Anda di halaman 1dari 5

SOAL-SOAL UTS BAHASA JAWA

A. Pilihen jawaban sing bener!


1. Ukara-ukara ing ngisor iki sing ngggunaake basa kromo alus yaiku
a. Pak Dian mangkat kerja
b. Bapak badhe tindak menyang Jakarta
c. Ibu badhe mangan pelem
d. Rio maos koran
2. Salah sijining karya sastra Jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati. Kang
diungkapaken penyair diarani…
a. Paribasan
b. Geguritan
c. Macapat
d. Purwakanthi
3. ….
Bu guru, pak guru
Lamun tanpa panjenengan
Bisa apa aku nepaki bumi iki?
Leladimu marang aku\
Ora timbang karo piwelasku
Apa tema kang bisa dijukuk saka geguritan ing duwur?
a. Pendidikan
b. Lingkungan
c. Pahlawan
d. Agama
4. Ing ngisor iki ciri-cirine geguritan, kajaba….
a. Migunakake tembang-tembang kang endah
b. Isine apik lan becik
c. Isine piweling pitutur
d. Sajake kaiket
5. Saben esuk Riana nyirami kembang
Wasesane ing ukara kasebut yaiku…
a. Riana
b. Nyirami
c. Saben esuk
d. kembang
6. Tiara tuku layangan ing toko
Lesane ing ukara kasebut yaitu……..
a. Tiara c. tuku
b. Layangan d. toko
7. Ukara-ukara ing ngisor iki sing duwe pola jejer-wasesa-lesan-ketrangan wektu yaitu….
a. Kiki sinau nulis ing kamar
b. Ibu tindak menyang Lamongan
c. Sita dolanan layangan ing lapangan
d. Anwar sinau Bahasa Jawa wae esuk
8. Wetenge Sari diblonyohi minyak kayu putih supaya ora masuk angin. Ukara ing duwur
kasebut pola?
a. Jejer-wasesa-lesan-ketrangan sebab
b. Jejer-wasesa-lesan-ketrangan tujuan
c. Jejer-wasesa-lesan-ketrangan cara
d. Jejer-wasesa-lesan-ketrangan wektu
9. Basa Krama alus prayogane digunakake tumrap kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba.
a. Anak marang bapak/ibune
b. Putu marang eyang/simbah
c. Murid marang gurune
d. Bapak marang anak
10. Unen-unen kang ajeg panggone, mawa teges wantah, lan ora ngemu surasapepindhan
diarani….
a. Geguritan
b. Paribasan
c. Macapat
d. Sandi asma
11. Cacahing wanda saben sagatra sajroning tembang macapat diarani
a. Guru lagu
b. Guru gatra
c. Guru wilangan
d. Guru swara
12. Njajah desa milangkori
Paribasan ing dhuwur iku tegese apa?
a. Nacad nanging sebenere metik
b. Lelungan menyang ngendi-endi
c. Rupane bagus tur luhur budine
d. Durung sembada nanging kepingin sing ora-ora
13. Ngandalake kekuatan, keluhuran, kepinteran
a. Becik ketitik ala ketara
b. Mbidung api rowang
c. Adigang adigung adiguna
d. Ancik ancik pucuking eri
14. Timbang watake sembrana parikena yaiku tembang….
a. Gambuh
b. Pucung
c. Megatruh
d. Maskumambang
15. Cacahe wanda saben sak gatra diarani
a. Guru lagu
b. Guru gatra
c. Guru wilangan
d. Geguritan
16. Guru gatrane tembang sinom ana…
a. 7 c. 9
b. 12 d. 10
17. Srinata, logendhang iku sasmitane tembang….
a. Sinom
b. Gambuh
c. Kinanthi
d. durma
18. Mingkar mingkure angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukana
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming siji
Tembang ing dhuwur iku kasebut tembang….
a. Pucung
b. Pangkur
c. Durma
d. Sinom
19. Wujude ater-ater anuswara yaiku
a. Dak-, kon-, di-
b. Sa-pa, pri-, pra-
c. Kuma-, kapi-, kami-
d. M-, n-, ny-, ng-
20. Sapa sing (jawil) aku mau?
Tembung njero kurung benere…..
a. Njawil
b. Jawilana
c. Kok jawil
d. Dijawil
B. Garapen minurut prentahe!
1. Ukara ing ngisor owahana dadi krama alus
a. Pak Prayitno arep lunga menyang Bali
b. Ibu mantuk pasar numpak motor
2. Ukara-ukara ing ngisor iki terangna tegese
a. Jer basuki mawa bea
b. Anak polah bapa kepradah
3. Gawea ukara kang polane Jejer-Wasesa-Lesan-Ketrangan panggonan
4. Ja padha seneng nesu
Karo kanca seneng tukar padu
Ngundamana agawe seriking ati
Kalamun nganti kebacut
Dadi serasaning uwong
Kepriye guru wilangane tembang gambuh ing dhuwur?
5. Sebutna wernane seselan lan wenehana tuladhane!

Anda mungkin juga menyukai