Anda di halaman 1dari 4

JINISE LAYANG

Jinise layang kiriman utawa layang iber-iber ana 6,


yaiku:
1. layang kitir : yaiku layang sing isine mung
saperlune wae, cekak ditulis ing dluwang/kertas
sakecandake, nanging ditengeri mawa tulisan kitir
2. layang paturan: yaiku sawijine layang sing isine
menehi weruh utawa ngabari samubarang sing
kudu di ngerteni wong akeh.
3. layang dhawuh : yaiku layang sing isine dhawuhe
wong dhedhuwuran marang andhahane (saka wong
sing luwih dhuwur pangkate marang wong
sangisore)
4. layang ulem: layang undhangane wong sing
duwegawe (mantu, khitanan, ulangtaun, lan
pahargyan liyane)
5. layang lelayu :layang sing isine menehi kabar
kesripahan utawa wong kepaten.
6.layang ganep: layang sing isine jangkep
(nggunakake unggah-ungguh sing trep, nganggo;
bebuka, isi, panutup, tanggal, peprenah lan tandha
tangan sarta jenenge sing ngirim).

Perangan (bagian-bagian) layang ganep


1. Titimangsa yaiku perangan kang nyethakake wektu lan

papan panulise layang .


2.Adangiyah
Yaiku perangan kang nyebutake marang sapa layang
ditujokake
3.Purwakabasa
Yaiku perangan sadurunge isine layang lumrahe isi atur
pambagya wilujeg
4.Surasabasa
Yaiku perangan isi layang utawa kang dadi wigati ning

layang .
5.Wasanabasa
Yaiku perangan pungkasane layang, isine nyuwun
pangapura Manawa ana tetembungan sing kurang
prayoga.
6.Paprenahan
Yaiku perangan kang nyethakake sapa utawa kaprenah apa
kanggawe layang
7. Tapak asma penyerat yaiku perangan kang
nyethakake tapakasta /tandha tangane sing kirim
layang lanjenenge (namajelas) sing nulislayang.

TuladhaLayangGanep

(1) kepanjen, 16 januari 2015


(2) katur dhumateng

bapak saha ibu

ing ndalem

sembah pangabekti

(3)kanthi serat punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula

……………………………………………………………………
……….
(4)kajawi ingkang kasebating nginggil,
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
……………………….
(5)wasana cekap semanten atur kula,
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………..
(6) keng putra tuhu tresna
(7)Natasha Maulidha Sukendro

Anda mungkin juga menyukai