Anda di halaman 1dari 5

NASKAH SOAL BAHASA JAWA KELAS XI SEM GENAP TAHUN 2020-2021

Mapel/Kompetensi : Bahasa Jawadan Banyumasan


Kelas/Jurusan : XI / AK, AP, MM, TKJ

Pilihen salah setunggaling wangsulan wonten ngandhap punika ingkang paling leres kanthi maringi tanda
ping/silang (X) teng aksara A,B, C, D utawi E !

1. Sekar macapat punika asalipun saking tembung maca ingkang tegesipun....


A. Seneng
B. Nglagokaken
C. Kraos sanget
D. Nikmat
E. Luwes
2. Tembang macapat cacahe ana....
A. 9
B. 10
C. 11
D. 12
E. 13
3. Cacahing tembang macapat saben selagu, saka wiwitan tekan pungkasan kuwe pangerten sekang....
A. Pada
B. Wilangan
C. Dong-ding
D. Sastra
E. Gatra
4. Nalika nggawe tembang macapat ana paugeran utawa pathokane, salah sawijine yakuwe guru wilangan. Sing
diarani guru wilangan yakuwe….
A. tibaning swara saben pungkasaning gatra
B. cacahing gatra saben sapada
C. cacahing pada saben sapupuh
D. swara vocal neng pungkasaning gatra
E. cacahing wanda saben sagatra
5. Novel asale sekang tembung novella. Tembung mau asale sekang negara....
A. Inggris
B. Belanda
C. Italia
D. Prancis
E. Jerman
6. Sekang data neng ngingsor sing ora kelebu keterangan bab novel....
A. Tembung novel asale sekang tembung novella sing tegese sawijining lelakon utawa siji pawarta
B. Novel yakuwe sawijining karya fiksi prosa/gancaran sing ditulis sakcara naratif,biyasane neng sajroning
bentuk cerita
C. Novel lewih cindek tinimbang cerkak, kira-kira 5000 tembung lan ceritane lewih sederhana.
D. Umume novel cerita bab tokoh lan tindak tanduke tokoh-tokoh mau neng sajroning panguripane sedina-
sedina, kanthi nitik berataken maring bagian-bagian sing aneh sekang naratif mau.
E. panulis novel diarani novelis
7. Adedasar golongane, novel bisa dibagi dadi rong jenis yakuwe....
A. Novel khusus lan Novel umum
B. Novel fiksi lan novel non fiksi
C. Novel populer lan novel non populer
D. Novel serius lan novel hiburan
E. Novel naratif lan novel non naratif
8. Menawa ewah-ewahan tokoh utawasing maca novel, sekang ora ngerti dadi ngerti, utawa sekang ora bisa dadi
bisa, tegese novel mau ngandhut nilai....
A. Moral
B. Pendidikan
C. agama
D. budaya
E. sosial
9. Novel kuwe kudu narik kawigaten, endah nglipur lan bisa maremaken atine sing maca. Katrangan neng
ndhuwur arupa...novel
A. fungsi
B. syarat
C. definisi
D. mupakat
E. klasifikasi
10. Alur saged kaperang dados pinten-pinten tahap, tahap ingkang wosipun nyariosaken nasib-nasib ingkang
dipun alami dening tokohipun sampun cetha utawi ugi saged dipun wastani rampung/ purna dipun sebat
tahap....
A. Panerapan bab situasi utawi kawontenan carios (exposition)
B. Panjlentrehanipun perkawis/kedadosan(complication)
C. Tinuju wonten teng konflik(Rising action)
D. Puncak utawi pucuk teng konflik(turning point)
E. Rerampungan(Ending)
11. Tokoh sing neng sajroning cerita nduweni fungsi kanggo nglawan utawa nentang tokoh sing apik utawa bener
yakuwe....
A. utama
B. pembantu
C. protagonis
D. antagonis
E. tritagonis
12. Neng ngingsor kiye sebab-sebab wakil kelas XII nyuwun pangapura nalika neng adicara perpisahan kejaba....
A. asring nakal
B. ora nggugu dawuh
C. nerak aturan-aturan sekolah
D. nerak pager sekolah
E. rajin nggarap pakaryan
13. Neng ngingsor kiye sebab-sebab atur wakil saka kelas XII matur nuwun dhumateng para dwija/guru, kejaba....
A. kersa maringi piwucalan
B. kersa maringi arto ingkang katah
C. kersa maringi wewarah
D. kersa maringi pitedah
E. kersa maringi ilmu kang murakabi
14. Njlentrehake ide/pemanggih teng ngajengipun tiyang katah kanthi ancas tertemtu utawi maosaken ingkang
sampun dipun siapaken teng ngajengipun tiyang katah, punika dipun wastani....
A. geguritan
B. wawanrembug
C. sesorah
D. seminar
E. gendhu-gendhu rasa
15. Nalika saweg sesorah, teng satengahing sesorah pamicara kesupen kalian punapa ingkang bade dipun aturaken
pramila sesorahipun mboten lancar/kisruh lan ancas saking sesorah punika mboten dipun angsali kanthi sae.
Bab punika kedadosan amargi pamicara ngginakaken sesorah kanthi metode....
A. impromtu
B. teks
C. ekstemporan
D. naskah
E. apalan
16. Ingkang kaping sekawan, Bapak Raharjo sarimbit nyuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang rawuh
teng mriki paring donga pangestu wilujeng dhumateng putranipun ingkang nembe dipun icali sukeripun mugia
dados putra ingkang dewasa, remaja. Tugelan sesorah teng inggil, dipun lebetaken teng perangan/bagian....
A. Purwaka basa
B. Surasa basa
C. Pangajeng-ajeng
D. Wasana basa
E. Panutup
17. Supados ancas sesorah punika saged kalampahan lan sesorahipun punika angsal sambutan ingkang sae saking
pamirengipun pramila nalika saweg sesorah kita kedah nggatosaken solah bawa/sikap salira. Teng ngandhap
punika sikap salira ingkang kirang mranani nalika kita saweg sesorah inggih punika....
A. lelendehan papan wicara/podium
B. nggatosaken ingkang midangetaken
C. gumujeng ingkang sewajaripun
D. Ngobahaken sarira trep kaliyan ingkang dipun ngendikaaken
E. astanipun ngapurancang
18. Sesorah punika ngajengi tiyang ingkang maneka warni, umpaminipun benten pangkat kalungguhan, tataran
ngelmu yuswa lan sanesipun. Pramila tiyang ingkang sesorah punika kedah ngertos bab wigati ingkang kedah
dipun gatosaken supados anggenipun sesorah saged kasil kados ingkang dipun kajengaken. Bab wigati
ingkang kedah dipun gatosaken, kejawi....
A. basa
B. tindak-tanduk
C. swanten
D. ageman
E. merek agemanipun
19. Tindak tanduk ingkang kirang mranani nalika kita saweg sesorah inggih punika....
A. jumeneng kanthi nggatosaken papan panggenan
B. jumeneng kanthi mboten lelendehan papan wicara
C. jumeneng kaku utawi sakwangsulanipun loyo mboten semangat
D. jumeneng kanthi suku mboten sak kelangkung rapet, utawi sakwangsulanipun jumeneng kanthi suku
mboten sakelangkung mekar (mbegagah)
E. jumeneng kanthi lelambaran kalih suku.
20. Pidato kuwe nduweni ancas (tujuan) kaya sding kasebut neng ngisor, kejaba . . . .
A. aweh wejangan
B. aweh panglipur
C. aweh hiburan
D. aweh pituduh awon
E. aweh daya pangaribawa
21. Wacan sing desiapna kanggo deandharna nang ngarepe wong akeh (umum) dearani . . . .
A. wawancara
B. deklamasi
C. sesorah
D. pranatacara
E. pamicara
22. Apa dasanamane (sinonim) pidhato?
A. pawarta
B. wara-wara
C. sesorah
D. berita
E. orasi
23. Nindhakake pidato menawa pamirenge duwe pendidikan kang cukup, luwih pas migunakake pendekatan . . . .
A. intelektual
B. spiritual
C. rasional
D. emosional
E. moral
24. Pemicara migunakake kutipan ayat kitab suci utawa sumber liyane kang cocok. Iku mratandhakake menawa
pemicara nindhakake pidhato nganggo pendekatan. . . .
A. intelektual
B. spiritual
C. rasional
D. emosional
E. moral
25. Nalika pidhato anggone nganggo klambi kudu . . . .
A. resik, rapi lan apik
B. resik, rapi lan pas karo kahanan
C. resik, rapi lan mewah
D. resik, rapi lan sederhana
E. ora rapi asal resik lan apik
26. Angger arep pidhato kuwe dhisit dewek ngucapna . . . .
A. salam
B. syukur
C. nyuwun pangapunten
D. pakurmatan
E. tema utawa judul pidhato
27. Angger pidhato nganggo microfon sing ana standare/cagake, carane . . . .
A. microfon decekeli sing lumrah
B. microfon decekeli sing kenceng
C. microfone ora perlu decekeli
D. decekeli lumrah, kabele diuwel-uwel
E. decekeli sing kenceng, karo kabele diuwel-uwel.
28. Peranganing sesorah sing isine atur panuwun maring para rawuh lan nyuwun ngapura menawa anggone nampa
tamu utawa pidhato nganggo tembung sing kurang apik, yakuwe...
A. dudutan
B. purwaka
C. pangarep-arep
D. panutup
E. salam panutup
29. Peranganing sesorah sing isine ngemot babagan panyuwune sing kagungan kersa maring para tamu diarani. . . .
A. purwaka
B. panutup
C. surasa basa
D. dudutan
E. pangarep-arep
30. Sawijining karya fiksi prosa/gancaran sing ditulis kanthi cara naratif, biayasane neng sajroning bentuk cerita,
diarani . . . .
A. cerkak
B. novel
C. geguritan
D. sesorah
E. dongeng
31. Kegiyatan menehi informasi bab barang lan jasa sing nggunakake media massa online utawa offline, yaiku . . . .
A. iklan
B. pengumuman
C. pawarta
D. sesorah
E. propaganda
32. Iklan nduweni paugueran kayata neng ngisor kiye, kejaba ….
A. Migunaake media massa
B. Migunaake sponsor sing wis teridentifikasi
C. Nduweni sifat menehi informasi maring khalayak
D. Isine babagan pawarta kang kadadiyan ana ing masyarakat
E. Nduweni tujuan kanggo nekakno audiens seakeh-akehe
33. Jinis-jinise iklan dipara dadi 3 (telu) yakuwe . . . .
A. Iklan informatif, iklan persuatif, lan iklan reminder
B. Iklan tanggung jawab sosial, iklan bantahan, lan iklan pembelaan
C. Iklan Pembelaan, iklan perbaikan, lan iklan keluarga
D. Iklan politik, iklan pendidikan, lan iklan kesehatan
E. Iklan sing nganggo dasar tujuan, Iklan Umum, lan Iklan Khusus
34. Jinise wacana eksposisi kaya sing kasebut neng ngisor kiye, kejaba . . . .
A. Eksposisi klarifikasi
B. Eksposisi definisi
C. Eksposisi proses
D. Eksposisi klasifikasi
E. Eksposisi ilustrasi
35. Titenane (ciri-ciri) teks eksposisi
A. Njlentrehna informasi-informasi tinemtu
B. Ngandharaken informasi-informasi
C. Cakrik (bentuk/wujud) informasine ngajak-ngajak
D. Andharane cetha lan nganggo basa baku
E. Ora meksa kekarepane panulis marang pamaca.
36. Purwakanthi guru swara, yakuwe purwakanthi sing runtut swarane.Tuladhane purwakanthi guru swara . . . .
A. Slaman slumun slamet
B. Yen gelem obah bakal mamah
C. Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lan waspada
D. Wajik Klethik, gula jawa, Kalah dhisik, ora papa
E. Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh
37. Unen-unen sing nduweni pathokan utawa paugeran sing ajeg diarani . . . .
A. Purwakanthi
B. Wangsalan
C. Parikan (Pantun)
D. Basa rinengga
E. Bedegan/batangan
38. Dearani apa unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis
kasebutake ora kanthi cetho?
A. Parikan (Pantun)
B. Purwakanthi
C. Bedegan/batangan
D. Wangsalan
E. Basa rinengga
39. Aksara murda cacahe ana 8 (wolu) yakuwe . . . .
A. Na-Ka-Ta-Ha-Ca-Ra-Da-Sa
B. Ha-Na-Ca-Ra-Ka-Da-Ta-Sa
C. Kha-Gha-Za-Fa-Va-Dza-Tha-Sya
D. Pa-Dha-Nya-Ma-Ga-Ba-Tha-Nga
E. Na-Ka-Ta-Sa-Pa-Nya-Ga-Ba
40. Sing dearani aksara wilangan yakuwe . . . .
A. Aksara jawa sing awujud angka, kawiwitan sekang 0 nganti 9
B. Aksara jawa sing kareka amarga durung ana neng aksara jawa
C. Salah sawijining aksara sing merlambangaken vocal bebas
D. Aksara khusus sing ana neng aksara jawa
E. Aksara Ha-Na-Ca-Ra-Ka

Anda mungkin juga menyukai