Anda di halaman 1dari 10

UJIAN SEKOLAH BAHASA JAWA

1. Dadi siswa kudu ndarbeni patrap sing becik. Darbe tegese …


a. duwe
b. pakdhe
c. nduwe
d. nduweni
e. kadunungan

2. Ukara-ukara ing ngisor iki kang mratelake rasa seneng yaiku …


a. Alhamdulillah Pakdhe saestu rawuh, sakmenika
b. Nyuwun pirsa, dalemipun Patra sisih pundi?
c. Nyuwun pangapunten Mbah, anggen kula sowan mbok bilih mbenjing
d. Nyuwun sewu, kula mboten mangertos pirembagan menika
e. Budhe ora sido rawuh mrene jalaran nampa tamu kumpulan arisan

3. Supaya diajeni wong liya aku kudu ngajeni wong liya.


Polane ukara iku, Ukara kesebut migunakake katrangan …
a. Katrangan akibat
b. Katrangan wektu
c. Katrangan kahanan
d. Katrangan sebab
e. Katrangan tujuan

4. Kepriye anggonmu matur Simbah menawa ibu durung bisa sowan …


a. Mbah, Ibu mboten saged sowan
b. Mbah, Ibu mboten sowan
c. Ngapunten Mbah, Ibu durung sowan
d. Nyuwun sewu Mbah, Ibu dereng saged sowan
e. Nyuwun sewu Mbah, Ibu mboten saged sowan

5. Uluk salam kanggo mertamu iku mangkene …


a. Kula nyuwun
b. Kula suwun
c. Kula nuwun
d. Nuwun sewu
e. Nuwun panapunten

6. Paraga ingkang nggadhahi jejibahan mranata lampah utawi ngatur urut-urutaning


lampah,saderengipun pepanggihan kawiwitan kawastanan …
a. Panatacara
b. Pamedhar sabda
c. Dalang
d. Sindhen
e. Tanggap wacana
7. Satunggaling panatacara kedah nggadahi mental waja, sampun ngantos mental miyur,
saha mental ciyut. Menapa ingkang sampun disiapaken supados mentalipun kandel …
a. Kedah kathah gladhen ngadhepi tiyang kathah
b. Siap ing materi
c. Temen anggenipun nindakaken pakaryan
d. Kathah catetan
e. Nyiapaken busana ingkang enggal

8. Pranata adicara kedah siap sewanci-wanci menawi dipuntimbali boten badhe


nguciwani, andharan kasebat tembung sanesipun …
a. Kasamaptaan
b. Katewajuhan
c. Gegladhen
d. Malaksana
e. Adicara

9. Ing ngandhap menika ewah-ewahan sarira ingkang mranani inggih menika …


a. Nglebetaken asta wonten ing sak clana
b. Asring mirsani cathetan
c. Asring mirsani para rawuh supados kagatosaken
d. Boten nggatosaken ingkang midhangetaken
e. Ngadegipun mboten tegak

10. Gladhi olah swara satunggaling panatacara kedah pikantuk kawigatosan ingkang
mirunggan. Tegesipun mirunggan inggih menika …
a. Prayogi
b. Apik
c. Salaras
d. Utami
e. Mligi (khusus)
11. Syarat-syarat sing kudu tindakake sawijining pranata adicara, salah satunggaling
inggih menika …
a. Sandhang penganggo sarwa mompyor
b. Sikape kang tata trapsila lumrah lan prasaja
c. Artikulasi mboten cetha
d. Gugup
e. Kakehan obah
12. Panatacara ingkang sae, ugi sinengkuyung pirantos kadosta parengga swara utawi
sinebat sound system. Pramila satunggaling pranata adicara kedah mangertos kados
pundi mangun karya kaliyan pangrengga swara inggih menika babagan tata papan,
sasmitaning gendhing, sarta …
a. Tata basa
b. Tata busana
c. Tata lampah
d. Tata laksana
e. Urutaning gendhing
13. “Saderengipun adicara kita wiwiti, mangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur
wonten ngarsa Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun …. kanikmatan
dumateng kita sedaya’. Kajangkepana andharan ing nginggil menika kanthi tembung
ingkang trep!
a. Caos
b. Paring
c. Atur
d. Ngaturi
e. Nyaosi

14. Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, para tamu undangan ingkang … (1) sarta
para rawuh ingkang pantes sinudarsana, mangga saderengipun … (2) kawiwitan kita
sesarengan ngonjukaken raos puji syukur dumateng ngarsa dalem Allah Subhanahu
wa Ta’ala, ingkang sampun paring mapinten-pinten karohmatan, katentreman, sarta
kasarasan dumateng kita sedaya saengga dumugi ing wekdal punika … (3) saged …
(4) wonten ing papan menika.

Kangge njangkepi andharan ing wacana nginggil menika, angka (1) prayoginipun
kaserat …
a. Satuhu karohmatan
b. Kula tresnani
c. Kula kurmati
d. Karaharjan
e. Kawilujengan

15. Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, para tamu undangan ingkang … (1) sarta
para rawuh ingkang pantes sinudarsana, mangga saderengipun … (2) kawiwitan kita
sesarengan ngonjukaken raos puji syukur dumateng ngarsa dalem Allah Subhanahu
wa Ta’ala, ingkang sampun paring mapinten-pinten karohmatan, katentreman, sarta
kasarasan dumateng kita sedaya saengga dumugi ing wekdal punika … (3) saged …
(4) wonten ing papan menika.

Tembung ingkang trep kagem njangjepi angka (2) ing wacana nginggil menika yaiku

a. Pahargyan
b. Adicara
c. Pengetan
d. Pasamuan
e. Wacana

16. Andharan kangge njangkepi pratelan angka (3) ingkang trep inggih menika …
a. Kula sami
b. Panjenengan sedaya
c. Kula dalah panjenengan sedaya
d. Para warga
e. Para tamu undangan

17. Kangge njangkepi wacana ing nginggil punika angka (4) prayoginipun kaserat …
a. Kempal
b. Makempal
c. Panggih
d. Pepanggihan
e. Nglempak

18. Andharan ing ngandhap menika, tuladha wangsalan kagem mungkasi satunggaling
adicara,inggih menika …
a. Kupat janure tuwa , menawi lepat nyuwun pangapura
b. Kupat sayure santen, menawi lepat nyuwun pangapunten
c. Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula
d. Papat punjul enem, menawi lepat nyuwun pangapunten
e. Jenang gula, kowe ojo lali

19. Micara utawi medhar sabdha kangge nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking
manah sarana lesan ing sangajengipun tiyang kathah kawastanan …
a. Panatacara
b. Pranataadicara
c. Paniti laksana
d. Sesorah
e. Wawan rembag

20. Menawi badhe atur pangandikan wontwn ing angajengipun tiyang kathah, kedah
migatosaken basa ingkang trep, inggih menika …
a. Basa ingkang prasaja lan komunikatif
b. Basa ngoko supados gampil dipuntampi
c. Basanipun mboten kedhah ngandhut suraos kaendahan
d. Basa mudha karma
e. Basa gaul trend muda-mudi

21. “Saderengipun adicara kita wiwiti, mangga kita sesarengan … puji syukur dhateng
ngarso dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan
dhumateng kita sedaya”. Kajangkepana andharan ing nginggil punika kanthi tembung
ingkang trep!
a. Maringaken
b. Ndedonga
c. Ngaturaken
d. Caos
e. Atur

22. Solah bawa utawa patrap (sikap) sing manteb lan teteg, ngadeg jejeg kaliyan asta
ngapurancang lan anteng (ora kakehan obah sik ora perlu), ora ndangak utawi
ndungkluk terus, praenan sing grapyak, semu esem, ulat/pasemon sing padhang ojo
mbrengut/mbesengut, andharan kasebut mujudake sarat kang perlu ditindakake
pamedhar sabdha kang mengku 4W yaiku …
a. Wirasa
b. Wiraga
c. Wicara
d. Wirama
e. Wiyaga

23. Satunggaling pamedhar sabdha saderengipun ngayahi pakaryan minangka pamicara


kedah nyamektakaken babagan …
a. Nemtokake topik
b. Migatekake pamirsa
c. Mundhut busana enggal
d. Ngadeg jejeg
e. Sikap manteb lan teteg

24. Satunggaling pamedhar sabda wonten ing sesoran saged katindakaken kathi cara maos
teks , tembung sanesipun inggih menika …
a. Manuskrip
b. Memoriter
c. Damel cengkorongan
d. Ekstemporan
e. Impromptu

25. Wonten ing sesorah kaserat atur pambagyaharja dhumateng para tamu undangan saha
atur sykur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, menika kalebet perangan sesorah
babagan …
a. Salam pambuka
b. Purwaka
c. Surasa
d. Pangajab
e. Salam panutup
26. Perangan sesorah ingkang ngandharaken sedaya perkawis ingkang dipun wedharaken
dhumateng para ingkang midhangetaken, menika kalebet perangan …
a. Salam pambuka
b. Purwaka
c. Surasa
d. Pangajab
e. Salam panutup

27. Cara ngetrapake piwulang maca pawarta inggih menika …


a. Maca pawarta kanthi bener
b. Maca kanthi singkat
c. Namung midhangetaken gambaripun
d. Namung dipunwaos judulipun
e. Nulis pokok pokok isine pawarta

28. Wong kang golek pawarta ing layang kabar diarani …


a. Wartawan
b. Reporter
c. Redaktur
d. Narasumber
e. Editor

29. Nyemak pawarta iku wigati kanggone masyarakat jaman saiki, mumpangate nyemak
pawarta yaiku …
a. Mangerteni mlakune jaman
b. Tambah pasrawungan
c. Tansaya kethul pikirane
d. Mangerteni gosip paling anyar
e. Golek bahan gosip

30. Ciri-ciri maca berita kanthi becik, bisa ndudut (menarik) dirungokake menawa lagune
ukara kalimat maneka werna utawa bervariasi lagu kalimat mlebu ing patokan …
a. Wicara
b. Wirama
c. Wirasa
d. Wiraga
e. Wiyaga
31. “Ibuk, tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun
kula ugi badhe …. buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi
ceceg-ceceg kasebut yaiku …. 
a. mundhut, mundhut
b. mundhut, tuku
c. tumbas, tumbas 
d. tumbas, mundhut
e. mundhut, tumbas

32. Gatekna pethilan crita ing ngisor iki!


Swasana ing njaba saya peteng merga mendhunge saya kandhel malah banjur grimis.
Banyu udan kang netes saka gegodhongan saya akeh kaya luhe mboke Indra kang ora
bisa kabendhung mrebes mili dleweran aneng pipine. Wengi saya peteng. Kahanan
sepi nyenyet. Walang-walang kang biasane muni mbengengeng padha meneng. Kaya-
kaya melu rumangsa wegah arep gegojekan. 
Unsur instrinsik kang digambarake jroning pethilan crita ing dhuwur yaiku…
a. Paraga
b. Tema
c. Setting
d. Penokohan
e. Amanat

33. Ing sawijing kutha ana saudagar sugih mblegedhu, usahane pirang-pirang, ana
dedagangan, developer pomahan ing ngendi-ngendi papan, ekspor lan impor barang-
barang  kerajinan, lan liya-liyane. Emane, si saudagar iki kondhang cethile. Dhuwit Rp
100,00 bae prasasat kudu dipetung tenan apa tuna lan bathine yen arep ditokake saka
kanthongane. Mengkono uga yen katemben warga sakiwa tengene butuh prabeya
kanggo kegiatan warga, si saudagar iki mesthi owel yen kudu ngetokake dhuwit
kanggo mbiyantu. Petungane mesthi apa tuna lan bathine yen melu mbiyantu kegiatan
warga.  
Nuju sawijining dina, saudagar mau mulih saka kantore numpak montor, nyopir
dhewe. Mampir restoran sedya tuku panganan karemane lan uga karemane sisihan lan
anake. Wektu iku saudagar nggawa dhuwit cacah Rp 10 yuta diwadhahi kanthong
kertas ing sakjerone tas.
Amarga kelalen lan wis kepingin ndang tekan ngomah, sudagar mau lali nggawa tase
kang didelehake ing meja sacedhake kasir. Nalika tekan omah, sudagar mau nembe
kelingan yen mau nggawa tas isi kanthong kang sanjerone ana dhuwit bebathen
dagangan cacah Rp 10 yuta. Wusanane ing ngomah ora sida mangan sea food sing
dituku. Sawise sea food saka restoran dipasrahake sisihane, sudagar mau terus nggeblas
tumuju kantor polisi.
Miturut pethikan cerkak ing dhuwur, irah-irahan kang trep kanggo cerkak ing dhuwur
yaiku ….
A.    Saudagar kang sugih
B.     Pikolehe juragan sugih
C.     Saudagar sugih mblegedhu
D.    Kauripane wong sugih
E.     Pikolehe wong cethil

34. Alur kang dianggo ana ing cerkak ing dhuwur yaiku, yaiku….
a. maju
b. mundur 
c. induktif
d. campuran
e. deduktif

35. Miturut crita ing dhuwur, amanat kang bisa kapethik saka crita iku mau, yaiku ….
a. Wong cilik kudu prasaja.
b. Ora kena nyepelekake wong cilik.
c. Dadi wong sugih kudu cethil lan sombong.
d. Aja seneng gawe gelaning wong liya.
e. Dadi wong kudu wani kelangan.

36. Kendhang yaiku salah sijining piranti gamelan kang digawe saka kayu lan kulit.
Kendhang ditabuh nganggo kombinasi dlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh.
Kendhang diselehake ing wadhah panyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y.
Kendhang ing musik gamelan fungsine kanggo mimpin lan ngarahake musik.

Cara mainke kendhang manut wacan dhuwur yaiku ….


a. Ditabuh nganggo kombinasi dlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh
(penuthuk), kendhang mau diselehake ing wadhah panyangga memper huruf Y
saka wesi
b. Ditabuh nganggo kombinasi dlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh
(penuthuk), kendhang mau diselehake ing pangkon sing arep ngendhang
c. Ditabuh nganggo dlapakan driji, dadi ora nganggo tabuh (penuthuk),
kendhang mau diselehake ing wadhah panyangga memper huruf Y saka kayu
d. Ditabuh nganggo kombinasi dlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh
(penuthuk), kendhang mau diselehake ing wadhah panyangga memper huruf Y
saka kayu
e. Ditabuh nganggo kombinasi dlapakan karo driji, dadi kendhang mau
diselehake ing wadhah panyangga memper huruf Y saka wesi

37. Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para pangembating
praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapa–bapa, Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri
ingkang dahat kinurmatan.

Pethilan teks pranatacara ing dhuwur minangka perangan ….


a. Salam Pambuka
b. Ancasing gati
c. Surasa Basa
d. Purwaka Basa
e. Wasana Basa

38. Ing sawijining dina nalika Rudi lan Rukidi lagi ngrembug bab kanggo siap-siap
menyang industri, nalika kuwi kanca-kancane uga takon “kepiye, persiapan neng
industri wis siap durung, Rud?” pitakone kancane marang Rudi.
“Wis siap kabeh, muga-muga ora ana alangan apa-apa”. Wektu sansaya sore wis
wayahe bali neng omahe dhewe-dhewe, Rudi, Rukidi lan kancane kuwi kang lagi
kumpul neng warung kopi Mak Cor.
Latar panggonan pethilan novel ing dhuwur yaiku ….
a. sekolahan
b. warung kopi
c. dalan
d. omah
e. warung Tegal

39. Aja sok tumbak cucukan, mundhak dadi wong kafir. Tumbak cucukan tegese ….
a. Seneng tetulung
b. Seneng crito
c. Seneng ngrungoke
d. Seneng dolan
e. Seneng adu-adu

40. Kanggo nulis pawarta perlu nggunakake basa kang …


a. Ngajak mikir
b. Ringkes, jelas
c. Ruwet
d. Humor
e. Mangaribawani

Anda mungkin juga menyukai