Anda di halaman 1dari 6

MATPEL : BAHASA JAWA

Kelas : X
Multiple Choice
1. Jinis artikel sing sumebar ing masyarakat maneka warna jumbuh karo surasane lan ancase. Salah sijine artikel sing menehi
saweneh informasi ngenani samubarang prakara kanthi nyawisake panyengkuyung awujud bukti lan alesan sing tinemu
nalar saengga bias nambahi kawruh pamaca. Upamane pawarta lan artikel analisis laporan. Mengkono klebu jinis artikel
…..
A. Deskripsi
B. Eksposisi
C. Argumentasi
D. Persuasi
E. Narasi
ANS: B
2. Jinis artikel sing menehi gambaran, gagasan, utawa teori ngenani sebab lan akibat sawijining kedadean. Anggone
ngandharake ditindakake kanthi menehi fakta objektif lan logis. Kanthi mengkono. Pamaca diajap bisa ngakoni marang
panemu sajroning tulisan kang diandharake. Mengkono klebu jinis artikel ……
A. Deskripsi
B. Eksposisi
C. Argumentasi
D. Persuasi
E. Narasi
ANS: C
3. Ora klebu sarat tetembungan sing digunakake nulis irah – irahan artikel yaiku …..
A. Cekak aos
B. Ndudut ati
C. Ngayawara
D. Cetha
E. Becik
ANS: C
4. Ing ngisor iki kang ora klebu titikane artikel yaiku …………..
A. Isine cekak aos, cetha, lan padhet
B. Duwe sipat factual lan informatif
C. Isine mligi panemu tanpa linandhesan data
D. Ditulis kanthi metode sistematis
E. Ditulis adhedhasar fakta
ANS: C
5. Panulisan artikel kudu nggatekake babagan …
A. Panemu
B. Irah -irahan
C. Pambuka
D. Panutup
E. Isi
ANS: A
6. Perangan sing ngandharake babagan orientasi utawa tahap pengenalan tumrap isi artikel sing arep dirembug diarani…
A. Panemu
B. Irah -irahan
C. Pambuka
D. Panutup
E. Isi
ANS: C
7. Perangan sing ngandharake babagan wedharan utawa panjlentreh saka underan prakara sing dirembug sajroning
artikel diarani ……….
A. Panemu
B. Irah -irahan
C. Pambuka
D. Panutup
E. Isi
ANS: E
8. Njanur gunung, …………. kersa rawuh ing griya kula. Ukara ing dhuwur mujudake wangsalan. Tembung kang trep
kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ………
A. Kadingaren
B. Aren
C. Cengklungen
D. Judheg
E. Ngaso
ANS: A
9. Artikel kang ngrembug prakara sing entheng lan ora mbutuhake pemahaman kang jero diarani artikel …..
A. Opini
B. Ilmiah
C. Praktis
D. Ringan
E. Argumentasi
ANS: D
10.Gatekno katrangan ing ngisor !
Kanggo nangani limbah pemukiman perlu anane kesadharan masyarakat kanggo wicaksana tumrap limbah sing
diasilake. Pangolahan lan pola pikir ngenani sampah kanthi nindakake 3R, ora buwang sampah ing kali,
penampungan banyu, utawa menyang laut. Pethilan wacan artikel ing dhuwur klebu ing perangan …..
A. Pambuka
B. Dudutan
C. Isi
D. Pambuka lan dudutan
E. Deskripsi
ANS: B
11.Artikel kang ngandhut opini saka penulis sing ngrembug babagan sawijining pokok bahasan tartamtu diarani artikel
……
A. Opini
B. Ilmiah
C. Praktis
D. Ringan
E. Argumentasi
ANS: A
12.Artikel yaiku teks kang isine sawijining panemu ngenani sawenehing prakara kang kadhapuk saka ….
A. Pambuka , masalah, dudutan
B. Pambuka, isi, masalah
C. Irah -irahan, pambuka, isi, panutup
D. Irah -irahan, isi, dudutan
E. Dudutan, isi, masalah
ANS: C
13.Panulisan artikel mujudake tulisan sing kadhapuk saka ………
A. 300 nganti 5000 tembung
B. 300 nganti 10.000 tembung
C. 400 nganti 5.000 tembung
D. 300 nganti 1.000 tembung
E. 500 nganti 5.000 tembung
ANS: D
14.Ing ngisor iki kang ora klebu jinis artikel adhedhasar ancase yaiku ……….
A. Artikel argumentasi
B. Artikel ilmiah
C. Artikel deskripsi
D. Artikel narasi
E. Artikel eksposisi
ANS: B
15.Nyawisake wacan sing dawa dadi sethithik tanpa ngurangi utawa ngelongi gagasan pokok sajroning wacan diarani …
A. Nggancarake
B. Medharake
C. Njlentrehake
D. Narasi
E. Ngringkes
ANS: E
16.Artikel kang isine ngenani lapuran sistematis ngenani asil kajian utawa panaliten kanthi migunakake basa baku lan
ilmiah diarani artikel …………
A. Opini
B. Ilmiah
C. Praktis
D. Ringan
E. Argumentasi
ANS: B
17.Sing ora kalebu ciri-ciri saka artikel yaiku...
A. Tulisane cekak, padhet, cetha, lan pembahasane jangkep lan tuntas
B. Sumbere saka fakta kang ana
C. Basane mentes, ora dawa ngambra-ambra
D. Isa kang disampekake cundhuk klawan fakta kang diolehi saka nara sumber
E. Duweni sipat faktual lan informatif
ANS: C
18.Kapisan ditindakake nalika gawe artikel yaiku ………….
A. Nulis perangan kang mligi
B. Golek data kang ana gegayutane karo topik
C. Nemtokake katrangan umum
D. Nemtokake tema
E. Ngrembakake gagasan pokok nganggo ukara penjelas
ANS: D
19.Tetembungan sing saemper cangkriman nanging batangane wis dikandhakake sanadyan ora kanthi cetha diarani …
A. Parikan
B. Wangsalan
C. Cangkriman
D. Pepindhan
E. Tembung saroja
ANS: B
20.Perangan ing artikel iki kudu nggunakake tetembungan sing cetha, cekak aos, lan ndudut ati. Mujudake perangan
pisanan sing dideleng dening pamaca. Perangan kang dikarepake yaiku ………
A. Panemu
B. Irah -irahan
C. Pambuka
D. Panutup
E. Isi
ANS: B
21.Kitab Ramayana dianggit dening …………
A. Resi Wiyasa
B. Empu Kanwa
C. Empu Panuluh
D. Resi Walmiki
E. Yasadipura
ANS: D
22.Rahwana iku ksatriyane ing …………..
A. Mantili
B. Ayodya
C. Alengka
D. Pancawati
E. Dandaka
ANS: C
23.Ing ngisor iki sing ora klebu perangan unsur sing mangun crita wayang saka jero crita, yaiku ………..
A. Pamawase pangripta
B. Kahanan sosial budaya
C. Lelewaning basa
D. Setting
E. Alur
ANS: B
24.Wayang kang kagawe saka kayu lan nalika ditanggap nganggo kayu sing wis dibolong -bolongi. Dene crita sing kerep
ditanggapake yaiku Damar Wulan lan Majapahit diarani wayang ………
A. Klithik
B. Titi
C. Beber
D. Golek
E. Potehi
ANS: A
25.Ing ngisor kang ora klebu ing Astadasaparwa yaiku ………
A. Adiparwa
B. Bhismaparwa
C. Balakanda
D. Sabhaparwa
E. Udyogaparwa
ANS: C
26.Wayang kang digawe saka kayu lan diklambeni kayadene manungsa diarani wayang …………
A. Kulit
B. Klithik
C. Beber
D. Golek
E. Potehi
ANS: D
27.Wayang kang awujud boneke cilik -cilik , critane mangsa jaman Kraton Tar – Tar utawa Babad Tiongkok diarani
wayang ………………
A. Kulit
B. Klithik
C. Beber
D. Golek
E. Potehi
ANS: E
28.Wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud beberan. Saben beberan gambarake saadegan crita.
Menawa wis rampung dilakonake, beberane digulung maneh. Wayang iki diarani …………..
A. Kulit
B. Klithik
C. Beber
D. Golek
E. Potehi
ANS: C
29.Crita Mahabharata nyritakake babagan ………..
A. Dewi Sinta kadhusta dening Dasamuka
B. Dewi Sinta nglakoni patio obong
C. Anoman dadi dutane Prabu Ramawijaya
D. Perange Pandhawa lan Kurawa ngrebutake Astina
E. Kumbakarna maju perang ngadhepi karo Ramawijaya
ANS: D
30.Prabu Dasarata kagungan putra cacah papat saka garwa Dewi Kosalya, Dewi Kekayi , lan Dewi Sumitra. Ing ngisor iki
ora klebu putrane Prabu Dasarata yaiku ……………….
A. Laksmana
B. Wibisana
C. Rama
D. Bharata
E. Satrughna
ANS: B
31.Ing ngisor iki salah siji putra kang lair saka Dewi Madrim yaiku …………
A. Bima
B. Yudhistira
C. Werkudara
D. Nakula
E. Arjuna
ANS: D
32.Nalika nonton gelaran wayang kulit, saben arep ganti adegan mesthi kawiwiwitan suluk lan janturan sing nyritakake
papan panggonan. Awit saka iku, pamirsa kudu mangerteni babagan …………
A. Paraga
B. Alur
C. Watak paraga
D. Amanat
E. Latar
ANS: E
33.Paman saka pihak Kurawa kang seneng mitenah, ngedu, lan ngupaya nyirnaake Pandhawa yaiku ………….
A. Duryudana
B. Pandhita Durna
C. Patih Sengkuni
D. Prabu Kresna
E. Bisma
ANS: C
34.Kitab kang nyritakake lakune Pandhawa lan Drupadi tumuju pucuking Gunung Himalaya diarani kitab ….
A. Striparwa
B. Santiparwa
C. Salyaparwa
D. Mahaprastanikaparwa
E. Mosalaparwa
ANS: D
35.Kitab kang nyritakake isine sedhekahe para putri kaliyan para pejuwang kang sami tiwas ing palagan diarani kitab …
A. Striparwa
B. Santiparwa
C. Salyaparwa
D. Mahaprastanikaparwa
E. Mosalaparwa
ANS: A
36.Kitab kang nyritakake Samba ethok – ethok ngandhut kanggo nyoba kasektene para resi diarani kitab …………..
A. Striparwa
B. Santiparwa
C. Salyaparwa
D. Mahaprastanikaparwa
E. Mosalaparwa
ANS: E
37.Ing ngisor iki sing klebu perangan unsur sing mangun crita wayang saka jero crita, yaiku ………..
A. Pamawase pangripta
B. Kahanan sosial budaya
C. Kahanan pangripta
D. Kahanan msyarakat saka ekonomi
E. Latar belakang karya sastra diciptakake
ANS: A
38.Pagelaran wayang kulit ing tlatah Jawa ngalami owah -owahan. Umpamane anane paraga Punakawan. Dene sing
diarani Punakawan yaiku ………….
A. Semar , Puntadewa, Petruk, Bagong
B. Semar, Gareng, Petruk, Bagong
C. Puntadewa , Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa
D. Semar, Gareng, Sukrasana, Bagong
E. Duryudono, Dursasana , Durmagati
ANS: B
39.Pagelaran wayang kulit isih dadi klangenane masarakat Jawa. Salah siji sarana kang dianggap ing pagelaran yaiku kain
putih dawa kang dijereng ing gawangan sing diarani ………….
A. Blencong
B. Keprak
C. Kelir
D. Kendhaga
E. Simpingan
ANS: C
40.Pandhawa lan Kurawa minangka keturunan Bharata kang padha -padha ngangsu kawruh marang ……..
A. Pandhita Durma
B. Resi Bisma
C. Prabu Kresna
D. Patih Sengkuni
E. Yamawidura
ANS: A

Anda mungkin juga menyukai