Tembung saroja
Tembung entar
Wangsalan
Paribasan
Bebasan
Saloka
Purwakanthi
Parikan
Pepindhan
Pembahasan
B. Pengertiane
Basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah
(dalam bahasa indonesia "basa rinengga" adalah sastra bahasa yang dirangkai dengan cara
menggabungkan kata - kata yang berbeda sehingga menjadi bahasa atau kalimat yang indah).
Basa Rinega biasane digawe ana ing acara pedhalangan, pranata cara (sambutan temanten,
pengetan taun anyar lan sak liyane). Basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra
rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten
lan nyenengake, sarta basa kang edi peni.
1. Tembung saroja, yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo
bebarengan. Tuladha :
2. Tembung entar, yaiku tembung kang tegese ora kaya makna salugune (kata kiasan).
lara owah - Para warga pada wedi amarga ana wong lara owah.
tipis lambene - Sanajan rupane ayu, akeh sing ora seneng amarga tipis lambene.
dawa tangane - Bocah iki lugu, nanging dawa tangane.
3. Wangsalan, yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean utawa cangkriman nanging dibatang
(dibedhek) dhewe. Ukarane ora persis nanging memper wae.
4. Paribasan, unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartentu. Dhapukaning
paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok.
Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar.
Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon).
Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
Anak polah bapa kepradah = Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa.
5. Bebasan, unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan.
Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone
pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduk.
Kocak tandha luka = wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.
Sedhakep ngawe-awe = wis mareni marang tumindak ala nanging ing bathin isih kepingin
nindakake maneh.
Ngubak-ngubak banyu bening = gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.
6. Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan.
Nanging kang dipindhakake wonge
7. Purwakanthi, yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng
wanda utawa tembung ing saburine.
Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
Ana dina ana upa, ana awan ana pangan
Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula
8. Parikan, yaiku unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik
kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi.
9. Pepindhan, yaiku unen-unen jroning kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang
utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng : kaya, lir, pindha, kadya, lir
pendah. Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara
penganten, pagelaran wayang utawa jroning babagan sastra.