Anda di halaman 1dari 7

DOKUMEN NEGARA Nama :

SANGAT RAHASIA No :

PEMERINTAH KABUPATEN BOYOLALI


KOORDINATOR PAUD DIKDAS DAN LS KECAMATAN MUSUK
PENILAIAN AKHIR SEMESTER I SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN 2021/2022
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal :
Kelas : VI ( Enam ) Waktu :

PETUNJUK UMUM :
1. Tulislah nama dan nomormu di sudur kanan atas pada lembar ini juga !
2. Bacalah dengan teliti setiap petunjuk mengerjakan soal !
3. Kerjakan tugas / perintah yang ada pada soal !
4. Periksalah pekerjaanmu sebelum diserahkan kepada Bapak/Ibu Gurumu !

PETUNJUK KHUSUS :
I. Wenehana tandha ping (X) ana aksara a, b, c utawa d ing sangarepe
wangsulan kang bener !

Ing tengahing peperangan Adipati Karna numpak kreta kang ngusiri Patih
Hadimanggala. Adipati Karna nggunakake senjata ampuh panah
Kuntadruwasa. Kuwi ora sembarang panah, nanging pusaka simpenan sing
mung bisa digunakake sepisan. Pusaka iku peparinge Dewa Indra. Panah
lepas saka gendhewa jumepret swarane tumuju munggah. Gathotkaca kang
madeg Senapatine Pandhawa tansah mabur anggone perang. Weruh keplase
panah/jemparing mburu sang Gathotkaca banjur ngumpet ing Mega Malang.
Panah sing kumleyang disaut dening sukmane Kala Bendana. Panah
dipenerake pusere Gathotkaca, gugur sanalika.
1. Ghatotkaca gugur kena pusaka wujud ... arane Kuntadruwasa.
a. tumbak
b. panah
c. gendhewa
d. keris
2. Senapati perang Pandhawa asmane ....
a. Adipati Karna
b. Patih Hadimanggala
c. Raden Gathutkaca
d. Kala Bendana
3. Raden Gathotkaca gugur kena pusaka penere ing ....
a. gulune
b. dhadhane
c. jantunge
d. pusere
4. Gathotkaca perang mungsuhe ....
a. Kala Bendana
b. Bathara Indra
c. Adipati Karna
d. Prabu Salya
5. Gathotkaca gugur ing madyaning peperangan.
Tembung gugur padha tegese karo ....
a. gesang
b. seda
c. yuda
d. perang
6. Perange Adipati Karna numpak ....
a. jaran
b. kreta
c. gajah
d. turangga
7. Gatekna gambar wayang iki!

a. Gambar (i) iku Gathotkaca


b. Gambar (ii) iku Gathotkaca
c. Gambar (iii) iku Adipati Karna
d. Gambar (iv) iku Adipati Karna
8. Paraga wayang iki arane ....

a. Prabu Salya
b. Adipati Karna
c. Prabu Kresna
d. Drusthajumena
9. Ngandhakake lelakon sing dialami dhewe, iki tuladha crita ....
a. pengalaman
b. karangan
c. ngayawara
d. ilmiah
10. Crita “ Lagi ujian sekolah keturon nganti ngiler” iku crita pengalaman sing ....
a. ngayelake
b. nrenyuhake
c. ngguyokake
d. ngisin-isin
11. Nyritakake pengalamane dhewe iku bisa kanggo ngukur watak ....
a. jujur
b. lomo
c. grapyak
d. gumedhe
12. Tuladhane pengalaman nalika ing pasar, upamane ....
a. nyumbang salah alamat
b. ajar numpak pit
c. kesasar dalan buntu
d. kleru mbayar nganggo tisue
13. Pengalaman medeni, upamane ....
a. mlebu sepisanan ing SD
b. tengah wengi listrike mati
c. mancing welasane tugel
d. hp-ne kelebon gambar wayang buto
14. Rambute seng cendhek-cendhek abang mbranang mengini wong weruh.
Abang branang tegese ....
a. rada abang
b. abang nom
c. abang banget
d. durung abang
15. Tandurane pari katon ... endah sinawang.
a. ijo royo-royo
b. ijo pupus
c. ijo gumadhung
d. ijo jumerut
16. Mbak S ngguyu kepingkel-pingkel prekara jeneng Ibnu Kirdi,amarga ....
a. tulisane lucu
b. ngerti tegese
c. ejaane aneh
d. weruh gambare
17. Kayune obong wis ... gambang kobonge.
a. teles kebes
b. garing mekingking
c. ireng thuntheng
d. anyep njejet
18. Klambiku ... nganti kadhemen.
a. rowak-rawek
b. teles kebes
c. garing mekingking
d. kedhodhoran
19. Tetembungan “ the experience is the best teacher, “ tegese ....
a. pengalaman iki penting banget
b. pengalaman saben guru dhewe-dhewe
c. pengalaman guruku seng paling apik
d. pengalaman iku guru paling becik
20. Wulan siyam punika menawi siyang keraos salit.
Diowahi basa ngoko lugu ....
a. Wulan Siyam kuwi menawi awan krasa pait
b. Sasi Siyam kuwi menawa keraos ngeleh
c. Sasi Pasa kuwi menawi siyang krasa ngelak
d. Sasi Pasa kuwi menawa awan krasa ngelak

Kinanthi
Dadia laku nireku,
Cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
21. Nitik andhara kasebut, Kinanthi iku guru gatrane ana ....
a. 6
b. 7
c. 8
d. 9

22. Tembang kinanthi kasebut gatra 2 guru wilangane ana ....


a. 6.
b. 8
c. 10
d. 12
23. Tembang Kinanthi kasebut kamot ing serat ....
a. Wulangsunu
b. Wulangreh
c. Wulang sarak
d. Wulang tata
24. Isine tembang kasebut ngandharake ....
a. urip prasaja (sederhana)
b. urip sing mulya
c. urip kang utama kanthi nguja hawa
d. urip kang tanpa guna
25. Nyuda prayitnaning batin.
Tegese tembung prayitna, yaiku ....
a. mangan
b. turu
c. ngati-ati
d. sembrana
26. Cegah dhahar lawan guling,
Tembung guling tegese ....
a. nesu-nesu
b. bantal dawa
c. tilem
d. ngglimpang
27. Dadia laku nireku,
Cegah dhahar lawan guling, andhara kasebut tegese ....
a. ngajak tumindak golek pangan
b. ngajak ngulinakake urip prihatin
c. ngajak ngulinakake mangan lan turu bae
d. ngajak tumindak urip rukun
28. Sing dikarepkke tumindak suka-suka ing tembang Kinanthi yaiku ....
a. seneng mangan sing akeh
b. seng penting urep seneng
c. gawe seneng wong liya
d. melu seneng yen wong liya seneng
29. Ala wateke wong suka,
Nyuda prayitnaning batin, ukara kasebut tegese ....
a. wong yen kliwat seneng biasane ilang ngati-atine
b. wong sing sembrana senenge suka-suka
c. wong aja nganti gawe suka wong liya
d. tumindak suka-suka nglanggar aturan agama
30. Aja kasukan-sukan
Ukara kasebut yen ditulis jawa nggunakake pasangan ....
a. sa disuku
b. na
c. ka
d. ka disuku
31. Tembung : Sinuhun Paku Buwana, yen ditulis aksara jawa nggunakake
pasangan aksara : ....
a. na di suku
b. pa
c. ba
d. pa disuku
32. Panulise “Tembang Macapat” aksara kang bener yaiku ....
a.

b.

c.

d.

33. Gatekna iki gambar apa !

a.

b.

c.

d.

34. Gatekna iki gambar gamelan ! Sing digawe saka kayu iki ! Arane apa ?

a.

b.

c.

d.
35. Gatekna gambar Punokawan iki arane sopo ?

a.

b.

c.

d.

II. Wangsulana kang patitis !


1. Sapa asmane rama ibune Gathotkaca ?
2. Omahe mung ... ndadak nelpun barang.
3. Ruangane kelasku ... amarga nganggo cendhela kaca sing bening lan amba.
4. Wong arep sedhekah ora perlu ngenteni yen wis ....
5. Mripat kangge ....
6. Lantip tegese ....
7. Susuhuan Paku Buwana Raja ing Kraton ....
8. Tembang Kinanthi guru wilangan gatra 3 ana ... wanda lan guru lagu ....
9. Crita pengalaman “Dina ulang tahune diparingi HP” iku pengalaman kang ....
10. Mbakyuku mbarep, sebut wae mbak S, sejatine lulusan Bahasa Arab.
Mbarep tegese paling ... sasedulur.

III.
1. Apa tegese guru wilangan iku ?
2. Aranono gunane tutuk 3 wae!
3. Aranana tembang macapat saliyane Kinanthi 3 wae!
4. Kinanthi yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku....
5. Gaweo tuladha crita pengalaman kang nyenengake 3 wae!
KUNCI JAWABAN
I
1. b 11. a 21. a 31. b
2. c 12. d 22. b 32. c
3. d 13. b 23. b 33. c
4. c 14. c 24. a 34. b
5. b 15. a 25. c 35. c
6. b 16. b 26. c
7. a 17. b 27. b
8. b 18. b 28. b
9. a 19. d 29. a
10. d 20. d 30. a

II
1. Werkudara lan Dewi Arimbi 6. pinter
2. cerak nyangklak 7. Surakarta
3. padhang jingglang 8. 8 a
4. sugih mblegedu 9. nyenengake
5. mirsani 10. tuwa
III
1. Cacahing wanda saben sak gatra

2. Ngendiko,dhahar,ngunjuk

3. Mijil, Megatruh, Sinom lsp

4. .

5. -Diparingi hadiah ulang tahun

-Piknik wonten pantai

-Pikantuk rangking satunggal (kebijakan guru)

Penskoran :
I. Saben nomer bener biji 1
II. Saben nomer bener biji 2
III. Saben nomer bener biji 3
Skor Akhir = I + II + III
7

Anda mungkin juga menyukai