Anda di halaman 1dari 8

KL : XI

ULANGAN AKHIR SEMESTER GASAL


SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN (SMK)
TAHUN PELAJARAN 2017/2018

LEMBAR SOAL

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Bidang Studi Keahlian : Semua Bidang Studi Keahlian Tingkat : XI ( Sebelas )


Program Studi Keahlian : Semua Program Studi Keahlian Hari/Tanggal :
Kompetensi Keahlian : Semua Kompetensi Keahlian Waktu :

A. Kanggo pitakon nomer 1 nganti 30 pilihen salah siji wangsulan sing paling
bener kanthi menehi tandha ping ( X ) ing aksara A, B, C, D, utawa E ana ing lembar
jawab !

1. Bapak/Ibu saha tamu undangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten atur
kula, kirang prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan
sedaya. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya
kekirangan kala wau nyuwun pangapunten sakageng-agengipun. Nuwun.
Perangan tanggap wacana ing dhuwur diarani ....
a. Pambuka d. Surasa basa
b. Salam pambuka e. Purwaka basa
c. Wasana basa

2. Ningali saking kawontenen ingkang kados mekaten mboten wonten cara ingkang
prayogi kajawi raos mad sinamadan ing antawisipun warga. Sanadyan beda ing
kapitayan, bangsa menika dados tanggel jawab kita sedaya.
Gempilan sesorah ing dhuwur kalebu perangan ....
a. Surasa basa d. Pambuka
b. Purwaka basa e. Salam pambuka
c. Wasana basa

3. Perangan pambagyaharja kang kalebu perangan surasa yaiku ....


a. Mbagekake para tamu
b. Ngaturake wose pahargyan
c. Ngaturake panuwun
d. Nyebutake dhiri pribadi
e. Salam pambuka

Bahasa Jawa/UAS-Gasal/XI/KTSP 1
4. Perangan pambagyaharja kang kalebu perangan pambuka yaiku ....
A. Ngaturake kawilujengan
B. Ngucapake syukur
C. Ngaturake kaluputan
D. Ngaturake panuwun
E. Nyuwun dongane para tamu

5. Perangan pambagyaharja ngisor iki ora kalebu perangan panutup yaiku ....
A. Nelakake panuwun
B. Etungan bayaran
C. Salam panutup
D. Ngaturake kaluputan anggone matur
E. Mungkasi kanthi ngaturake dudutan/kesimpulan

6. Nalika mirengake khotbah kang bakal diandharake marang wong liya kudu mangerteni
khotib kang ngandharake. Perangan iku diarani ....
A. Apa sing dirembug
B. Ana ing ngendi
C. Bayarane pira
D. Sapa sing ngendika
E. Kapan ditindakake

7. Paragraf kang idhe pokok utawa ukara utamane mapan ana ing wiwitan paragraf banjur
dikantheni ukara penjelas minangka panyengkuyung ukara utamane diarani ....
A. Induktif D. Deskriptif
B. Persuasif E. Argumentatif
C. Deduktif

8. Paragraf kang idhe pokok utawa ukara utamane mapan ana ing pungkasane paragraf
diarani ....
A. Deduktif D. Deskriptif
B. Persuasif E. Argumentasi
C. Induktif

Bahasa Jawa/UAS-Gasal/XI/KTSP 2
9. Piwulang basa Jawa iku ngemot piwulang luhur. Ing kono diwulangake tata krama,
unggah-ungguh, mad sinamadan, budi pekerti, karakter bangsa, lan sapiturute. Pratelan
kasebut diarani paragraf ....
A. Induktif D. Deskriptif
B. Persuasif E. Argumentatif
C. Deduktif

10. Wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana janjian
luwih dhisik karo interview. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku
tumuju ana ing montore arep bali, diarani ....
A. Wawancara sambil lalu
B. Wawancara berita
C. Wawancara pribadi
D. Wawancara keliling
E. Wawancara eksklusif

11. “Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare.”
Basa kang digunakake pratelan iku yaiku ....
A. Krama lugu D. Ngoko alus
B. Ngoko lugu E. Ngoko
C. Krama inggil

12. “Mas, menawi kondur mbakyu panjenengan diaturi tindak Sala mbenjing enjing!”
Basa kang digunakake pratelan iku yaiku ....
A. Krama lugu D. Krama Alus
B. Ngoko lugu E. Ngoko
C. Ngoko alus

13. Pathokan panulise tembang macapat kang ngemot cacahing wanda (suku kata) saben
sagatra yaiku ....
A. Guru lagu
B. Guru wilangan
C. Guru gatra
D. Dhong dhing
E. Guru sastra
14. Pathokan panulise tembang macapat kang ngemot cacahe larik (baris) saben sapada
yaiku ....
A. Guru wilangan D. Guru gatra
B. Guru lagu E. Dhong dhing
C. Guru sastra

Bahasa Jawa/UAS-Gasal/XI/KTSP 3
15. Ing ngisor iki diarani tembang macapat ....

Mingkar-mingkuring angkara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kertarta pakartining ngelmu luhung
kang tumrap neng tanah Jawa
agama ageming aji
A. Sinom D. Gambuh
B. Dhandhanggula E. Pangkur
C. Pocung

Gatekna geguritan ing ngisor iki !

DAK PILIH PANGARSA KINASIH


Dening : Arie Soemarmo

Pangarsa kinasih ya pangarsa sing


Bisa ngrasakake ngelih
Ing wetenge wong-wong sing abot
Sanggane urip saben dinane

Aluse budi lan aruming wicara


Jumbuh karo grenjet, greget
Budidaya
Nyukupi butuhe warga sabangsa

Pangarsa kinasih ya pangarsa sing


Kaya wekase wong tuwa
Saduruge si anak ngrerepa
Wis ngerti butuhe apa

Paribasane angur wetenge dhewe luwe


Tinimbang anak sambat ngaru ara

Dak pilih pangarsa kinasih ya pangarsa


Sing lisan sembada karo tumindake
Ora mung janji-janji sagumuk
Tibane mung pambujuk
Pangarsa kinasih ya pangarsa sing dak pilih

Bahasa Jawa/UAS-Gasal/XI/KTSP 4
16. Geguritan ing dhuwur kalebu geguritan ....
A. Klasik D. Anyar
B. Pilihan E. Jaman biyen
C. Kuna

17. Pangarsa kinasih sing dikarepake ana ing geguritan ing dhuwur yaiku ....
A. Pangarsa sing sugih
B. Pangarsa sing alus
C. Pangarsa sing lisane sembada karo tumindake
D. Pangarsa sing pinter
E. Pangarsa sing seneng janji

18. Pangarsa kinasih ya pangarsa sing kaya wekase wong tuwa. Wekase tegese ....
A. Tilas D. Tinggalane
B. Wiwitan E. Pilihane
C. Welinge

19. Ing ngisor iki tindak-tanduke wong sesorah kang ora trep yaiku ....
A. Tangane sedhakep
B. Ngadeg jejeg
C. Swara ora keseron lan ora kelirihen
D. Tangane ngapurancang
E. Bisa njumbuhake marang swasana

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 20-24

A. Menawi rawuh panjenengan sampun ajejawat asta dhumateng temanten


kekalih, sumrambah bapa tuwin ibu temanten kekalih panjenengan sedaya
kadherekaken makempal kembul bujana kanthi prasaja sampun lumados
wonten ngarsa panjenengan sedaya kanthi mardikaning penggalih. Menawi
dhaharan arupi jajan pasar nagasari, randhakemul, semarmendem,
endhoggludhug, lan unjukan kirang miraos lan kirang mranani karemenan
panjenengan, Bapa Prayitno sakulawarga nyuwun agunging pangaksami.
Tanpa hangirangi pakurmatan dhumateng panjenengan sedaya, anggen
panjenengan dhahar datan linadosan sinoman, pramila kersaa hangrahapi
kanthi mardikaning penggalih.
B. Wasana cekap semanten aturipun Bapa Prayitna lumantar kula pun Sardi.
Menawi wonten lepating atur anggen kula matur mawantu-wantu agunging
samodra pangaksami. Nuwun.

Bahasa Jawa/UAS-Gasal/XI/KTSP 5
20. Pethikan wacan kasebut arupa ....
A. Musyawarah D. Sesorah
B. Cerkak E. Pacelathon
C. Pariwara

21. Perangan (A) ana ing pethikan kasebut diarani ....


A. Pambuka D. Wasana
B. Purwaka E. Panutup
C. Isi

22. Perangan (A) ana ing pethikan kasebut mratelakake menawa anggone dhahar lan
ngunjuk para tamu kanthi ....
A. Dipundhutaken para sinoman
B. Dipundhutaken dening ingkang kagungan kersa
C. Dipunaturi mundhutaken ingkang kagungan kersa
D. Prasmanan
E. Standing party

23. Andharan kasebut diaturake ana ing adicara ....


A. Syukuran kitanan D. Selapanan
B. Ngundhuh mantu E. Sepasaran
C. Mantu

24. Perangan (B) uga bisa diarani ....


A. Wasana D. Purwaka
B. Isi E. Pambuka
C. Panutup
POCUNG
Lila lamun kelangan nora gegetun
Trima yen ketaman
Saserik sameng dumadi
Tri legawa nalangsa srah mring Bathara

25. Cacahe gatra tembang Pocung ing dhuwur yaiku ....


A. 1 gatra D. 4 gatra
B. 2 gatra E. 5 gatra
C. 3 gatra

Bahasa Jawa/UAS-Gasal/XI/KTSP 6
26. Tembang ing dhuwur guru lagu lan guru wilangan gatra kapindho yaiku ....
A. 8 a D. 6 a
B. 8 i E. 7 u
C. 8 u

27. Tembang macapat iku cacahe ana ....


A. 9 D. 12
B. 10 E. 13
C. 11

28. ?a=gyuhksmPu/nni=ges=. Manawa kasalin aksara latin yaiku ....


A. Anggayuh kasampurnan gesang
B. Anggayuha kasampurnaning gesang
C. Anggayuh kasampurnaning gesang
D. Anggayuh dhateng kasampurnan
E. Anggayuh dhumateng kasampurnan
29. Nampi piwulang. Yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ....
A. ?nmPipiwulL=. D. ?nmpipiwul=.
B. ?nmPipiwul=. E. ?nmPipiwulz.
C. ?nmPipiwulz\,
30. ?[wonTenG[nD=[c[n=zipun\, Manawa katulis aksara latin yaiku ....
A. Wonten gegandhenganipun.
B. Wonten gandheng cenenge.
C. Wonten gandheng cenengipun.
D. Wonten gegandheng cenengipun.
E. Wonten gandhenganipun ceneng.

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis !

1. Kramakna!
Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kapetung dolanan tradhisional sing wus cures.
Dolanan iki mirip dolanan pong-pong bolong lan gula ganthi. Ing jaman kawuri, dolanan
iki kerep-kerepe diparagani bocah-bocah wadon, nanging bocah-bocah lanang uga akeh
sing seneng dolanan iki. Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kairingan tetembangan.
Hamula kuwi, dolanan tradhisional iki kaperang dolanan sing nggladhi ing babagan
kawasisan ngracik ukara lan milih tembung. Dolanan iki uga nggladhi pasrawungan
tumrap bocah-bocah.

2. Tulisen nganggo aksara Jawa!


pranyata obahe mangsa lan wektu
tetep ora bisa nyandhet obahe lakumu
pengkuhe tatanan lan kahanan ora kuwawa
ngunjara blegere wujud lan awakmu
Bahasa Jawa/UAS-Gasal/XI/KTSP 7
3. Nalika wawancara kudu nggatekake babagan kang penting, sebutna !
4. Sebut lan jlentrehna jinis – jinise wawancara !
5. Jlentrehna bedane tata krama lan tata susila !

Wilujeng Makaryo!!!

Bahasa Jawa/UAS-Gasal/XI/KTSP 8

Anda mungkin juga menyukai