Anda di halaman 1dari 10

Langkah Pengerjaan:

1. Isilah Nama, No. Absen, dan Kelas.


2. Kerjakan soal sesuai perintahnya.
- Untuk pilihan ganda, klik pada lingkaran huruf di depan jawaban yang benar.
- Untuk Isian dan Uraian, ketik jawaban di kotak yang disediakan.
3. Setelah semua soal selesai kamu jawab, Save jawabanmu.
4. Kirimkan kepada gurumu melalui WhatsApp atau email.

Nama

No. Absen

Kelas

Sumatif Tengah Semester Setiap Soal


Bernilai 2 poin.

A. Pilihlah jawaban yang benar!


Teks ing ngisor kanggo mangsuli pitakonan nomer 1–7!
Kawah Ijen yaiku awujud tlaga ing dhuwur Gunung Ijen kang kawangun amarga
bledhosane Gunung Ijen. Kawah iki manggon ing tengah kaldera paling amba ing Pulo
Jawa kang dhiametere 6 km. Ukurane kawah yaiku 960 meter × 600 meter kanthi jero
200 meter. Kawah iki manggon sajerone 300 meter ing ngisore dhindhing kaldera.
Kawah Ijen saka dhuwur Gunung Ijen katon endah. Kawah iki minangka tlaga
gedhe kang warnane ijo semu biru campur pedhut lan keluk belerang kang
nengsemake.
Hawa adhem krasa banget amarga suhune 10 derajat Celcius, bisa nganti
2 derajat Celcius. Maneka warna tetanduran tambah ngrenggani endahing
sesawangan. Tetanduran kang bisa ditemokake yaiku kembang edelweis lan cemara
gunung. Saben esuk nalikane srengenge wiwit sumunar ing Kawah Ijen, sesawangan
saindhenging kawah endah banget. Ing sakupenge lereng kawah sumebar wit-witan
manisrejo kang godhonge abang, bisa nambah sengseme ati sing nyawang.
1. Teks ing dhuwur klebu jinis teks ....

a. deskripsi

b. argumentasi

c. persuasi

d. narasi

2. Ukara kang trep karo surasane paragrap siji yaiku .... HOTS

a. Pengunjung bisa ngrasakake hawa adhem ing kawah.

b. Kawah Ijen duwe blue fire sing nengsemake.

c. Kawah Ijen dumadi saka bledhosane Gunung Ijen.

d. Ing Kawah Ijen akeh tanduran cemara gunung.


3. Kang ora diandharake sajroning teks yaiku ....

a. kahanan Kawah Ijen

b. sejarahe Kawah Ijen

c. jerone Kawah Ijen

d. dununge Kawah Ijen

4. Hawane ing Kawah Ijen adhem amarga suhune bisa nganti ... derajat Celcius.

a. 2

b. 8

c. 10

d. 16

5. Jerone Kawah Ijen yaiku ... meter.

a. 300

b. 250

c. 350

d. 200

6. Kang diandharake ing paragrap kapindho yaiku ....

a. dununge Kawah Ijen

b. kahanan swasana Kawah Ijen

c. sejarahe Kawah Ijen

d. ukurane Kawah Ijen

7. Adhedhasar pola pangembangane, teks ing dhuwur klebu jinis deskripsi ....

a. objektif

b. spasial

c. pawongan

d. subjektif
8. Sajroning panulisan teks deskripsi bisa gunakake basa pepindhan kanthi ancas
....

a. kanggo nambahi wacan

b. supaya katon endah

c. nguripake gambaran

d. supaya katon akeh

9. Salah siji jinis karangan deskripsi kang carane nggambarake objek kanthi
ditambahi angen-angene pangripta diarani deskripsi ....

a. objektif

b. deduktif

c. induktif

d. subjektif

10. Gatekna wacan ing ngisor!

Esuk iki ibuku arep mangsak sega goreng. Ibu wis nguleg brambang, bawang,
lombok, uyah, lan moto. Ibu banjur nyemplungake endhog ing wajan sing wis
panas lan diwenehi lenga. Sawise iku Ibu nyemplungake bumbu sing wis diuleg.
Yen wis dirasa arum, sega putih dilebokake karo suwiran iwak pitik. Banjur
digongso nganti kecarup kabeh.
Pratelan kang jumbuh karo wacan ing dhuwur yaiku .... HOTS
a. klebu teks deskripsi nggambarake mangsakan sega goreng

b. mujudake teks eksposisi yaiku carane gawe sega goreng

c. nuduhake teks persuasi

d. minangka teks narasi yaiku nyritakake wektu

Wacan ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 11–13!


Panganan tradhisional iku maneka warna jinise. Salah sijine yaiku gethuk
kang mujudake panganan saka bahan tela. Gethuk dicawisake karo parutan klapa.
Lumrahe gethuk didol ing pasar tradhisional. Gethuk klebu keleman jajan pasar.
Gethuk diwungkus godhong gedhang. Saiki gethuk ana sing wernane coklat, abang,
lan ijo.
11. Paragrap ing dhuwur klebu jinis teks ....

a. deskripsi

b. argumentasi

c. persuasi

d. narasi

12. Sing dicritakake sajroning wacan yaiku ....

a. carane gawe gethuk

b. panganan gethuk

c. ngajak gawe gethuk

d. sejarahe gethuk

13. Gethuk klebu keleman amarga ....

a. anane ing pasar

b. digawe maneka warna panganan

c. kagawe saka tela pendhem

d. diwungkus godhong gedhang

14. Kang diandharake ing wacan deskripsi yaiku ....

a. proses

b. sawjining panemu

c. informasi

d. kahanan, papan, lan manungsa

15. Kapisanan ditindakake kanggo nulis karangan deskripsi yaiku ....

a. wawan rembug marang sadhengah pawongan

b. gawe salam pambuka

c. nemtokake bab kang arep ditulis

d. gawe salam panutup


16. Nalika arep nulis teks deskripsi saka objek omah yaiku babagan ....

a. carane gawe

b. wujude

c. critane

d. jinise

17. Ancas utamane teks persuasi yaiku kanggo ....

a. ajak-ajak pamaca

b. nggambarake kanthi cetha

c. nyritakake proses

d. nyritakake kedadean

Wacanen tembang macapat ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 18–
23!
Welingku kanggo anakku,
ngecaki lakuning urip,
kudu tumindak utama,
mring wong tuwa uga ...,
mugya padha bagya mulya,
tentrem urip batin.
18. Kanggo jumbuhake paugeran lan jinis tembang, tembung kang trep kanggo
ngiseni ceceg-ceceg sajroning tembang yaiku .... HOTS

a. mituhu

b. ngabekti

c. urmat

d. bekti

19. Tembang ing dhuwur yaiku tembang ....

a. Kinanthi

b. Pocung

c. Gambuh

d. Mijil
20. Tembang ing dhuwur mujudake pitutur kang kawedharake dening ....

a. anak

b. sedulur

c. wong tuwa

d. wong liya

21. Guru wilangan tembang ing dhuwur yaiku ....

a. 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

b. 8, 8, 8, 8, 8, 8

c. 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8

d. 7, 10, 12, 8, 8

22. Tembang macapat ing dhuwur duweni watak ....

a. seneng

b. sereng

c. galak

d. sedhih

23. Piwulang kang ana sajroning tembang yaiku ....

a. nglakoni urip kudu tumindak utama, bekti marang wong tuwa supaya uripe
tentrem

b. piwelinge Ibu marang anak supaya sregep sinau lan mituhu dhawuhe guru

c. kuwajibane anak kudu manut marang dhawuhe wong tuwa

d. wong tuwa kudu bisa ngandhani marang anak supaya ora gawe wirang

24. Tembang macapat mujudake tembang Jawa kang uga diarani ....

a. tembang madya

b. tembang alit

c. tembang tengahan

d. tembang ageng
25. Tembang macapat kang kawangun saka pirang-pirang pada utawa bait kang isih
siji jinis tembang diarani ....

a. pada

b. laku

c. gatra

d. pupuh

26. Sajroning macapat ana saweneh paugeran kang pinathok. Salah sijine yaiku
cacahing wanda saben sagatra kang ingaran guru ....

a. gatra

b. lagu

c. swara

d. wilangan

27. Ing ngisor iki kang ora mujudake watake tembang Kinanthi yaiku ....

a. sengsem

b. asih

c. tresna

d. seneng

28. Ing ngisor iki kang nuduhake paugeran guru wilangan lan guru lagu tembang
macapat Gambuh yaiku ....

a. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

b. 12u, 8i, 8u, 8i, 8o

c. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

d. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i


29. Sing diarani guru wilangan yaiku ....

a. cacahing wanda saben sapada

b. cacahing wanda saben sagatra

c. tibaning swara ing pungkasan gatra

d. cacahing gatra saben sapada

30. Kang diandharake sajroning teks narasi yaiku ....

a. panemu

b. informasi

c. kahanan sawijining objek

d. kedadean

Setiap Soal
B. Isilah dengan jawaban yang benar! Bernilai 2 poin.

1. Nalika gawe irah-irahan teks deskripsi prayogane nggunakake tembung sing

2. Deskripsi iku karangan deskripsi kang carane


nggambarake objek kanthi apa anane.

3. Ngajak pamaca supaya nindakake kaya sing diwedharake dening panulis yaiku
ancase

4. Maca nyaring yaiku maca nyuwarakake tulisan kang diwaca kanthi


lan kang trep.

5. Surasane teks deskripsi yaiku

6. Guru wilangan lan guru lagu 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i diduweni tembang

7. Tembang macapat sing duweni gatra 6 larik yaiku tembang

8. Tembang macapat kawengku paugeran. Salah sijine yaiku guru gatra. Tegese
gatra yaiku
9. Tembang macapat kang gunggunge gatra paling akeh yaiku tembang

10. Tembang macapat Pocung duweni watak

C. Isilah dengan jawaban yang benar! Setiap Soal


Bernilai 4 poin.
1. Wacanen paragrap ing ngisor!
Heni nyambut gawe dadi guru ing pawiyatan dhasar. Pawakane Heni dhuwur
lencir, rambute ireng janges dawane sepundhak. Heni grapyak sumanak marang
sapa bae. Heni dadi guru paling enom ing sekolahan.
Apa objek kang digambarake sajroning paragrap kasebut?

2. Wacanen paragrap ing ngisor kanthi permati!


Tembok kamarku wernane biru langit lan digambari rerangken gunung
kinanthenan wit-witan kang ngrembuyung. Kabeh mau sing nggambar kangmasku
amarga pancen pinter nggambar. Ing pojok tengen ana dipan lan sisih kiwa ana
meja kanggo sinau. Meja iku ana lampu sinau lan ngisore ana laci kanggo nata
buku pasinaon.
Miturut pangertenmu, apa jinis paragrap deskripsi ing dhuwur? Andharna! HOTS

Mangertenana tembang macapat ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer


3–5!
Yen wong anom-anom iku,
kang kanggo ing masa iki,
andhap asor kang den simpar,
umbag gumunggunging dhiri,
obral umuk kang den gulang,
kumenthus lawan kumaki.
3. Kanthi nintingi paugerane, apa jeneng tembang ing dhuwur?

4. Tulisen paugeran guru tembang macapat ing dhuwur!


5. Apa tegese gatra kapapat?

Nilai

Anda mungkin juga menyukai