Anda di halaman 1dari 7

PEMERINTAH KABUPATEN BANYUMAS

DINAS PENDIDIKAN

SEKOLAH DASAR NEGERI ……………..


Alamat : Jln …………………………………Kode Pos 53195

Nama Siswa Nilai

ASESMEN TENGAH SEMETER II SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2023/2024
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : IV (Empat)
Waktu : 07.30 – 09.00 (90 Menit)
Hari/tanggal : Kamis, 7 Maret 2024

PETUNJUK UMUM :
1. Tulisen jenengmu ana ing sisih tengen ndhuwur!
2. Wacanen saben pitakon kanthi premati !
3. Garapen luwih dhisik pitakon sing kok anggep gampang!
4. Titinen maneh garapanmu sadurunge kok aturake marang Bapak utawa Ibu Guru!

I. WENEHANA TANDHA PING (X) ANA ING AKSARA A, B, C UTAWA D


SANGAREPE WANGSULAN SING PALING BENER!

Gatekna Babad Pasir Luhur neng ngisor kiye!

Babad Pasir Luhur


Prabu Silih Wangi, raja neng tlatah Pajajaran Jawa Barat, dhawuh marang putrane
Arya Banyak Catra,supaya mbojo Amarga arep diwisuda dadi raja. Arya Banyak Catra matur
gelem mbojo nanging sing praupane memper karo pasuryane ibune. Prabu Silih wangi banjur
ngendika “Angger kaya kuwe, sliramu lunga marang gunung Tangkuban nemoni pendhita.”
Arya Banyak Catra banjur metu sekang kraton mlaku tumuju maring Gunung
Tangkuban. Barang tekan kono ketemu karo Sang Pandita matur wigatine. Sang Pandita
banjur dawuh menawa putri sing dikarepake jenenge Dewi Ciptarasa putri sekang kadipaten
Pasir Luhur.
Banyak Cakra age-age tumuju mrana. Sebanjure Banyak Catra ngabdi neng kepatihan
nganggo jeneng sesingidan Kamandaka. Nuju sawijining dina Kamandaka dijek njala iwak
neng kali Logawa. Neng papan kono Banyak Catra ketemu karo Dewi Ciptarasa putri Adipati
Pasir Luhur. Dewi Ciptarasa Kasengsem karo baguse Kamandaka, semana uga Kamandaka
uga kasengsem karo Dewi Ciptoroso sing pawakane pasuryane lan ayune pada karo ibune.
……

1. Raja neng tlatah Pajajaran Jawa Barat asmane….


A. Arya Banyak Catra
B. Prabu Silih Wangi
C. Arya Banyak Gampar
D. Raden Silih Warni
2. Prabu Silih Wangi dhawuh marang putrane supaya mbojo Amarga arep dadi… .
A. Permaisuri
B. Selir
C. Raja
D. Biyung Emban
3. Jeneng sesingkidan Raden Banyak Catra yakuwe….
A. Kamandaka
B. Pule bahas
C. Silih warni
D. Silih wangi
4. Nuju sawijining dina Kamandaka di jak golet iwak nang kali . . . .
A. Kali Serayu
B. Kali Logawa
C. Kali Klawing
D. Kali Bengawan
5. Putri sekang Kadipaten Pasir Luhur jenenge . . . .
A. Dewi Sekartaji
B. Dewi Ciptarasa
C. Dewi Anggraeni
D. Dewi Nawang Wulan
6. Wanita sing prawakane, pasuryane lan ayune pada karo ibune Banyak Catra yakuwe ..
A. Dewi Ganggawati
B. Dewi Sri Huning
C. Dewi Probosini
D. Dewi Ciptarasa
7. Penggalan cerita rakyat wacan ing duwur mau irah-irahane yakuwi . . . .
A. Babad Pasir Luhur
B. Babad Pasir Putih
C. Babad Tanah Leluhur
D. Babad Tanah Perdikan
8. Calon bojo sing dikarepake Banyak Catra, calon bojo kang ….
A. memper karo pasuryane eyang putrine
B. memper karo pasuryane bibi emban
C. memper karo pasuryane ibune
D. memper karo pasuryane bibine
9. Cerita kang ana hubungane karo sejarah, sing biasane nyitakna keberanian, heroik, pesakitan
lan keajaiban manungsa diarani . . . .
A. Sage
B. Mithe
C. Fabel
D. legenda
10. Dongeng kang perangane awujud kewan kang bisa celathu kaya manungsa diarani …
A. Legenda
B. Hikayat
C. Mithe
D. Fabel
11. Dongeng kang gegandhengan karo dumadine sawijining papan utawa barang, kayata asal
usul Rawa Pening, asal usul Banyuwangi lan sapanunggalane diarani . .
A. Legenda
B. Hikayat
C. Mithe
D. sage
Getekna tembang macapat ing ngisor iki!
Gambuh
Aja nganti ka banjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur lan becik
Becik ngupaya a iku
Pitutur ingkang sayektos

11. Cacahing gatra tembang gambuh ing dhuwur ana ….


A. 7 gatra
B. 6 gatra
C. 5 gatra
D. 4 gatra
12. Guru wilangan lan guru lagu gatra kapisan tembang gambuh ing dhuwur yaiku ….
A. 6 u
B. 7 u
C. 8 u
D. 9 u
13. Tembang macapat cacahe ana ….
A. 8 warna
B. 9 warna
C. 10 warna
D. 11 warna
14. Tembang gambuh nduweni watak ….
A. grapyak
B. gupruk
C. bungah
D. gagah
15. Barang polah ingkang nora jujur
Tembung “nora” tegese ….
A. kaping
B. inggih
C. mboten
D. pantes
16. Makna tembung “gambuh” neng tembung macapat yaiku . . . .
A. grasa grusu utawa guprek
B. waskitha utawa pinter
C. seneng utawa bungah
D. jumbuh utawa sarujuk
17. Sing kalebu tembung macapat kang bener yaiku ….
A. gambuh, megatruh, durma
B. jamuran lan sinom
C. wirangrong lan sinom
D. juru demung lan sinom
18. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben . . . .
A. sak gatra
B. wanda
C. pada
D. paugeran
19. Musik sing cocok kanggo ngiringi tembang macapat yakuwe . . . .
A. rebana
B. gamelan
C. dangdut
D. angklung
20. Guru lagu tibane swara vocal ing….
A. pol-polan swara
B. pol-polan tutur
C. Pol-polan tembang
D. pol-polan gatra

II. ISENANA CECEG-CECEG ING NGISOR IKI NGGO TEMBUNG SING MATHUK!
21. Jeneng sesingidan Raden Banyak Catra yaiku ….
22. Putri saka Kadipaten Pasir Luhur jenenge ….
23. Papan patemon antarane Banyak Catra karo Dewi Ciptarasa yakuwi ana ing ….
24. Adine Raden Banyak Catra jenenge ….
25. Wanita sing dikarepake Banyak Catra yaiku prawakan lan pasuryane pada karo ….
26. Tembung “gambuh” neng basa jawa duwe makna ….
27. Paugeran yaiku aturan nulis tembung….
28. Guru lagu yaiku….
29. Becik ngupaya a iku, pitutur ingkang….
30. Tembang jamuran, padang wulan, cublak – cublak suweng iku kalebu tembang ….

III. WANGSULANA PITAKON – PITAKON ING NGISOR IKI!


31. Apa prentah/panyuwun raja Pajajaran maring putrane Raden Banyak Catra?

32. Apa jawabe Raden Banyak Catra karo prentah utawa panyuwune raja Pajajaran?

33. Sebutna telu bae sing kalebu tembang macapat!

34. Sebutna telu aturan/paugeran tembang macapat!

35. Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kelantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
Sebutna guru wilangan, lan guru lagune!

Anda mungkin juga menyukai