2021
DINAS
PENDIDIKAN
KABUPATEN
PONOROGO
Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa
Hari/tanggal
Waktu
: Kamis, 3 Juni 2021
: 08.45 – 10.00
5
KD.3.1. Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks narasi atau deskripsi.

Wacanen kang patitis !


SRAMBANG NGAWI
Ngawi salah sawijining Kabupaten sing manggon ana perbatasan Jawa Timur lan
Jawa Tengah. Kaya kabupaten liyane, Ngawi uga nduweni aneka werna papan wisata.
Wisata alam kang misuwur ana ing Ngawi yaiku Srambang Park.
Srambang Park mapan ana ing desa Girimulya, Kecamatan Jogorogo, Kabupaten
Ngawi, JawaTimur. Papan panggone ana ing sakiwa tengene sikile Gunung Lawu. Saka
punjere kutha Ngawi kurang luweh 20 kilometer kang bisa ditempuh wetara 40 menitan.
Dalan pinuju Srambang Park wes apik, kendaraan rodo loro utawa papat lan bis bisa liwat
kanthi kepenak. Kendaraan gedhe diparkir ana sajabane Srambang Park, banjur numpak
motor mbayar limang ewu rupiah.
Ing njero Srambang Park wis ana papan kanggo foto utawa selfi, gazebo, kolam
renang cilik, warung utawa papan kanggo ngaso mangan. Kabeh tumata kanthi apik
ngresepake ati. Yen gelem mlaku rada adoh awake dhewe bakal tekan papan banyu anjlog
(air terjun). Hawane kang adem nggarai awake dhewe betah ana ing kana. Yen kepingin
golek oleh-oleh ana ing sakiwa tengene parkiran akeh warga sing bakulan oleh-oleh. Salah
sawijining oleh-oleh khas Srambang yaiku gethuk maneka werna lan rasa.
Kapethik saka : Waskitha Basa Jawa 5

I. Wenehana tandha ping ( X ) aksara A, B, C utawa D ing wangsulan sing bener !


1. Irah-irahane wacan ing dhuwur yaiku...
A. Jatim Park B. Srambang Ngawi C. Gunung Lawu D.Taman Safari
2. Srambang Park mapan ing desa Girimulya,Kecamatan Jogorogo,Kabupaten…
A. Pacitan B. Madiun C. Ngawi D. Ponorogo
3. Miturut ciri – cirine, wacan ing dhuwur kalebu jinise wacan …
A. Narasi B. Argumentasi C. Eksposisi D. Deskripsi
4. Kabeh tumata kanthi apik ngresepake ati.Tembung ngresepake tegese ...
A. nyenengake B. nyusahake C. bingungake D.megelake
II. Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing bener !
5. Teks sing njlentrehake sawenah bab kanthi bukti-bukti kang kuwat, nganti kang maca
melu mbenerake lan yakin marang bab kasebut diarani teks ...
6. Tembung ’nulis layang’ yen ditulis nganggo aksara jawa ...
7. Aku ...es dawet,dene ibu ngunjuk kopi. Tembung kang trep kanggo ngisi titik-titik
yaiku ...
8. Karangan kang jlentrehakesawenah kedadean manut urutan wektune yaiku ...

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener !


9. Coba aranana tujuane penulisan teks deskripsi!
10. Coba aranana 4 ciri4cirine teks deskripsi!
KD.3.3. Mengenali, memahami dan mengidentifikasi berbagai ragam gaya Bahasa / basa
rinengga dalam konteks komunikatif.
I. Wenehana tandha ping (X) aksara A, B, C, utawa D ing wangsulan sing bener !
11. Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana diarani …
A. Parikan B. Pepindhan C. Panyendhu D. Panyandra
12. Rambute ngembang bakung. Ukara iki klebu ...
A. Panyendhu B. Panyandra C. Parikan D. Parikan
13. Tetembungan utawa ukara kang digunaake kanggo nyemoni utawa nacad diarani ...
A. Panyandra B. Pepindhan C. Panyendhu D. Parikan
14. Gandane arum jamban. Ukara iki kalebu ...
A. Payandra B. Panyendhu C. Pepindhan D. Parikan

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing bener!
15. Ukara kang digunakane kanggo madhakake samubarang kang tegese kaya diarani ... .
16. Tandange kaya bantheng ketaton. Ukara iki kalebu ... .
17. Ukara kang kadadean saka sampiran lan isi diarani ... .
18. Cilik-cilik gelange karet. Isih cilik ojo kesed. Ukara iki kabelu ... .

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!


19. Coba nggawea panyandra 1 wae!
20. Coba nggawea parikan 1 wae!

3.5 Mengenal, memahami dan mengidentifikasi teks cerita wewayangan/topeng dalang.


I. Wenehana tanda ping (x) aksara a, b, c utawa d ing wangsulan sing bener!
21. Ing wektu kang wis ditentokake, nalika rembulan ndadari sumunar padhang, kurawa lan
patih Sengkuni nindakake culikane. Purucana diutus ngobong Bale Sigala-gala nalika
kabeh padha turu kepati, sauntara Kurawa padha njagani ing sajabane. Crita wayang iki
lakone wayang ...
A. Kurawa Kawirangan C. Laire Arjuna
B. Bale Sigala-gala D. Kresna Dusta
22. Crita wayang Ramayana nyritakakae lelakon katresnane Rama lan Dewi Sinta.
Minangka pepalange yaiku ...
A. Duryudana B. Dasamuka C. Dursasana D. Patih Sengkuni
23. Mori, kain putih kang didadekade geber ing pagelaran wayang diarani ...
A. Blencong B. Gedebog C. Cempala D. Kelir
24. Crita wayang Mahabarata nyritakake lelakone Pandhawa lan ...
A. Kurawa B. Patih Sengkuni C. Semar D. Anoman

II. Isenana Ceceg-Ceceg ing ngisor iki nganggo tembang sing bener!
25. Pandhawa iku watake ... .
26. Raden Gathotkaca nduweni aji-aji ... .
27. Gedebog iku piranti ing pagelaran wayang, gunane kanggo ... .
28. Kurawa tansah culika, kepingin merjaya Werkudara supaya luwih gampang ngalahake
Pandhawa. Tembung culika tegese ... .

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!


29. Teks crita wayang iku duweni unsur intrinsik. Coba aranana 5 wae sing klebu unsur
intrinsik wayang!
30. Amanat/pitutur luhur apa sing bisa dipetik saka crita wayang lakon Bale Sigala-gala?

K.D. 3.6 Mengenal, memahami dan mengidentifikasi pasangan aksara Jawa


I. Wenehana tanda ping (X) aksara a,b,c utawa d ing wangsulan seing bener!
31. L S P Pasangan aksara Jawa iki wujude pasangan ...
A. Utuh B. Tugel ngarep C. Tugel mburi D. Wujud dhewe
32. Pasangan Aksara Jawa ing ngisor iki sing kalbeu wujude pasangan utuh yaiku ...
A. K B. W C. L D. Y
33. fkGw Aksara Jawa iki unine ...
A. Daksapa B. Dakkira C. Dakgawa D. Taksiya

34. Tembung “Mansur” yen ditulis nganggo Aksara Jawa…


A. ms/u B. mtu/ C. mkSu/ D. mfSu
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembang sing bener!
35. R G Y Z pasangan aksara jawa iki wujude pasangan ….
36. Pasangan wujude tugel ditulis ing … aksara kang dipasangi.
37. jerukBli aksara jawa iki unine …
38. Tembung “pak lurah” yen ditulis nganggo aksara jawa …

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!


39. Coba tulisen wujude pasangan Aksara Jawa kang wujude tugel mburi!
40. Kepriye carane nulis pasangan Aksara Jawa kang wujude utuh?

Anda mungkin juga menyukai