Anda di halaman 1dari 12

A.

Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tanda ( )


mareng wangsulan kang bener !

1. Serat Wedhatama anggitane K.G.P.A.A Mangkunaegara IV wonten gangsal pupuh


tembang macapat. Pupuh ing ngandhap boten pupuh kang kalebet Serat Wedhatama .

a. Pupuh Pangkur
b. Pupuh Kinanthi
c. Pupuh Pocung
d. Pupuh Gambuh
e. Pupuh Dhandhanggula

2. Serat Wedhatama pupuh Kinanthi kadhapuk saking…


a. Pitung pada
b. Wolulas gatra
c. Wolung pada
d. Sedasa gatra
e. Wolulas pada

3. Rina wengi den anedya, tembung rina ing pethilan sekar menika gadhah
teges menapa?

a. enjang
b. siyang
c. surup
d. dalu
e. lingsir wengi

4. Paugeraning tembang Kinanthi ingkang trep yaiku….


a. 8u, 8a, 8a, 8i, 8u, 8i
b. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
c. 8u, 8a, 8a, 8i, 8u,8i
d. 8a, 8i, 8u, 8a, 8u, 8i
e. 8u, 8i, 8i, 8a, 8i, 8i

5. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Mangka kanthining tumuwuh 


Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam 
dadi wiryaning dumadi 
supadi nir ing sarkara
yaiku pangreksananing urip
Tegesing tembung ingkang kagaris ngandhap yaiku’…

a. Manungsa urip
b. kahanan
c. carane njaga
d. Tandha-tandha
e. Pepalang laku 

6.  Tuladha Ukara kang wonten Lelewaning Basa Personifikasi yaiku ...

a. Swarane kaya bledheg


b. Siti dadi kembang desa amarga ayu rupane
c. Sregep temen jam wolu lagi tengi
d. Sumpahe disekseni bumi langit
e. Rawe rawe rantas malang-malang tuntas

7. Purwakanthi kang padha tulisane utawa aksarane ana ing saben awal suku
kata utawa tetembunge diarani ...

a. Purwakanthi Guru Basa


b. Purwakanthi Guru Swara
c. Purwakanthi Guru Sastra
d. Purwakanthi Lumaksita
e. Purwakanthi Guru vokal

8. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Dene awas tegesipun


Weruh warananing urip
Miwah wisesaning Tunggal
Kang atunggal rina wengi
Kang mukhitan ing sakarsa
Gumelar ngalam sakalir

Pitutur ingkang sagedkapendhet saking tembang nginggil yaiku


a. Manungsa kedah tansah waspada marang pepalanging gesang
b. Manungsa kedah pinter anggenipun milih dalaning panguripan
c. Manungsa kedah saged mujudake pepinginan kang nyata
d. Manungsa kedah waspada marang tandha-tandha ing donya
e. Manungsa kedah gesang kanthi tulung-tinulung kaliyan sapepada 

9. Purwakanthi kang padha tembunge, utawi tembung/kata terakhir dadi


awalan tembung seteruse. diarani ...

a. Purwakanthi Guru Basa


b. Purwakanthi Guru Swara
c. Purwakanthi Guru Sastra
d. Purwakanthi Guru vokal
e. Purwakanthi guru syair
10. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Haywa sembrana ing kalbu


Wawasan wuwus sireki
Ing kono yekti karasa
Dudu ucape pribadi
Marma den sambadeng sedya
Wewesan praptaning uwis

Tembung garba ing tembang kasebut yaiku…


a. haywa
b. sembadeng
c. mamatuh
d. nalutuh
e. wawasen

11. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!


Kaunanging budi luhung
Bangkit ajur-ajer kaki
Yen mangkono bakal cikal
Thukul wijing utami
Nadyan bener kawruhira
Yen ana kang nyulayani
Tembung saroja ing tembang nginggil yaiku….
a. kaunanging
b. ajur-ajer
c. bakal-cikal
d. kawruhira
e. nyulayani

12. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Sirnakna semanging kalbu


Den waspada ing pangeksi
Yeku dalaning kasidan
Sinuda saking sathithik
Pemothahing napsu hawa
Linalantih mamrih titih

Ukara ingkang ngemot  purwakathi swara wonten ing gatra


a. Kalih 
b. Tiga
c. Sekawan
d. Gangsal
e. Enem

13. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!


Meloke yen arsa muluk
Muluk ujare lir Wali
Wola-wali nora nyata
Anggepe Pandhita luwih
Kaluwihane tan ana
Kabeh tandha-tandha sepi

Cakepaning tembang kasebut ngemot purwakanthi….


a. Purwakanthi swara
b. Purwakanthi sastra
c. Purwakanthi basa
d. Purwakanthi pada swara
e. Purwakanthi beda swara

14. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Mangka ta kang aran laku


Lakune ngelmu sejati
Tan dahwen pati openan
Tan panasten nora jail
Tan njurugi ing kahardan
Amung eneng mamrih ening
Manut tembang nginggil tegesipun panasten yaiku…
a. Remen nacat lepating tiyang sanes
b. Meri dhateng tiyang sanes
c. Gampang nesu marang sapada
d. Tansah damel remen manahing liyan
e. Gampang paring pangabsama  dhateng liyan

15. Gatosaken Purwakanthi kang padha swara (huruf vokal) ing Pungkasan/akhir
tembung diarani ...

a. Purwakanthi Guru Basa


b. Purwakanthi Guru Swara
c. Purwakanthi Guru Sastra
d. Purwakanthi Lumaksita
e. Purwakanthi Guru vokal

16. Gatosaken Pratelan ingkang boten kalebet titikan geguritan yaiku….


a. Basane endah
b. Isine mentes
c. Purwakanthinipun sami
d. Migunakake tembung pilihan
e. Boten nggadhahi paugeran tinamtu
17. Mujudake papan panggonan kang disuguhake dening panganggit yaiku ....
a. tema
b. diksi
c. latar
d. tokoh
e. gaya bahasa

18. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!

Tan kaduk jaman nguni


Srawung sarwa ngati-ati
Yen manut wasitaning kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusananing tibeng papa

Tegesipun ukara gatra kapisan yaiku…


a. Kang beda karo jaman saiki
b. Ora beda karo jaman saiki
c. Ora beda karo jaman biyen 
d. Kang beda karo jaman biyen
e. Pada wae jaman saiki karo biyen

19. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!


Sliramu
Sinawang saka netramu
Ana rasa kang kepak pitakon
Yagene sliramu musna sajroning werdi
Rinasa ing sajroning tyas
Ana rasa wuyung kang tansah ngrembuyung
Tanpa kuwawa bisa entuk jampi

Undheraning gagasan utawa tema geguritan nginggil yaiku…


a. Kasarasan
b. Pasrawungan
c. Katresnan
d. Karesikan
e. Kadurjanan

20. Gatosaken geguritan ngandhap!


Sliramu
Sinawang saka netramu
Ana rasa kang kepak pitakon
Yagene sliramu musna sajroning werdi
Rinasa ing sajroning tyas
Ana rasa wuyung kang tansah ngrembuyung
Tanpa kuwawa bisa entuk jampi

Wos utawi isining geguritan Sliramu nginggil yaiku…


a. Srawunge mudha-mudhi jaman saiki
b. Rasa kangen marang pawongan kang wis lunga
c. Rasa katresnan marang wong kang ora kabendhung
d. Kasetyaning wong kang tinilar dening pasanganipun
e. Katresnan ingkang cinidra dening pasangan 

21. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!

Yen wayah esuk ora bisa ilang


Lumaku turun tumurun kang dadi crita
Cahyaning rembulan lan srengenge dadi seksine
Lelakone manungsa ing donya
Ana kang lali asal muasale

Sudut pandang geguritan nginggil yaiku….


a. Sudut pandang wong kapisan
b. Sudut pandang wong kapindho
c. Sudut pandang wong katiga
d. Sudut pandang wong kapat
e. Sudut pandang wong kalima

22. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!


Yen wayah esuk ora bisa ilang
Lumaku turun tumurun kang dadi crita
Cahyaning rembulan lan srengenge dadi seksine
Lelakone manungsa ing donya
Ana kang lali asal muasale

Ukara ing kang ngemot lageyan basa personifikasi yaiku…


a. Yen wayah esuk ora bisa ilang
b. Lumaku turun tumurun kang dadi crita
c. Cahyaning rembulan lan srengenge dadi seksine
d. Lelakone manungsa ing donya
e. Ana kang lali asal muasale

23. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!


Ibu…
Kula nyuwun pamit
Pamit dhateng kutha
Pados pangupa jiwa

Ibu…
Kula nyuwun sangu
Sangu donga sanes japa matra
Uga sanes sangu arta
Geguritan nginggil ngandhut rasa pangrasa….
a. Sedhih
b. Seneng
c. Nelangsa
d. Simpati
e. Kangen

24. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!


Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad nuswantara
Bumi pusaka wis kawentar…

Tembung ingkang cinithak kandhel sami tegesipun kaliyan tembung ngandhap..


a. Kasilep, kondhang, 
b. Moncer, kasilep
c. Kasuwur, kondhang
d. Kagiles, kasuwur
e. Musna, kendhang

25. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!


Ron Garing
Wengi sansaya atis
Nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
Kang ginawa dening angin
Prasasat tan kendhat
Anggonku kulak warta adol prungu
Ananging isih mamring

Menawi katiti, gatra gangsal geguritan nginggil ngemot paribasan. Tegesing paribasan
kulak warta adol prungu yaiku
a. Purun tumindhak tanpa wonten prentah
b. Oleh kabar kang banjur dikandhakake marang liyan
c. Ninggalake padamelan ingkang dereng ditandangi
d. Remen  nyebarake pawarta kang dereng mesthi bener
e. Kathah kang diomongake nanging botenwonten nyatane

26. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!


Guru
Jarene  guru iku wong digugu lan ditiru
Jarene guru iku wong wicaksana lan prasaja
Jarene guru iku wong winasis lan seneng buku
Atiku…
Madhep mantep nggayuh marang sliramu
Atiku…
Bakal  temen anggone ngudi ilmu
Atiku…
Tansaya njlerit panjangkaku dadi g-u-r-u

Nada, irama utawa lagu geguritan nginggil yaiku….


a. Nuturi
b. Ngenyek
c. Memuji
d. Nyemoni
e. ngguroni

27. Tuladha Ukara kang wonten Lelewaning Basa Hiperbola yaiku ...

a. Swarane kaya bledheg


b. Siti dadi kembang desa amarga ayu rupane
c. Sregep temen jam wolu lagi tengi
d. Sumpahe disekseni bumi langit
e. Seti nastiti ngati-ati

28. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!


Aku lila
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mlabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning Negara
….
Ukara gatra tiga lan sekawan geguritan nginggil ngemot lageyan basa…
a. metafora
b. personifikasi
c. hiperbola
d. metonimia
e. sarkasme
29. Pratelan ngandhap yaiku bab ingkang boten perlu kagatosaken nalika damel geguritan
a. Nemtokaken undheraning gagasan
b. Milih tetembungan kang jumbuh karo tema
c. Milih tetembungan supaya saged kasusun dados  larik kang becik
d. Naliti malih tetembungan lan majas kang digunakake ing geguritan
e. Nemtokake paraga kang kacaritakake ing geguritan  kang katulis
30. Minggah mandhapipun swanten lan pocapan.  Swanten prayoginipun saking padharan
Sanes saking dhadha supados kiyat.
Andharan menika jumbuh kaliyan  bab ngandhap yaiku…
a. Wicara
b. Wirama
c. Wirasa
d. Wiraga
e. Winata
 
31.unen-unen/ukara kang isine dudu arti sebenere (konotatif), lan nganggo
tembung penghubung : kaya, lir, pindha, kadya diarani ...

a. Bebasan
b. Paribasan
c. Pepindhan
d. Saloka
e. Cangkriman

32. Kinanthi menika pupuh macapat kang isinipun menehi panutan saking tiyang sepuh
dhateng lare. Kadadeyan menika leres kaliyan kahanan ....

a. Nesu

b. Caturan

c. Kasmaran

d. Menehi pitutur

e. Angkara murda

33. Geguritan inggih menika puisi Jawa. Nanging geguritan dibagi kalih, wonten
geguritan tradisional ugi geguritan modern. Kinten-kinten ingkang mbedakake
menika yaiku ....

a. Sami-sami geguritan jawa

b. Geguritan tradisional bahasanipun boten endah

c. Geguritan modern ngagem guru gatra, guru lagu ugi guru wilangan

d. Geguritan tradisional diwiwiti tembung ‘sun gegurit’, geguritan modern boten

e. Geguritan tradisional awujud crita,dene geguritan modern awujud curhat

34. Sakboten-botenipun wonten kegiyatan ingkang kedhah dipuntindakaken


sakderengipun pawongan menika badhe maos geguritan. Kagiyatan ingkang boten
medhal dipuntindakaken sakderengipun maos geguritan inggih menika ....

a. Gegladhen

b. Milih geguritan

c. Nganalisis kahananipun

d. Manut ingkang nglatih

e. Ngonceki (ndudhah) geguritan

KINANTHI PADA 1

Salami mung awas eling

Eling lukitane alam


Dadi wiryaning dhumadi

Supadi nir ing sangsaya

Yeku pangreksaning arip

35. Guru wilangan tembang kinanthi yaiku 8,8,8,8,8,8. Ing nggandhap wonten guru
wilangan ingkang boten trep, inggih menika wonten ing gatra ....

a. Gatra 1

b. Gatra 3

c. Gatra 4

d. Gatra 5

e. Gatra 6

36. Miturut tembang kinanthi ing nginggil, pitututur luhur ingkang saged dipunpundhut
yaiku ....

a. Sinau supados atine dados tanggap kaliyan kahanan

b. Menawi kekancan menika kedhah milih kanthi tumemen

c. Boten sok ngumbar murka ing pundi-pundi papan

d. Watak ingkang utami inggih menika prasaja

e. Luhuring budi saged dados lelandesan kautaman

37. Sasmita kang ana ing tembang kinanthi yaiku wong kang ….

a. Lair

b. Mati

c. dikanthi

d. Isih enom

e. Dicabut nyawane

38. Pendhidhikan agama penting sanget tumrap bocah, minangka ....

a. Kanggo kapinteran

b. Dasar pasrawungan
c. Pendhidhikan pbudi pekerti

d. Dhasar lan lambarane moral

e. Kanggo ngawasi lan ngayomi

39. Sawijining geguritan duwe struktur batin utawa hakekat sing dumadi saka paugeran
ing ngisor iki kejaba …..

a. isi

b. nada

c. tema

d. swasana

e. amanat

40. Supaya geguritan katon endah, luwih becik nggunakake tembung- tembung ing ngisor
iki, kajaba ….

a. tembung kawi

b. purwakanthi

c. panyandra

d. pepindhan

e. parikan

B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!

1. Tulisen paugerane pupuh Kinanthi?


2. Jlentrehna pitutur luhur jroning tembang kinanthi!
3. Apa bedane geguritan gagrag lawas (tradisional) lan geguritan gagrag anyar (modern)
3 bae !
4. Sebutna unsur intrinsik Geguritan!
5. Gawea geguritan kang isine nggunakake basa rinengga (endah),kanthi tema ‘rasa
pangrasa’.!

Anda mungkin juga menyukai