Anda di halaman 1dari 3

KEMENTERIAN AGAMA

MADRASAH TSANAWIYAH NEGERI 3 TULUNGAGUNG


Jalan Raya Blitar – Tulungagung Km. 2

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GANJIL


TAHUN PELAJARAN 2018/2019

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari / Tanggal :


Kelas : VII (Tujuh) Waktu :

Pilihen salah siji wangsulan kang kok anggep paling bener antaraning a, b, c, utawa d!
1. Tembung kang during saka owah asale diarani tembung … .
a. andhahan b. camboran c. lingga d. wod
2. Ing ngisor iki ukara migunakake tembung lingga tinemu ing … .
a. Mbah Amir lagi maosake surat Yasin kanggo para leluhur
b. Ing masjid Nabawi parajamaah lagi sholat bareng-bareng
c. Siti wis didhawuhi ustadzah supaya ngapalake surat-surat cekak
d. Wulan pasa aku mesthi digugah ibu supaya sahur bareng
3. Gatekno tembung-tembung sajroning tabel iki!
1 2 3 4
Nulis Lungguh Mangan Adus
Nabok Lali Mundhut Arep
Nekuk Lenggah Mepe Adang
Tembung lingga sajroning tabel ing dhuwur tinemu ing nomer … .
a. 1 b. 2 c. 3 d. 4
4. Saeful lagi mundhutake ibune gula ing warung ngarep. Tembung mundhutake linggane yaiku … .
a. mundhut b. mundhuta c. pundhut d. pundhuta
5. Tembung kang wis owah saka asale amarga oleh wuwuhan, karangkep, utawa kacambor iku diarani
tembung … .
a. andhahan b. campuran c. karangkep d. lingga
6. Wacanen ukara-ukara ing ngisor iki kanthi setiti!
a) Bahrul lagi nulis geguritan
b) Bu Siti maos majalah Jayabaya
c) Faizah nyuwun dhuwit kanggo mbayar iuran
d) Farhan ngethoki kuku
Ukara ing ndhuwur migunakake wuwuha … .
a. ater-ater anuswara b. ater-ater tripurusa c. seselan d. panambang
7. Wujude ater-ater anuswara yaiku … .
a. dak, kok, di b. m, n, ng, ny c. in, um, el d. dak, in, m
8. Ing ngisor iki ukara sing migunakake ater-ater anuswara –n yaiku … .
a. Busyro lagi ngombe teh c. Dzikrul nitipake surat kanggo adhike
b. Fatimah nyilih buku cathetanku d. Faiz lagi nyuwun permen telu
9. Gatekna tuladha ing ngisor iki!
a) Bahrul lagi nulis geguritan
b) Bu Siti maos majalah Jayabaya
c) Faizah nyuwun dhuwit kanggo mbayar iuran
d) Farhan ngethoki kuku
Ukara ing ndhuwur migunakake ater-ater –ny yaitu … .
a. a) b. b) c. c) d. d)
10. Wujude seselan yaiku … .
a. dak, kok, di b. m, n, ng c. in, um, el d. dak, in, m
11. Tembung kinandhut, tinulis, tinampa iku migunakake seselan … .
a. -um b. -in c -el d. -er
12. Gatekna ukara iki!
Gludhuke keprungu gumleger senajan ora ana udan
Ukara ing ndhuwur migunakake seselan … .
a. -um b. -in c. -el d. -er
13. Tembung : tetuku, lelakon, gegadhang, gegambaran iku kalebu tuladha wujude tembung amarga … .
a. ater-ater b. seselan c. kacambor d. karangkep
14. Gatekna tabel tembung ing ngisor iki!
1 2 3 4
Tetuku Mloya –mlayu Dhedhuwuran Poyang-payingan
Lelunga Wira-wiri Jejotosan Bolan-balen
Lelakon Bola-bali Lelungan Koncang-kancingan
Tuladha tembung dwi lingga salin swara … .
a. 1 b. 2 c. 3 d. 4
15. Ukara ing ngisor kang migunakake tembung amarga panambang -an yaiku … .
a. Aja maem jangan neng mangkok iku! c. Arman wis dolan menyang omahku
b. Dheweke mangan jambu kluthuk. d. Farhan turon neng jubin emper.
16. Gatekna ukara ing ngisor iki!
Fajrul nggambarake adhike menthok lagi nucuk cacing.
Tembung kang kacithak kandel iku linggane yaiku … .
a. gambar b. nggambar c. nggambara d. nggambarake
17. Kalebu tuladha tembung camboran tugel yaiku … .
a. bangcuk b. cengingisan c. mloka-mlaku d. nagasari
18. Ukara ing ngisor iki migunakake tembung dwi lingga wantah yaiku … .
a. Bola-bali aku menyang omahmu nanging ora tau weruh adhimu
b. Dheweke poyang-payingan mikir adhike sing during bae mulih
c. Lelakon-lelakon sing kepungkur aja dieling-eling tiwas gawe sedhih.
d. Wingi ing warta TV disiarake ana omah-omah padha kobong.
19. Tembung sumunar during cocog digunakake sajroning ukara ngsior iki yaiku … .
a. Bagaskara wus sumunar ing bang wetan c. Ali-aliku sumunar mencorong
b. Adhiku golek bku sing sumunar. d. Pasuryane sumunar kebak wibawa.
20. n + thuthuk + i = … .
Tembung andhahan pangrimbane tembung ing ndhuwur yaiku … .
a. nuthuk b. nuthuki c. thuthuk d. thuthuki
21. Gatekna pretelan ing ngisor iki!
1) Nggoreng 2) Nyapu 3) Mbabati 4) Nakoni
Tembung-tembung ing dhuwur kalebu tembung sing oleh ater-ater … .
a. seselan b. ater-ater c. panambang d. rangkep
22. Apa wis koktakoni bocahe? Tembung linggane koktakoni … .
a. koktakon b. takoni c. takon d. akoni
23. Ing ngisor iki kuara sing migunakake ater-ater tripurusa yaiku … .
a. Wingi esuk aku njupukake adhik buku gambare sing keri nang mah lor
b. Lelakone uripe pancen nrenyuhake, mulane akeh wong sing mesakne
c. Omah-omah padha dicet amarga mapag dina riyaya sedhela maneh
d. Klambine wis diumbah amarga sesuk arep digawe acara perpisahan
24. Bola-bali wis tak kandhani aja dolan ora weruh wayah!
Ukara ing dhuwur migunakake tembung … .
a. dwilingga utuh b. dwipurwa c. dwilingga salin swara d. dwiwasana
25. Aku ditukokake mbakku semar mendem neng toko ngarep omah.
Tembung semar mendem kalebu tembung … .
a. dwilingga wantah c. camboran tugel
b. dwilingga salin swara d. camboran wutuh
26. Ing ngisor iki tuladha ukara migunakake tembung camboran wutuh yaiku … .
a. Awake jan mung kur kari lunglit bae merga ora tau mangan
b. Parine wis semburat bangcuk mulane kurang seminggu maneh panen
c. Bocah kok dhewur, pantes yen dadi angkatan
d. Aku mau esuk ditukokne mbakku nagasari
27. Wuwuhan sing manggone ana ngarepe tembung lingga diarani … .
a. ater-ater b. seselan c. panambang d. wuwuhan
28. Panambang iki wuwuhan sing manggon ing … tembung lingga
a. ngarep b. mburi c. tengah d. campuran
29. m + pangan + i = … .
Asil rimbage tembung ing dhuwur … .
a. mangani b. pangani c. nyangani d. nggangani
30. Ing ngisor iki ukara sing migunakake panambang –an sing bener yaiku … .
a. Sangonana sing cukup bae ya adhimu! c. Taline aja kedawan tiwas ora kanggo!
b. Panganan kae wenehna tangga-tangga! d. Rembulan wis ndadari merga wis tanggal
31. Bu guru … aku supaya sregep sinau
a. ngongkon b. diutus c. ngengken d. ndhawuhi
32. … diutus ibu mundhutake oleh-oleh.
a. Kowe b. Sampeyan c. Ndika d. Panjenengan
33. Bapak … dhahar saiki!
a. wenehana b. paringna c. caosna d. lungna
34. Jajan iki … adhikmu!
a. wenehna b. paringna c. caosna d. lungna
35. … aturana dhahar saiki!
a. Aku b. Budi c. Adhik d. Eyang
36. Panjenengan kalawau punapa sampun … saestu?
a. mangan b. nedha c. maem d. dhahar
37. Mbenjing enjing kula sampun dugi.
Ukara kasebut menawa disalin nganggo basa ngoko lugu dadine … .
a. Sesuk sore kula sampun rawuh c. Sesuk esuk aku wis teka
b. Sesuk esuk kula sampun kesah d. Sesuk sore aku wis teka
38. Kowe mau apa wis turu tenan?
Ukara kasebut menawa disalin nganggo basa ngoko alus dadi … .
a. Panjenengan mau apa wis sare tenan?
b. Sampeyan wau napa pun tilem saestu?
c. Ndika kalawau napa sampun tilem saestu?
d. Panjenengan kalawau punapa sampun sare saestu?
39. Apa kuwi tukonmu?
Ukara kasebut menawa disalin nganggo basa krama lugu dadi … .
a. Apa kuwi pundhutan panjenengan? c. Punapa niku tumbasan sampeyan?
b. Punapa niku tumbasan panjenengan? d. Punapa punika pundhutan panjenengan?
40. Kowe apa sida lunga menyang Malang?
Ukara kasebut menawa disalin nganggo basa karma alus dadi … .
a. Sampeyan punapa siyos kesah dhateng Malang?
b. Ndika napa siyos lunga teng Malang?
c. Panjenengan apa sida tindak menyang Malang?
d. Panjenengan punapa siyos tindak dhateng Malang?

Anda mungkin juga menyukai