Anda di halaman 1dari 9

A.

Kompetensi Dasar
I.3. Menelaah teks pawarta.
4.3. Menanggapi, menulis, dan menyajikan teks pawarta secara lisan maupun
tertulis.
B. Indikator Pencapaian Kompetensi:
3.3.1 Memahamistrukturdankaidahpawarta yang disimak
3.3.2 Mengidentifikasi struktur dan kaidah pawarta yang disimak
3.3.3 Menyebutkan unsurpawarta yang disimak, meliputi 5W+1H
3.3.4 Mengevaluasi relevansi dengan masa kini pokok-pokok pawarta yang disimak
3.3.5 Menginterpretasipawarta yang disimak
4.3.1 Menulisteks pawarta dengan tema bebas, yang memuat 5W+1H
4.3.2 Menyuntingtekspawartamilikteman yang dibacanya
4.3.3 Membawakan pawarta sesuai dengan intonasi,lafai dan jeda/kaidah-kaidah bacaan yang
benar

A. Struktur lan Kaidah Pawarta

Pawarta/warta ing Kamus Basa Jawa (2001) tegese


kabar. Pawarta yaiku informasi utawa kabar ngenani
sawijining kedadean kang lagi wae ana. Pawarta uga
bisaditegesiandharankangbisanambahpangerten,
wawasan, utawangelmutumrapkangnampa.Pawartabisa
kababar/dikabarake liwat medhia cithak kayata ariwarti,
kalawarti lan medhia elektronik kayata TV, radhio,
internet.
Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) kaya kasebut ing ngisor
iki.
1. Tinemu ing akal (penalaran logis),
2. Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5w + 1h,
3. Struktur basa trep,
4. Diksi trep ora ambigu,
5. Narik kawigaten,
6. Basa kang nengsemake.

Bahasa Jawa Kelas X 1


Biasane pawarta kuwi nduwene sawijining tema,
tuladhane:
a. Pawarta ekonomi, yaiku pawarta kang isine babagan
kegiyatan ekonomi, dagang, dhuwit, lan pasar.
b. Pawarta politik, yaiku laporan kegiyatan politik saka
negarane dhewe utawa negara liya.
c. Pawarta kriminal, yaiku pawarta kang ngengingi
tindhak kadurjanan, bisa enthuk saka pihak
kepolisian
d. Pawarta sosial, yaiku pawarta kang ana sambung
rapete karo kegiyatan kamanungsan, kapentingan
uripe manungsa, lan liya-liyane.
e. Pawarta budaya, yaiku pawarta kang ngandharaken
babagan kabudayan ing sawijining tlatah, bisa saka
negarane dhewe utawa negara manca.
f. Pawarta acara, yaiku catetan/ laporan kang digawe
dening polisi, ngengingi kedadean prastawa (wektu,
panggonan, katrangan,lan panuduh liya ngenani
prastawa utawa prekara), umpamane kedadeyan
kacilakan.
g. Pawarta kaluarga, yaiku pawarta kang isine ana
sesambungane karo masalah kaluwarga, kayata
ambal warsa, kepaten, nikahan, lsp.

Amarga pawarta iku adhedhasar data seka kedadean utawa prastawa, mula anggone
nggawe sawijining pawarta kudu nggatekake perangan-perangane pawarta kang kudu ana
sajroning pawarta kang becik, yaiku kang diarani 5W + 1 H, menawa ing basa Indonesia
ditambah maneh 1S. Dene andharan saka 5W+1H+1Syaiku what, when, where, why,
who, lan how,security dene ing basa indonesia kaaran ASAKADAMBA, yaiku apa,
siapa, kapan, dimana, mengapa, bagaimana, menawa ing basa Jawa diarani GASIKK
cekakan saka genea, apa, sapa, ing ngendi, kapan, lan kepriye.
1.what (apa) : tegese prastawa utawa kedadean apa kang nembe kedaden,
upamane rajapati, kobongan, kesenian, kacilakann, lan liya-
liyane.
2.who (sapa) : ateges sapa wae kang terlibat ing prastawa utawa kedadean
kuwi.
3.where (ing ngendi) : ing ngendi prastawa utawa kedadean kuwi mau kedaden,
upamane ing prapatan, pasar, perumahan, lan sapiturute.
4.when (kapan) : sesambungane karo wektu, kapan kedadean utawa prastawa
kuwi, upamane mau esuk, wingi sore, lan sapiturute.
5.why (kena ngapa) : apa sebab musababe kedadean kuwi bisa kedaden.
6.how (kepriye) : kepriye mula bukane kedadean kuwi kedaden.
7.security (aman) : sanadyan pawarta sing digawe adhedhasar data sing bener,
nanging sajroning nggiyarake, kudu dipikir faktor keamanane.

2 Bahasa Jawa Kelas X


Sipat-sipat pawarta yaiku:
a. Aktual yaiku pawarta kang disuguhake minangka pawarta kang anyar.
b. Faktual yaiku pawarta kang disuguhake minangka pawarta kang nyata.
c. Objektif yaiku pawarta kang disuguhake apa anane.
d. Interest yaiku pawarta kudu bisa narik kawigaten para pamaos.
e. Publisitas yaiku basa kang digunakake kudu gampang dipahami lan dimangerteni
dening khalayak umum.
Pp

 Pawarta 1
Semaken pawarta ing ngisor iki!

Grebeg Suro Malawapati


Nyekar Makam Angling Dharma

Biyen bebrayan agung ora akeh sing ngerti menawa ing desa Sroyo,Bojonegoro,
kecamatan Kedu, Temanggung. Saben taun sepisan dianakake upacara sesaji petilasan.
Upacara adat kang diadani saben surya kaping 12 suro (miturut tanggal Jawa) iki mula
bukane mung upacara nyekar utawa nyadran taunan masarakat sakiwa tengene ing
sarean/ pakuburan sing dipercaya minangka sarean raja Angling Dharma. Angling
Dharma iku Raja ageng kang mandhegani kerajaan Malawapati.
Sadurunge upacara sesaji Petilasan iku dianakake dening masarakat kanthi cara
prasaja bae, yaiku kanthi cara ngresiki pasarean banjur paring dedonga bebarengan.
Ananging kawiwitan saka taun 2007 acara Sesaji Petilasan iki ditambahi kanthi acara
kirab kasil palawija masarakat sakiwa tengene.
Surya kaping 12 Suro taun iki, kirab Grebeg Suro Malwapati diadani, lan acara
dikumpulake ing ngarep Sarean Paseban Agung Malawapati. Gunungan kasil palawija di
kirab saka plataran balai desa muteri desa lan dipungkasi ing ngarep Sarean. Semono uga
kang di kirab yaiku prangkat gamelan yaiku gong pusaka sing wis umure tuwa.
Acara Grebeg diwiwiti tabuh 11:00 WIB kanthi dedonga bebarengan ing mushola
sing sebelahan karo Pasarean Paseban Agung Malawapati panggonan Raja Angling
Dharma disarekake. Dibacutake kanthi kirab gunungan kasil palawija saka masarakat
sakiwa tengen tabuh 12:30 WIB. Kirab iku kanthi nglilingi desa Bojonegoro. Sawise
tekan ngarepe sarean, gunungan dikumpulake banjur sawijining pawongan sepuh miwiti
dedonga. Sawise iku gunungan kasil palawija diwenehake marang warga sing kepengin
ngalap berkah,utawa njaluk berkah saka Allah kanthi rebutan tumpengan.
Sarampunge acara ngalap berkah, Grebeg dibacutake kanthi menehi santunan/
bebungah kanggo yatim piatu kang ana ing desa kasebut. Acara kasebut ditutup kanthi
pagelaran wayang kulit kanthi lakon Semar Mbangun Kahyangan dening dalang Legowo
saka grup wayang Kulit, Kedu. Warga desa Bojonegoro-Kedu percaya kanthi acara
Grebeg Suro kanggo Raja Angling Dharma pikantuk berkah saka Gusti Kang Maha
Kuwasa kanthi lancar kanggo masarakat sakiwa tengene.
(http://m.kompasiana.com)

Bahasa Jawa Kelas X 3


 Pawarta 2
Semaken pawarta ing ngisor iki banjur wangsulana pitakonane!
Gunggunge kurban tiwas jalaran ketaman semburan uwap panas Gunung Sinabung,
Kabupaten Karo, Sumatera Utara dhek Minggu tanggal 2 Februari 2014 kepungkur
mundhak dadi wong 15 utawa tambah siji dibandhing sedina sadurunge, Sabtu tanggal 1
Februari 2014 kang cinathet ana wong 14. Sawatara iku nganti Minggu awan, Gunung
Sinabung isih tansah nyemburake uwap panas. Mangkono katrangan kang dikandhakake
dening pihak Badan Nasional Penanggulangan Bencana (BNPB) lan Badan SAR
Nasional(Basarnas) ing Jakarta, Minggukepungkur.
Kepala Pusat Data Informasi dan Humas BNPB Sutopo Purwo Nugroho ing
katrangane marang wartawan ing Jakarta mratelakake, kurban tiwas kang ka limalas
jenenge Surya Sembiring (24 taun), warga Kabanjahe. Surya tiwas jam 08.00 WIB ing
RS Efarina Etahan. Saliyane nuwuhake kurban kurban mati wong 15, erupsi Sinabung iki
wis ndadekake ana wong loro nandhang tatu kobong kang mrihatinake banget.
“Data sauntara sing mati ana wong 15 merga ketrajang erupsi Sinabung lan sing loro
maneh nandhang tatu kobong isihdirawat ing rumah sakit,” kandhaneSutopo.
Dijlentrehake, matine Surya Sembiring dumadi sawise bebarengan karo bapake, Sehat
Sembiring (40 taun) lan mbah kakunge, Dony Sembiring (70 taun) lunga nyekar
menyang Desa Sukameriah, Kecamatan Payung, Nalika iku dheweke kabeh kejebak
uwap panas sing panase nganti 700 derajat celcius kang metu saka Gunung Sinabung
kang bali erupsi. Nganti saiki kahanane Sehat lan Dony isih gawat.
Basarnas liwat siaran pers-e saliyane ngumumake marang tambahe kur banugangan
dhakake, Tim Basarnas Medan lan Tim SAR TNI, POLRI. BPBD Sumut, PMI lan
masyarakat ngenggon tansah nggoleki kurban semburan uwap panas kang durung
ditemokake. Dikandahakake, nganti Minggu awan 2 Februari 2014, kahanane papan
musibah isih nuduhake anane erupsi. Tim gabungan anggone nggoleki kurban wis
dilaksanakake wiwit minggu esuk. Sutopo nambahake, dinuga kurban ana sakiwa tengene
jalur semburan uwap panas iki, nanging durung bisa dipindhahake jalaran kahanane isih
mbebayani.
(Kapethik saka Panjebar Semangat, Februari 2014)

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngingsor iki kanthi bener!


1. Miturut pawarta ing dhuwur, pira cacahe kurban sing tiwas lan nandhang tatu akibat
ketaman awan panase gunung sinabung nganti dina Minggu 2 Februari 2014?
Wangsulan:.....................................................................................................................
..........
2. Sutopo Purwo Nugroho sapa?
Wangsulan:.....................................................................................................................
..........
3. Sapa asmane Bapakke kurban ka limlas erupsi Gunung Sinabung?

4 Bahasa Jawa Kelas X


Wangsulan:.....................................................................................................................
..........
4. Miturut pawarta ing dhuwur kurban ka limalas erupsi Gunung Sinabung, tiwas akibat
kajebak uwap panas sing panasse nganti pirang derajat?
Wangsulan:.....................................................................................................................
..........
5. Sapa wae kang kalebu anggota TIM gabungan sing tansah nggoleki kurban semburan
uwap panas kang durung ditemokake?
Wangsulan:.....................................................................................................................
..........

B. Ngrungokake lan nanggapi Pawarta


Ngrungokake pawarta kang digiyarake lumantar radio/TV pancenrada angel amarga
ora bakal dibaleni.
Supaya bisa ngrungokake pawarta perlu kawigaten kang mirunggan lan tenanan
(konsentrasi).
Pawarta kang dibeberke lumrahe nganggo basa lugu (resmi), tegese dudu basa endah
utawa basa paguneman, ancase supaya wong kang ngrungokake gampang anggone
nampa lan sanalika mudheng isine. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta
utawa informasi yaiku:
a) mangerteni kanthi cetha underaning rembug.
b) mbedakake warta kang wigati lan kang ora wigati.
c) nyatet pawarta kang bener lan premati.

Ndudut surasane pawarta tegese nanggepi pernyataan-pernyataan kang ana ing


pawarta. Tanggapan iku awujud kritik utawa komentar. Nalika menehi tanggepan,
awakmu bisa ngutarakake sarujuk utawa ora sarujuk marang pawarta kang nembe
dirungokake/diwaca. Bab-bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggepan yaiku :
a. Tanggepan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang cekak, padat lan disusun
kanthi efektif.
b. Permasalahan utawa bab kang ditanggapi kudu cetha.
c. Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni/ dipahami.
d. Tanggepan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-
bukti kang relevan.
e. Nanggepi pawarta iku kudu evaluatif lan obyektif marang informasi aktual kang
ditampa. Evaluatif tegese menehi penilaian. Obyektif tegese nampa pawarta kang
ditampa kanthi apa anane. Nalika maca pawarta utawa ngrungokake pawarta kudu
bisa mbedakake bagian-bagian kang kalebu ing fakta lan opini. Fakta yaiku kahanan
utawa kedadean kang awujud kasunyatan. Pamanggih (opini) yaiku pikiran utawa
tanggepan marang salah sawijining bab.

Bahasa Jawa Kelas X 5


C. Nulis Pawarta
Nalika arep nulis pawarta, kudu nggatekake 5W+1H utawa GASIKK. Nulis pawarta
iku adhedhasar kadadean kang nyata (fakta) lan kedadean kang ayar (aktual).
Dene bobot kagunane pawarta iku gumantung saka:
1. Pawarta kang ngemot kadadean-kadadean anyar.
2. Ana sesambungane karo papan kadadean kang nduweni nilai tartamtu tumraping
masarakat
3. Sesambungan karo unsur-unsur kang ana ing sajroning kadadean.
4. Sesambungan karo pagawean pamiyarsa utawa pamaca.
5. Ngandhut informasi penting kang migunani tumrap masarakat.

D. Nyunting/ mbesut Teks Pawarta


Nyunting teks pawarta tegese mbenerake teks menawa isih ana kaluputan utawa
mbesut tulisan supaya luwih becik. Nalika nyunting teks pawarta iku kudu nduweni
kawruh tembung kang akeh, bisa mbedakake tembung adhedhasar makna lan tulisane ,
ngerti ejaan, tandha waca, lan liya-liyane. Tuladhane, bisa mbedakake antarane bathuk
karo batuk, wedi karo wedhi, lan sapanunggalane. Nyunting, ngedit utawa mbesut iku
prayogane uga dijumbuhake karo isine tulisan. Menawa ana sing kurang trep, dibenerake
supaya dadi trep. Sing dibutuhake nalika mbesut tulisan iku sabar, tliti, lan kritis.

E. Maca Pawarta
Maca pawarta kang dilakoni dening penyiar kalebu jenising maca kang
katujokake kanggo wong liya. Mula pamacane kudu cetha, kanthi ancas supaya isine
pawarta katampa wutuh kanggone sing ngrungokake lan ora kleru ing panampa. Mula
saka kuwi ana bab kang kudu digatekake nalika arep maca pawarta yaiku:
1. Nggunakake pangucap kang trep
2. Pamedhote frasa kang trep
3. Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4. Ngerteni tandha wacan kanthi trep. Sabene pamaca pawarta migunakake tandha (/)
kanggo mandheg sedhela, tandha (//) kanggo mandheg suwe, tandha titik (.) lan
tandha (-) kanggo pungkasan baris.
5. Swara kang cetha
6. Ekspresi kang trep
7. Ngatur alon lan cepete pamaca
8. Nguwasani isine pawarta
9. Mripat utawa pandeleng nalika macaora mung tumuju marang naskah pawartane
nanging uga kudu karo mirsani pamirsane.
Ngandharake pawarta iku kudu bisa narik kawigatene para pamireng. Apa maneh
menawa pawarta iku penting tumrap masarakat. Bab-bab kang kudu digatekake pamaca
pawarta yaiku:
1. Lafal kudu cetha
2. Intonasi utawa lagu, munggah mudhune swara kudu trep lan becik.
3. Jedha, pamedhoting tembung kudu trep supaya ora ngowahi makna.

6 Bahasa Jawa Kelas X


I. Rungokna salah siji pawarta basa Jawa kang digiyarake lumantar radhio utawa TV,
banjur tulisen bab-bab kang wigati ing ngisor iki!
1. Apa irah – irahane pawarta mau?
2. Kapan wektune pawarta mau kawacakake?
3. Sapa pawongan kang macakake?
4. Saka ngendi sumbere pawarta?
5. Gaweya ringkesan isning pawarta mau!

KAGUNAN BASA
Tembung Plutan
Tembung Plutan tegese tembung sing diringkes cacahing wanda supaya luwih
sathithik. Upamane tembung para bisa diringkes utawa dipluta dadi “pra”, dene tegese ora
owah.
Tuladha:
- Serat dipluta dadi srat. - Sarana dipluta dadi srana.
- Suwara dipluta dadi swara. - Sari dipluta dadi sri.
- Weruh dipluta dadi wruh.

Gladhen!
I. Tembung-tembung ing ngisor iki golekana tembung plutane!
1. Abot = …....…………………… 6. Weruh =………………………
2. Amrih = …....………………….... 7. Awor =………………………
3. Murih = …....…………………… 8. Liyan =………………………
4. Suwarga = …....…………………… 9. Perang =………………………
5. Suwiwi = …....…………………… 10. Alon =………………………
II. Tembung plutan ing ngisor iki golekana tembung wutuhe!
1. Swawi = …....……………
2. Mring = …....……………
3. Sri = …....……………
4. Pra = …....……………
5. Lwih = …....……………
6. Wit = …....……………

Bahasa Jawa Kelas X 7


7. Mung = …....……………
8. Nanging = …....……………
9. Nem = …....……………
10. Tos = …....…………

I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d, utawa e ing wangsulan sing kok
anggep paling trep!
Teks pawarta kanggo soal no. 1-2
SBC Kapindho
Solo Batik Carnival (SBC) kapindho bakal digelar ing taun 2009 iki. Miturut rancangan,
SBC kapindho bakal digelar ndalem sasi Juni 2009. Mangkono pratelane Dynand Fariz,
tetunggule Jember Fashion Carnival (JFC) sing kawitan ngracik SBC kapisan, nalika
mandhegani gladhen joged SBC kapindho ing Taman Balekambang, dina Minggu (11/1).
Miturut Dynand, SBC sing digelar kapisan sawetara sesasi kepungkur, kasil nuwuhake
krenteg ing generasi mudha Kutha Solo kanggo ndayakake bathik dadi asil karya seni
busana. Saliyane iku, SBC uga bisa dirembakakake dadi salah sijine ikon budaya ing
Kutha Solo.
Kapethik saka : Solopos
1. Miturut pawarta ing dhuwur kapan diadani Solo Batik Carnival kapindho?
a. Dina minggu
b. 11 januari 2009
c. Juni 2009
d. Juli 2009
e. Mei 2009
2. Pokok isine pawarta ing dhuwur yaiku...
a. Solo Batik Carnival (SBC) kapindho bakal digelar ing taun 2009
b. Tetunggule Jember Fashion Carnival (JFC) sing kawitan ngracik SBC kapisan
c. SBC uga bisa dirembakakake dadi salah sijine ikon budaya ing Kutha Solo
d. SBC sing digelar kapisan sawetara sesasi kepungkur
e. Generasi mudha Kutha Solo ndayakake bathik dadi asil karya seni busana
3. Pawarta kang becik iku nalika pawarta kang nyuguhake kadadean nyata, kang
diarani...
a. Aktual
b. Faktual
c. Menarik

8 Bahasa Jawa Kelas X


d. Objektif
e. Publisitas
4. Sugeng ndalu/sesarengan kalian kula Purwa Prasetyaningrum/Pawarta Jateng badhe
ngaturaken palapuran babagan sosial dan kebudayaan ing Jawa Tengah//Pawartos
ingkang badhe katur ing Dinten Setu Pon/surya kaping 9 Mei/tahun 2015/antawisipun
Program Pembangkit Listrik Tenaga Bayu/Dipun Rawuhi Jokowi//
Perangane pawarta ing dhuwur yaiku...
a. Isine pawarta
b. Surasa pawarta
c. Wasana warta
d. Pambuka warta
e. Surasane warta
5. Nalika nanggepi pawarta iku kudu evaluatif, evaluatif tegese...
a. menehi penilaian
b. nampa pawartakanthi apa anane
c. kedadean kang awujud kasunyatan
d. kedadean kang anyar
e. basa kang gampang dipahami.
6. Kang kudu digatekake nalika maca pawarta yaiku...
a. Pawarta kang ngemot kadadean anyar
b. Ngandhut informasi penting kang migunani tumrap masarakat
c. Mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake
d. Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni
e. Nguwasani isine pawarta
II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
1) Apa kang diarani pawarta iku?
Wangsulan:.....................................................................................................................
2) Apa kang diarani nanggapi pawarta iku?
Wangsulan:.....................................................................................................................
3) Bab-bab apa bae kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan pawarta iku?
Wangsulan:.....................................................................................................................
4) Apa kang diarani obyektif nalika nanggapi pawarta iku?
Wangsulan:.....................................................................................................................
5) Nalika maca pawarta / ngrungokake pawarta iku kudu bisa mbedakake antarane fakta
lan opini.Apa kang diarani fakta lan opini iku?
Wangsulan:.....................................................................................................................

Bahasa Jawa Kelas X 9

Anda mungkin juga menyukai