Anda di halaman 1dari 9

PEEMERINTAHAN PROVINSI JAWA TENGAH

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SMA NEGERI 1 WONOGIRI
Jl. Perwakilan No. 24 Wonogiri. Phone (0273)321512, Fax. 0273-325777
E-Mail : sman1wng@yahoo.com. Web : http://www.sman1wng.sch.id

SOAL PENILAIAN TENGAH SEMESTER GASAL


TAHUN PELAJARAN 2022 /2023

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : XII MIPA 4
Hari/Tanggal : Kamis, 15 September 2022
Waktu : 07.15 - 08.45
A. Pilihen wangsulan kang paling trep!]

1. Serat Wedhatama anggitane K.G.P.A.A Mangkunaegara IV wonten gangsal pupuh


tembang macapat. Pupuh ngandhap boten pupuh ing kalebet Serat Wedhatama .

A. Pupuh Pangkur

B. Pupuh Kinanthi

C. Pupuh Pocung

D. Pupuh Gambuh

E. Pupuh Dhandhanggula

2. Serat Wedhatama pupuh Kinanthi kadhapuk saking…

A. Pitung pada

B. Wolulas gatra

C. Wolung pada

D. Sedasa gatra

E. Wolulas pada

3. Tembang Kinanthi awatak….

A. Sereng, tresna, asih

B. Sabar, gemati, seneng

1
C. Asih. Sabar, gemati

D. Seneng, tresna, asih

E. Gemati, loma, sereng

4. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Mangka kanthining tumuwuh


Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
dadi wiryaning dumadi
supadi nir ing sarkara
yaiku pangreksananing urip

5. Tegesing tembung ingkang kagaris ngandhap yaiku’…

A. Manungsa urip

B. kahanan

C. carane njaga

D. Tandha-tandha

E. Pepalang laku

6. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Marma den taberi kulup

Angulah lantip aneng ati

Rina wengi den anedya

Pandak panduking pambudi

Bengkas kahardaning driya

Supaya dadya utami

Manut paugeraning tembang Kinanthi, wonten gatra ingkang boten trep. Cakepan
ingkang kedah kasunting saking tembang kasebut yaiku ...

2
A. Marma den taberi kulup

B. Angulah lantip aneng ati

C. Rina wengi den anedya

D. Pandak panduking pambudi

E. Bengkas kahardaning driya

7. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Dene awas tegesipun

aywa esah ing salami

samangsa wis kawistara

lelandhepe mingis-mingis

pasah wukir reksamuka

kekes srabedaning budi

Ukara gatra kalih ngemu teges….

A. Manugsa kedah tansah

B. Aja nganti leren salawase

C. Yen wis temen nindakake

D. Bakale mandi banget

E. Nyingkirake kabeh pepalang

8. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Dene awas tegesipun

Weruh warananing urip

Miwah wisesaning Tunggal

Kang atunggal rina wengi

3
Kang mukhitan ing sakarsa

Gumelar ngalam sakalir

Pitutur ingkang sagedkapendhet saking tembang nginggil yaiku

A. Manungsa kedah tansah waspada marang pepalanging gesang

B. Manungsa kedah pinter anggenipun milih dalaning panguripan

C. Manungsa kedah saged mujudake pepinginan kang nyata

D. Manungsa kedah waspada marang tandha-tandha ing donya

E. Manungsa kedah gesang kanthi tulung-tinulung kaliyan sapepada

9. Isine pupuh kinanthi ana ing serat wedhatama yaku …

A. Eling lan waspada


B. Pemimpin teladan
C. Tumindak ngati-ati
D. Rasa sukur marang Gusti Allah
E. Sopan santun

10. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Pantes tinulad tinurut

Laladane mrih utami

Utama kembanging mulya

Kumulyaning jiwa dhiri

Ora ta yen ngeplekana

Lir luluhur nguni-uni

Wos utawi isining tembang nginggil yaiku…

A. Nuladha tumindhak para leluhur sanajan boten pleg


B. Nyingkiri tumindhak kang ala supados boten dados memala

4
C. Tumindhak ingkang boten sae prayogi boten ditiru
D. Supados saged dados manungsa utami kedah sregep
E. Para leluhur sampun paring tuladha kedah ditiru

11. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Meloke yen arsa muluk


Muluk ujare lir Wali
Wola-wali nora nyata
Anggepe Pandhita luwih
Kaluwihane tan ana
Kabeh tandha-tandha sepi

Cakepaning tembang kasebut ngemot purwakanthi….

A. Purwakanthi swara
B. Purwakanthi sastra
C. Purwakanthi basa
D. Purwakanthi pada swara
E. Purwakanthi beda swara

12. Ing kamus Baoesastra Djawa, tembung gurit ngemu teges …

A. Tatahan
B. Syairan
C. Wedharan
D. Pungkasan
E. Ukiran

13. Pratelan ingkang boten kalebet titikan geguritan yaiku….

A. Basane endah
B. Isine mentes
C. Purwakanthinipun sami
D. Migunakake tembung pilihan
E. Boten nggadhahi paugeran tinamtu

5
14. Ing bab kawruh basa, tembung purwa duweni teges …

A. Inggihan
B. Wiwitan
C. Pungkasan
D. Andhapan
E. Wayang

15. Purwakanthi basa uga sinebut purwakanthi guru …

A. Swasana
B. Sasmita
C. Lumaksita
D. Wilangan
E. Mardawa

16. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!

Tan kaduk jaman nguni

Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasitaning kuna

Priya srawung lan wanita

Gampang ketaman panggodha

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wusananing tibeng papa

Tegesipun ukara gatra kapisan yaiku…

A. Kang beda karo jaman saiki

B. Ora beda karo jaman saiki

C. Ora beda karo jaman biyen

D. Kang beda karo jaman biyen

6
E. Pada wae jaman saiki karo biyen

17. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap, kagem soal nomer 17 lan 18!

Sliramu

Sinawang saka netramu

Ana rasa kang kepak pitakon

Yagene sliramu musna sajroning werdi

Rinasa ing sajroning tyas

Ana rasa wuyung kang tansah ngrembuyung

Tanpa kuwawa bisa entuk jampi

18. Undheraning gagasan utawa tema geguritan nginggil yaiku…

A. Kasarasan

B. Pasrawungan

C. Katresnan

D. Karesikan

E. Kritik sosial

19. Wos utawi isining geguritan Sliramu nginggil yaiku…

A. Srawunge mudha-mudhi jaman saiki


B. Rasa kangen marang pawongan kang wis lunga
C. Rasa katresnan marang wong kang ora kabendhung
D. Kasetyaning wong kang tinilar dening pasanganipun
E. Katresnan ingkang cinidra dening pasangan

20. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!

Ibu…

Kula nyuwun pamit

Pamit dhateng kutha

Pados pangupa jiwa

7
Ibu…

Kula nyuwun sangu

Sangu donga sanes japa matra

Uga sanes sangu arta

Geguritan nginggil ngandhut rasa pangrasa….

A. Sedhih

B. Seneng

C. Nelangsa

D. Simpati

E. Kangen

B. EssayUmpamane wong lumaku,

Marga gawat den liwati,

Lamun kurang ing pangarah,

Sayekti karendhet ing ri,

Apese kasandhung padhas,

Babak bundhas anemahi.

1. Miturut tembang ing dhuwur kepiye carane nglakoni urip?

2. Gawea tembang kinanthi sapada wae kanthi tema “pendhidhikan”!

3. Geguritan iku ana 2, sebutna lan andharna bedane!

Ing Tengah Wengi


Yen ing tengah wengi
Hana angin kang semliwer
Mandheng bulan purnama sidhi
Ati sangsaya ayem

8
Kelingan kanikmataning Gusti
Sing tanpa wates paring kawelas asih
Marang makhluk
Sembahipun tanpa wates
4. Miturut isine klebu jinising geguritan jinis apa? Andharna wangsulanmu!
5. Andharna lan wenehana tuladha ing ukara babagan purwakanthi!

Anda mungkin juga menyukai