Anda di halaman 1dari 8

Langkah Pengerjaan:

1. Isilah Nama, No. Absen, dan Kelas.


2. Kerjakan soal sesuai perintahnya.
- Untuk pilihan ganda, klik pada lingkaran huruf di depan jawaban yang benar.
- Untuk Isian dan Uraian, ketik jawaban di kotak yang disediakan.
3. Setelah semua soal selesai kamu jawab, Save jawabanmu.
4. Kirimkan kepada gurumu melalui WhatsApp atau email.

Nama

No. Absen

Kelas

Sumatif Tengah Semester


Setiap Soal
A. Wangsulana kang trep! Bernilai 2 poin.

1. Geguritan iku asale saka tembung lingga gurita kang diowahi saka tembung gerita.
Dene gerita iku saka tembung gita. Tegese tembug gita yaiku ....

a. tulisan

b. tulisan kang awujud tatahan

c. swara endah

d. tembang

2. Geguritan kang kawiwitan kanthi tembung sun gegurit klebu geguritan gagrag ….

a. anyar

b. mardika

c. lawas

d. bebas

3. Ngupakara ukara-ukara saka panaliten dadi sawijining gancaran. Bab kasebut


klebu paugerane ....

a. nulis geguritan

b. wedharing geguritan

c. maca geguritan

d. ngrungokake geguritan
Gatekna geguritan ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 4–9!

Apa Wis Jamane


Dening: Sunardi K.S.

Apa wis wancine gurit-gurit sumlempit


Ing rak buku kebak lebu
Apa wis wancine tembang-tembang
wis kumambang
Krembang-krembang kena playune
jaman
Apa wis wancine kidung mrangguli
suwung
Ing gumerahe jaman gudag-gudagan
Apa wis wancine aku lan kowe
ngijolake pakulinane
Jalaran wis dianggep lunges
(Panjebar Semangat, No. 28, 12 Juli 2014)

4. Geguritan ing dhuwur kaanggit dening ….

a. Sunardi K.S.

b. Sumono Sandy Asmoro

c. Asmara Kinendra

d. Soewardi Baroto

5. Surasane geguritan ing dhuwur yaiku …. HOTS

a. pangudarasane panganggit karo kahanan jaman saiki

b. panyaruwene panganggit tumrap kadang kanoman

c. panemune panganggit tumrap asil kasusastran ing jaman saiki

d. panganggit medhar endahing geguritan warisan budaya

6. Miturut cacahe gatra, geguritan ing dhuwur diarani ….

a. gita dwigatra

b. gita trigatra

c. gita sadgatra

d. gita pancagatra
7. Sing digambarake sumlempit ing rak buku kebak lebu yaiku ….

a. kidung

b. pakulinan

c. tembang

d. gurit-gurit

8. Geguritan ing dhuwur klebu jinis geguritan ….

a. kuna

b. anyar

c. lawas

d. kawi

9. Geguritan ing dhuwur dumadi saka … pada.

a. rong

b. telung

c. patang

d. limang

10. Gatekna pratelan ing ngisor!


(1) Diwaca kanthi swara seru.
(2) Mangerteni isine.
(3) Maragakake kanthi niru patrape wong liya.
(4) Migatekake pocapan.
(5) Maragakake kanthi polatan kang trep.
Saka pratelan ing dhuwur minangka cara maca geguritan kang trep katuduhake
nomer …. HOTS

a. (1), (2), lan (3)

b. (2), (3), lan (4)

c. (2), (4), lan (5)

d. (3), (4), lan (5)


11. Gita hastagatra mujudake geguritan kang kadhapuk saka … gatra.

a. wolung

b. pitung

c. nem

d. sangang

12. Perangan sing ora prelu digatekake nalika medharake geguritan, yaiku ....

a. maca tulisan kanthi setiti

b. ngilangi tembung

c. jingglengi pralambang sing dianggo

d. jarwani makna pasemon utawa pralambange

13. Banter - alon lan cendhak - dhuwure swara nalika maca geguritan diarani ….

a. wicara

b. wiraga

c. wirasa

d. wirama

14. Pisanan ditemtokake nalika nulis geguritan yaiku ….

a. basa

b. milih tembung

c. tema

d. ngrantam ukara

15. Geguritan lumrah kanggo ngandharake rasa pangrasa atine ….

a. pamaca

b. panganggit

c. pamireng

d. pamiarsa
16. Gatekna paragrap ing ngisor iki!
Sanadyan ora kagolongan jinis minuman kasehatan, kopi duweni akibat sing
becik tumrap untu. Panaliten anyar saka sawijining universitas mancanagara
nguwatake kanthi ngandharake senyawa sing kinandhut ing kopi bisa ngendhegake
bakteri sing nemplek ing untu sintesis. Senyawa kasebut bisa ngalahake bakteri
sing bisa langsung ngrusak untu.
Adhedhasar pola pengembangane, paragrap ing dhuwur nggunakake
pengembangan .... HOTS

a. umum-khusus

b. perbandingan

c. khusus-umum

d. ilustrasi

17. Gancaran kang runtut utawa sistematis kanggo nglapurake kedadean kang wis
kedaden sadurunge diarani eksposisi ….

a. definisi

b. lapuran

c. klasifikasi

d. pawarta

18. Ing ngisor iki klebu tumindak kang ora gemi nggunakake energi yaiku ....

a. mateni kran banyu sadurunge banyu kutah

b. mbukak jendhela lan gordhen wayah esuk lan awan

c. sawise sinau mateni piranti elektronik sing dianggo

d. ngurupake lampu sanadyan wis awan

19. Gancaran kang surasane menehi pawarta ngenani sawijining kedadean diarani
eksposisi ….

a. lapuran

b. perbandingan

c. pawarta

d. pertentangan
20. Unsur kang ana gandheng cenenge karo bab-bab kang sarwa teratur diarani ....

a. irama

b. nada

c. pamilihan tembung

d. swasana

21. Ing ngisor iki kang nuduhake isine wacan eksposisi yaiku ….

a. gawe yakine pamaca saengga bisa ngowahi panemu lan keyakinane

b. mbabarake sawijining bab marang pamaca lan ora meksa utawa mangaribawani
supaya pracaya utawa ngetutake isine karangan

c. mbabarake alesan lan bukti kuwat saengga bisa gawe yakine pamaca

d. nggambarake objek kanthi cetha supaya pamaca bisa ngrasa utawa nyawang
dhewe objek sing dicritakake

22. Ing ngisor iki ora klebu pola pengembangane teks eksposisi yaiku ….

a. pertentangan

b. ilustrasi

c. khusus-umum

d. perbandingan

23. Saben dina Wawan mangkat sekolah numpak sepedhah utawa mlaku bareng
kancane. Menawa prei sekolah, dheweke mesthi sowan simbahe numpak kreta
sanadyan duwe mobil. Pratelan kang trep saka katrangan kasebut yaiku ….

a. Wawan lan kulawargane ora duwe kendharaan pribadi.

b. Wawan seneng mlaku mangkat sekolah bareng kancane.

c. Wawan didhawuhi wong tuwane supaya numpak sepedhah.

d. Wawan lan kulawargane nindakake gemi energi.


24. Ing struktur geguritan kang mujudake tujuan panggurit nalika nulis geguritan kang
bisa awujud isi lan amanat diarani ….

a. surasa

b. uni/swara

c. pada

d. tembung

25. Ing ngisor iki kang klebu tuladhane teks eksposisi yaiku ….

a. cerkak

b. pariwara

c. resep panganan

d. crita rakyat

Setiap Soal
B. Isenana ceceg-ceceg kanthi bener! Bernilai 3 poin.

1. Geguritan awujud gatra lan pada. Dene tegese pada yaiku

2. Ing eksposisi sebab-akibat lumrahe nggunakake tembung panggandheng

3. Geguritan kadhapuk saka tembung lingga

4. Lelungan numpak kendharaan umum klebu tumindak

5. Gita saptagatra minangka geguritan kang kadhapuk saka gatra sapada.

6. Gancaran kang sipate umum mbutuhake tuladha utawa conto sing sipate nyata

diarani

7. Dhuwur cendhake swara nalika maca geguritan diarani

8. Surasane teks eksposisi mangsuli babagan

9. Parafrase geguritan yaiku ngowahi wujud pada dadi wujud

10. Sing duweni kuwajiban nindakake irit nggunakake energi yaiku


Setiap Soal
C. Isenana ceceg-ceceg kanthi bener! Bernilai 4 poin.

1. Geguritan sanadyan nggunakake tetembungan cekak aos, ngandhut piweling


lumantar amanat sing diwedhar dening panganggit. Mula, kudu mangerteni
surasane geguritan kanthi nggancarake. Banjur, kepriye carane nggancarake?
HOTS

2. Andharna sing dikarepake wirama ing paugeran maca geguritan!

3. Tumindak irit nggunakake energi bisa dikulinakake wiwit cilik ing lingkungan
kulawarga. Akeh munpangat sing dipikolehi saka irit nggunakake energi, salah
sijine yaiku ngirit prabeya. Geneya bisa mangkono?

4. Jlentrehna urutane nulis teks eksposisi!

5. Apa sing dikarepake amanat sajroning geguritan?

Nilai

Anda mungkin juga menyukai