Anda di halaman 1dari 2

Pretelan teks pidhato ing ngisor iki kanggo mangsuli ppitakonan nomor 1-6!

Pengeten Dinten Kartini


Assalamuallaikum wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kanurmatan. Bapak/Ibu Guru saha karyawan SD
Negeri Rejosari ingkang sinudarsana, serta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula
lan panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturakan puja saha puji syukur dhumateng
ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, inggih awit saking asihipun kula lan panjenengan
sedaya saged kempal wonten ing adicara pehargyan pengetan Dinten Kartini ing wekdal
menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru saha karyawan SD Negeri Rejosari saha kanca-
kanca ingkang kula tresnani, pengetan Dinten Kartini meniko wigatos sanget tumrap kula lan
panjenengan sedaya. R. A, Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar
gandha arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R. A. Kartini saestu luhur sanget tumrap
kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipuntidakaken R. A.
Kartini saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika

1. Irah-irahane pretelan teks pidhato kasebut, yaiku…..


a. Pengeten Dinten Pahlawan
b. Pengeten Dinten Kartini
c. Pengeten Dinten Kamardikan
d. Pengeten Ambal Warsa Sekolah
2. Jeneng sekolah kang sinebut ana pretelan teks pidhato kasebut, yaiku….
a. SD Rejasari
b. SD N Rejosari
c. SMP N Rejosari
d. SMA N Rejosari
3. Pretelan teks pidhato kasebut iku kalebu k=jenis pidhato…..
a. Resmi
b. Setengah resmi
c. Semi resmi
d. Ora resmi
4. ng ngisor iki kang nuduhake salam purwaka saka pretelan teks pidhato kasebut, yaiku….
a. Sugeng enjing
b. Sugeng siyang
c. Assalamuallaikum wr. wb.
d. Wassalamuallaikum wr. wb.
5. Basa sing digunakake ing pretelan teks pidhato kasebut, yaiku…..
a. Ngoko lagu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus
6. Tembung wigatos padha tegese karo tembung…..
a. Sarujuk
b. Jumbuh
c. Minangka
d. Penting
7. Tembung kalepatan padha tegese karo tembung……
a. kesalahan
b. kajumbuhan
c. kesenengan
d. kawigatosan
8. Jeneng liyane pidhato, yaiku…..
a. Pawarta
b. Wara-wara
c. Sesorah
d. Pacelathon
9. Perangan teks pidhato minangka panutuping andharan, isine dudutan, penyuwunan pangapura,
lan salam panutup diarani…..
a. Wusana
b. Surasa
c. Purwaka
d. Pambuka
10. Tembung ngisor iki kalebu salam panutup, yaiku…..
a. Ingkang kinurmatan
b. Sugeng dalu
c. Matur Nuwun
d. Asslau’alaikum wr. wb.
11. Ing wiwitan pidhato diucapke salam…..
a. Pambuka
b. Panutup
c. Wasana
d. Pungkasan
12. Panyuwunan pangapura mapan mapan ing pidhato bagean……
a. Pambuka
b. Panutup
c. Isi
d. Surasa
13. Salah bawane wong kang lagi pidhato yaiku ngadeg kang…..
a. Dhoyong
b. Miring
c. Jejeg
d. Ora jejeg
14. Menawa nindakake pidhato polatane kudu……
a. Peteng
b. Sumringah
c. Besengut
d. Sedhih
15. Metode pidhato kanthi cara ngapalake naskah kang wis disiapke sakdurunge diarani metode……
a. Impromptu
b. Naskah
c. Ekstemporer
d. Apalan

Anda mungkin juga menyukai