Anda di halaman 1dari 6

1.

Kumpulaning tembang sawarna kang kadadean saka pirang-pirang pada lan kang
surasaning cakepane siji lan sijine ana gegayutane iku diarani . . .
a. Pupuh
b. Pada
c. Guru gatra
d. Guru wilangan
e. Guru lagu
2. Paugeran cacahing larik ana ing tembang saben sapadane, diarani . . .
a. Tembang
b. Guru gatra
c. Cakepan
d. Irama
e. Cengkok
3. Paugeran dhong dhinging swara utawa sukon-wuloning swara ana ing saben
pungkasaning gatrane tembang iku diarani . . .
a. Pupuh
b. Pada
c. Guru gatra
d. Guru wilangan
e. Guru lagu
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur angkara
4. Yen ditingali saka guru gatra, guru wilangan lan guru lagune tembang ing duwur kalebu
tembang ….
A. Maskumambang
B. Megatruh
C. Pocung
D. Dandanggula
E. Asmaradana

5. Pesen moral kang bisa dijupuk saka tembang ing dhuwur kajaba ….
A. Ilmu kuwi angel golekane
B. Ilmu bisa manfaat kanggo awak dewe lan wong liya
C. Ilmu bisa ngawa perubahan kang sae
D. Ilmu kang sae tentu bisa migunani
E. Ilmu kang didasari budi pakerti luhur bisa ngalahakesifat kang awon

6. Pathokane tembang Pocung yaiku . . .


a. Gatra ; 6, wilangan: 8,8,8,8,8,8 lagu: u,I,a,I,a,i
b. Gatra ; 4 wilangan : 12, 6,8,12 lagu ; u,a,I,a
c. Gatra; 5 wilangan : 7,10,12,8,8 lagu: u,u,I,u,u
d. Gatra ; 7 wilangan ; 8,8,8,8,7,8,8 lagu : I,a,e,a,a,u,a
e. Gatra; 5 wilangan : 12,8,8,8,8, lagu : u,I,u,I,o
7. Ing ngisor iki kang dudu cirri-cirine tembang Pocung yaiku . . .
a. Dumadi seko patang gatra
b. Watake sumanak sumadulur
c. Guru lagu kang pungkasane u
d. Cocok kanggo crita kang laras
e. Guru wilangan lan guru lagune 12u,6a,8i,12a

POCUNG
Nunggal alat bisa ceting nambah kawruh
Nampa nyimpen gambar
Saka saindhenging nagri
Komputer lan telepon kanggo sarana

8. Batangane (jawaban) saka tembang Pocung yaiku ....


a. HP
b. Internet
c. Telepon
d. Pulsa
e. Faximile
9. Guru wilangan lan guru lagu tembang Pocung gatra kapisan, yaiku...
a. 6 a
b. 6 i
c. 12 h
d. 12 u
e. 13
10. Isi kang kamot sajroning tembang macapat kang ngandharake wetunning rasa pujangga
yaiku…
a. wujud tembang
b. watak tembang
c. gaya basa
d. pesen/amanat/pitutur luhur
e. cakrik utawa model
11. Jingglengana tembang Pocung iki!
Bapak pocung
Rupamu saingga gunung,
Tan ana kang tresna,
Saben uwong mesti sengit,
Yen kanggonan den lus-elus tinangisan

Tembang ing dhuwur iku kalebu . . .


a. Gambuh
b. Durma
c. Sinom
d. Pangkur
e. Pocung
12. Suntingan kang bener tumrap tembung merhatekake ing ukara. “ kowe kudu merhatekake
guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.” . yaiku . . .
a. Nggatekna
b. Nggatoske
c. Nggatekake
d. Merhatikna
e. Merhatikake
13. “ Pada punika artosipun sami kaliyan bait ing basa indonesia”. Tembung artosipun ing
ukara iku yen disunting, tembung kang bener yaiku . . .
a. Artine
b. Tegese
c. Tegesana
d. Artinipun
e. Tegesipun
14. “ Miturut pendapatku tembang Pocung iku paling gampang ditembangke “
Tembung pendapatku ing ukara dhuwur iku,yen disunting,tembung kang bener yaiku . . .
a. Temuanku
b. Pangiraku
c. Panemuku
d. Perasaanku
e. Anggepanku

MAKMUR NING AJUR


……………………….” mengko mbengi Mami arep kulak dagangan maring
Bandung, Pap. Dadi Papi sing kudu njaga kiose. Eman-eman angger tutup, mengko
rejeki atusan ewu ilang. Pokoke Papi kudu bisa ijin,” Omonge bojone tambah rosa,
tur madan kesuh.
Sugeng ora semaur. Gagean motore destater terus diplayokna metu sekang ngumah
maring sekolahan. Ora nganti seprapat jam wis gutul. Montor diparkir, Sugeng mlebu
kantor terus njagong. Garapane sing wes tumpuk undung ora disenggol acan merga
pikirane putek kemutan polahe bojone sing tambah wani goli ngatur wong lanang.
Jane Sugeng ya jengkel. Umpamane ora melas, bojone arep dikampleng supayane
dadi kawus. Ning yen dipikir malah nambahi geger thok lan isin karo tanggane.
Mulane Sugeng trima meneng bae. Sing aneh, Yanti gemiyen lagi isih mlarat
ngundange Mas maring Sugeng. Siki bareng sugih ngundange Papi. Diundang Bu ora
gelem karepe Mami.
15. Sekang pethikan cerkak nang dhuwur watake Yanti yaiku…
a. Sabar lan narima
b. Ngabekti maring wong lanang
c. Jujur lan ngati-ati
d. Wani lan seneng ngatur bojone
e. Seneng ngapusi
16. Uripe Yanti yen diumpamakna nganggo paribasan yaiku…
a. Ana catur mungkur
b. Sing sapa nandur bakal ngunduh
c. Becik ketitk ala ketara
d. Jalukan ora wewehan
e. Kere munggah bale
17. Panulisan irah-irahan pethikan teks novel kang bener yaiku . . .
a. Lintang-lintang dadi Ayu
b. Lintang-Lintang Dadi Ayu
c. lintang-lintang dadi ayu
d. Lintang-lintang dadi ayu
e. Lintang-lintang Dadi Ayu
18. Babagan bobot iku magepokan karo . . .
a. Rupa
b. Kapinteran
c. Solah tingkah
d. Garis keturunan
e. Bandha donya
19. Wing jejodhowan iku kudu nggatekake babagan bibit. Kang diarani bibit. Kang diarani
bibit iku . . .
a. Keluwarga
b. Anak turune
c. Bapak ibune
d. Garis keturunane
e. Sedulur-sedulure
20. Katitik saka dhiyalog antarane Kinanti lan Yulia bisa dimangerti watak paraga.
Watak Yulia iku . . .
a. Kaku
b. Luwes
c. Kemaki
d. Angkuh
e. Semanak
21. Tema pethikan novel “ Kinanthi” ing dhuwur yaiku . . .
a. Katresnan
b. Keluwarga
c. Bebrayan
d. Kabagyan
e. Kasangsaran
22. Latar papan ing pethikan teks novel yaiku . .
a. Solo
b. Klaten
c. Salatiga
d. Magelang
e. Ngayogyakarta
23. “Mas, asmanipun sinten?” pitakonane Kenya iku. Basa sing dienggo Kenya iku kalebu . .
a. Basa ngoko
b. Basa madya
c. Basa krama
d. Basa kadhaton
e. Basa krama inggil
24. Ing ngisor iki kang dudu paugeran parikan yaiku . . .
a. Kadadeyan saka rong ukara
b. Migunakake purwakanthi swara
c. Saben gatra dumadi saka rong ukara
d. Saben ukara kedadeyan saka rong gatra
e. Gatra kapisan minangka pambuka, gatra kapindho minangka isi
25. Kembang adas,sumebar tepining alas
Bacutne parikan ing dhwuwur yaiku . . .
a. Tiwas adus,sliramu ora nggagas
b. Tiwas nggagas,kowe blas ora eling
c. Tiwas mampir, kowe ora ana ngomah
d. Tiwas bablas,ora ana wos sing mampir
e. Tiwas-tiwas,ngkabuhi wong ora nggagas
26. “ Bir temu lawak, lambe njedhir kaya luwak”
Unen-unen ing dhuwur iku kalebu . . .
a. Wangsalan
b. Cangkriman
c. Parikan
d. Paribasan
e. Bebasan
27. Esuk nembang sore nembang,tembange asmaradana
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ., sing diadang ra teka-teka
Kanggo jangkepi parikan ing duwur, ukara kang jumbuh yaiku . . .
a. Kapan-kapan aku keturutan
b. Esuk ngadang sore ngadang
c. Yen eling sambangono
d. Sih cilik-cilik dikudang-kudang
e. Esuk nyuling sore nyuling
28. Ing ngisor iki titikane parikan, kajaba . . .
a. Cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindo
b. Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka , dene ukara sabanjure minangka isi(wose)
c. Cacahe larik bebas
d. Parikan bisa kadadeyan saka rong gatra , nanging uga bisa patang gatra
e. Bisa kadadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kadadeyan saka
wolung wanda saben sagatra
29. Parikan iki tutugna!
Sega punar lawuh empal,segane penganten anyar
Dadi murid aja nakal, . . .
a. Luwih becik sing prasaja
b. Kudu anteng ati sabar
c. Bareng tak cekel dadak bojoku dhewe
d. Dadi murid kudu pinter
e. Mumpung enom sregep makarya
30. Basa kang digunakake nalika kowe matur karo bapak/ibu gurumu, yaiku . . .
a. Ngoko lugu
b. Ngoko andhap
c. Krama
d. Karma inggil
e. Karma andhap

Anda mungkin juga menyukai