Anda di halaman 1dari 3

MATERI KAPINDHO BAHASA JAWA 7 WULANGAN 1

PENGELING-ELING : TEMBUNG RERANGKEPAN


Tembung bocah-bocah, padha-padha, unggah-ungguh ing wacan “Yuli matur” iku kalebu
jinising tembung rerangkepan. Tembung rerangkepan yaiku sakabehing tembung sing diwaca
utawa ditulis kaping pindho kabeh tembunge utawa mung sawanda (kata ulang:Ind)
Warna-warnane tembung rerangkepan:
1. Tembung Dwilingga
a. Dwi lingga wantah (dwilingga padha swara/tembung dwi lingga lugu)
Tuladha : crita-crita, kampung-kampung, desa-desa, murid-murid, lsp.
b. Dwi lingga salin swara (dwilingga beda swarane)
Tuladha : mloka-mlaku, tuka-tuku, bola-bali, ngguya-ngguyu, lsp.
c. Dwi lingga semu (dwilingga kang ora duwe lingga)
Tuladha : orong-orong, ondhe-ondhe, indhil-indhil, andheng-andheng, lsp.
2. Dwipurwa yaiku tembung-tembung sing diwaca utawa ditulis kaping pindho mung
wandane sing ngarep.
Tuladha : jejogedan, bebanyolan, tetabuhan, tetela, tetuku, lelucon, lsp.
3. Dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca utawa ditulis kaping pindho mung
wandane sing buri.
Tuladha : cekakak, celili, cengingis, jelalat, bedudug, cewawak, lsp.

Gladhen
Tembung rerangkep ing ngisor iki kalebu tembung rerangkep sing endi!
1. Saiki akeh lelara kang mbebayani, mula kudu bisa njaga karesikane awak.
Wangsulan : ............................................................................................
2. Yen tetuku barang elektronik miliha sing isih segelan.
Wangsulan : ...........................................................................................
3. Diterangke gurune kok malah padha pating cekikik kuwi sing digeguyu apa?
Wangsulan : ...............................................................................................
4. Aku ora ngerti olehmu mlebu, weruh-weruh kok wis njagong neng kursi.
Wangsulan : ..............................................................................................
5. Amarga bubar playon, ambegane Agus kempas-kempis.
Wangsulan : ..............................................................................................
6. Kowe ki piye, ta, dikon anteng kok malah obah-obeh wae.
Wangsulan : ................................................................................................
7. Jane soale tes iki gampang-gampang ning kok ya bijine tetep elek ta !.
Wangsulan : .............................................................................................
8. Tetela yen dheweke trampil numpak sepedha motor.
Wangsulan : ............................................................................................
9. Sawise ndengangak sedhela, banjur tumungkul maneh karo ngulapi eluhe.
Wangsulan : ............................................................................................
10. Kowe mono ngertine mung gebyar-gebyur ora mbayar rekening.
Wangsulan : .........................................................................................
PENGELING-ELING : PARIBASAN
Unen-unen “jajah desa milang kori” iku kalebu jinising paribasan. Paribasan yaiku unen-unen
kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha : yitna yuwana, lena kena. tembung-tembung ing unen-unen Yetna yuwana, lena
kena iku siji-sijine padha ora ngemu surasa pepindhan. Mung ana tembung-tembung liya kang
padha tegese karo tembung-tembung iku yaiku:
yitna = weweka, yitna, ngati-ati Yuwana = basuki, rahayu, slamet
Lena = pepeka, ora ngati-ati Kena = ketaman (ing bebaya)

Tuladha paribasan liyane :


1. Njajah desa milang kori : njajah tekan ngendi-endi lan prasasat kabeh panggonan, nganti
tekan papan sing cilik-cilik lan kiwa, ditekani sarta disetitekake kahanane.
2. Ana catur mungkur : ora gelem ngrungokake (mraduli) rerasaning liyan kang ora
prayoga, kang bisa uga njalari tuwuhing padudon utawa regejegan.
3. Anak polah bapa kepradhah : nemu pakewuh, amarga saka luputing tindake anake.
4. Kalah cacak menang cacak : samubarang apa bae, bisa nindakake lan orane, kanyata
sawise dicoba. Mulane, kasusu kandha ora bisa, sadurunge dicoba.
5. Sepi ing pamrih, rame ing gawe : tanpa darbe pamelik apa-apa, tumindak ing gawe kanthi
kamempengan.
Ing jaman aklak rusak, akeh wong-wong kang asipat kosok baline iku, yaiku : sepi ing
gawe, rame ing pamrih. Wegah rumagang ing gawe, mung padha kagedhen melik (suka
menuntut tetapi kurang memenuhi kuwajiban).

Gladhen
Paribasan ing ngisor iki gathukna karo ukara-ukara kang wis cumawis!
1. Katula-tula katali :....................................………………
2. Tinggal glanggang colong playu :....................................………………
3. Sepi ing pamrih rame ing gawe :...................................……………….
4. Tut wuri handayani :.....................................………………
5. Becik ketitik ala ketara :....................................……………….
6. Yitna yuwana lena kena :....................................……………….
7. Adigang adigung adiguna :....................................……………….
8. Bathok bolu isi madu :....................................……………….
9. Ulat madhep ati madhep :...................................………………..
10. Anak polah bapa kepradah :....................................……………….
a. Wong tuwa nemu pakewuh amarga tumindake anak.
b. Wujude ora pakra nanging duwe kaluwihan
c. Mantep cocok karo kekarepane/ sedyane.
d. Ngendel-ngendelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane
e. Nandang susah terus-terusan.
f. Ninggalake kang dadi ayahane sing durung rampung
g. Sing tumindak ati-ati bakal nemu keslametan lan sing ora ngati-ati nemu kacilakan
h. Pangawe becik lan ala wusanane bakal ketara.
i. Ngetutake saka mburi kanthi aweh pitutur lan pituduh
j. Tumindak kang dilambari rasa lila lan legawa

PANGELING-ELING :
Tembung tata krama ing wacan irah-irahan “Didhawuhi Ibu Guru” iku kalebu ewoning tembung
Saroja. Tembung Saroja yaiku tembung loro utawa luwih kang meh padha tegese dirangkep dadi
siji, nduweni teges mbangetake.
Tuladha liyane :
1. sanak-sedulur 10. tambal-sulam
2. guyup-rukun 11. solah-bawa
3. budi-pakarti 12. was-sumelang
4. tata-krama 13. lara-lapa
5. gagah-prakosa 14. tepa-tuladha
6. puji-pandonga 15. candhak-cekel
7. tindak-tanduk 16. adhap-asor
8. suka-rena 17. adi-luhung
9. mula-buka 18. edi-peni

Gladhen :
Ukara iki genepna mawa tembung saroja!
1. Kesenian (kagunan) ringgit purwa (wayang kulit) menika kesenian ingkang adi....
2. Darma...para mudha dibutuhake dening nusa....
3. Gunung Sumbing lan Sindoro menawa disawang saka kutha Temanggung katon elok edi...
4. Gus, tindak...mbok sing alus, lan angkat...kudu sing ati-ati aja niru watak...wong sing kasar.
5. Sliramu bisaa ngetokake akal...kang apik, lan solah...sing nyenengake atine wong liya.
6. Indonesia kuwi sawijining negara kang lemahe gemah...loh..., rakyate urip tata… karta....
7. Werkudara kuwi sawijining satriya kang gagah...sekti….
8. Wong grapyak sumanak,lan luhur budine bakal kajen...dening wong liya.
9. Puji...ku muga-muga penjenengan kalis ing godha...piwelingku waspada ing tingkah....
10. Para wadya bala Kurawa watake angkara...., mula Pandhawa arep nyirnakake.
murka pandonga, rencana laku prakosa
madraguna ripah jinawi tentrem raharja
keringan budi bawa tanduk junjung
wantu peni bekti bangsa luhung

Anda mungkin juga menyukai