Anda di halaman 1dari 22

1.

Unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane)


wis dikandhakake yaiku …

a. Parikan d. geguritan

b. Wangsalan e. candra sangkala

c. Cangkriman

Jenang gula, kowe aja …

a. Lali

b. kadingaren

c. judheg

d. cengklungen

e. kemba

Jangan gori, nganti ….. anggonku ngrasakake.

a. Lali

b. kadingaren

c. judheg

d. cengklungen

e. kemba

Gayung sumur, aja … aja mundur.

a. Lali

b. kadingaren

c. judheg

d. cengklungen

e. kemba

Becik-alane. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…


a. ? becikalne.

b. ? [bcikHlnei.

c. ? becikHlne.

d. ? becikHl[n.

e. ? [bcikHl[n.

Saka unen-unene kuwi. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…

a. ? skau[nnHunenekuwi.

b. ?skaunenHunenekuwi.

c. ?skau[nnHu[nnÑ|wi.

d. ?skau[nnHu[nnK|wi.

e. ?skaunenHuneneÑ|wi.

Lelandhesan kanyatan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…

a. ?XlnDesSnKvtn\,

b. ?XlnDeSnKvtn\,

c. ?lelnDesSnKvtn\,

d. ?lelnDeSnKvtn\,

e. ?lelnDesSnkvtn\,

Sing ngandhut tapsiran luhur. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…

a. ?si=znD|tTSi/rnÓ|au/.

b. ?si=znD|tTpSi/rnÓ|au/.

c. ?si=zvD|tTpSi/rnÓ|au/.

d. ?si=zvF|tTpSi/rnL|au/.

e. ?si=znF|tTpSi/rnÓ|au/.

Unggul lan jumbuh jaman kelakone. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku….

a. ?au=gulLnJ|mB|hjmnKel[ko[n.
b. ?au=gulLnJ|mB|hjmnKelL[ko[nN.

c. ?au=gulLvJ|mB|hjmnKel[ko[nN.

d. ?au=gulLnJ|mB|hjmnKel[ko[nN.

e. ?au=gulLnJ|mB|ajmnKel[ko[nN.

1. Papan lan wektu kadadeyan ing crita diarani ....

a. Alur b. Latar c. Paraga d. Watak

2. Kepala sekolah, maringi pidhato marang para siswa prayogane migunakake basa ....

a. Ngoko b. Krama c. Kedhaton d. Kramantara

3. Cacahing wanda ing saben sagatra diarani guru ....

a. Gatra b. Lagu c. Wilangan d. Dhong dhing

Sekar macapat sinom yaiku salah sawijining sekar macapat kang biasane manggoni urutan kaping
3 ing macapat.

Sinom iku ateges kanoman. Yaiku ....

kidung tegese yaiku.... lagu

minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wonganom supaya bisa ngangsu kawruh sak
akèh-akèhé.

4. Pariwara nunggal teges karo tembung ....

a. Kabar b. Wara-wara c. Kawruh d. Pawarta


“Nota Protes kaping-36 dikirimake dina kemis (4/6).” Ngendikane Juru Wicara Departemen Luar
Negeri RI, Teuku Faizasyah, ing Jakarta, Jumat. Protes kang pungkasan kasebut, miturut Teuku
Faizasyah, dikirimake marang malaysia sawise entuk palapuran kanthi rinci saka TNI AL ngenani
kanyatan sing dumadi ing lapangan. TNI AL, kanthi urut nyritakake kronologi kedadeyan wektu
lan tanggal dumadine inkursi utawa aktivitas saka negara manca (Malaysia) mlebu ing wilayah
negara Republik Indonesia. 10. Pawarta kasebut katulis tanggal .... a. 4 Juni b. 4 Agustus c. 4 Juli
d. 4 September 11. Juru Wicara Departemen Luar Negeri asmane .... a. Teuku Fairasyah b. Tengku
Ryan c. Tengku Faizasyah d. Teuku Faizasyah MEGATRUH Laras pelog pathet barang Sigra milir
sang gethek sinangga bajul Kawandasa kang njageni 12. Guru wilangane cuplikan tembang
kasebut yaiku .... a. 12, 7 b. 12, 8 c. 12, 9 d. 12, 10 Wacan kanggo soal no 13-15 Nuju malem
Senin aku lan santri liyane padha mirengake Mbah Kyai lagi mulang kitab Tauhid, biasane Amin
ora tau nggatekake wejangane Mbah Yai, nanging bengi kuwi dingaren Amin temenan anggone
ngrungokake. “polah tingkah sekabehing titah ing alam donya iki sing nglakokake Gusti Allah. Ora
beda kaya wayang kang dilakokake dening dhalang.” Ngono simpulan kang diterangake Mbah
Kyai wektu iku. 13. Manut pethikan crita kasebut kedadeyane ing dina .... a. Minggu b. Senin c.
Minggu bengi d. Senin bengi

Sapa rama lan ibune Bima Bungkus ?

Ramanipun Pandhu kaliyan ibu Dewi Kunthi.

Prabu Pandhu raja wonten pundi ?

Ngastina.

Ana ngendi pertapane Begawan Abiyasa ?

Wukir Retawu.
purworejo

clorot dibuntel nganggo godhong klapa / janur

gethuk goreng Purwokerto


tahu petis semarang

Petis yaiku saos sing nduweni kelir ireng kentel sing biasane digawe saka ...

urang

1. Tembung liya Pranatacara kaya ing ngisor iki kejaba….

a. pambiwara

b. pranataadicara

c. pranata titilaksana

d. juru paniti priksa

2. MC iku cekakan saka tembung ….


a. Mastery of Ceremony

b. Mastery Ceremony

c. Master of Ceremony

d. Magester of Ceremonial

3. Pranata adicara menika salah satunggaling paraga ingkang nggadhahi jejibahan … .

a. caos seserepan dhumateng para rawuh

b. caos panglipur dhumateng ingkang rawuh ing adicara

c. nglantaraken titilaksana ing satunggaling adicara

d. atur pangandikan ing salebetipun adicara

4. Supados saged ngolah basa lan sastra pranatacara kedah saged mangertos … .

a. paramasastra

b. unggah-ungguh

c. tatakrama

d. unggah-ungguh lan tatakrama

5. Kanthi pangertosan paramasastra pranatacara/pamedarsabda saged ndhapuk mocap,


tembung, ukara, wacana kanthi laras lan leres. Laras tegesipun … .

a. pranatacara saged ngrantam trep kaliyan kawontenan saha swasana.

b. pranatacara saged ngrantam saha mbabar titi laksana trep kaliyan kawontenan saha swasana.

c. Saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan paramasastra.

d. Pranatacara saged nguwaosi kawontenan kanthi sae.

6. Teks sesorah kang isine ngucapake salam marang para tamu minangka tanda sapa aruh lan
pakurmatan, perangan sesorah:

a. Isi

b. Pambuka

c. Pangarep-arep

d. Panutup

7. Teks sesorah kang isine memuji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Asih supaya acara
saged kalaksanan kanthi lancar, perangan sesorah:

a. Isi

b. Pambuka
c. Pangarep-arep

d. Pamuji

1. Sebutake tembang macapat kanthi runtut!

2. Sebutake urut-urutane sesorah kang diwiwiti saka pambuka!

Nuwun,

Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak
ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten
katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing
karaharjan.

Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng
ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan
wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan.

Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …

a. purwaka basa d. salam pambuka

b. surasa basa e. pambagya harja

c. wasana basa

2. Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri
kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep
lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged
damel aruming bangsa.

Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan …

a. purwaka basa d. salam pambuka

b. surasa basa e. pambagya harja


c. wasana basa

3. Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten atur kula,
kirang prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya.
Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya kekirangan kala wau
nyuwun pangapunten sakageng-agengipun. Nuwun.

Perangane tanggap wacana ing ndhuwur kang diarani …

a. purwaka basa d. salam pambuka

b. surasa basa e. pambagya harja

c. wasana basa

4. Wawancara kang ditindakake wartawan (nanging saka sawijining media) kanthi khusus karo
interviewee, kang jumbuh karo prekara tinamtu ing papan kang wis karembug bebarengan
antarane wartawan lan kang diwawancarai, diarani …

a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu

b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling

c. Wawancara Eksklusif

5. Wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana jan-janan
luwih dhisik karo interviewee. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku tumuju
ana ing montore arep bali, diarani …

a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu

b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling

c. Wawancara Eksklusif

6. Wawancara kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, konfirmasi, utawa


panemuinterviewee babagan sawijing masalah utawa prastawa, diarani …

a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu

b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling

c. Wawancara Eksklusif

7. Wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lan


panemuinterviewee. Pawarta kang diasilake awujud profil interviewee, ing antarane identitas
diri, lelakon uripe, lan panemu-panemune kang ana kaitane karo prekara aktual utawa prekara
kang cundhuk karo profesine, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu

b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling

c. Wawancara Eksklusif

8. Wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interviewee kang mapane


pisah, kang antarane siji lan sijine ana gegandhengane karo pawarta kang bakale ditulis, diarani

a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu

b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling

c. Wawancara Eksklusif

9. Setitekna geguritan iki!

Lintang Wengi

Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih

Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa

Agawe pangungun sadawane gili

Wasana …..

Den semu

Geneya …..?

Panjeriting lintang wengi

Dicelathu sajroning kalbu

Smara jati kang kasiput mendhung

…… miris ……… jebul datan anyandhak

Wos surasane geguritan ing dhuwur yaiku …

a. lintang kang njerit d. langit kang kebak mendhung

b. swasana kang peteng e. ora katon srengenge


c. lintang kang abyor

10. Tegese tembung ludira ing ukara ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah
rinasa yaiku …

a. kringet d. angin

b. getih e. geni

c. sirah

11. Wos surasane paragraf kapisan yaiku ….

a. Rasa seneng d. rasa miris

b. Rasa kangen e. rasa tresna

c. Rasa kaget

12. Wos surasane paragraf kapindho yaiku ….

a. Rasa seneng d. rasa miris

b. Rasa kangen e. rasa tresna

c. Rasa kaget

13. Kang dadi tema geguritan ing dhuwur yaiku …

a. kluwarga d. pitutur kang becik

b. lingkungan e. panguripan

c. kabudayan

14. Medharake utawa mahyakake utawa ngandharake utawa njlentrehake sabda utawa surasa
utawa isi utawa kawigaten (amanat) marang wong liya yaiku diarani ….

a. Tanggap wacana d. wara-wara

b. Kampanye e. sayembara

c. Atur-atur

15. Cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane sawijining amanat utawa pesen
kang dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana yaiku ….

a. Sesirah (judul) d. Surasane wedharan

b. Tema e. Basa
c. Subtema

16. Cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane purwaka, bab-bab kang wigati
karembug, undheraning rembug, kesimpulan, panemu pamedhar sabda, wasana rembugan kang
bisa urut, imbang, gembleng, nalar, nyata, sarta migunani yaiku ….

a. Sesirah (judul) d. Surasane wedharan

b. Tema e. Basa

c. Subtema

17. Dene wose medhar sabda kang surasane njumbuhake karo kahanan yaiku …

a. sapa kang medhar sabda

b. sepira bayarane

c. apa kang kawedhar

d. kepiye swasanane

e. kepiye tujuwane medhar sabda

18. Dene perangane teks tanggap wacana kang isine mbagekake lan ngucapake syukur yaiku

a. Pambuka

b. Panutup

c. Salam panutup

d. Surasa basa

e. Satata basa

19. Paragraf ingkang titikanipun ukara baku mapan wonten perangan kawitan paragraf lan
kawiwitan saking ukara ingkang asipat umum dhateng mligi inggih punika paragraf ………….

a. Deduktif d. Intensif

b. Induktif e. Ekspositoris

c. Deduktif-Induktif

20. Sinta ing taun iki kapilih minangka siswa teladhan ing sekolahku. Dheweke bisa kapilih dadi
siswa teladhan amarga pancen prestasine ajeg mundhak, disiplin, tertib, lan ora tau nglanggar
aturan sekolah. Pratelan kasebut diarani paragraf …
a. Deduktif d. Intensif

b. Induktif e. Ekspositoris

c. Deduktif-Induktif

21. Ora bisa dipercaya, ora bisa nyimpen wewadi, lan ora bisa diwenehi pangapura iku
tumindake manungsa kang ora bener tumraping kekancan, apamaneh ing ngarsaning Gusti.
Pratelan punika kalebet paragraf …

a. Deduktif d. Intensif

b. Induktif e. Ekspositoris

c. Deduktif-Induktif

22. Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe wanda (suku kata) saben sagatra
yaiku ….

a. Guru wilangan d. purwakanthi

b. Guru lagu e. dong-ding

c. Guru gatra

23. Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe larik (baris) saben sapada yaiku
….

Pratelan kasebut minangka sawijining tuladhane ….

a. Guru wilangan d. purwakanthi

b. Guru lagu e. dong-ding

c. Guru gatra

24. Ing ngisor iki diarani tembang macapat …

Yen wong anom puniku

kakehan panggunggung dadi kumprung

pengung bingung wekasane pan angoling

yen digunggung muncu-muncu

kaya wudun meh mecothot

a. Sinom d. Gambuh
b. Dhandhaggula e. Pangkur

c. Megatruh

25. Ing ngisor iki diarani tembang macapat …

mingkar-mingkuring angkara

akarana karênan mardi siwi

sinawung rêsmining kidung

sinuba sinukarta

mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung

kang tumrap nèng tanah Jawa

agama agêming aji

a. Sinom d. Gambuh

b. Dhandhaggula e. Pangkur

c. Megatruh

26. Sesarengan serat kula punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakluwarga ing ngriki
pinaringan kabagaswarasan lan kawilujengan. Pratelan kasebut kalebu perangane layang kang
diarani …

a. Satata basa d. Titi mangsa

b. Adangiyah e. Peprenahan

c. Purwaka

27. Perangane layang kang nerangake kang ngirim layang diarani …

a. Satata basa d. Titi mangsa

b. Adangiyah e. Peprenahan

c. Purwaka

28. Iket menika nganggenipun wonten …. boten wonten … kados kalung mawon. yaiku …

a. jaja, mustaka d. jangga, palarapan

b. mustaka, netra e. rikma, asta


c. palarapan, jangga

29. Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….

a. krama d. Ngoko alus

b. Krama inggil e. Krama andhap

c. Ngoko lugu

30. Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake
yaiku …

a. krama d. Ngoko alus

b. Krama inggil e. Krama andhap

c. Ngoko lugu

31. Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju
papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …

a. krama d. Ngoko alus

b. Krama inggil e. Krama andhap

c. Ngoko lugu

32. Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing
SMA. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….

a. krama d. Ngoko alus

b. Krama inggil e. Krama andhap

c. Ngoko lugu

33. Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang
digunakake yaiku …

a. krama d. Ngoko alus

b. Krama inggil e. Krama andhap

c. Ngoko lugu

34. Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang
digunakake yaiku …
a. krama d. Ngoko alus

b. Krama inggil e. Krama andhap

c. Ngoko lugu

35. Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang
dinten. Basa kang digunakake yaiku ……

a. krama d. Ngoko alus

b. Krama inggil e. Krama andhap

c. Ngoko lugu

36. Tumrape wong Jawa. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …

a. ?tum][pP[w=ojw.

b. ?tum][p[w=ojw.

c. ?tumR[pP[w=ojw.

d. ?tumR[p[w=ojw.

e. ?tumr[p[w=ojw.

37. Ing jaman sewu. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …

a. ?ai=jmnSewu.

b. ?ai=jm[nSwu.

c. ?ai=jmnsewu.

d. ?ai=jmn[swu.

e. ? ai=jmvSewu.

38. Luwes lan bisa nampa ilining jaman. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …

a. ?luweSlNbisnMpailini=jmN.

b. ?luwesLnBisnmPailinNi=jmn\,

c. ?luwesLnBisnmPailini=jmn\,

d. ?lu[wsLnBisnmPailinNi=jmn\,

e. ?lu[wsLnBisnmPailini=jmn\,
39. Obahe mangsa lan wektu. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …

a. ?[aobh[am=slnWekÒ|.

b. ?[aobaem=slnWekÒ|.

c. ?[aobhaem=slnWekÒ|.

d. ?[aob[am=slnWekÒ|.

e. ?[aobh[am=sl[nWkÒ|.

40. Bab iku manawa kebacuten ya ora apik. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …

a. ?bbHikumnwkebcutenY[aorapik\,

b. ?bbHikumnwkebcutTenY[aorapik\,

c. ?bbHikumnw[kbcu[tTnY[aorapik\,

d. ?bbHikumnw[kbcu[tnY[aorapik\,

e. ?bbHikumnwkebcu[tTnY[aorapik\,

41. Tatag ngadhepi kanyatan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …

a. ?ttg¿nGdepikvtn¿,

b. ?ttg¿zdepikvtn¿,

c. ?ttgZdepikvtn¿,

d. ?ttgZdepPikvtn¿,

e. ?ttgZdepikvtTn¿,

42. Hastha brata ngemot wulangan ngenani etika. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …

a. ?asTb]tze[motW|l=znZenni[atik.

b. ?asDb]tze[motW|l=znZenni[atik.

c. ?asQbRtze[motW|l=znZenni[atik.

d. ?asQb]tze[motW|l=zvZenni[atik.

e. ?asQb]tze[motW|l=znZenni[atik.

43. Saiki pancen jaman wesi. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a. ?saikip[vCnJmnWesi.

b. ?saikip[vCnJmvWesi.

c. ?saikip[vCnJm[nWsi.

d. ?saikip[nCnJmneWsi.

e. ?saikipnCenJmnWesi.

44. Swarane sendhok ing meja. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …

a. ?sWr[n[s[nDokKi=[mj.

b. ?sWr[n[s[vDokHi=[mj.

c. ?suwr[n[s[nDokHi=[mj.

d. ?sWr[n[s[nDokHi=[mj.

e. ?sWrnese[nDokHi=mej.

45. Ana rapat utawa pasamuan resmi. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …

a. ?anrptautwpsmuanresMi.

b. ?anrptautwpsmuanResMi.

c. ? anrptHutwpsmua[nRsMi.

d. ?anrptHutwpsmuanResMi.

e. ?anrptHutwpsmuan>sMi.

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati !

1. Gawea tuladhane paragraf deduktif lan induktif? Nyiji wae!

2. Nitik saka guru wilangan lan guru lagune, ing ngisor iki pathokan kanggo nulis tembang :

a. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

b. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8a, 8u

3. Jlentrehna makna tembang macapat Pocung ing ngisor iki!


Ngelmu iku, kalakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budya pangekese dur angkara

4. Kramakna!

Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kapetung dolanan tradhisional sing wus cures. Dolanan
iki mirip dolanan pong-pong bolong lan gula ganthi. Ing jaman kawuri, dolanan iki kerep-kerepe
diparagani bocah-bocah wadon, nanging bocah-bocah lanang uga akeh sing seneng dolanan iki.
Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kairingan tetembangan. Hamula kuwi, dolanan
tradhisional iki kaperang dolanan sing nggladhi ing babagan kawasisan ngracik ukara lan milih
tembung. Dolanan iki uga nggladhi pasrawungan tumrap bocah-bocah.

5. Tulisen nganggo aksara Jawa!

pranyata obahe mangsa lan wektu

tetep ora bisa nyandhet obahe lakumu

pengkuhe tatanan lan kahanan ora kuwawa

ngunjara blegere wujud lan awakmu

KUNCI SOAL BAHASA JAWA KELAS XI

I.

1. A 11. C 21. B 31. B 41. D

2. B 12. D 22. A 32. B 42. E

3. C 13. E 23. C 33. D 43. A


4. C 14. A 24. D 34. D 44. D

5. D 15. B 25. E 35. A 45. E

6. A 16. D 26. A 36. A

7. B 17. D 27. E 37. B

8. E 18. A 28. C 38. C

9. B 19. A 29. C 39. A

10. B 20. A 30. A 40. B

II.

1. Kawicaksanan guru.

2. a. Dhandhanggula

b. Asmaradana

3. Ngelmu iku kelakon kanthi sinau, nanging pancen kelakone kudu direwangi rekasa luwih
dhisik (kawicaksanan guru)

4. Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kapetang dolanan tradhisional ingkang sampun


cures. Dolanan punika saemper dolanan pong-pong bolong lan gula ganthi. Ing jaman kawuri,
dolanan punika asring dipunparagani lare-lare estri, nanging lare-lare jaler ugi kathah ingkang
remen dolanan punika. Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kairingan tetembangan. Pramila
punika, dolanan tradhisional punika kaperang dolanan ingkang nggladhi babagan kawasisan
ngracik ukara lan milih tembung. Dolanan punika ugi nggladhi pasrawungan tumrap lare-lare.

5. –

?p]vt[aobh[am=slnWekÒ|

tete[pHorbisvnDe[tHobh[alkumu

p_kuh[attnnLnKan[nHorkuww

zuvJrbLege/[rwujufLnHwkM|.

Anda mungkin juga menyukai