Anda di halaman 1dari 2

PEMERINTAH KABUPATEN GUNUNGKIDUL

DINAS PENDIDIKAN
SDN SIDOHARJO
Alamat : Pulegundes, Sidoharjo, Tepus, Gunungkidul, 55881

PENILAIAN TENGAH SEMESTER I


TAHUN PELAJARAN 2022/2023
Muatan : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : Kamis, 15 September 2022
Kelas : V (lima) Waktu : 07.30 – 09.00

Wacan iki gatekna!


BANJIR
Sawise kedadeane bencana alam banjir nang dina Rabu 13 Januari 2016 bengi nuli, sethithike ana
enem Kepala Keluaraga (KK) warga desa Warungkiara RT03, Sukamaju, Cianjur sing rekasa ketunan
material sing ora sethithik. Sanajan ora ana korban jiwa jero musibah kesebut, kerugian ditaksir nduwe aji
Rp20 yuta luwih.
Para korban saiki ngarep-arep ben cepet ana panangen infrastruktur panggon panguwawa lemah
neng bantaran kali Cisarua sing mbludak lan uga sacepete oleh bantuan, becik saka pihak Badan
Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD), Dinas Pengelolaan Sumber Daya Air lan Pertambangan
(PSDAP), utawa instansi terkait liyane.
Dikuwatirke yen udan deras bali mudhun, kali Cisarua bisa ngalami banjir gede meneh. Lan
kanggo antisipasi hal kesebut, minimal kudu ana realisasi panangen TPT neng sadawa bantaran kali
Cisarua.

A. Wangsulana pitakonan iki manut isine wacan!


1. Apa irah-irahan wacan ing nduwur?
2. Kapan kedadeane bencana banjir iku?
3. Papane ana ngendi bencana banjir iku kadadean?
4. Apa kang diarep-arep para korban bencana banjir?
5. Kepriye antisipasi sing bisa dilakokake yen kali Cisarua banjir maneh?

B. Wenehana tanda ping (x) ing pilihan jawaban a, b, c, utawa d ingkang bener!
1. Prastawa alam uga kasebut …
a. bencana alam c. global warming
b. pemanasan global d. polusi
2. Angin puting beliung diarani …
a. semilir c. lesus
b. banter d. sembribit
3. Angin puting beliung uga diarani angin kan muser. Muser tegese …
a. mlayu c. gedhe
b. mubeng d. banter
4. Salah sijining cara nanggulangi banjir yaiku …
a. nugeli wit-witan sing ana ing sisih kali
b. mbuwang limbah pabrik ing kali
c. mbuwang sampah ing pawuhan sampah
d. adus ana ing kali
5. Paragraf sing gagasan bakune ana ing wiwitan paragraf, diarani paragraf …
a. konduktif c. induktif
b. deduktif d. campuran
6. Sardi ngombe kopi saben wayah esuk
Ukara kasebut migunakae katerangan …
a. wektu c. papan
b. dina d. kahanan
7. Bapak lungo menyang kantor numpak motor
Basa kramane yaiku …
a. bapak lungo dateng kantor numpak motor
b. bapak tindak dhateng kantor nitih motor
c. bapak tindak dhateng kantor numpak motor
d. bapak tindak menyang kantor numpak motor
8. Dina Jemuwah malem Setu, Merapi kurda. Tegese tembung kurda yaiku …
a. mlumpat c. njebluk
b. mlayu d. mabur
9. Undhaking … , sudaning kiriman
Tembung kang trep kanggo ngisi titik-titik ing paribasan dhuwur yaiku …
a. dolanan c. lelakon
b. bayar d. pawarta
10. Wong sing ora duwe papan panggonan paribasane …
a. kakehan gludhug kurang udan
b. undhaking pawarta, sudaning kiriman
c. kandhang langit kemul mega
d. pandengan karo srengenge
11. Kebo kabotan sungu
Tegese paribasan ing nduwur yaiku …
a. nampa kacilakan ing papan kang ora kanyana-nyana
b. wong tua rekasa amarga polahe anak
c. wong tua njaluk warah marang wong enom
d. panguripane rekasa amarga kakehan anak
12. Wengi iki peteng …
a. ndhedhet c. padang
b. byar d. mblereng
13. Sing kalebu tembang macapat yaiku …
a. puisi c. pantun
b. kinanthi d. geguritan
14. Cacahing guru wilangan lan guru lagu tembang kinanthi yaiku …
a. 8u 8i 8a 8i 8a 8i c. 8a 8a 8a 8a 8a 8a
b. 10u 8a 10i 8a 10i d. 8i 8u 8u 8i 8i 8a
15. Bima dadi bocah sing nggegem tangan. Tegese ukara sing dicethak miring yaiku …
a. ora duwe isin c. kesed nyambut gawe
b. seneng tetulung d. kokehan omong

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor kanthi jawaban kang bener!


1. Angin kang muser diarani ….
2. Kakehan gludhug kurang udan. Tegese baribasan iku yaiku ….
3. Masalah cilik dadi gedhe paribasane ….
4. Ing daerah pegunungan bisa kadaden lemah mluwa. Tegese lemah mluwa yaiku ….
5. Tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji sing wujud tembung anyar lan duwe teges
anyar diarani tembung ….
6. Bapake Bima dedeg piadege gagah ….
7. Kang aran bebuden luhur
Dudu …. Dudu ….
Uga dudu kapinteran
Isine ukara ing ceceg-ceceg tembang kinanthi nduwur yaiku …. lan ….
8. Guru gatra loro tembang kinanthi ing nduwur yaiku ….
9. Sing diarani guru wilangan yaiku ….
10. Tegese tembung entar rai gedhek yaiku ….

Anda mungkin juga menyukai