Anda di halaman 1dari 6

I.

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tanda (X) ing aksara A, B, C,
utawa D!

Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana.
Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi.
Resi Jatayu yaiku anak saka Resi Brisrawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi
Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi Resi Jatayu yaiku wayahe
Dewa Brahma.
Resi Jatayu duwe sedulur telu yaiku Garudha harna, Garudha Brihawan, lan
Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isih enom, kekancan raket banget karo Raja
Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake Prabu Rama.
Nalika Dewi Sinta digeret lan digawa mabur dening Rahwana, Resi Jatayu
aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jatayu ora tegel
krungu tangise Dewi Sinta.Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka panyekele
Rahwana. Ananging tangane Rahwana nggegemi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa
uwal. Kabeh rerenggan paesan padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu kanthi
sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar
dening Prabu Rahwana. Resi Jatayu akhire swiwine sengkleh. Dheweke akhire tiba
ana ing lemah.
Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung nggoleki Dewi Sinta sing ilang saka
pondhoke. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, ketemu
manuk Jatayu sing lagi lelaku. Rama age-age nulungi. Ananging, kahanane Jatayu
wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahi seda, wadul marang Rama.
Jatayu nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka
Dasamuka. Banjur Resi Jatayu palastra.

1. Gagasan bakune pethikan teks kasebut yaiku ....


a. Dasamuka kasil ndhusta Dewi Shinta konangan Jatayu
b. Jatayu ngrebut Dewi Shinta saka Dasamuka
c. Dasamuka perang tandhing mungsuh Jatayu
d. Dewi Shinta jerit-jerit njaluk tulung marang Jatayu
2. Yen Resi Jatayu iku wayahe Dewa Brahma, mula Dewi Brahmanistri iku ....
a. Putri Dewa Brahma C. Adhi Dewa Brahma
b. Garwa Dewa Brahma D. Musuh Dewa Brahma
3. Para paraga ing lakon “Resi Jatayu” yaiku .…
a. Dewi Sinta, Pr. Ramawijaya, R. Laksmana, Pr. Rahwana, Anoman, Resi Jatayu.
b. Dewi Sinta, Pr. Destarastra, R. Laksmana, Pr. Rahwana, Krisna, Bathara Guru.
c. Dewi Kunthi, Pr. Destarastra, R. Laksmana, Pr. Rahwana, Resi Jatayu, Sugriwa.
d. Dewi Kunthi, Pr. Ramawijaya, R. Laksmana, Pr. Rahwana, Resi Jatayu, Anoman.
4. Nasibe Resi Jatayu sawise andon yuda klawan Rahwana yaiku ....
a. Resi Jatayu mabur golek pitulungan C. Resi Jatayu tiba lan swiwine sengkleh.
b. Resi Jatayu semaput tiba ing lemah D. Resi Jatayu lunga goleti Rama.
5. Sinta ora bisa uwal saka cekelane Rahwana sebab ....
a. Rahwana nggegengi kuat tangan Sinta C. tangane Sinta ditaleni Rahwana
b. sikile Sinta dicekeli kuat Rahwana D. Sinta diajar dening Rahwana.
6. Resi Jatayu perang tanding mungsuh Rahwana jalaran…
a. Rahwana nyulik Sinta C. Rahwana njajal ilmu
b. Rahwana nyolong pusakane Jatayu D. rahwana cidro marang janjine
7. Serat Wulangreh dipunanggit dening…
a. Pakubuwana IV C. Pakubumi IV
b. Pakunegoro IV D. Asmaradana IV
Pitutur bener iku
sayektine kang iku tiniru
nadyan metu saking wong sudra papeki
lamun becik wurukipun
iku pantes sira anggo.
8. Tembung sudra ing tembang gambuh ing nduwur tegese…
a. Mulya C. sugih
b. Asor D. mlarat
9. Gatra kapindho Tembang Gambu ing nduwur guru Lgune…
a. Suku C. taling
b. Wulu D. taling tarung
10. Paugerane tembang Gambung ing duwur yaiku….
a. 8u, 10u, 12i, 7u, 7o C. 8u, 12u, 10i, 8o, 70
b. 7u, 12u, 10i, 8u, 8o D. 7u, 10 u, 12i, 8u, 8o
11. Tembang Gambuh pupuhe ana….
a. 15 C. 17
b. 16 D. 18
12. Saperangan pada saking pupuh tembang  Serat Wulangreh kejaba….
a. DHANDHANGGULA C. GAMBUH
b. KINANTHI D. MACAPAT
13. Legendha alam goib yaiku . . . .
a.Cerita ngenani dumadine papan panggonan
b.Cerita ngenani alam lelembut
c.Cerita ngenani kewan
d.Cerita ngenani raja-raja
Baturaden iku papan wisata kang ana ing tlatah Purwokerto, Banyumas, Jawa
Tengah. Mujudake papan wisata kang kawentar ana ing perenge Gunung Slamet.
Papan rekreasi Baturaden iki nduweni kaluwihan menawa dibandhingake karo papan
wisata liyane. Kaluwihan papan wisata Baturaden yaiku saka anane sumber banyu
panas sarta kalengkapan papan wisatane. Kayata bumi pakemahan, sasana patirahan
kanggo bocah-bocah, hutan wisata, uga kolam renang.
14. Miturut wacan ing dhuwur, kaluwihan Baturaden saka papan wisata liyane yaiku. . . .
a.Nduweni pemandangan kang endah
b.Biaya mlebu kang murah
c.Papan kang gampang diparani saka endi wae
d.Baturaden duweni sumber banyu panas, bumi pakemahan, sasana patirahan kanggo
bocah-bocah, hutan wisata, uga kolam renang.
Jaman mbiyen, ing lautan sering kedadean tukaran antarane iwak hiu Sura lan
Baya. Kabeh kuwi tukaran ngrebutne mangsa. Kelorone pada-pada kuat, pada-pada
tangkas, pada-pada cerdik, pada-pada ganas. Bola-bali kuwi kabeh tukaran urung tau
ana kang menang utawa kalah. Akhire kuwi kabeh ngadakne kesepakatan.
Karo enek’e pembagian wilayah kekuasaan, saiki ora ana tukaran maneh
antarane Sura lan Baya. Kelorone wis sepakat kanggo ngormati wilayahe dhewe-
dhewe.
Nanging ing suwiji dina, Sura golek mangsa ing kali. kuwi dilakokne karo
meneng-meneng supaya Baya ora ngerti. Kedadean kui wiwitane ora konangan karo
Baya. Nanging ing suwiwji dina Baya ngerteni kelakuane Sura. Baya nesu weruh
Sura nglanggar janjine.
Sura kang ora ngrasa salah tenang-tenang wae.
Pertarungan antarane Sura lan Baya kedadean maneh. Tukaran iki tambah
seru. Pada-pada nyokot lan njotosi. Ing wayah kuwi, banyu ing sanding dadi abng
amarga getih kang metu saka catune keloro kewan kuwi. De’e kabeh terus tukaran
paten-patenan ora leren blas.
Ing pertarungan dahsyat kuwi, Baya oleh cokotan saka Sura ing buntut.
Sakwise buntut kuwi kecokot, buntute Sura bengkok. Nanging Sura ya kecokot
buntute nganti meh pedhot Sura banjur bali menyang segara. Baya lega wis bisa
mbalekne daerahe.
Pertarungan antarane Sura karo Baya iki diiling-iling karo masyarakat
Surabaya. Merga kuwi peristiwa iki terus-terus digatok-gatokne karo jeneng
Surabaya.
15. Paraga kang ana ing cerita legendha Surabaya yaiku…
a. Sura lan madu c. surya lan baya
b. Sutra lan Biya d. sura lan baya
16. Wacan ing dhuwur nyritakake apa?
a. asal mula kota Surabaya                      c.  Dumadine darat lan laut ing Surabaya
b. asal mula jeneng kota Surabaya  d.  Jalarane permusuhan antara iwak lan baya
17. Sura lan Baya tandhing jalaran…
a. rebutan pangan c. rebutan daerah
b. Sura cidra marang janjine d. Baya cidra marang janjine
18. Tembung suwiji kadhapuk saka tembung lingga…
a. suwi c. siji
b. wiji d. suwe
19. Amanat kang bisa dijupuk saka cerita Surabaya yaiku…
a. Ora usah tukaran c. ora oleh cidra janji
b. Ora usah bedak-bedakno d. ora oleh janji
20. Saka legendha Surabaya, kang dadi paraga antagonis yaiku…
a. Sura c. Sura lan Baya protagonis karone
b. Baya d. Sura lan Baya antagonis karone
21. Saka legendha Surabaya, kang dadi setting/latar panggonan yaiku…
a. Segara c. pantai
b. Kali d. daratan
22. Saka legendha Surabaya, judul kang trep kanggo cerita legendha ing duwur yaiku…
a. Surabaya c. legendha buntute sura bengkok
b. Legenda Surabaya d. legendha buntute baya bengkok
23. Saka paraga baya bisa dipethik piwulang ....…
a. Pendirian kuat c. ora cidro janji
b. Semangat golek panguripan d. mertahanake daerahe
24. .
Yen ditulis nganggo aksara Latin yaiku….
a. Aziz mangan tempe c. kholil tuku tempe
b. Afif mangan tahu d. kholid tuku tahu
25. Aziz mangan tempe.
Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku….
a. .
b. .
c. .
d. .

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!


1. Sapa sejatine manuk Jatayu iku?
2. Sebutna paraga kang ana ing cerita Resi Jatayu!
3. Sebutna lan jlentrehna maceme legendha!
4. Tulisen nganggo aksara Jawa!
Farhan duwe fotone pak Zaidun
5. Saline aksara Jawa ing ngisor iki nganggo aksara Latin!
…………

Anda mungkin juga menyukai