Anda di halaman 1dari 3

Wangsulana pitakon iki kanthi titis!

Pamit
Aku sida mangkat saiki, biyung
Ninggal pangkonmu
Kanggo ngranggeh gegayuhanku
Senajan owel lan trenyuh
Aku ora nangis, biyung
Jarene tangis kuwi pepalangane laku
Dakjaluk puji pangestumu

(Dening Effendi Kadarisman)

1. Apa arane cak—cakane majas kang bisa makilli karep saka panggurit. . . .
a. Alur b. Setting c. Tema d. Gaya bahasa
2. Pamilihing tembung kang mentes arane. . . .
a. Alur b. Setting c. Tema d. Dhiksi
3. Apa irah-irahane geguritan ing ndhuwur. . . .
a. Ikhlas b.Pamit c. Dumeh d. Kalbu
4. Sapa panggurit sing nganggit guritan pamit. . .
a. Effendi Kadarisman c. St. Ismaniasita
b. Trim Satidja d. Romdonah
5. Apa sing dadi pepalange laku, ing guritan pamit. . .
a. Biyung b. Puji pangestu c. Tangis d. Legawa
6. Tembung kang bisa digunakake kanggo nyulihi wong ke telu (III) yaiku. . . . .
a. Sesulih Utama Purusa c. Sesulih Madyama Purusa
b. Sesulih purusa d. Sesulih Pratama Purusa
7. “Nyerat pasangan c lan b punika mekaten”. Ukara kasebut nggunakake tembung sesulih ….
a. Sesulih panuduh papan c. sesulih panyilah
b. Sesuliah panuduh lumrah d. sesulih panuduh sawijining bab

“Pak, bu kula mangkat rumiyin nggih”, ature Jarwo ing saben-saben arak mangkat sekolah.
“Ya le ngati-ati ya, ibu urung isa menehi sangu merga wingi dagangane mung okeh sing dadi potangan. Ora
papa ya le?”, ibune nyaut pamite Jarwo kanthi rasa rada sedhih genea ora bisa menehi sangu anake kang
mung siji kuwi.
“Boten menapa bu, sangu ingkang wingi taksih kok”, saurane Jarwo kanggo ngandhahake penggalihe ibu.

8. Saka cuplikan cerkak ing dhuwur, kepiye watake Jarwo?


a. Egois
b. Ngerti basa
c. Pangerten
d. Apik
9. Pesen kang bisa dijupuk saka cuplikan cerkak ing dhuwur yaiku . . .
a. kurmat marang wong tuwa
b. dadi bocah kang sregep
c. bisa nyawang kahanane wong tuwa
d. bisa ngajeni marang wong tuwa
10. Tembung ‘potangan’ tegese . . . .
a. Duwe utang
b. Bathi
c. Diskon
d. Diutangke
11. Tembung penggalih tegese…
a. Pikiran
b. Perasaan
c. Tumindak
d. Omongan
12. Intining cuplikan cerkak ing ndhuwur yaiku…
a. Ibu sedhih marang Jarwo
b. Jarwo kepingin disangoni
c. Jarwo pamit menyang sekolah
d. Ibu ora bisa menehi sangu
13. Ing ngisor iki kang ora kalebu unsure-unsur instrinsik ing sajroning cerkak, yaiku…
a. Tokoh
b. Setting
c. Pengarang
d. Amanat

14. Kang diarani cerkak yaiku ......


a. Cerita kang ringkes bisa rampung sepisan diwaca
b. Cerita kang masalah pokoke okeh
c. Cerita kang nyritakake pengalamane uwong saka cilik tekan diwasa
d. Cerita kang alure meshi maju

15. bp[koK+tBhswi[ssltF+uau/
Tulisan latine yaiku…..
a. Bapak khutbah sawuse salat duhur c. Bapak khutbah sawuse salat dzuhur
b. Bapak khotbah sawise salat dzuhur d. Bapak kotbah sabanjure sholat dzuhur

16. Kathok kodhokku sing anyar dadi reged.


Ukara kasebut manawa katulis nganggo aksara Jawa ....
A. ?k[tok\[ko[dokKusi=av/ffiregef\,
B. ?k[qKo[ko[dokÑ|si=av/ffiregef
C. ?k[qo[kKo[dokÑ|si=av/ffixgef\,
D. ?k[qok[koK[dokÑ|si=av/ffiregef\,

17. Basa rinengga asring ditemokake ing ngisor iki ...


a. Sari warta b. Basa ngoko c. Pambyawara d. Pacelathon
18. Tembung tegese ora kaya makna salugune ( kt. Kiasan ) yaiku ...
a. Tembung kawi b. Tembung garba c. Tembung saroja d. Tembung entar

Wangsulana pitakon in ngisor iki kanthi ringkes wae!


1. Miturut wujude dhiskusi iku apa wae ?
2. Tembung rangkep ana telu, sebutna?
3. ?kufuwete=bethluwih. Tulisan latine yaiku….
4. Paraga sapa wae sing ana nalika dhiskusi?
5. Latar ing cerkak ana telu, sebutna!

@@@suge=mk/y @@@

Anda mungkin juga menyukai