Anda di halaman 1dari 31

Materi Lan Tugas PJJ Daring

Bahasa Jawa SMP/MTs

Wulangan 6
Semester 2 (Ganep)
Kelas VII (Pitu) SMP/MTs
Tembang Macapat
Saderengipun miwiti pasinaon
mangga nindakaken
Protokol Kesehatan

1. Ngagem masker.
2. Wijik ngagem sabun/hand sanitazer.
3. Njagi jarak kaliyan kancanipun,
menawi sinau sareng-sareng.
Pertemuan 1
Kompetensi Dasar (KD) :
3.6 Memahami struktur teks, unsur kebahasaan,
dan pesan moral tembang macapat dan lagu
kreasi secara lisan dan tulis.

Indikator :
3.6.1 Menjelaskan makna teks tembang macapat.
3.6.2 Menjelaskan watak dan sasmita tembang
macapat.
3.6.3 Mengidentifikasikan struktur teks tembang
macapat.
Apersepsi
Ayo nglestarekake budaya Jawa warisane para
leluhur kanthi sinau nembang macapat...!
Pangerten lan Paugerane Tembang
Macapat
Pangertene Tembang Macapat
Tembang macapat yaiku sawijine tembang utawa puisi gagrag
lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu, yaiku nduweni guru
gatra, guru wilangan lan guru lagu.

Paugerane Tembang Macapat


1. Guru gatra, yaiku cacahe larik ing saben pada (bait).
2. Guru wilangan, yaiku cacahe wanda (suku kata) ing saben
gatra (larik).
3. Guru lagu, yaiku tibane swara ing saben pungkasane gatra.
Jinise Tembang Macapat

1. Mijil 7. Maskumambang
2. Kinanthi 8. Durma
3. Sinom 9. Pangkur
4. Asmarandana 10. Megatruh
5. Dhandhanggula 11. Pucung
6. Gambuh
Jinise Guru Guru Wilangan lan Guru Lagu
Tembang Gatra
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10

Mijil 6 10i 60 10e 10i 61 6a


Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i
Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
Asmara- 7 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a
ndana
Dhandhang- 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
gula
Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o
Maskumam- 4 12i 6a 81 8a
bang
Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i
Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o
Pucung 4 12u 6a 8i 12a
Tuladha Tembang Macapat
Kinanthi
(Laras Slendro Pathet 9)
1. Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran kang den esthi,
pesunen sariranira,
cegahen dhahar lan guling.

2. Dadiya lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
suda prayitnaning batin.
3. Yen wis tinitah wong agung,
aja sira gunggung dhiri,
aja raket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anenulari.

4. Nadyan asor wijilipun,


yen kalakuawane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak kang budi.
 
Sumber: Serat Wulangreh, anggitanipun: Sinuhun Pakubuwana IV
Kamus Kecik
gulangen = latihlah
kalbu = hati
amrih = supaya
lantip = pintar, pandai
nendra = tidur
kaprawiran = keberanian
kaesthi = dijangkau, diraih (jinangka)
pesunen = kendalikan, menahan diri
sarira = diri, awak
prayitna = berhati-hati
tinitah = ditakdirkan
gunggung = sombong, kumalungkung
satemah = akhirnya, wusanane
wijilipun = wujudnya, lahirnya
misil = hasil
darapon = supaya
prawira = berani
TUGAS 1
Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!
1. Tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang macapat apa?
2. Apa kang kudu dilatih supaya bisa pinter manut tembang
macapat ing dhuwur?
3. Dadi wong iku “aja pijer mangan nendra”, apa tegese ukara
kasebut?
4. Apa kang dijangka manut isine tembang ing pada kapisan?
5. Apa tegese ukara “sudanen dhahar lan guling manut wacana
tembang kasebut?
6. Wong kang ora bisa nyegah dhedhaharan, kakehan turu, lan
gawene seneng-seneng iku suda apane?
7. Yen wis dadi wong gedhe/penggedhe manut geguritan
kasebut ora pareng kepriye?
8. Apa sebabe kita ora pareng raket-raket (terlalu akrab) karo
wong kang ala (jahat)?
9. Kita bisa kekancan karo wong cilik lan sapa wae kang baku
kalakuwane kepriye?
10. Apa tegese “wong kang sugih carita” ing pada ka-4
tembang Kinanthi ing dhuwur?
Wewatekan lan Sasmitaning Tembang Macapat

Tembang Sasmitane Wewatekane


Mijil mijil, pamijil, wijil, tinarbuka, mula pantes
wiyos, raras, kanggo nelakake pitutur
medal, sulastri nasehat lan uga crita
katresnan utawa asmara
Kinanthi kinanthi, kanthi, seneng, tresna asih,
gandheng, mitutura, nuladhani, mula
kanthil lumrahe kanggo menehi
pitutur lan crita kang
nelakake rasa tresna asih
Sinom sinom, taruna, sabar grapyak, lan sumanak
anom, weni, nom, mula lumrahe kanggo
srinata pamase, nelakake crita kang ngemu
logondang, rema, piwulang lan pitutur
pangrawit, mudha
Wewatekan lan Sasmitaning Tembang Macapat

Tembang Sasmitane Wewatekane


Asmara- asmaradana, tresna asih lan sedih, mula
ndana asmara, pantes kanggo nelakake rasa
brangta,kingkin, brangta, kayungyun, tresna
yungyun asih, lan crita katresnan
liyane
Dhandhang- dhandanggula, luwes, kewes lan ndudut ati,
gula sarkara, hartati, mula pantes kanggo
dhandang, madu, nelakake crita apa bae ing
manis, sari ngendi bae, lan kahanan apa
bremana, gula bae
drawa gagak,
kaga, tresna
Gambuh gambuh, buh, grapyak, sumanak, mula
jumbuh, tambuh cocok kanggo nyritakake
Wewatekan lan Sasmitaning Tembang Macapat

Tembang Sasmitane Wewatekane


Maskumam- maskumambang susah utawa sedih lan melas
bang , kampul, asih mula cocok kanggo
maskentir, nelakake rasa kesedihan
kambang, kentir kang ngenesake
Durma durma, dur, galak, seneng, lan ngemu
undur, sirna, kenepson, mula cocok
galak kanggo wong kang ana ing
kahanan paprangan

Pangkur pangkur, wuntat, seneng, antepan ati lan


pungkur, ungkur, gagah, mula pantes kanggo
yudakenaka nyritakake crita kagol,
mangkelake, pitutur kang
disebabkake rasa mangkel
lan uga kahanan paprangan
Wewatekan lan Sasmitaning Tembang Macapat

Tembang Sasmitane Wewatekane


Megatruh dudukwuluh, truh, sedih lan kentekan pangarep-
megatruh, pegat, arep mula lumrah kanggo
duduk, wuluh, luh nelakake crita kang
nggrantesake ati
Pucung pucung, kaluwak, sakepenake lan kurang greget,
wanda cung lumrahe kanggo nelakake
geguyonan lan pitutur

Sumber: Buku “Widya Basa”


Dening: Tresno Sukendro lan
Karti Tuhu Utami
Jakarta: Erlangga 2019
TUGAS 2
Andharna wewatekan lan sasmitane saka
tembang Kinanthi! Manut panemumu tembang
Kinanthi iku pantese kanggo ngandharake rasa
pangrasa (perasaan) kang kepriye?
Wangsulane: ....................................................
.......................................................................
...................
.......................................................................
.......................................................................
.......................................................................
Struktur Teks Tembang Macapat
 Ing sawijining karya sastra kang tinulis awujud tembang
macapat lumrahe dibagi dadi pirang-pirang pupuh.
 Saben pupuh dibagi pirang-pirang pada (bait).
 Saben pupuh lumrahe nggunakake metrum kang padha.
 Metrum iki gumantung marang watak isi teks kang
dicritakake.
 Cacahing pada ing saben pupuh beda-beda gumantung
cacahing teks kang digunakake.
 Wondene saben pada (bait) dibagi dadi pirang-pirang
gatra (larik).
 Sawetara saben gatra nduweni cacah wanda (suku kata)
kang gumathok kang diarani Guru Wilangan lan tibaning
aksara swara (vokal) ing saben pungkasaning gatra kang
diarani Guru Lagu.
Tuladha Tembang Macapat

Kinanthi
1. Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran kang den esthi,
pesunen sariranira,
cegahen dhahar lan guling.

2. Dadiya lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
suda prayitnaning batin.
3. Yen wis tinitah wong agung,
aja sira gunggung dhiri,
aja raket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anenulari.

4. Nadyan asor wijilipun,


yen kalakuawane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak kang budi.
 
Sumber: Serat Wulangreh, anggitanipun: Sinuhun Pakubuwana IV
Tugas 3

Wangsulana kang patitis!


1. Tembang Kinanthi ing dhuwur dumadi pirang
pada (bait)?
2. Tembang Kinanthi ing dhuwur saben pada
dumadi saka pirang gatra (larik)?
3. Tulisen guru wilangane lan guru lagune tembang
Kinanthi ing dhuwur!
 
Fotonen tugas-tugasmu ing dhuwur!

Banjur kirimen marang Bapak/Ibu


Guru!
Pertemuan 2:
Kompetensi Dasar (KD) :
4.6 Melagukan dan mengungkapkan pesan
tembang macapat dan lagu kreasi

Indikator :
4.6.1 Membaca notasi tembang macapat dan lagu
kreasi.
4.6.2 Melagukan tembang macapat dan lagu kreasi.
4.6.3 Menyimpulkan pesan moral tembang
macapat.
Maca Titi Laras Tembang Macapat
Kinanthi
Laras Slendro Pathet Sanga
5 6 6 6 6 1 2 2
Pa dha gu la ngen ing kal bu
 
2 2 1 1 6 6 1 5 6
ing sas mi ta a mrih lan tip
 
5 6 1 1 1 1 1 6 1
a ja pi jer ma ngan nen dra
 
5 5 5 5 5 2 32 1
ka pra wi ran kang den es thi
 
1 2 3 5 5 5 5 5
pe su nen sa ri ra ni ra
 
3 2 2 2 2 3 2 3 5
ce gah en dha har lan gu ling
Nglagokake Tembang Macapat
Kinanthi
(Laras Slendro Pathet 9)
1. Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran kang den esthi,
pesunen sariranira,
cegahen dhahar lan guling.

2. Dadiya lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala wateke wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
3. Yen wis tinitah wong agung,
aja sira gunggung dhiri,
aja raket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anenulari.

4. Nadyan asor wijilipun,


yen kalakuawane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak kang budi.
 
Sumber: Serat Wulangreh, anggitanipun: Sinuhun Pakubuwana IV
Kamus Kecik
gulangen = latihlah
kalbu = hati
amrih = supaya
lantip = pintar, pandai
nendra = tidur
kaprawiran = keberanian
kaesthi = dijangkau, diraih (jinangka)
pesunen = kendalikan, menahan diri
sarira = diri, awak
prayitna = berhati-hati
tinitah = ditakdirkan
gunggung = sombong, kumalungkung
satemah = akhirnya, wusanane
wijilipun = wujudnya, lahirnya
misil = hasil
darapon = supaya
prawira = berani
Nyimpulake Pesen Moral Tembang Macapat
Tuladha pada (bait) 1:
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.

Pesen morale:
Kita kudu ngulinakake tanggap ing sasmita, aja mung
ngenakake awak wae, ananging kudu tansah duwe niyat lan
usaha kang becik, sarta bisa ngendhaleni diri kanthi nyuda
mangan lan turu.
Tugas 4
Golekana pesen morale saka tembang Kinanthi ing ngisor iki!
1. Dadiya lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
suda prayitnaning batin.
Pesen morale: ...........................................................................

2. Yen wis tinitah wong agung,


aja sira gunggung dhiri,
aja raket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anenulari.
Pesen morale: ...........................................................................
3. Nadyan asor wijilipun,
yen kalakuawane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak kang budi.

Pesen morale: .................................................

Fotonen tugas-tugasmu ing dhuwur!


Banjur kirimen marang Bapak/Ibu Guru!
Sugeng nindakaken pakaryan mugi
kasil!
Sumber : Buku “Widya Basa” SMP/MTs
Penulis : Tresno Sukendro & Karti Tuhu Utami
PT. Penerbit Erlangga Jakarta

Anda mungkin juga menyukai