Anda di halaman 1dari 7

MATPEL : BAHASA JAWA

Kelas : X
Multiple Choice
1. Jinis artikel sing sumebar ing masyarakat maneka warna jumbuh karo surasane lan ancase. Salah
sijine artikel sing menehi saweneh informasi ngenani samubarang prakara kanthi nyawisake
panyengkuyung awujud bukti lan alesan sing tinemu nalar saengga bias nambahi kawruh pamaca.
Upamane pawarta lan artikel analisis laporan. Mengkono klebu jinis artikel …..
A. Deskripsi
B. Eksposisi
C. Argumentasi
D. Persuasi
E. Narasi
ANS: B
2. Jinis artikel sing menehi gambaran, gagasan, utawa teori ngenani sebab lan akibat sawijining
kedadean. Anggone ngandharake ditindakake kanthi menehi fakta objektif lan logis. Kanthi
mengkono. Pamaca diajap bisa ngakoni marang panemu sajroning tulisan kang diandharake.
Mengkono klebu jinis artikel ……
A. Deskripsi
B. Eksposisi
C. Argumentasi
D. Persuasi
E. Narasi
ANS: C
3. Ing ngisor iki kang ora klebu titikane artikel yaiku …………..
A. Isine cekak aos, cetha, lan padhet
B. Duwe sipat factual lan informatif
C. Isine mligi panemu tanpa linandhesan data
D. Ditulis kanthi metode sistematis
E. Ditulis adhedhasar fakta
ANS: C
4. Perangan sing ngandharake babagan orientasi utawa tahap pengenalan tumrap isi artikel sing
arep dirembug diarani…
A. Panemu
B. Irah -irahan
C. Pambuka
D. Panutup
E. Isi
ANS: C
5. Perangan sing ngandharake babagan wedharan utawa panjlentreh saka underan prakara sing
dirembug sajroning artikel diarani ……….
A. Panemu
B. Irah -irahan
C. Pambuka
D. Panutup
E. Isi
ANS: E
6. Artikel kang ngrembug prakara sing entheng lan ora mbutuhake pemahaman kang jero diarani
artikel …..
A. Opini
B. Ilmiah
C. Praktis
D. Ringan
E. Argumentasi
ANS: D
7. Gatekno katrangan ing ngisor !
Kanggo nangani limbah pemukiman perlu anane kesadharan masyarakat kanggo wicaksana
tumrap limbah sing diasilake. Pangolahan lan pola pikir ngenani sampah kanthi nindakake 3R,
ora buwang sampah ing kali, penampungan banyu, utawa menyang laut. Pethilan wacan artikel
ing dhuwur klebu ing perangan …..
A. Pambuka
B. Dudutan
C. Isi
D. Pambuka lan dudutan
E. Deskripsi
ANS: B
8. Artikel kang ngandhut opini saka penulis sing ngrembug babagan sawijining pokok bahasan
tartamtu diarani artikel ……
A. Opini
B. Ilmiah
C. Praktis
D. Ringan
E. Argumentasi
ANS: A
9. Panulisan artikel mujudake tulisan sing kadhapuk saka ………
A. 300 nganti 5000 tembung
B. 300 nganti 10.000 tembung
C. 400 nganti 5.000 tembung
D. 300 nganti 1.000 tembung
E. 500 nganti 5.000 tembung
ANS: D
10. Ing ngisor iki kang ora klebu jinis artikel adhedhasar ancase yaiku ……….
A. Artikel argumentasi
B. Artikel ilmiah
C. Artikel deskripsi
D. Artikel narasi
E. Artikel eksposisi
ANS: B
11. Nyawisake wacan sing dawa dadi sethithik tanpa ngurangi utawa ngelongi gagasan pokok
sajroning wacan diarani …
A. Nggancarake
B. Medharake
C. Njlentrehake
D. Narasi
E. Ngringkes
ANS: E
12. Artikel kang isine ngenani lapuran sistematis ngenani asil kajian utawa panaliten kanthi
migunakake basa baku lan ilmiah diarani artikel …………
A. Opini
B. Ilmiah
C. Praktis
D. Ringan
E. Argumentasi
ANS: B
13. Sing ora kalebu ciri-ciri saka artikel yaiku...
A. Tulisane cekak, padhet, cetha, lan pembahasane jangkep lan tuntas
B. Sumbere saka fakta kang ana
C. Basane mentes, ora dawa ngambra-ambra
D. Isa kang disampekake cundhuk klawan fakta kang diolehi saka nara sumber
E. Duweni sipat faktual lan informatif
ANS: C
14. Kapisan ditindakake nalika gawe artikel yaiku ………….
A. Nulis perangan kang mligi
B. Golek data kang ana gegayutane karo topik
C. Nemtokake katrangan umum
D. Nemtokake tema
E. Ngrembakake gagasan pokok nganggo ukara penjelas
ANS: D
15. Tetembungan sing saemper cangkriman nanging batangane wis dikandhakake sanadyan ora
kanthi cetha diarani …
A. Parikan
B. Wangsalan
C. Cangkriman
D. Pepindhan
E. Tembung saroja
ANS: B
16. Perangan ing artikel iki kudu nggunakake tetembungan sing cetha, cekak aos, lan ndudut ati.
Mujudake perangan pisanan sing dideleng dening pamaca. Perangan kang dikarepake yaiku
………
A. Panemu
B. Irah -irahan
C. Pambuka
D. Panutup
E. Isi
ANS: B
17. Kitab Ramayana dianggit dening …………
A. Resi Wiyasa
B. Empu Kanwa
C. Empu Panuluh
D. Resi Walmiki
E. Yasadipura
ANS: D
18. Rahwana iku ksatriyane ing …………..
A. Mantili
B. Ayodya
C. Alengka
D. Pancawati
E. Dandaka
ANS: C
19. Ing ngisor iki sing ora klebu perangan unsur sing mangun crita wayang saka jero crita, yaiku
………..
A. Pamawase pangripta
B. Kahanan sosial budaya
C. Lelewaning basa
D. Setting
E. Alur
ANS: B
20. Wayang kang kagawe saka kayu lan nalika ditanggap nganggo kayu sing wis dibolong -bolongi.
Dene crita sing kerep ditanggapake yaiku Damar Wulan lan Majapahit diarani wayang ………
A. Klithik
B. Titi
C. Beber
D. Golek
E. Potehi
ANS: A
21. Ing ngisor kang ora klebu ing Astadasaparwa yaiku ………
A. Adiparwa
B. Bhismaparwa
C. Balakanda
D. Sabhaparwa
E. Udyogaparwa
ANS: C
22. Wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud beberan. Saben beberan
gambarake saadegan crita. Menawa wis rampung dilakonake, beberane digulung maneh.
Wayang iki diarani …………..
A. Kulit
B. Klithik
C. Beber
D. Golek
E. Potehi
ANS: C
23. Crita Mahabharata nyritakake babagan ………..
A. Dewi Sinta kadhusta dening Dasamuka
B. Dewi Sinta nglakoni patio obong
C. Anoman dadi dutane Prabu Ramawijaya
D. Perange Pandhawa lan Kurawa ngrebutake Astina
E. Kumbakarna maju perang ngadhepi karo Ramawijaya
ANS: D
24. Prabu Dasarata kagungan putra cacah papat saka garwa Dewi Kosalya, Dewi Kekayi , lan Dewi
Sumitra. Ing ngisor iki ora klebu putrane Prabu Dasarata yaiku ……………….
A. Laksmana
B. Wibisana
C. Rama
D. Bharata
E. Satrughna
ANS: B
25. Nalika nonton gelaran wayang kulit, saben arep ganti adegan mesthi kawiwiwitan suluk lan
janturan sing nyritakake papan panggonan. Awit saka iku, pamirsa kudu mangerteni babagan
…………
A. Paraga
B. Alur
C. Watak paraga
D. Amanat
E. Latar
ANS: E
26. Kitab kang nyritakake isine sedhekahe para putri kaliyan para pejuwang kang sami tiwas ing
palagan diarani kitab …
A. Striparwa
B. Santiparwa
C. Salyaparwa
D. Mahaprastanikaparwa
E. Mosalaparwa
ANS: A
27. Kitab kang nyritakake Samba ethok – ethok ngandhut kanggo nyoba kasektene para resi diarani
kitab …………..
A. Striparwa
B. Santiparwa
C. Salyaparwa
D. Mahaprastanikaparwa
E. Mosalaparwa
ANS: E
28. Ing ngisor iki sing klebu perangan unsur sing mangun crita wayang saka jero crita, yaiku ………..
A. Pamawase pangripta
B. Kahanan sosial budaya
C. Kahanan pangripta
D. Kahanan msyarakat saka ekonomi
E. Latar belakang karya sastra diciptakake
ANS: A
29. Pagelaran wayang kulit ing tlatah Jawa ngalami owah -owahan. Umpamane anane paraga
Punakawan. Dene sing diarani Punakawan yaiku ………….
A. Semar , Puntadewa, Petruk, Bagong
B. Semar, Gareng, Petruk, Bagong
C. Puntadewa , Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa
D. Semar, Gareng, Sukrasana, Bagong
E. Duryudono, Dursasana , Durmagati
ANS: B
30. Pandhawa lan Kurawa minangka keturunan Bharata kang padha -padha ngangsu kawruh marang
……..
A. Pandhita Durma
B. Resi Bisma
C. Prabu Kresna
D. Patih Sengkuni
E. Yamawidura
ANS: A
31. Menehi tanggapan marang isi drama ateges menehi pambijen. Dene ing ngisor iki sing ora
klebu tata cara anggone menehi tanggapan yaiku ……………
A. Tanggapan diandharake kanthi gancaran kang cekak lan padhet
B. Tanggapan dikantheni alesan kang tinemu nalar
C. Tanggapan diwedhar kanthi ukara sing dawa lan nglarani ati
D. Prakara kang ditanggapi kudu cetha
E. Tembung lan ukara sing digunakake gampang ditampa lan dimangerteni
ANS: C
32. Ing pamentasan sandiwara ana babagan sing dadi dhasaring crita kanggo nemtokake ancas lan
lakune crita kang diarani ………..
A. Paraga
B. Konflik
C. Tema
D. Latar
E. Alur
ANS: C
33. Gatekno pacelathon ing ngisor !
Jam nuduhake wektu 06.30. Dimas lan Bayu wis tekan sekolah .
Bayu : “Dimas, wis sinau aksara Jawa kanggo ulangan mengko?”
Dimas : “Ora prelu sinau bae aku wis apal lan ngerti wangunane.”
Bayu : “Yen ngono wis siap kanggo ulangan mengko ya ?”
Dimas : “Ya genah bae aku siap.”
Saka pacelathon ing dhuwur bias dimangerteni watak wantu saben paraga. Dene watake Dimas
yaiku ……….
A. Kuminter
B. Andhap asor
C. Ngejeni marang liyan
D. Sesongaran
E. Blaka suta
ANS: A
34. Sandiwara kadhapuk saka tembung sandi lan wara. Dene tegese sandi yaiku …………
A. Laku
B. Samar
C. Ajaran
D. Piwulang
E. Tindak
ANS: B
35. Ing ngisor iki kang ora klebu jinis sandiwara miturut jinis lakon utawa panyajian yaiku …………
A. Sandiwara sujarah
B. Sandiwara komedhi
C. Melosandiwara
D. Sandiwara panggung
E. Sandiwara tragedi
ANS: D
36. Unsur ekstrinsik minangka unsur kang mangun saka jaba lan duwe pangaribawa tumrap isi crita.
Dene kang ora klebu unsur kasebut yaiku ………….
A. Agama lan budaya sing dirasuk dening pangripta
B. Kahanan sosial budaya
C. Latar belakang pangripta
D. Kahanan psikologis pangripta
E. Kahanan psikologis paraga
ANS: E
37. Ing struktur teks drama kang mujudake rerampungan saka komplikasi utawa pepalang kang
dialami paraga utama klebu ing …………
A. Orientasi
B. Komplikasi
C. Epilog
D. Prolog
E. Resolusi
ANS: E
38. Kagiyatan ngrasakake , mangerteni, lan ngajeni saengga bisa mangerteni kanthi temen lan
mahami nilai -nilai kang kinandhut sajroning drama kasebut diarani ………….
A. Improvisasi
B. Apresiasi
C. Tanggapan
D. Resensi
E. Sinopsis
ANS: B
39. Ludruk minangka salah sawiji seni tradhisional saka …………
A. Jawa Tengah
B. Bali
C. Jawa Timur
D. Yogyakarta
E. Sunda
ANS: C
40. Perangan drama kang isine ngandhut pitutur pangripta ngenani crita diarani …………
A. Dialog
B. Konflik
C. Prolog
D. Pandom
E. Epilog
ANS: E

Anda mungkin juga menyukai