Anda di halaman 1dari 5

ULANGAN AKHIR SEMESTER GASAL

Mata Pelajaran : Basa Daerah (Jawa)

1. Sapa salah seleh. Manawa ditulis nganggo aksara Jawa ....


A. D.

B. E.

C.

2. Ukara aksara Jawa ing ngisor yen aksara latin unine……

A. Pagelaran wayang kulit umume sewengi natas


B. Pagelaran wayang umume sewengi natas
C. Pagelaran wayang golek umume sewengi natas
D. Pagelaran wayang umume wengi natas
E. Pagelaran wayang purwa umume sewengi natas

3. Ukara aksara Jawa ing ngisor yen aksara latin unine……

A. Jujur kuwi bakal mujur yen cidra bakal cilaka


B. Jujur bakal mujur cidra bakal cilaka
C. Jujur bakal mujur yen cidra bakal cilaka
D. Jujur bisa mujur yen cidra bakal cilaka
E. Jujur mujur yen cidra cilaka

4. Ukara aksara Jawa ing ngisor yen aksara latin unine……

A. Indonesia merdeka ing taun 1945 D. Indonesia merdika ing tahun 1945
B. Indonesia merdika ing taun 1945 E. Indonesia merdika taun 1945
C. Indonesia merdeka ing tahun 1945

5. Godhong Klaras kemrosak. Manawa ditulis nganggo aksara Jawa…..


A. D.

B. E.

C.

6. Kembangku padha alum kabeh. Manawa ditulis nganggo aksara Jawa…..


A. C.

B. D.

UAS-Basa Jawa-B 1
E.

7. Menyang Gembiraloka. Manawa ditulis nganggo aksara Jawa…..


A. D.

B. E.

C.

8. Ukara aksara Jawa ing ngisor yen aksara latin unine……

A. Nyabranga dalan sing ngit-ati D. Sabrang dalang sing ngati-ati.


B. Nyabrange dalan sing ngati-ati. E. Sabrang dalan sing ngati-ati
C. Nyabrang dalan sing ngati-ati.

9. Ukara aksara Jawa ing ngisor yen aksara latin unine……

A. Wong tani iku kudu sregep. D. Wong tani iku kudune sregeb.
B. Wong tani iku kudu sregeb. E. Wong tani iku kudune gasik
C. Wong tani iku kudune sregep.
10. Mangsa rendheng wus tumiba, mula saka iku awake dhewe kudu bisa njaga kewarasane dhewe-
dhewe. Basa kang digunakake yaiku …
A. Krama D. Ngoko lugu
B. Krama andhap E. Ngoko alus
C. Krama alus
11. Ibu …… adhik supados …… roti simbah.
A. Ngutus, maringi D. Kengken, nyukani
B. Ndhawuhi, maringi E. Kengken, nyaosi
C. Ndhawuhi, nyaosi
12. Ukara kang bener unggah-ungguhe yaiku ….
A. Bapak lagi wae tindak kantor
B. Ibu kesah teng pasar
C. Kula tindak sekolah kaleh rencang kula
D. Sampun gangsal dinten punika bapak dhateng Sala
E. Benjing panjenengan tamtu mirsani Wayang Kulit ?
13. Menawa nyuwun izin mlebu kelas jalaran telat, anggone matur:
A. Pak guru nyuwun sewu kula telat, yen oleh kula ajeng melu pelajaran
B. Pak guru nyuwun sewu kula telat, yen angsal kula ajeng tumut pelajaran
C. Pak guru nyuwun sewu kula telat, menawa angsal kula ajeng ndherek pelajaran
D. Pak guru nyuwun sewu kula telat, menawi angsal kula ajeng ndherek pelajaran
E. Pak guru nyuwun sewu kula telat, menawi dipun keparengaken kula badhe ndherek
pelajaran

14. Gatekna ukara ing ngisor iki!


(1) Amargi ing ngriku kathah prau motor sami lelumban
(2) Sasampunipun nglangkungi kreteg alit, lampah kula dumugi ing sapinggiring blumbangan
wiyar
(3) Blumbang punika toyanipun kimplah-kimplah bening, ombakipun ageng
(4) Ing ngriku ugi kathah sanget peksi mliwis sami Lelangen
UAS-Basa Jawa-B 2
Supaya ukara ing dhuwur dadi crita kang runtut kanthi urutan ….
A. (1), (3), (4), (2) D. (3), (2), (4), (1)
B. (2), (3), (1), (4) E. (3), (4), (2), (1)
C. (2), (4), (3), (1)
15. Kang bener unggah-ungguhe yaiku ….
A. Kula badhe tindak sekolah D. Bapak lagi tilem
B. Kula badhe nedha E. Bapak dereng siram
C. Kula dereng siram
16. Pak Guru : “Wingi kowe ora mlebu, ana apa Gus?”
Agus : ”Kala wingi kula …… Pak guru”.
A. Gerah D. Gering
B. Lara E. Masuk angin
C. Sakit

Wacan (kanggo soal 17-20)


TATAKRAMANE WONG SRAWUNG
Wong urip ing ngalam donya bakal ngrasakkae katentremaning urip yen bisa nindakke
tatakramaning wong srawung. Tatakramaning wong sesrawungan iku kayata; bisa ngajeni
marang liyan, ora umuk utawa gumedhe, bisa ngasorake dhiri pribadine, uga luwih becik
enggal njaluk ngapura manawa nindakake kaluputan marang wong liya.
Ana pitutur kang wigati kanggo sangu srawung ing masarakat ‘Ngajenana marang wong liya
yen sliramu kepengin diajeni.’Dene kunci pokok wong srawung yaiku ucapan kang sopan lan
ngregani wong liya bakal mulya uripe ing ngalam donya .

17. Wacan ing dhuwur kelbu artikel …


A. Eksploratif D. Naratif
B. Eksplanatif E. Argumentasi
C. Preskriptif
18. Miturut wacan ing ndhuwur, bab sing kudu disingkiri nalika srawung wong liya, yaiku....
A. Bisa ngregani wong liya
B. Aja umuk lan kumalungkung
C. Manawa luput becike enggal njaluk ngapura.
D. Ora perlu ngajeni liyan sebab wong liya ya ora ngajeni
E. Aja seneng ngarasi wong liya.
19. Bab kang paling penting tumrape wong srawung kaya kacetha ing wacan, yaiku....
A. Ora gumedhe D. Ucapan kang sopan lan ngregani wong
B. Ngajeni wong liya liya
C. Ucapane kang sopan E. Aja umuk lan kumalungkung
20. Pitutur “Ngajenana wong liya yen sliramu kepengin diajeni”, maksude....
A. Tansah ngurmati marang wong liya saengga wong liya uga bakal ngurmati awake dhewe
B. Ngurmati marang wong liya supaya oleh pangalembana
C. Njaluk marang wong liya supaya gelem ngajeni awake dhewe
D. Ora gelem ngajeni liyan
E. Ora kakene omong

21. Tembung kang gunane kanggo ndawukake ukara, yaiku ..


A. Tembung lingga D. Tembung panggandheng
B. Tembung andhahan E. Tembung panyilah
C. Tembung ukara
22. Tembung panggandheng kang nyatakake kosok balen, yaiku ..

UAS-Basa Jawa-B 3
A. Utawa D. Kamangka
B. Saupama E. Sanajan
C. Ananging
23. Ing ngisor iki nganggo tembung panggandheng kang nyatakake wayah, yaiku…
A. Saumpama aku bisa ketemu enyang mesthi seneng banget
B. Nalika aku dolan menyang Kelud kahanan isih gersang
C. Sanajan ana Undang-Undang isih wae ana wong sing nebangi alas kanthi sembarangan
D. Alas kudung dijaga supaya tetap ngrembaka
E. Warga Pangudi ditindakake kanggo njaga lan nglestamtunake wana bakau
24. Supaya alas kuwi ngrembaka lan lestari kabeh kudu njaga kahanane alas. Ukara kasebut kang
migunakake tembung panggandheng kang duweni tegese tujuwan, yaiku …
A. Lan D. Kahanan
B. Kudu E. Amarga
C. Supaya
25. Kamangka wana kuwi akeh banget guna paedahe, kok isih ana wae kang ngrusak wana.
Tembung panggandheng kamangka nduweni teges …
A. Tambahan D. Panyetha
B. Kosok Balen E. Amarga
C. Wayah
26. Ukara kang isine nyeritakake sawijine bab utawa prastawa marang wong liya diarani ukara …
A. Crita D. Lamba
B. Pakon E. Lelayu
C. Pitakon
27. Ing ngisor iki kang klebu ukara pakon, yaiku ..
A. Geneya Petruk bisa dadi ratu
B. Abimanyu putrane Raden Arjuna
C. Aja tumindak sawiyah-sawiyah marang kawula cilik
D. Petruk bisa dadi ratu ananging mung sawetara
E. Subali bisa diperjaya dening Rama
28. Ukara kang isine awujud pitakon dan kekarepan ana wangsullan diarani ukara…
A. Crita D. Lamba
B. Pakon E. Lelayu
C. Pitakon
29. Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani ….
A. Iber-iber D. Paturan
B. Ulem E. Lelayu
C. Dhawuh
30. Perangan kang kudu ana ing sajroning panulise wara-wara kajaba …
A. Titi Mangsa D. Satata Basa
B. Purwaka Basa E. Surasa Basa
C. Peprenahan
31. Artikel kang isiné katrangan babagan sawijiné perkara kanggo dimangertèni sing maca, yaiku..
A. Artikel eksploratif D. Artikel prèdhiktif
B. Artikel eksplanatif E. Artikel preskriptif
C. Artikel dhèskriptif
32. Artikel kang isiné pètungan utawa ramalan babagan apa kang bakal kadadèn miturut
pètungan panulis, yaiku ..

UAS-Basa Jawa-B 4
A. Artikel eksploratif D. Artikel prèdhiktif
B. Artikel eksplanatif E. Artikel preskriptif
C. Artikel dhèskriptif
33. Drama kang ngutamakake solah (gerak), para paragane ora ngucapkake pacelathon, ananging
mung nindakake solah bawa yaiku …
A. Melodrama D. Opera
B. Farce E. Sendratari
C. Tablo
34. Drama kang memba dhagelan, ananging ora sakabehe dhagelan
A. Melodrama D. Opera
B. Farce E. Sendratari
C. Tablo
35. Wong kang ngatur lan mimpin lumakuning drama diarani …
a. Penonton d. Figuran
b. Sutradara e. protagonis
c. Paraga
36. Ukara kang isine nyeritakake sawijine bab utawa prastawa marang wong liya diarani …
a. Crita d. Drama
b. Pakon e. Wayang
c. Pitakon
37. Mas, sampeyan benjing diutus bapak dhateng Solo. Basa kang digunakake yaiku…
A. Krama D. Ngoko lugu
B. Krama andhap E. Ngoko alus
C. Krama alus
38. Sampeyan kalawingi menapa tumtu kesah. Basa kang digunakake yaiku…
A. Krama D. Ngoko lugu
B. Krama andhap E. Ngoko alus
C. Krama alus
39. Aku duwe niyat, yen ing kelas sepuluh iki kudu bisa antuk prestasi kang nyenengake bapak lan
ibu. Pratelan iku nggunakake basa …
A. Krama D. Ngoko lugu
B. Krama andhap E. Ngoko alus
C. Krama alus
40. Panjenengan yen kersa ora usah kondur saiki. Basa kang digunakake yaiku …
A. Krama D. Ngoko lugu
B. Krama andhap E. Ngoko alus
C. Krama alus

@UAS-BasaJawa2021

UAS-Basa Jawa-B 5

Anda mungkin juga menyukai