Anda di halaman 1dari 4

PEMERINTAH KABUPATEN KENDAL

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


GUGUS Mr. MOH YAMIN
Sekretariat : Jl. Pahlawan Gang Diponegoro No. 18 Kelurahan Kalibuntu Wetan Kendal 51318

PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) I SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2020 / 2021

LEMBAR SOAL
Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : IV (Empat)
Hari/Tanggal : Rabu, 9 Desember 2020
Waktu : 09.15 – 10.45 WIB

PETUNJUK UMUM
1. Tulislah semua jawabanmu pada lembar jawaban!
2. Tulislah nama dan nomor pada kolom yang tersedia!
3. Kerjakan lebih dahulu soal – soal yang kamu anggap mudah!
4. Teliti kembali pekerjaanmu sebelum kamu serahkan kepada Bapak/Ibu guru!
5. Jika hendak memperbaiki jawaban coretlah dengan dua garis mendatar
Contoh :
Jawaban salah Jawaban yang diperbaiki
A B C D A B C D

Muatan Pelajaran Bahasa Jawa – KD 3.1


I. Wenehana tandha ping (x) ana ing aksara A, B, C, utawa D ing ngarep wangsulan kang
trep!
Bocah Sekolah
Bocah-bocah kabeh bae,
Kang sregep ing sekolahe,
Aja lali ajarane,
Elingana salawase.

Saben sore iku kudu,


Ndhisikake padha sinau,
Perlune yen sesuk mlebu,
Ajarane kabeh klebu.

Sawise sinau maca,


Nui etung sawatara,
Anglantipke apalannya.
Kapethik saka: Riana Wati, Kumpulan Gegurita, Klaten, Intan Pariwara, 2012

1. Puisi ing duwur karipta dening ..........


a. Klaten c. Riana Wati
b. Intan Pariwara d. 2012
2. Kapan lan ono ngendi geguritan ing dhuwur digawe .....
a. Kendal, 2012 c. Kendal, 2020
b. Klaten, 2012 d. Klaten, 2020
3. Geguritan asale saka tembung “gurit” kang tegese .......
a. intonasi c. Ekspresi
b. Tulisan kang awujud tatahan d. Swara endah
4. Irah-irahan geguritan kasebut yaiku …
a. “Bocah Sekolah” c. “Sregep Sekolah”
b. “Aku Sekolah” d. “Bocah Sinau”
II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana kanthi tembung kang trep!
5. Penjiwaan utawa ekspresi nalika maca endah geguritan yaiku….
6. Anglantipke apalannya.
Tembung liyane anglantipke yaiku…….
III. Wangsulana kang pratitis
7. Critakna isi geguritan “Bocah Sekolah” nganggo basamu dhewe!

Muatan Pelajaran Bahasa Jawa – KD 3.2


I. Wenehana tandha ping (x) ana ing aksara A, B, C, utawa D ing ngarep wangsulan kang
trep!

Yudhistira utawa Prabu Puntadewa

Pambarepe Pandhawa madeg ratu ing Ngamarta jejuluk Prabu Puntadewa. Piyambake
misuwur ing jagad pewayangan kasinungan ludira seta utawa getih putih. Tegese Yudhistira
utawa Prabu Puntadewa ora bisa nesu. Prabu Puntadewa sabar banget. Mulane ya ora bisa
perang. Amarga saka sabare kuwi Prabu Puntadewa ora duwe mungsuh. Apa wae sing dijaluk
diwenehake. Aja maneh mung arupa bandha donya, kraton saisine, malah nyawane wae menawa
dijaluk mesthi bakal diulungake.

1. Kesatriyane Prabu Puntadewa ana ing…..


a. Astina c. Ngamarta
b. Palagan d. Tegal Kurusetra
2. Yudhistira iku ratu seng .....
a. Seneng banget perang c. Ora bisa perang
b. Pinter banget perang d. Kerep maju perang
3. Prabu Puntadewa iku ….. Pandhawa.
a. panengahe c. panenggake
b. pambarepe d. wuragile
4. Pandhawa cacahe ono …………, kurawa cacahe ono …..
a. 1, 100 c. 5, 1000
b. 5, 100 d. 1, 5
II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana kanthi tembung kang trep!
5. Perang Baratayuda iku perange Pandhawa mungsuh …
6. Yudhistira iku duwe getih …..
III. Wangsulana kang pratitis
7. Yudhistira kasinungan “ludira seta utawa getih putih”. Apa tegese?
Muatan Pelajaran Bahasa Jawa – KD 3.3
I. Wenehana tandha ping (x) ana ing aksara A, B, C, utawa D ing ngarep wangsulan kang
trep!
Upacara Adat Jawa Mitoni
Tingkeban/mitoni upacara iku salah siji saka tradisi Jawa, upacara iki uga disebut
mitoni asalé saka Pitu tembung sing sawijining makna pitu, upacara iki dianakaké ing
pitung sasi meteng lan pisanan kali. Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu
nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa
kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut
pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis
nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih
akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik
kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan
(nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake
wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren

1. Tradisi Mitoni dianakake wektu calon ibu nggarbini ……. sasi.


a. 3 c. 7
b. 5 d. 9
2. Brojolan yaiku……
a. nglebokake klapa gadhing enom
b. nglebokake klapa gadhing tua
c. nglebokake endhog pithik
d. medhot lawe
3. Ing dhaerah tartamtu, upacara mitoni uga diarani….
a. kendhuren c. nyadran
b. tingkeban d. sekaten
4. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iku luwih akeh.
Tembung reroncen tegese …......
a. akeh c. ronce
b. apik d. rangkaian
II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana kanthi tembung kang trep!
5. Medhot lawe utawa…… benang (janur).
Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku…
6. Wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis ….lan….
III. Wangsulana kang pratitis
7. Jelasno opo seng diarani upacara mitoni ?

Muatan Pelajaran Bahasa Jawa – KD 3.4


I. Wenehana tandha ping (x) ana ing aksara A, B, C, utawa D ing ngarep wangsulan kang
trep!
1. se[pf
Ukara iku yen diwaca…
a. sega c. sepatu
b. sepeda d. semangka

2. Artine “ha na car a ka” yaiku ...........


a. Ana utusan c. Pada kuwate
b. Utusane pada perang d. Lelorone podo matine
3. Artine “pa dha ja ya nya” yaiku ...........
a. Ana utusan c. Pada kuwate
b. Utusane pada perang d. Lelorone podo matine
4. spi[n lni lemu lemu Aksara jawa iku diwaca .....
a. sapiku lemu lemu
b. sapine lemu lemu
c. sapine lana lemu lemu
d. sapine lani lemu lemu
5. aj r[m r[m Aksara jawa iku diwaca .....
a. aja rame rame
b. aja melu melu
c. aja lemu lemu
d. aja mrene mrene
II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana kanthi tembung kang trep!
6. Aksara jawa diciptaake dening ….
7. me ri c , tembung ing sisih kiwa yen diwaca……
III. Wangsulana kang pratitis
8. Tulisana ukara “ aku lagi sinau” nganggo aksara jawa!
9. Tulisana ukara “aku bisa maca jawa ” nganggo aksara jawa!

Anda mungkin juga menyukai