Anda di halaman 1dari 5

SOAL PTS BAHASA JAWA

KELAS:VII (TUJUH)
SMP MUHASAMA TAHUN AJARAN 2020-2021

WANGSULANA PITAKONAN ANA ING NGISOR IKI KANG PALING BENER!

1. Esem ing pipiku ujug-ujug muspra. Tembung muspra ngemu teges….


A.ilang
B. luntur
C. kecut
D. mecucu
2. Ngisor iki kegiyatan kang ora ditindaake sawise tangi turu yaiku….
A.adus
B. ngresiki paturon
C. sarapan
D. pamitan
3. Titikane wacan narasi yaiku….
A. gambarake kahanan.
B. nyritaake proses
C. medharake panemu
D. ngetrapake urutan wektu.
4. Panase srengenge wis ketutup mega kandel ing langit sing maune werna biru,
mertandhani uap banyu laut wis muntup-muntup arep wutah nyuntak bumi.
Mratandhaake kahanan….
A. Panas makantar-kantar
B. Arep udan
C. Adem njekut
D. Eyup sumilir.
5. Ukara pokok kang mapan ing pungkasane wacan diarani paragraph….
A. induktif
B. deduktif
C. ineratif
D. deduktif-ineratif
6. Kegiyatan….ancase supaya wacan dadi cekak aos.
A. maca
B. nulis
C. ngringkes
D. nyerat
7.Ngisor iki panggunaane basa karma, kajaba….
A. nalika ngudarasa
B. takon marang wong liya
C. guneman karo guru
D. mangsuli wong tuwa
8. Ukara karma ing ngisor iki kang trep yaiku….
A. Ibu sampun dangu mboten ningali ringgit.
B. Kula badhe kondur rumiyin.
C. Yani bandhe tindak dhateng griyane Mbah Paijo.
D. Dhik Gilang tilem wonten daleme Mas Arya.
9. Perangan kapisan nalika arep ngringkes wacan yaiku…
A. nemtoake pokok wacan
B. maca wacan
C. negesi tembung kang angel
D. nyatet gagasan baku
10. Medharake kisah sawijing pawongan sinebut….
A. narasi
B. deskripsi
C. biografi
D. imajinasi
11. Basa marang wong kang durung dikenal yaiku….
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama alus
12. Pokok wos wacan kang mapan ing tengah wacan diarani paragraph….
A. Induktif
B. Deduktif
C. Ineratif
D. Deduktif-ineratif
13. Ibu….tas, dene aku gawa sepatu.Tembung kang trep kanggo njangkepi yaiku….
A. Nggawa
B. Ngasta
C. Tuku
D. Adol
14. Tembung pitakonan kanggo nakoake cacah yaiku….
A. Sapa
B. Apa
C. Pira
D. Kepriye
15. Basa marang wong kang dikurmati yaiku….
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama Alus
16. Serat Wulangreh dumadi saka tembung wulang lan reh. Tembung reh tegese….
A. kagayuh
B. laku nggayuh
C. ajaran
D. piwulang
17. Serat Wulangreh nuduhake “memayu hayuning bawana”.Tegese ukara kasebut….
A. migunani marang donya
B. ngrumat kabudayan donya
C. ngadohi pangrusake donya
D. ngendahake kaendahan donya
18. Cacahe tembang ana…pupuh sajrone Serat Wulangreh.
A. 11
B. 12
C. 13
D. 14
19. Pupuh kang ora klebu sajrone Serat Wulangreh yaiku….
A. Pamularsih
B. Gambuh
C. Wirangrong
D. Girisa
20. Serat Wulangreh disimpen ing Museum….
A. Ranggawarsita
B. Radya Pustaka
C. Sangiran
D. Fatahillah
21. Ngisor iki tembung dwilingga kang mratelaake nindaake pakaryan yaiku….
A. raine katon mangar-mangar
B. bocah iku udan-udan
C. meri iku gedhe-gedhe temen
D. jangane aja asin-asin
22. Ngisor iki klebu titikan tembang cilik,kajaba….
A. nganggo basa Kawi
B. duweni paugeran
C. basane nganggo basa Jawa anyar
D. bisa madeg tanpa iringan gendhing
23. Sasmitane tembang Pangkur yaiku….
A. sarwa manis
B. mingkar-mingkuring angkara
C. wedi ancung laras
D. kaga kresna sarkara
24. Cacahe wanda saben sagatra diarani….
A. guru sastra
B. guru gatra
C. guru lagu
D. guru wilangan
25. Adhik tinangisan jalaran ditinggal lunga. Tembung tinangisan yen dirimbag dadi….
A. (-in-)+tangis+ (-an-)
B. (-in-) + tangisan
C. (-in-) + tangis + (-an)
D. (-in-) + tangis + (-an-)
26. Ukara ing ngisor iki kang ngemot dwiwasana yaiku….
A. bocah wadon yen guyu aja cekakakan
B. tulung tinulung nuduhake urip guyup rukun
C. mrana-mrene takkandani ora gugu
D. sesawangan ing Dieng nyengsemake
27. Serat Wulangreh anggitane….
A. Pakubuwana IV
B. Pakubuwana V
C. Hamengkubuwana IV
D. Hamengkubuwana V
28. Panganggite Serat Wulangreh yaiku raja….
A. Kasultanan Ngayogyakarta
B. Kasunanan Surakarta
C. Kasepuhan Surakarta
D. Kasultanan Cirebon
29. Tembang tengahan sajrone Serat Wulangreh yaiku….
A. Maskumambang
B. Pamularsih
C. Girisa
D. Gandakusuma
30. Tembung dora ngemu teges….
A. Ngapusi
B. Tenanan
C. Nyingkiri
D. Nyegah

Anda mungkin juga menyukai