Anda di halaman 1dari 4

PEMERINTAH KABUPATEN KEDIRI

DINAS PENDIDIKAN
UPTDSMPNEGERI 2 NGANCAR
Jln. Ir. Soekarno Desa Bedali Kecamatan Ngancar Kediri

SOAL PENILAIAN TENGAH SEMESTER GANJIL


TAHUN PELAJARAN 2020/2021
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : VIII (Delapan)
Semester : I (Satu) Waktu : 80 Menit

I. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi milih jawaban sing bener!
1. Karya sastra Jawa gagrag anyar awujud gancaran kang nyritakake perangan (sebagian) lelakon kang dialami paragane,
ngenani gegambaraning urip bebrayan, kang ngandhut pitutur, piweling lan pasemon (kritik) diarani...
a. cerkak c. novel
b. prosa d. drama
2. Kang dudu titikane cerkak yaiku...
a. wujude gancaran
b. kaiket guru gatra lan guru wilangan
c. pesen kang diandharake dening pangripta marang para pamaos
d. katrangan ngenani panggonan, wayah lan kahanan kang ana sajroning crita
3. Ngisor iki kang kalebu urutane struktur cerkak yaiku...
a. orientasi, koda, komplikasi, resolusi c. orientasi, komplikasi, koda, resolusi
b. orientasi, resolusi, komplikasi, koda d. orientasi, komplikasi, resolusi, koda
Wacanen kang setiti!
Aku diglandhang kanthi kasar menyang njero ruangane Pak Lurah. Pak Lurah dhewe sing ndukani “Sampeyan niku
pripun ta? Gadhah glugu ing ndhuwur omahe wong kok mboten ditegor, akibate dadi nyilakani! Sampeyan ngerti,
anake Pono, Sriyani, sirahe ketiban cengkir nalika gatheng ing latar. Bocahe klenger, saiki digawa menyang rumah
sakit. Upama mati, sampeyan apa ora diukum tenan?
4. Setting kahanan crita ing ndhuwur yaiku...
a. swasana kang adhem ayem. c. swasana panas kebak kanepson.
b. swasana kang nrenyuhake. d. swasana kang gawe seneng.
5. Perangane struktur teks cerkak kasebut nuduhake bageyan...
a. orientasi c. koda
b. komplikasi d. resolusi
6. Paraga utama kang ana ing perangan cerkak ing ndhuwur yaiku...
a. Tokoh aku c. Pono
b. Pak Lurah d. Sriyani

Wacanen kang setiti!


Ing waktu awan kuwi sing wis panas Eko, Ridho lan kanca-kancanesingisihngameningprapatan bangjo
padha drodosan kringete, gulune krasa garing,njur mlakuareptukues kanggonelesigulune.Nangingrada
adohsakakana anabocah ing pinggir dalanlankatone lagibingung.
7. Setting utawa latar kang ana ing perangan crita ing ndhuwur yaiku...
a. awan ing prapatan bangjo c. awan ing pinggire bakul es
b. awan ing dalanan d. awan ing omahe Eko
8. Paragraf ing ndhuwur miturut struktur tekskalebu perangane....
a. orientasi c. koda
b. komplikasi d. resolusi
9. Maneka warna puspa padha mekar mula katon endah sesawangane. Tembung puspa sinonime yaiku...
a. sekar c. gegodhongan
b. tembung d. wit-witan
10. Bu Ina ngasta ing SMP Kusuma Bangsa, tembung homonim ngasta ing ukara kasebut tegese...
a. nggawa c. murid
b. mulang d. mbeta
11. Angin sumilir sajak aweh daya kekuwatan, nglalekake ati rengka mangsa katiga, tembung homoninm katiga ing ukara
kasebut nduweni teges...
a. urutan katelu c. mangsa rendeng
b. mangsa udan d. mangsa ora ana udan
12. Gebyar-gebyar pating calorot busananing pengantin sarimbit, yen cinandra kadya daru lelana, sing gumebyar
yaiku...
a. pepaese penganten c. mahkothane penganten
b. dekorasine penganten d. agemane penganten
13. Mince pancen bocah ayu banget, idepe ... lan alise kaya ...
Panyandra perangane awak kang pas kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku...
a. tumengeng tawang, blarak sempal c. nanggal sepisan, tumengeng tawang
b. tumengeng tawang, nanggal sepisan d. ngandan-andan, nanggal sepisan
14. Tembung ‘sepi mampring, abang mbranang, edi peni, lsp’ iku kalebu tuladhane tembung....
a. tembung entar c. tembung garba
b. tembung saroja d. tembung camboran
15. Unen-unen “Anak polah bapa kepradah” kalebu paribasan kang nduweni teges...
a. Wong tuwa kang njaluk warah marang wong enom.
b. Wong tuwa kang nemu reribed jalaran polahe anak.
c. Wong kang weweh marang wong sing luwih sugih.
d. Wong kang gawe rusuh ing papan kang tentrem.
16. Ngisor iki kang kalebu tembung aran yaiku...
a. turu b. nulis\ c. tri d. [mj
17. Ngisor iki kang kalebu tembung kriya andhahan yaiku...
a. turu b. tulis\ c. nri d. [zopi
18. Struktur teks atur pambagya:
1) Wasana basa 3)Surasa basa 5)Salam panutup 7)Dudutan
2) Salam pambuka 4) Purwaka 6)Panyapa 8)Pangarep-arep
Urutane struktur teks atur pambagya ngisor iki sing bener yaiku...
a. (2)-(6)-(4)-(3)-(8)-(7)-(1)-(5) c. (2)-(6)-(4)-(3)-(7)-(8)-(5)-(1)
b. (2)-(6)-(4)-(3)-(1)-(5)-(7)-(8) d. (2)-(6)-(4)-(3)-(7)-(8)-(1)-(5)
19. Ukara ngisor iki sing kalebu basa ngoko lugu yaiku...
a. Bapak wingi sore tindak menyang Kediri. c. Ibu nimbali kula dipunutus tumbas soto.
b. Pak Warto tilem mawon amargi sakit waja. d. Sinta tuku gula ing tokone Bu Wira.
20. Ukara ngisor iki sing kalebu basa krama lugu yaiku...
a. Bapak wingi sore tindak menyang Kediri. c. Ibu nimbali kula dipunutus tumbas soto.
b. Pak Warto tilem mawon amargi sakit waja. d. Sinta tuku gula in tokone Bu Wira.

II. Wangsulana kanthi milih wangsulan “B” (Bener) lan “S” (Salah) kanggo ukara ngisor iki!
1. Cerkak yaiku sawijining karya sastra kang awujud gancaran (prosa).
2. Underane crita kang didadekake lelandesane crita diarani alur utawa plot.
3. Tembung ‘edi peni’ lan ‘guyub rukun’ iku kalebu tuladhane tembung saroja.
4. Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ngemu surasa pepindhan, sing dipindhakake
kahanan utawa sesipatane wong diarani paribasan.
5. Tetembungan kang durung owah saka asale diarani tembung andhahan.
III. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi njodohake wangsulan kang wis cumepak!
1. Tembung sing nduweni teges ora salugune diarani....
2. Tetembungan kang padha ejaanlan pelafalane nduweni teges kang beda diarani ...
3. Katrangan ngenani panggonan, wayah, lan kahanan kang ana sajroning crita diarani...
4. Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ngemu surasa pepindhan, sing dipindhakake
wonge diarani...
5. Basa kang dipaesi supaya ben endah diarani ...
a. entar c. saroja e. paribasan g. bebasan i. setting k. sinonim
b. rinengga d. alur/plot f. saloka h. tema j. panyandra l. homonim

IV. Wangsulana pitakon ngisor iki kanthi trep!


1. Dalane crita ana ing cerkak diarani...
2. Tetembungan kang nduweni teges padha utawa meh padha diarani...
3. Tembung loro utawa luwih sing nduweni teges padha utawa meh padha ananging digawe bebarengan
kanthi tujuan mbangetake diarani ...
4. Tembung ‘gedhe sirahe’, ‘dawa tangane’ iku kalebu jinise tembung...
5. “Saiki wis jam pira ta, kok kahanane wis sepi ..........?”
Tembung kang mathuk kanggo ngiseni ceceg kasebut yaiku...
V. Wangsulana pitakonan ngisor kanthi wangsulan kang patitis!
1. Andharna apa kang diarani cerkak!
2. Sebutna ciri-cirine cerkak!
3. Struktur teks cerkak iku ana papat jelasna!
4. Sebutna jinis-jinisetembung sing mbokngerteni!
5. Andharna tegese tetembungan iki banjur gawenen ukara!
(a) lunyu ilate
(b) nulung menthung
KUNCI JAWABAN SOAL PTS GANJIL BAHASA JAWA KELAS VIII
I. Pilihan Ganda

1 A 6 A 11 D 16 D
2 B 7 A 12 D 17 B
3 B 8 B 13 D 18 C
4 C 9 A 14 B 19 D
5 B 10 B 15 B 20 A

II. Pernyataan Benar/Salah

1 B
2 S
3 B
4 B
5 S

III. Soal menjodohkan

1 (a) entar
2 (l) homonim
3 (i) setting
4 (f) saloka
5 (b) rinengga

IV. Pertanyaan jawaban singkat


1. Alur
2. Sinonim
3. Tembung Saroja
4. Tembung Entar
5. Sepi mampring
V. Pertanyaan uraian
1. Cerkak yaiku karya sastra Jawa gagrag anyar awujud gancaran kang nyritakake perangan (sebagian) lelakon
kang dialami paragane, ngenani gegambaraning urip bebrayan, kang ngandhut pitutur, piweling lan pasemon
(kritik)
2. Ciri-ciri cerkak:
a. Awujud gancaran (prosa)
b. Isine bab lelakon utawa kedadeyan ing bebrayan
c. Ana paraga utama lan panyengkuyung
d. Ngandhut piweling, pitutur, pasemon lsp.
e. Dawane crita kurang luwih 1-5 kaca
3. Struktur cerkak
a. orientasi : pengenalan tokoh
b. komplikasi : muncul konflik
c. resolusi : penyelesaian
d. koda : amanat/pesan
4. Tembung aran, andhahan, kriya, wilangan, lsp.
5. a. lunyu ilate : lamis
b. nulung menthung : ditulungi malah gawe gela

Anda mungkin juga menyukai