Anda di halaman 1dari 7

SOAL ULANGAN AKHIR SEMESTER GENAP

SMK SATYA KARYA KARANGANYAR


TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Hari/tanggal : Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Waktu : Klas/Prog.Keahl. : XI / Semua Jurusan

Pilihlah jawaban yang benar dengan menyilang huruf A,B,C,D,E !

1. Tembang macapat kang gambarake jaman nom noman yaiku …


A. Sinom
B. Kinanthi
C. Mijil
D. Pocung
E. Durma
2.Guru wilangan lan guru lagu tembang Pucung gatra katelu yaiku…
A. 8u
B. 8i
C. 7a
D. 9e
E. 8a
.3.Tembung sareh tegese …
A. Wicaksana
B. Adil
C. Sabar
D. Tumindhak
E. Becik
4.Serat Wedhatama kaanggit dening …
A. KGPAA Mangkunegara V
B. KGPAA Pakubuwono IV
C. KGPAA Pakubuwono V
D. KGPAA Yosodipura IV
E. KGPAA Mangkunegara IV
5. Aku meh wae ketabrak pit kuwi. Ukara kasebut ngemot …
A. Uluran
B. Plutan
C. Garba
D. Wancahan
E. Sandiasma
6. .Serat Jawa kang paling tuwa yaiku anggitane…
A. Empu Walmiki
B. Empu Wiyasa
C. Empu Gandring
D. Empu Seda
E. Empu Panuluh
7. Crita wayang Sinta kang kadustha dening Dasamuka ana ing Serat…
A. Ramayana
B. Mahabarata
C. Arjunawiwaha
D. Sutasoma
E. Centhini
8.Ing ngisor iki klebu tembung uluran, kejaba …
A. Hamersani
B. Manyiduk
C. Manyura
D. Awujud
E. Mangidul
9, Pambiwara sinebut …
A. Narator
B. Orator
C. Promotor
D. Apresiator
E. Animator
10. Wong kang guneman ing ngarep wong akeh diarani MC.
MC carakan saka…
A. Master of Chemistry
B. Master of Change
C. Master of Chemical
D. Master of Ceremony
E. Master of Commerce
11. Crita kang njlentrehake kadadeyan kepangkur gunakake alur…
A. Mundur
B. Maju
C. Ngarep
D. Mburi
E. Campuran
12. Sesorah nalika arep pemilihan bupati yaiku jenis sesorah…
A. Informasi
B. Aksi
C. Persuasi
D. Kawruh
E. Panglipur
13. Pangajab lan pengangkah kula, pepanggihan musyawarah punika
supados sami dipunjiwai Pancasila, jujur kangge kabetahan saha
kepentingan sesarengan. Sedaya kalawau kangge makarya
sesarengan, pramila kedah katindakaken kanthi mufakat
sesarengan. Sami guyub, manunggal cipta, rasa, lan karya. Ukara
ing dhuwur klebu perangan…
A. Pambuka
B. Dhudutan
C. Panutup
D. Isi
E. Atur Panuwun
14. Sudhut pandhang kang digunakake nalika pangipta minangka
wong liya yaiku…
A. Wong kapisan minangka paraga punjer
B. Wong kapisan minangka paraga figuran
C. Wong katelu minangka paraga liya
D. Wong kapisan minangka paraga tambahan
E. Wong katelu minangka pengamat
15. Panjlentrehe idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tetembungan kang diucapake marang
wong akeh diarani…
A. Sesorah
B. Ceramah
C. Nembang
D. Wara wara
E. Atur atur
16. Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri
kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos
dipunanggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih
wanita inggih saged damel aruming bangsa…
A. Surasa basa
B. Wasana basa
C. Salam pambuka
D. Purwaka basa
E. Pambagya harja
17.Pariwara kang tujuane nawakake barang diarani…
A. Pariwara komersial
B. Pariwara keluarga
C. Parawara kulawarga
D. Pariwara kasarasan
E. Pariwara non komersial
18.Tembung kang digunakakake sajroning teks pariwarakudu bisa nggatekake
konsumen,menehi solusi lan menehi kawigaten,ateges teks pariwara iku nggunakake
struktur tembung kang …
A. Nggugah
B. Informatif
C. Persuasif
D. Duweni tenaga gerak
E. argumentantatif
19.Mas,aku tulung jipukna sapu kuwi !
Ukara ing dhuwur klebu ukara…
A. Andharan
B. Pitakon
C. Panjaluk
D. Pakon
E. Pituduh
20.Crita gancaran rakyat nyritakake sejarah papan utawa prastawa jaman dhisik minangka
sawijining crita kang kadadeyan diarani …
A. Mite
B. Mitos
C. Legenda
D. Dongeng
E. Crita rakyat
21.Sing dudu kalebu unsur pandhapuk sajroning crita rakyat…
A. Tema
B. Paraga
C. Latar
D. Amanat
E. Plot
22.Crita kang paragane kewan diarani…
A. Mite
B. Fabel
C. Legenda
D. Sage
E. Epos
23.Teks kang duweni ancas menehi katrangan utawa informasi marang pamaca ngenani
sawijining bab diarani teks…
A. Narasi
B. Eksposisi
C. Persuasi
D. Argumentasi
E. Deskripsi
24.Ngisor iki kang nuduhake tembung dwilingga salin swara…
A. Mlayu-mlayu
B. Pepetungan
C. Jenthat-jenthit
D. Nglelungani
E. Wara-wara
25.Watek tembang pocung …
A. Blaka
B. Adil
C. Sabar
D. Becik
E. Sembrana
26.Jenis metode sesorah kanthi cara nyiapake dhisik garis gedhe yaiku…
A. Ekstemporan
B. Impromtu
C. Memoriter
D. Naskah
E. Spontanitas
27.Pambiwara kudu … anggone mutusake samukawis supaya pawiwahan ora kisruh.
A. Trengginas
B. Grapyak
C. Sumeh
D. Mrengut
E. Sambetan
28.Pambiwara anggone … manis, kung, arum lan gandem.
A. Nyandang
B. Basa
C. Micara
D. Patrapan
E. Nyawang
29.Pambiwara tansah migunakake basa kang endah, klebu ing babagan…
A. Panyandang
B. Panyawang
C. Patrapan
D. Swara
E. Paramasastra
30.Sawijine jenis pangrembakan paragrap dene surasane kanti ances menehi katrangan kang
cekak, akurat, lan padet diarani teks …
A. Narasi
B. Eksposisi
C. Deskripsi
D. Argumentasi
E. Persuasi
31. Perangan teks eksposisi kang ngandhut bukti mapan ing…
A. Tesis
B. Dhudhutan
C. Argumentasi
D. Panyaruhe
E. Panegasan
32. Ing ngisor iki kang ora klebu kegiyatan nalika nyusun cengkorongan tiks eksposisi yaiku…
A. Nyathet idhe
B. Golek idhe
C. Ngurutke idhe
D. Ngurutke idhe
E. Nglompokne idhe
33.Bagas ing taun iki kapilih minangka siswa teladhan ing sekolahku. Dheweke bisa kapilih
dadi siswa teladhan amarga pancen prestasine ajeg mundhak, disiplin, tertib, lan ora tau
nglanggar aturan sekolah. Pratelan kasebut diarani paragraf …
A. Deduktif
B. Induktif
C. Deduktif-induktif
D. Insentif
E. Ekspositoris
34.Calon manten kakung nyerahake ubarampe lan beaya kang bakal kanggo ngleksanakake
pesta pengantenan diarani …
A. Midodareni
B. Siraman
C. Lamaran
D. Srah-srahan
E. Sinduran
35.Upacara ngidak endhog pitik sajrone kenduren sinebut…
A. Wiji dadi
B. Sinduran
C. Sungkeman
D. Panggih
E. Mertui
36.Makna saka tata cara kacar-kucur yaiku pralambang …
A. Karahayon lan kaslametan
B. Anak mantu padha diasihi
C. Pangajab resepsi regeng
D. Wong lanang paring babana marang garwane
E. Wong wadon ngurmati wong lanang
37. Cerita cekak (cerkak), drama lan novel duweni babagan kang pada, amarga…
A. Duweni paraga, watak, tema, latar
B. Dhialoge paraga
C. Panggonan kang amba
D. Tokoh/paraga
E. Tema lan karakter paraga
38.Cacahe Aksara rekan ana…
A. 6
B. 7
C. 5
D. 4
E. 8
39. Komposisi syair utawa ganjaran kang diajab bisa nggambarake penguripan lan watak lewat
tingkah laku ( akting ) lan dhialog kang dipentasake, diarani…
A. Artikel
B. Sendratari
C. Geguritan
D. Irah-irahan
E. Drama
40. Tembung “ Mahargya “ apa tegese…
A. Lenggahan
B. Tindakan
C. Sugeng rawuh
D. Penyambutan
E. Menehi

B.Wangsulana pitakon –pitakon ing ngisor iki kanthi patitis


1. Apa kang diarani …
a.Guru lagu
b.Guru wilangan
c.Guru gatra
2. Apa wae kang kudu diduweni wong kang dadi pambiwara …
3. Apa tegese unen-unen ‘bibit,bebet,bobot ?
4. Apa bedane crita rakyat lan crita cekak?
5. Salinen ukara ing ngisor iki nggunakake aksara jawa
“ Ketemu kanca lawas sakiki dadi bupati”
Kunci Jawaban
1. A
2. B
3. C
4. E
5. D
6. A
7. A
8. C
9. B
10. D
11. A
12. C
13. B
14. A
15. A
16. C
17. A
18. B
19. D
20. C
21. E
22. B
23. B
24. C
25. E
26. A
27. A
28. C
29. E
30. B
31. C
32. B
33. A
34. D
35. A
36. D
37. A
38. C
39. B
40. D
1. a. Guru lagu yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra
b. Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra
c. Guru gatra yaiku cacahing larik saben sapada
2. Kang kudu diduweni wong kang dadi pambiwara
a. Swara
b. Patrap
c. Panyawang
d. Panyandhang
e. Paramasastra
3. Tegese
Bibit asal usul utawa garis keturunan
Bebet status sosial
Bobot kualitas diri lahir lan batin
4. Crita rakyat yaiku crita kang nyritakake kedadeyan saperangan bab,kayata kedadeyan papan
panggonan
Crita cekak yaiku crito kang awujud prosa isine ringkes lan ora mbutuhke wektu suwe
5. Aksara jawa

Anda mungkin juga menyukai